Jumat, 08 Oktober 2010

Kidung KURUKSETRA (Perangan 3)

 

 Arjuna tetanya:

1. //Duh Janardana, manawi menggah Paduka / ngelmu langkung utama tinimbang pakarti / Kenging punapa Paduka dawuh mring kula / nglampahi tumindak deksia punika, duh Kesawa//

2. //Sabda Paduka samar mungguhing pamikir kawula / Pramila, wedharna mring kula kanthi trawaca / Namung sawiji margi ingkang saged kula lampahi / amrih ginayuh kamulyan sejati//

Pianggepe Arjuna manawa perang, paten-pinaten iku kejem,  galak lan kasar. Nadyan mungguhing satriya mateni satru iku sawijining  kawaji­ban,  nanging Arjuna  nora gelem  tumindak mangkono,  amarga nora tega mateni sanak-kadange dhewe.

Kang wus kawedhar dening Kresna kawuri kurang trawaca munguhing Arjuna kapara wudhar pamikire. Saya bingung rasane Arjuna nampa piwulange Sri Bhagawan.  Ing kono kaya-kaya Sri Kresna gandharake manawa  tumindak kanggo njangka nugraha iku luwih asor drajade tinimbang makarti  tanpa nduweni pepinginan pribadi, lan ngelmuluhur tanpa makarti  iku  luwih luhur katimbang makarti tanpa ngelmu.

Manawa ngelmuluhur luwih becik kanggo nggayuh kamulyan langgeng tinimbang makarya, mula apa gunane tumindak ?,  Luwih-luwih tumindak  gawe pepati  ing paprangan.  Mangkono pitakone Arjuna, lan heweke  adreng nyadhong pituduh kang temen saka Sang Guru.

Sabdane Sri Bhagawan :

3. //Wus dak andharake nalika samono, he Anagha / Satemene ana loro marganing panjangka / marganing ngelmu tumrap para wasis / marganing karti tumrap para misaya//

Sejatining Bebener iku tan ana loro, nanging Bebener iku bisa ginayuh kanthi  marga kang loro.  Kang Kapisan, kanthi cara nggegulang  ngelmu lan kridhaning batin tumrap para winasis.  Kang Kapindho, kanthi  cara bekti  ing karya tanpa ngarep-arep pituwas  tumrap para kang  makarya. Lelorone  bakal antuk  pikoleh kang padha  tumrap  panjangka  kamulyan langgeng.  Leloro marga iku nora bisa madeg dhewe-dhewe,  kapara  kudu padha lung-tinampan.

4. //Janma tan bisa nggayuh kamardikan / karana kendel datan makarti / uga tan bisa nggayuh kasampurnan / karana nyingkiri karya//

Ana panganggep manawa jroning nggayuh kamardikan kudu nilar sakabehing tumindak  dimen  luwar saka kunjaraning pituwas. Samono  uga  kanggo nggayuh kasampurnan, manungsa kudu nyingkiri sakabehing pakarti, amrih pituwas  datan ana, saingga ana tetembungan “Nora perlu  makarti,  yen wus jatahe bakal teka dhewe”.

Dudu  mangkono kang dadi karsane Kresna !   Kamardikan ing  kene  dudu mardika tanpa  karya, nanging mardika saking pangiketing  karya  iku dhewe.  Lan, Kasampurnan kang den karepake  yaiku ora  kudu sumingkir saka pakarti,  nanging sumingkir  saka nepsu lan  pepinginan  pikantuk pituwas karya.

5. //Tan ana kang datan makarti / sanadyan hamung sakedheping netra / Karana kanthi tanpa daya manungsa / tinitah makarti dening Jangkaning Jagad //

Salawase urip ing donya, manungsa datan bisa uwal saka tumindak. Mikir iku ya tumindak, mlaku lan makarti iku uga tumindak.  Cekak aose, urip iku sawijining tumindak.  Manungsa tan bisa endha,  dheweke nora  bisa oncat saka prakara iki, saka sipat lan khukum prakriti (jagad).

6. //Kang lungguh, meper pancadriyane / nanging ciptane tansah nrawang kanikmatan / yektine bingung, nyelaki dhiri / lan den arani Sang Sankuni /

7. //Nanging manungsa kang bisa ngendhaleni / pancadriya lan ciptane, he Arjuna / Lan makarti tanpa pamrih pribadi / yaiku Manungsa Tama//

8. //Makartia kaya kang wus ginaris / amarga obah iku luwih becik tinimbang mandheg / Yen sira datan makarti / nyukupi urip bae tangeh kalakon//

Bisa bae  manungsa ngeremake netrane  amrih  nora nyawang saliring kaendahan, uga nutup tutuke supaya ora mangan kang sarwa  eco,  nanging manawa  maksih ngumbar pikirane  lan  pepingane nora  den kendhaleni, dheweke bakal cabar anggone ngenebken sejatine “Laku”.  Samono uga, bisa bae manungsa meper pikiran lan pepinginane, yen maksih ngumbar panca­driya, mula dheweke iku nora wruh apa sejatine Laku iku.

Meper pancadriya iku minangka pambukaning pamekak pikir lan pepinginan, utawa kanthi tembung liya, meper barang lair iku pambukaning meper barang kang batin.

Pamepering pancadriya dening pamikir iku banget piguna kanggo reresik jiwa saka  nepsu  lan pepinginan.  Meper pancadriya ora teges kudu ninggal saliring tumindak. Ing kene piguna kanggo nggayuh  manthering pakarti pancadriya marang tumindak lan pakarti kang jejeg.

Kanthi mangkono, pamikir bisa manther ing pakaryan lan bekti kang luwih sampurna datanpa mbutuhi dhiri priyangga. Pakarti kang mangkono iku nuwuhake kamardikan jiwa saka kunjaraning kadonyan.

Saben manungsa darbe jejibahan dhewe-dhewe.  Para Wasis kudu ngamalake kawruhe  jroning makarti,  Satriya  kudu nggenepi  darmaning  satriya, samono uga Sodhagar dadi babalung tumrap bebrayan gung,  sarta Taruna kudu mangerteni yen minangka babalung tumrap nagara kang den gegadhang mengkone bisa mandhegani lumakuning tata praja samangsane purna  para wredha.

Kresna medharake sejatine Laku marang Arjuna iki pamrihe dimen  Arjuna mangerteni  mungguh  Laku kang kudu den lakoni minangka  jejering  sa­triya, amarga sawatara iki Arjuna maksih bingung,  sedhih, rumangsa dosa. Bisane mangkono karana Arjuna durung bisa milahake, pundi Lakun­ing Satriya, lan pundi Lakuning Brahmana.

9. //Kajaba kanggo panjangka bekti / donya iki kinunjara dening Kodrat Pakarti / Mula, makartia kanggo ngabekti / tanpa pamrih pribadi, he Kunthiputra//

Sakabehing isen-isening jagad iku kinunjara dening kodrat pakarti. Nanging, manawa pakarti katindakake tan kasampiran  panjangka pribadi, yaiku hamung kanggo bekti lan ngabdi, mula kunjara tan kuwawa nguwasa­ni manungsa.

10. //Nalika samono Pengeran nitahake manungsa / kinanthen kodrat lan paring dhawuh / “Kanthi iki sira bakal nurunake brayat / lan iki sapi minangka panguripanira”//

11. //Mula, memujia mring Jawata / mugyantuk berkahing Dewa / Kanthi tepa salira kang mangkono / sira wus ngregem Kawicaksanan Jati//

Manungsa lan sagung titah kudu manembah marang Pengeran, amarga  seja­tine Pengeran  nitahake manungsa iku hamung  supaya  manembah  marang Panjenengane.  Yektine, manembah marang Pengeran iku  kanggo  manungsa iku dhewe,  lan  dudu butuhe Pengeran.  Pengeran  datan  luwih  agung manawa kabeh titah tansah manembah, lan nora dadi luwih  asor  lamun kabeh  titah  lirwa ing sembah, amarga Pengeran iku  Maha  Agung  saka Karsane. Tan ana daya kang bisa mrabawani Panjenengane.

Ora kena ora, manungsa kudu manembah, amarga Urip, Panjangka, Pakarti, Pituwas, Begja  lan Cilakaning manungsa iku paparinging Pengeran. Manungsa hamung nduweni siji prakara yaiku pamilih, milih tumindak utawa  mandheg,  milih  menggok utawa jejeg, milih  abang  utawa  ijo.  Pikolehe manungsa wujud begja utawa cilaka iku paparinging  Pengeran, lan karana pamilih iku mau.  Manawa bener pamilihe, kabegjan pikolehe, lan manawa luput ing pamilih ambabar kacintrakan. Manungsa hamung ngu­paya,  Gusti kang wenang maringi. Manungsa Tama hamung nyandhang dwi rasa, Sukur ing kabegjan lan Narima ing panandhang. Luwih utama manawa janma  bisa tansah Sukur ing lelorone.  Manembah iku yektine  mujudake rasa Sukur tumrap apa kang wus den tampa.

Dadi, pakarti iku mesthi, sembah iku kedah.  Makarya nemu nugraha, yen lirwa ing sembah uripe sajatah, temen ing sembah uripe turah.  Janjine Pengeran,  sapa manembah bakal ngrasakake urip kang luwih  becik  ing donya lan wurine.  Kanthi tembung liya, Pengeran bakal peparing marang manungsa, Pengeran bakal peparing kathah marang manungsa kang  manem­bah. Dene wujude sembah iku ana patang prakara :

1. Sembah Raga,

Sembah raga iku pakartine wong amagang laku, sesucine asarana saking warih, katindakake ing wektu kang ajeg, wantu wataking lalakon. Lire sarengat iku, kena uga ingaranan laku, dhingin ajeg lan  taberi, pikolehe nyenyeger badan mrih kaot.

2. Sembah Cipta,

Sesuci  tanpa banyu,  amung nyunyuda  hardaning kalbu,  pambukane tata titi  ngati-ati, atetep telaten atul, tuladhan marang waspaos.  Gagare ngungar  kayun,  ngayun-ayun, bangsa nganggit yen ginigit  nora dadi, marma den awas lan emut, mring pamurunging lalakon.

3. Sembah Jiwa,

Sayekti luwih perlu, ingaranan pupuntoning laku,  kalakuan kang tumrap bangsaning batin,  sucine  lan awas emut, mring alaming lama amot. Kaleme mawa limut kalamatan jroning alam kanyut,  sanyarane iku kanya­tan, sajatine yen tan emut, sayekti tan bisa amor.

4. Sembah Rasa,

Sembah rasa karasa wosing dumadi, dadine wus tanpa tuduh, mung kalawan kasih batos.  Meloke ujar iku yen wis ilang sumelanging kalbu,  amung kandel  kumandel marang ing takdir, iku den awas den emut, den  memet yen arsa momot.

12. //Amarga kanthi pamujanira / Jawata arsa paring berkah mring kabagyanira / Lan sapa kang nora narima marang nugrahaning Dewa / sejatine patrape pandung//

13. //Kang becik dhahar sawise upacara ngabekti / bakal kalis saliring dedosa / yen nyamaptakake dhedhaharan hamung nyukupi dhiri pribadi / mangkono iku tegese nguntal dedosa//

14. //Karana pangan, titah urip / karana udan, tetedhan tuwuh / karana bekti, tumurun udan / lan bekti iku dumadi saka karya//

15. //Kawruhana, dumadine karya iku saka Pengeran / Pengeran ya Kang Maha Tunggal / Mula Pengeran kang nyakup sakabehe / tansah mapan sumandhing mring bekti//

16. //Kang datan melu ngubengake rodhaning urip / tansah urip jroning dedosa / ngumbar hardaning nepsu, he Parta / iku urip muspra yekti//

Rodhaning urip kadya cakramanggilingan, lir gumanti antarane begja lan cilaka, bungah  lan  susah, tan ana pedhote.  Rodhaning  urip  lumaku karana  Jagad  Alit lan Jagad Ageng lumaku  bebarengan.  Kang sinebut Jagad  Alit  yaiku manungsa, dene Jagad Ageng yaiku Bumi,  Langit  lan saisine  utawa  Alam.  Manungsa lan Alam, lelorone  nduweni  gandheng-ceneng kang tan kena kapilahake. Manawa Budining Manungsa rusak  datan mrabawani Alam, nanging rusaking Alam nemahi uriping manungsa  abosah-baseh.

Pancen,  agawe rusaking alam iku dudu tindak angkara, nanging iku  pakartine janma cubluk. Lire, ngrusak alam iku ya ngrusak dhirine dhewe. Mula, datan ana prayogane manungsa makarti kang bisa agawe rusak mring alam.  Yektine, nora ana manungsa kang tumindak luput, kang ana  yaiku manungsa kang tumindak bener nanging durung pener.

17. //Nanging kang tansah ngabdi ing Jiwa / lan narima peparing-Nya / bagya urip kalayan Jiwa / tan maneh kaiket ing karya//

18. //Dheweke makarti tan mamrih pituwas / tan rumangsa kelangan yen nora makarti / datan gumantung mring sing-singa / murih pikantuk pituwas apa bae//

19. //Mula tindakna sabarang karti / minangka kawajiban tanpa bebathen / amarga karya tanpa bebathen / mapanake manungsa ing kamulyan yekti//

20. //Kanthi pakarti mangkono / Janaka lan Para Satriya ngancik kasampurnan / Murih kamulyan lan kaluhuran ing donya / sira uga kudu nindakake kawajibanira//

Manungsa kang sabar lan narima jroning bekti sarta rila ing pangorbanan bakal luwar saka pangiketing karya, manunggal lawan Pengeran wusana nggayuh kamulyaning urip.  Pakarti kang yekti luhur, iku manawa katindakake tanpa nggegadhang nugraha pribadi.  Uga, pakarti kang kinanthen pangorbanan minangka  tandha bekti, iku  luhur kalangkung  tinimbang karya  kang  maksih  kasampiran mareming pribadi.   Amarga kabeh  iku ngentasake  manungsa saka samudra pasucen sarta kasampurnan cipta  lan jiwane.

Pakartine  manungsa  luhur tansah nindakake kawajibaning  urip  hamung mamrih kabagyan lan kamulyaning bebrayan agung kanthi laku milujengake jagad  saka ubaling angkaramurka.  Prabu Janaka, raja Mithilanagri  ya sudarmane Dewi Sinta, pantes sinudarsana. Rasa ‘’Ingsun” lan “Kagungan ing-Sun” wus aluwaran.  Saka iku, rikala kraton lan saisine kerem  ing samudraning  dahana,   kang kawedal ing lesan “Datan  ana  kagungan-ku kang kobong !”

21. //Samubarang pakartine Manungsa Tama / para janma tut ing wuri / Samubarang tuladhane / dadi panutan titah ngakathah//

Manungsa  lumrah tansah tut wuri lakuning janma pinunjul  wiwit  jaman biyen mula. Janma  pinunjul mangkono linair  supaya  nggawa  pepajar tumrap  pamikir lan titah ngakathah jroning urip ing donya. Ana  kang linair dadi Bhagawan, Pendheta, uga dadi Nabi kang kabeh iku  minangka panutan tumrap manungsa kang urip ing jagad.

22. //Tan ana pakarti kang kudu Ingsun tindakake / tan ana pituwas kudu Sun jangka / ing Triloka, he Parta / nanging Ingsun tansah makarti//

23. //Amarga, Parta, manawa Ingsun / ora tansah makarti, tan ana pituwas / Janma ing sadhengah papan sadhengah prakara / bakal tut wuri lampah Ingsun//

24. //Manawa Ingsun kendel ing karya / lebur tanpa dadi jagad iki / lan Ingsun minangka Marganing Karusakan / nyirnakake sadaya titah//

Ing kene Kresna minangka Utusaning Pengeran ngandharake manawa Dheweke nora darbe panggayuh babar pisan, kajaba hamung mamrih bisa  mujudake lan nuduhake pakartine manungsa tumuju marang kasampurnan lan kamulyan langgeng sarta nggulawenthah jagad lan njaga amrih kalis ing kasirnan.

25. //Kaya si cubluk makarya amarga nugraha / mangkono samesthine kang wasis makarya / nanging datanpa pamrih pribadi, he Bharata / kajaba muhung raharjaning manungsa//

26. //Haywa manungsa kang wicaksana / mbebingung si cubluk makarya angangsa / kajaba hamung andulu kang pada makarya / sinambi weh tuladha makarya bekti//

Kresna arsa aweh pepeling manawa para janma kang wicaksana aja  nganti mbebingung  lan  gawe kendho kapitayane manungsa kang  cupet  kawruhe. Amarga, sanadyan para manungsa iku datan wasis nanging nora bisa selak saka  rasa tanggungjawab marang pakarti,  pangabekti  lan  katresnane dhewe-dhewe. Bisa bae amarga cubluk,  satemah makarti  kang  nalisir saka angger-angger. Marang kang mangkono iku perlu piwulang lan panun­tun  amrih jejeg laku lan pakartine.  Kawruhana, tumrap manungsa  kang mangkono  iku, kapitayan marang Pengeran luwih kandel  katimbang  pra­cayane  marang sapadha-padha. Lan, amrih manungsa bisa nyandhang  budi kang luhur, nora bisa ginayuh ing sakedheping netra nanging kedah  den upaya kanthi sathithik mbaka sathithik satemah kalakon jangkane.

27. //Sadhengah karya karana Guna / nanging kang peteng pikire / karana kasaput ing rasa kumingsun / panganggepe : “Ingsun iki sang pakarti”//

28. //Nanging tumrap kang wruh, he Mahabahu / bedane Jiwa lan sipat guna / eling manawa Guna hamung mrabawani mring Guna / lan kalis ing pangiketing pituwas karya//

29. //Kang kentir ing apus-kramane guna / kinunjara ing pepinginan kang dadi pikolehe / Tumrap kang wruh, haywa sira njlomprongake / kang cupet ing kawruh//

Guna  (sipat/watak)  iku watesing kamardikan kang tuwuh  amarga  anane lair  lan swasana kanan-kering kang bisa mageri. Kawruhing manungsa bisa mahanani megar utawa mingkuping kamardikan kang winatesan guna iku mau. Kawruh mangkono bisa rinegem amarga pakarti sasuwene urip, kayadene dumadine jagad iki amarga ana mobah-mosiking wuwujudan sarta owah-gingsiring kahanan kang  kabeh  mau sangkane saka Kang Maha Tunggal.

Manungsa kang nora mangerteni sejatining Guna, sagung pakartine kasam­piran panjangka  lan pikolehe digawe dhewe, nora luwih.  Tumrap  kang Wruh,  bakal bisa luwar saka kunjaraning Guna kang tegese luwar  saka pangiketing harda kang nguber nugraha.

30. //Tumujua mareng Sun saliring karyanira / kanthi nering cipta mring Jiwa / kalis ing nepsu pepinginan lan kumingsun / singkirna rasa miris, lan sigra sira amagut yuda//

Kresna minangka Utusan, medharake Pangandikaning Pengeran weh piwulang marang  Arjuna,  kinen sumarah ing sagung pakarti jiwane  marang  Jiwa kang mapan jro ragane.  Kanthi pasrah kang mangkono,  Arjuna  bakal myumurupi manawa pribadine iku hamung sarana lan sejatine Sang Pakarti iku Jiwa, satemah jirih nora kasandhang maneh.

31. //Kang tansah tut wuri piwulang-Ingsun / kanthi sawutuhe kapitayan / sarta kalis saliring wewujudan / uga kalis ing kunjara karya//

32. //Kang mungkur ing piwulang-Ingsun / ora mung nyimpangi / uga ora ngrumangsani lan sirna kapitayan / Kang mangkono, dheweke wuta ing kabecikan//

33. //Ing kalane kang wicaksana tumindak / mituhu sipat-sipat kawicaksanan / uga titah samudaya mituhu kridhanya / prakara kang pundi bisa rampung kanthi kaprawasa//

Kresna  ngrumangsani manawa akeh manungsa kang nalisir saka  piwulang-Nya. Mangkono iku amarga saka sipat lan patrape manungsa dhewe, nadyan kang wasis apadene si cubluk.  Manungsa mangkono iku maksih  kinunjara dening  sipat guna, mula akeh kang micara : “Aku nora bisa  nindakake, amarga  nora trep marang sipatku”,  yekti kinunjara  dening  kadonyan saingga nora bisa dipeksa.

Sejatine,  piwulang iku mau maksih bisa katindakake.  Cipta lan  karsa kudu den ner-ake murih kagayuh pamepering nepsu nganti mangsakala kang ing  kono  Rereget nora kasandhang dening Jiwa, nanging kapara  Sesuci kang dadi Pakartining Jiwa.

34. //Tresna lan serik marang sawijining pepinginan / mapan ing pepinginan iku dhewe / Haywa sira asor dening lelorone / amarga leloro iku hamung pepalang yekti//

Krungu  iku  pakartine  talingan, weruh iku darbeke  netra.  Bisa  bae manungsa seneng utawa sengit marang kang kapireng lan kadulu,  nanging kudu mangerteni manawa seneng utawa sengit iku mau amarga saka pangra­sa  jiwa.  Manawa manungsa kinunjara dening tresna  lan  sengit,  iku tegese manungsa kinunjara dening pangrasane. Ing kahanan mangkono iku, urip  wus tanpa kiblat lan sirna ciptane, tan prabeda kaya  satokewan.  Pangrasa jiwa iku kang kedah den asorake.

35. //Prayoga nindakake kawajibane dhewe / sanadyan tan sampurna rampunge / katimbang kawajiban liyan sanadyan kanthi becik / katimbang kawajiban liyan kang ngutawatiri//

Kresna  arsa nyemoni Arjuna manawa aluwung njejaluk  katimbang  perang mrajaya kadang. Njejaluk ing kene tegese, nilar kadonyan  lan  teteki ngudi jatining bebener, dene nedha lan nginume kanthi ngranti pawehing liyan.

Kang mangkono iku nora dadi karsane Kresna, amarga Arjuna iku jejering Satriya, tegese  dheweke duwe jejibahan kang kudu den  ayahi  jroning pabaratan,  kayadene wong tani darmane  nggarap  tegal-sawahe,  dwija darmane  kanthi  weh piwulang ing pasinaon, lsp. Manawa  ana  manungsa kang  nilar kawajibane lan ngayahi pakaryaning liyan,  bebrayan  gung bakal kisruh,  lan ing ngarsaning Pengeran ajining pikoleh saka darmaning  manungsa iku hamung aneng greget bektine kang den papanake  ing karya  iku dhewe.  Greget kang kapapanake ing karya iku  nyuceni jiwa nyaketake mring kamulyan langgeng.

Arjuna tetanya :

36. //Duh Warsneya, punapa ta / ingkang anjurung manungsa tumindak dosa / pakarti kang datan jumbuh ing sanubari / kados-kados kanthi paksa//

Miturut pamawasing Arjuna, manungsa asring rumangsa kapeksa  nindakake sawijining  pakarti  kang kosokbalen kalawan  kekarepane  dhewe.  Akeh manungsa kang  makarti ala nanging nora bisa selak manawa  jro  atine rumangsa  manawa tumindake iku luput, ewadene pakarti ala iku  mau  ya kudu den lakoni.

Sabda Sri Bhagawan :

37. //Iku nesu, iku nepsu / tuwuh saka sipat guna / lelorone agawe sirna, hamung dosa yekti / kawruhana, lelorone iku satru sejati//

38. //Kadya geni kasaput ing kukuse / kadya pangilon kasaput ing lebu / kadya bayi jro guwa garba ibu / mangkono Jiwa kasaput ing nepsu//

Ngendikaning  para wasis, manawa nesu iku tuwuh saka nepsu,  uga  bisa kasebut  loroning  atunggal. Nesu iku dumadi amarga nepsu kang nora keturutan.

Ana  gegambaran  Jiwa kang kasaput ing sipat guna ( nepsu lan  nesu  ) miturut tatarane. Jiwa kang kasaput sipat guna nora pati kandel kagam­barake  Geni kasaput kukuse, manawa ana angin bakal sirna kukuse  lan katon  genine.  Manawa sipat guna saya kandel, den ibaratake  Pangilon kasaput  lebu, tegese mbutuhake upaya kanggo nyingkirake  lebu  amrih pangilon  bisa katon maneh. Dene, tumrap sipat guna kang kaliwat  kan­del, pindhane Bayi jroning guwa garba, amrih bayi lair kanthi wilujeng kudu  ana upaya uga kudu sabar ngenteni titimangsa.  Kawruhana,  sipat guna iku dadi sandhanganing manungsa, mula tan ana manungsa kang luwar saka  sipat  guna.  Iku tegese, upaya nyingkirake sipat guna  ya  kudu dilakoni.

39. //Katutup korining kawruh, Kunthiputra / tumrap kang wasis wicaksana / dening hawa nepsu kang yekti hangangsa / kang minangka satru satuhu//

Hawa-nepsu  iku  satru sejati tumrap manungsa.  Tumrap  manungsa  kang cekak kawruhe,  hawa-nepsu nora nggegirisi kaya  kang  rinasa  dening manungsa  kang wasis. Wong bodho den reridhu dening nepsune  hamung sawatara,  amarga dheweke nora pinter ngudhari ruwete.  Nanging, wong wasis bakal langkung kasiksa dening ubaling nepsu. Amarga, saya den upaya nuruti hardaning nepsu, kepara ngambra-ambra  nepsu  ambrongot, ibarat geni digrujug lenga. Pancen, Nepsu iku satru sejati !

40. //Pancadriya, wardaya lan cipta / iku minangka titihane / kanthi kawruh wus kasaput nepsu / tuwuh jroning raga jiwa kang bingung//

Manawa nepsu wus nguwasani pancadriya, sabanjure bakal nguwasani  ati, pepuntone ngasorake pamikir, satemah sirna sakabehe.

41. //Saka iku, he Bharata kang prayoga / kapisan kendhalenana pancadriyanira / lan sirnakna nepsu kang adus dedosa / panglebur sadhengah kawruh lan kabecikan//

42. //Kang ngandharake pancadriya iku agung /  kang luwih agung yaiku ati / kang ngluwihi nurani yaiku kawaskithan / kang agung kalangkung iku Jiwa//

43. //Dadi, nyumurupi yen Jiwa kalangkung agung / kanthi meper jiwanira kanthi Jiwa / sirnakna satru kang awujud nepsu / kang nora gampang den asorake, he Mahabahu//

Ngendhaleni pancadriya, nurani lan cipta iku wajib. Nanging upaya kang mangkono iku  datan bisa sapisan kajangkah. Rasa  rumangsa  kudu  den wiwiti kanthi kawruh meper pancadriya, mekak pepinginan lan pungkasane ngendhaleni cipta.

Laku meper pancadriya iku dudu barang gampang, nanging yen wus kasil, iku dadi margane bisa ngendhaleni nurani lan ciptane amrih bisa  nyu­murupi  manawa dhirine iku kalebu peranganing  Jiwa kang langgeng. Pepuntoning  laku, manawa nepsu wus bisa den kendhaleni bakal  ginayuh katentreman jiwa.

Sumber: alangalangkumitir 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar