Jumat, 08 Oktober 2010

Kidung KURUKSETRA (Perangan 1)

 

Swasana samaptaning yuda kang gumuruh ing madyaning Kuruksetra  ginambar wontening Perangan Kapisan inggih punika Kurawa lan Pandhawa kekalihipun kadang tunggal wredha ananging samya memungsuhan. Kekalihipun  anggadhahi senopati kang prakosa  asikep gegaman  lan  piandel ingkang ngedab-edabi. Risang Arjuna  haniti  priksa wadyabala kalayan Risang  Kresna  kang pinatah minangka kusiring rata lan lakuning urip. Dumadakan Sang Arjuna rumaos kejot wontenipun wewayangan tumpesing wangsa Barata, wangsa lan pepundhene dhewe. Raganya rinasa ngalumpruk, manahnya geter lan giris,  ing  pangangen-angen tuwuh gegambaran leburing wewangunan, tatanan lair  lan  batin kang karana dumadining perang iki. Arjuna  tan kepingin tandhing yuda mateni sanak kadange dhewe amarga dadi mungsuhe. Ora karana wedi nanging rumangsa sedhih lan dosa. Arjuna kudu milih ing panggonan kang angel,  antarane panalangsa  lan panandhang.

Pangadikane Dhestrarastra :

1. //Ing palagan Tegal Kuruksetra / samapta yuda anak-anakku lan Anak Pandhu / apa kang bakal den lakoni / he.. Sanjaya/ critakna maringsun//

Kuruksetra  yaiku jagading manungsa, ya kayadene  wadhaging  manungsa, yaiku uriping manungsa, ing kono sipat ala lan  becik tansah rebut papan lan nguasani sakabehe. Pancen urip iku perang, perang antarane kabecikan  lan kawicaksanan lawan kanisthan lan  angkara. Gegambarane Kurawa dipapanake ing papan kang ala lan  salah,  ewadene  Pandhawa didunungake ing panggonan kang becik lan bener. Mula saka iku Kurukse­tra uga diarani Dharmaksetra, yaiku panggonan ing kono bab kang bener lan kawicaksanan utawa Dharma kang langgeng iku kudu ditohi minangka laku lair lan batin.

Ature Sanjaya :

2. //Kawula ngawuningani wadyabala Pandhawa / siaga madeg yuda ing madayaning rananggana / dene, Duryudana mrepegi Guru Drona / nuli humatur//:

Duryudana :

3. //Kawuningana Bapa Guru / ketingal tanggon wadya Putra-putra Pandhu / pun pandhegani Putra Maharaja Drupada /  siswa Guru Drona kang wicaksana//

4. //Ing riku Warastratama ugi / sami kalian Bima lan Arjuna / Yuyudana, Wiratha lan Drupada /, sadaya sami prakosa//

5. //Ugi Drestaketu Cekitana / lan Raja Nagri Kashi kang prakosa / Purujit sarta Kunthiboja / saha Saibia Banthenging manungsa//.

6. //Lan ugi Yudamaniu kang pideksa / Uttamauja kang gagah prakosa / putra-putra Subadradewi lan Draupadi /  sadaya satria gung.

Maharaja Dhestrarastra kang wuta uga digambarake kayadene wong wuta ing bebener, ora bisa mbedakake ala lan becik, bener saha luput. Lumrahe  kang kasenggol digunakake, ora mengerteni sapa sejatine kang becik lan luwih becik, rumangsane kang caket iku bener sakabehe. Kanthi kahanan mangkono iku dheweke ora bisa ndulu babar pisan, mula ora bisa mrentah kayadene ratu. Ing kono kraton diprentah  dening Duryudana sasuwene Anak-anak Pandhu ana ing pasetran, kanggo nggenepi prajanjen kang wus den putusake.  Hananging Duryudana ora gelem menehake  kraton kang kudune dadi darbeke Putra Pandhu, ya  Pandhawa, kang miturut  prajanjen  kawuri. Pokale Duryudana  iku  dadya mulabukaning Perang Agung Trah Bharata, ya Bharatayuda.

7. //Salajengipun kawuningana duh Bapa Guru /  Pandhita ingkang tuhu wicaksana /  para Manggalaning yuda ing barisan kita /  kagem paduka kawula sebataken para-para//:

8. //Sepindah paduka Bapa Guru, lajeng Bisma / Karna tuwin Kripa, sadaya tansah jaya / sarta Aswattama lan Wikarna / ugi Somadattaputra//

9. //Wonten malih satriya-satriya prawira / toh jiwa toh nyawa lelabet mring kula / hanyangking sanjata manekawarna / sadaya sudira ing rananggana//

Sejatine Maharata iku Kusir, dudu kusir kang ana, nanging Kusir pinunjul kang ngendhaleni lakuning kreta, ora liya yaiku  pribadining manungsa. Jagading urip iku kayadene kreta kang sineret jaran papat cacahe. Jaran papat iku nggambarake nepsu kang bareng uriping  manungsa. Mungguh babare mangkene:

Sapisan, Jaran awujud Cahya Ireng iku nggambarake Sipat Angangsa, nuwuhake luwe lan salit saha ngantuk.  Dununge ana ing weteng, dalane ing tutuk.

Kapindho, Jaran awujud Cahya Abang iku nggambarake Sipat  Brangasan, nuwuhake kamurkan, iri lan nesu. Dununge ana ing Empedhu, dalane ing talingan.

Katelu, Jaran  awujud Cahya Kuning iku nggambarake  Sipat  Birahi, nuwuhake kangen, pepenginan, rasa bungah. Dununge ana ing   Limpa, dalane ing paningal.

Kapat, Jaran awujud Cahya Putih iku nggambarake Swasana Katentreman, nuwuhake watak  loba ing kabecikan, kautaman lan  kaluhuran. Den  wujudake : pasa, tapa nganti lali marang  kekuatane. Dununge ana ing Balung, dalane ing Grana.

10. //Mboten kintenan kathahing wadyabala kita /, pun pandhegani dening Bisma / Andulu kathahing wadya kawuningan / Barisanipun Bisma//

11. //Jejeg angadeg jroning barisan / sira, samaptaa ing bragada / mbela Bisma iki /  padha lan drajat ira//

Ature Sanjaya :

12. //Murih nuwuhken tekad / Satria Kuru, Eyang Bisma / sru niup Sangkala Cangkange / gumuruh kadya Singa nggereng//

13. //Sangkala, Tambur lan Pung-pung / Bendhe sarta suling sungu / ngumandhang sesarenga / umyung gawe giris//

14.  //Wus madeg sanginggiling rata / abyor sineret Turangga Seta kalih / Kresna lan Arjuna ugi / samya niup Sangkala jaya//

Kreta, den umpamakake kaya dene titihan budi pakertine manungsa.  Dene Turangga den umpamakake kaya dene pancadriya, Tali sumampir gigiring turangga minangka pangekang pancadriya iku  dhewe. Kusir, sejatine panuntun jiwa.  Jiwa kang tansah mbedhal, rebut cukup – rebut keblat – rebut ner – rebut bener, nggugu karepe dhewe, tega mrawasa tatanan, mburu hardaning nepsu hangangas-angas. Rodhaning rata iku Cakramanggilingan,  mubeng tan ana pedhote, ora ngerti ngendi purwa ngendi  wusa­nane. Beja cilaka iku wus ginaris, bareng ruji-rujining rodha. Bungah lan  susah ora kena den merekake, yen wus pesthine bakal  teka  dhewe, yen durung pesthine dioyaka ora bakal kecekel. Ora usah nggege mangsa, menawa wus wancine… sapa kang bisa selak ?    Pecut dadi  panjurung ing  laku, uga dadi tandha lan ngelingake manawa  lakuning  urip  ora lumaku ing dalaning bebener.

15. //Sangkala Pancajania pun kumandhangken Kresna / Sangkala Dewadatta dening Arjuna / saha Bimasena kang galak kadya Asu-ajag / niup sangkala, aran Paundra//

16. //Yudhistira raja, putra Kunthidewi / niup sangkala, nama Anantawijaya / Nakula lan Sahadewa, sangkalanya / Sughosha lan Manipushpakau//

17. //Kashiraja, Warastratama manggala / Sikhandhi ugi maharathah / Dresthajumna lan Wiratha / saha Satiaki kang tan katandhingan//

18. //Drupada saha putra-putra Draupadi / lan Subadra putra, asanjata mahasakti / duh, ratu gusti kula pangareping nagri / sangking sadaya keblat samya haniup sangkala//

19. //Swara ngumandhang gumranggang / ngebeki akasa lan bawana / nggeterken manah / putra-putra Drestarastra//

Gumuruh swaraning bendhe-beri, gong, kendhang, tambur, suling sungu saha sangkala, mratandhani prang den wiwiti. Ing barisan Kaurawa, hamung Bisma kang haniup sangkala, dene ing laskar Pandhawa, lelimane haniup sangkala lan uga Kresna. Dene Sangkala iku minangka  pambrongot jiwaning prajurit lan minangka tengara siaganing prang.

Sangkala Sankham, kagungane Bisma, ginawe saka cangkang.  Sangkala Pancajania, tegese pamekak pancadriya, kagungane Kresna, digawe saka bebalung yaksa samudra. Sangkala Dewadatta, tegese nugrahaning dewa, kagungane Arjuna, wujude cangkang. Sangkala Paundra, tegese roh Bha­tara Siwa, kagungane Wrekudara. Sangkala Anantawijaya, tegese kajayan kang langgeng, kagungane Yudhistira. Sangkala Sugosa,  tegese swara ngrangin, kagungane Nakula. Sangkala Manipuspaka, tegese  sekar mu­tiara, kagungane Sahadewa.

Sangkala minangka pratandha purwaning yuda, lan uga nggambarake tengara wiwitaning urip manungsa. Purwaning urip, nalika lahir sinar­tan tangis. Ing madyaning gesang, tansah lir gumanti guyu lan  tangis. Wusananing urip, praptaning ajal kapaes kanthi eseming lathi tumrap manungsa kang buntas kewajibane urip.

Jabang bayi linair ing bumi kanthi anggawa tangis, amarga nyumurupi manawa dheweke katemben nilarake alam langgeng lan kudu  miwiti  urip ing alam maya. Kamangka, ing alam langgeng kahanane sarwa ajeg,  kalis ing sipat owah gingsir lan kasirnan. Ing kono, ora ana sayah, ora  ana luwe, ora ana rusak, ora ana sedhih, ora ana lara, ora ana pati.  Dene ing alam maya ya ing donya iki, kang langgeng hamung siji yaiku “sipat owah gingsir” iku dhewe.

Isining donya hamung sarwa semu, kang pinter bisa lali, kang digdaya bisa lena, kang dhuwur bisa kajlungup, lan kang urip kudu mati.  Akeh-akehe  manungsa padha lali marang kanyatan iki, satemah para manungsa tansah :

# padha rebut bandha kang yektine bisa sirna,
# padha rebut drajad kang wusanane kudu seleh,
# padha rebut menang kang pepuntone kudu mati.

Yen keturutan kang dadi karepe bakal gumuyu, yen cabar panjangkane bakal nangis.

Mula eling-denelinga wasitane para sepuh :

# Tumindaka sakrepmu, sejatine sira bakal ngundhuh wohing Pakarti,
# Trenanana kang siro karepake, sejatine kudu pepisahan,
# Uripa sakarepmu, sejatine sira bakal mati.

Manungsa  kang lali ing kene, tegese lali marang sangkan lan  paraning dumadi. Dheweke saka jagad liya, parane marang jagad liya, ing  donya iki hamung makarya lan tumindak saperlu ngudi sanguning urip ing alam kalanggengan.

Tumrap manungsa kang eling, yektine urip ing alam maya iki hamung ngenteni kumandhange sangkala kang kapindho, yaiku tengara akhiring alam  maya lan uga pratandha wiwitaning alam langgeng. Manungsa kang mangkono, kanthi eseming lathi mungkasi ing donya kang hamung sagebyarring thathit bebasane.  Dene, manungsa kang lali bakal kejot lan nembe emut manawa kudu tanggungjawab marang abeh amal kang den lakoni.

20. //Arjuna andulu putra-putra Drestarastra / kang siaga gegaman jro barisan / kanthi panji alambang Hanuman /  nuli menthang gandhewanira//

Arjuna minangka senapatining prang asikep panji kanthi lambang Hanuman sang Wanara Seta. Hanuman dadi pralambange Lelabuhan, Sucining  manah, lan Kasudiran kang kudu sinandhang para satriya.

Mangkono swasana ing palagan, Yudhistira tumingal mring wadyabala Kaurawa kang tuhu birawa kapandhegan Bisma, satemah tuwuh rasa miris. Arjuna tanggap ing sasmita, sumengka mungkasi sandheyaning Yudhistira kanthi caos atur : “Kang njangka Kajayan datan kathah saged ngasoraken kanthi kasantosan lan agunging panguwaos kalamun katandhingaken ka­layan dayaning Bebener, Raos pasedherekan, Welas asih lan Luhur  budi. Kajayan badhe rinegem lamun Kresna sumandhing, karana Kresna  minangka lambang Jejeging Adil lan Marganing Bebener”.

Sawise matur kang mangkono, Arjuna age samapta gati sawega diri tumu­jweng palagan. Eling-eling Satriya iki, pantes sinudarsana satriya samya. Wus trep yen Arjuna nyandhang sipat Wirotama, Surengrana, Sudibya, Santika sarta Bawa Laksana.

Arjuna  uga asring sinebut Bharata (trahing Bharata), Dananjaya  (jaya ing bandha-donya), Gudhakesa (rikma ngandhan-andhan),  Kunthiputra (putra Kunthidewi), Kurunandana (trahing wangsa Kuru), Mahabahu (asanjata sakti), Pandhawa (siji antarane lelima Pandhawa),  Parantapa (kang ngasorake para satru), Parta (putra Pritadewi), lan uga Anagha (kang ora nyandhang  luput), lan uga Bharatasaba, Bharatasattama, Bharatasresta, Janaka, Kuruprawira, Kurusattama, Kurusresta.

21. //Lan, duh Gusti Hamangku Bumi / mring Kresna, Arjuna humatur / Aturipun Arjuna / Lampahna rata tumekeng madya / madyaning barisan leloro, Kresna!//

22. //Amrih sun bisa nyumurupi / kang samya siaga, kadereng campuh / kang kudu sun adhepi samengko / jroning payudan iki//

23. //Lan bisa nyumurupi dhewe / kang samya carub wor, bebaris ing kena / lila mati mbelani hardaning nepsu / putra Drestarastra kang asor budi//

Putra Drestarastra, ya Duryudana, pambayune Wangsa Kaurawa kagambarake manungsa kang nduweni watak kaku, angkuh, licik, loba lan samubarang budi candhala. Nanging dheweke uga duwe watak  sura, julig, brewu. Kabeh tumindake hamung nuruti nepsu angkara, ora mikirake raharjaning praja kepara nyengsarakake kawulane, kang dipikir mung seneng, weteng, deleng.

Kaku : ora kober ngrungu atur pemute wong liya.

Angkuh : rumangsa ora ana kang ngungkuli kuwasane kajaba awake dhewe.

Licik : ngakali wong liya mamrih menange dhewe.

Loba : kepengin ngrengkuh samubarang kang kadulu.

Sura : wani, ora duwe wedi.

Julig : wasis yen tumindak ala.

Brewu : mbebuwang bandha tanpa guna mung golek mareme dhewe.

Katelah Duryudana mengku teges Culika ing paprangan. Kurupati iku Ratune wangsa Kuru, dene Suyudana  Sinuyudan karana asring weweh dana, sanadyan mung kanggo kasukan.

Duryudana minangka pangareping Kekuatan Angkara perang lawan para putra Pandhu. Lelorone minangka putra siswa Mahaguru Drona. Pandhawa minangka pralambang Kekuatan Luhur yaiku sipat wani, resiking ati, rasa narima, kang kabeh iku dadi watake Pandhawa.

Sejatine manungsa, nduweni Jiwa ing jro sanubari kang kagambarake laku jantrane Kresna, tansah nuntun marang dalaning bebener. Uga  nyandhang Budi Luhur kang kagambarake pakartine Pandhawa. Sipat Angkara uga  ora bisa  sirna saka pribadine manungsa, kayadene patrape Duryudana  sago­trah.

Wimbane Kaurawa lan Pandhawa iku minangka brayat dhewe, Sipat Angkara lan Budi Luhur iku lelorone tansah sasandhingan jro pribadine  manung­sa.  Kaurawa iku satru mungguhing Pandhawa, tegese sipat ala iku kudu den asorake.

Ature Sanjaya :

24. //Duh, Paduka Ratu Gusti kula / mireng pamundhuting Arjuna ingkang makaten / Kresna hamapanaken adiratanya / ing madyaning barisan kekalih//

25. //Ing sangajenging Bisma lan Drona / lan pra manggalatama / Sabdaning Kresna : “Sawangen Arjuna /  trah Kuru carub wor ing kana”//

26. //Ing riku Arjuna andulu madeg / para bapa, eyang lan guru / paman, kadang lan kadang tunggal wredha / putra, wayah lan bala samya//

27. //Lan Kunthiputra ugi andulu / para marasepuh, kanca-rowang / sadaya sanak-kadang jejeg humadeg / jroning barisan kekalih//

28. //Kanthi agenging raos panalangsa / raos duhkita kawiyos ing lesan / Aturipun Arjuna / Ndulu sanak-kadang, duh Kresna / bebaris siaga magut yuda//

29. //Krasa pepes otot-bebayuku / krasa kaku lathiku / gumeter saranduning badanku / lan mrinding githokku//

30. //Gandhewa lolos saka astaku / lan kulitku krasa panas sumelet / ingsun tan kuwawa ngadeg maneh / lan manahku peteng lelimengan//

31. //Ingsun andulu pratandha ala / duh Kresna, tan ana becike / aku merjaya sanak-kadang / jroning paprangan samengko//

Arjuna sigra tumingal marang siji-sijine sanak-kadang, uga para guru humadeg ngaglah siaga tetandhingan. Rasa  rangu-rangu  wiwit  tuwuh jroning ati. Ranguning tyas sangsaya gedhe, amarga sanak-kadange kabeh mapan  ing  lelorone bebarisan kang bakal  tetandhingan,  Kaurawa  iku kadang tungal wredha lan Pandhawa iku tunggal Bapa.

Tan  kuwawa Arjuna meper rasane dhewe, kasangsayan wus nguwasani jiwa lan ragane. Rangu-rangu, was sumelang, sedhih lan sonya campur  bawur dadi siji, satemah marbawani Sang Apekik kendel kadya reca.  Sejatine, jro kahanan kang kaya mangkono iku dadi margane bisa wruh Karsane Kang Mahakuwasa.

32. //Ingsun ora kepengin menang / uga ora kraton ora kamulyan, Kresna / apa paedahe kraton lan kamulyan / lan urip iki sisan, duh Gowindha?//

Arjuna datan nyumurupi prakara kang luwih prayoga katimbang tumindak mrajaya sanak-kadange dhewe. Dheweke arsa ngluwari dhiri saka kamulyan lan endahing kadonyan.

Panganggepe Arjuna, mrajaya titah iku dosa sanadyan mrajaya marang titah kang hambeg budi candhala. Sanandyan tetembungan “mrajaya”  iku katulis kanthi Anjana Kencana ya kudu dosa. Nanging aluwaran ing  yuda iku dudu patrap satriya. Kanan ya Luput, Kering ya Kliru.

Luwih prayoga nora menangi Bharata Yuda, mangkono pamawase Arjuna. Amarga, rebut menang ing antarane Kaurawa lan Pandhawa  kanggo  mburu kamulyan lan kadonyan kanthi sesinglon mBelani Raharjaning Praja  lan Kamulyaning  Kawula. Nanging nyatane … Yen menang, kang bisa  ngrasa kamulyan hamung para satriya. Jaya utawa asor, padha bae tumrap kawula hamung kasangsaran kang  sinandhang. Mangkono mungguh panganggepe Arjuna  marang kejeme perang, sanadyan pamawas mangkono iku nora kudu bener sawutuhe.

33. //Padha kanggo sapa den samya rebutke / kraton, kamulyan lan sesukan / ana ing kene samapta ing prang / ngorbanake jiwa lan bandhane//

34. //Guru, bapa, pra atmaja / lan eyang, paman uga / lan pripean, putu, maratuwa / lan sanak-kadang liyane//

Janma kang wruh marang kawajibane urip kudu nindakake Pancadarma :

1. Bekti mring Pengeran Kang Maha Agung,
* Amarga panjenengane maha peparing, sabarang titah asale saka Pengeran, bali marang Pengeran.
* Catur Sembah minangka wujud bektine :  Sembah Raga, Sembah Cipta, Sembah Jiwa lan Sembah Rasa.

2. Bekti marang Bapa-biyung,
* Amarga Bapa-biyung minangka lantaran uripe manungsa ing donya, uga kang nggulawenthah, sarta Guru Kapisan.
* Wujud bektine : Mikul dhuwur – Mendhem jero.

Mikul Dhuwur, tegese nindakake kang dadi pituduh lan wasiat, sarta njaga asmane wong tuwa.

Mendhem jero, tegese anak kudu bisa nyimpen wewadi.

3. Bekti marang Maratuwa,
* Amarga Dheweke minangka lantarane manungsa bisa ngrasa swarganing donya.
* Wujud bektine : tan prabeda bekti marang Bapa-biyung. 4. Bekti marang Guru,
* Amarga Guru kang maringi pituduh, satemah kang ora wruh dadi wruh, ora bisa dadi bisa, bodho dadi pinter.
* Bekti bisa den wujudake, kanthi nuladhani kang dadi pakartine, nindakake amanate, nyingkiri wewalere, ngamalke ngelmune.

5. Bekti marang Sedulur Tuwa,
* Amarga panjenengane dadi sulihing Bapa-biyung, papane sambat lan sebut yen Bapa-biyung wus nora sembada.
* Bektine : nyambung tali paseduluran, bantu-binantu ing sadhengah bot-kerepotan.

35. //Aku ora nedya numpes dheweke / sanadyan dheweke mateni aku, duh Kresna / nadyan kanggo teteluning jagad / apa maneh mung mbutuhi mayapada iki//

36. //Sawise numpes putra Drestarastra / kamulyan endi kang bisa rinasa? / Janardana, hamung dosa / yen mrajaya si duraka iki//

37. //Tan patut mungguh kita / mrajaya kadang, putra Drestarastra / wus trep, kepriye kita bakal mulya / sawise numpes brayate dhewe, duh Madawa?//

38. //Sanadyan mungguhing dheweke / kang jiwane ginubel sipat loba / tan wruh dosa mrajaya kulawarga / tan ngerti kiyanat numpes rowang//

39. //Genea kita ora eling / dosa kang mangkono iku,  duh Kresna / Eling marang kalimputan / numpes kadang-kulawarga pribadi//

Tetep puguh pangrasane Arjuna. Sanadyan Kaurawa wuta ing bebener amarga jiwane kasaput ing nepsu loba, nanging mrajaya Kaurawa iku dosa. Karana, Kaurawa kang reged jiwane diprajaya dening Pandhawa kang resik jiwane, ya ing kene papane Dosa.

40. //Manawa kulawarga wus ajur / lan wus lebur paugeran luhur / jejibahan lan wewalering kulawarga / den kuwasani durangkara ngambra-ambra//

Titah urip iku ana kang nguripake, mungkasi uriping titah iku wasesaning Pengeran. Sabarang kang urip iku wus kinanthen rejeki,  pakarti, panyandhang, laku lan pituwasing kardi. Pakartine titah, wujud pakarti luhur lan ala iku kanggo nggenepi Jangkaning Jagad.

Manungsa  Tama iku ora gelem ngrusak sanadyan mung wujude  omah  rayap amarga  saka  pangati-atine. Nanging janma kang asor  budi  tega  gawe rusaking  tatanan  lair lan batin tanpa kinanthen  rasa  dosa, kepara rumangsa jaya kalamun bisa gawe piala.

Cilik  mateni  semut, gedhene mrajaya manungsa iku  ora  ana  utamane, kajaba hamung dosa pikolehe. Prastawa paten-pinaten iku kudu ana lamun kanthi dhedhasar nggenepi Jangka iku mau. Cethane mangkene :  Mrajaya titah kanggo mamrih jejeging Bebener iku pakarti luhur, nanging mateni wong manawa hamung nuruti hardaning nepsu iku angkaramurka.

Arjuna ora gelem numpes Kaurawa manawa hamung pengin oleh kamulyan kang wujude negara lan panguwasa. Ing kene Arjuna datan trep mapanake pakarti mateni utawa numpes Kaurawa, Bener nanging durung Pener. Arjuna mapanake pakarti iki ing wujude “mateni kadang dhewe”, kang kudune den papanake wujude “mbengkas angkaramurka”. Ya ing kono, pacoban kang awrat iku dumadi manawa nyirnakake brayate  dhewe. Kayadene manungsa kang jaya manawa merangi satru, nanging tanpadaya lamun  kudu perang lawan nepsune dhewe.

Arjuna minangka jejering satriya, kudu bisa nyirnakake rasa asih mring satru, amarga pakarti “numpes Kaurawa” iku dadi kawajibane Sang Satriya muhung njangkepi darmaning satriya, mbengkas angkaramurka lan mbelani jejeging adil.

Akehe manungsa nuladhani pakartine Arjuna kanthi mapanake ing panggonnan kang luput.  Anteng  jatmika yen nyumurupi ngambra-ambrane  durangkara  lan  leburing paugeran luhur, nanging bakal cancut-gumregut manawa  kanggo mbutuhi dhiri priyangga. Tega mrajaya kadang yen lagi rebut warisan, njlomprongake rowang yen lagi golek aran, ora isin laku culika  yen  mbelani  kamulyan semu, lali suba-sita yen lagi  nguber mareming  nepsu.  Remeh temen patrapmu he manungsa  …,   Sejatine, sabegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lan waspada.  Yitna yuwana lena kena, tansah kinanthi ing saben pakarti.

Tan ana kamulyan kang dumadi kanthi bebanten kulawarga dhewe, ora ana Mulya ancik-ancik sangsaraning liyan, kepara nistha. Ora ana Butrawali kang manis rasane sanadyan digangsa legen sawindu.

Para  sepuh  wus paring pemut mangkene : Nistha papa,  Dora  sangsara, Dhusta lara, Nihaya pati.  Tegese, manawa Tumindak asor, kalunta-lunta pikolehe. Tumindak ngapusi, nemahi sengsara.  Gawe kacintrakan, hamung lara pikolehe. Sapa kang tumindak aniaya, pikolehe cilaka.

41. //Yen durangkara wus kuwasa / duh Kresna, wanita ilang wirange / lan manawa wus mangkono wanita / duh Warsneya, sudra-brahmana tan prabeda//

Durangkara wus ngambra-ambra, nemahi sirna wirange wanita. Wanita jarwane Wani Ditata. Manawa Wanita wus ilang wirange, tegese Wanita wus nyimpang saka kodrat kawanitane. Kang wajibe kudu mranata bale wisma lan momong para putra wus tinilar. Samengko ing jaman edan, wujuding wanita tan luwih aji timbang barang, barang kang kanggo rinasa  nikmate, disawang kaendahane, kasade marang kang mbutuhake. Amarga kang biyene Wadi, saiki ora den aling-alingi, kapara den pamer­ake ing papan kang ora samesthine. Swarganing manungsa aneng ngandhap­ ing suku wanita, wus ora trep maneh. Martabat Ibu kang minangka Guru Kapisan mungguhing manungsa wus sirna. Wasitane para Winasis, Jejeg lan enggoking bebrayan agung iku gumantung ana wanita. Manawa  Wanita wus ora jejeg maneh, banjur kepriye bebrayan agung bisa jejeg ?

Ya mangkono iku kahanane Jaman Edan. Swasana jro Kala Bendu, Pituduh ora digugu, Tuladha wus ora ditiru, Kang  ura  dianggep maju, Candu padha diluru, Pra mudha lirwa sinau, Kang bener dianggep kliru, Kang salah bisa gumuyu, Kabeh marga dadi lunyu, Kang lena bakal kesluru.

Mobah-mosiking kahanan ora bisa den simpangi, mengko yen tumeka titi wanci, akhiring Kala Bendhu puniki, Kala Suba kang gumanti. Suradira Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti.

Sudra-Brahmana iku trap-trapaning catur kasta, kang jangkepe ana Brahmana, Ksatriya, Waisia lan Sudra. Kasta ing kene kanggo milah-milaha jejibahane wong roning bebrayan gung.  Pamilahe jejibahan ing bebrayan  agung uga bisa kaperang mangkene :  Ulama Teguh Kang Kapitayan;  Pamong Praja Kang Adil;  Sodagar Kang Jujur;  Wong Mudha Kang Tekun ing Karya. Manawa patang perangan iku bisa lumaku kanthi  bebarengan, kanthi idin Kang Maha Kuwasa bakal bisa kajangka Tata Kaprajan lan Gesang Bebrayan kang Tata Tentrem Kerta Raharja, Gemah Ripah  Loh Jinawi.

42. //Runtuhing budi iki anggawa / brayat lan para jagale maring naraka / suksmaning leluhur tiba lara / kabeh donga, banyu lan boga tan ana maneh//

43. //Dosa lan leburing trah iki / andadekake rubuhing bebrayan gung / adat keluarga lan khukum kasta / ajur-mumur tinindhes durangkara//

44. //Kita kabeh wus mangerteni / duh Janardana, papan tumrap manungsa / kang budaya lan paugerane rinusak / yaiku ing naraka yekti//

45. //Oh, sepira gedhe dosane / hangrencana mateni kadang-brayate dhewe / hamung karana rasa pengin nguwasani / melik kedaton lan kamulyan//

46. //Mungguh ingsun luwih prayoga manawa / Kaurawa kanthi asikep gegaman / katamakna marengsun ing payudan / ingsun datanpa sanjata, pasrah// [1]

Ature Sanjaya :

47. //Sa sampunipun pratela makaten / Arjuna ngalumpruk ing sa nginggiling rata / gandhewa saha jemparing kadhawahaken / kanthi raos duhkita boten kantenan//

Sumber: alangalangkumitir 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Related Posts with Thumbnails