PUPUH I
SINOM
01
Sri  narpadmaja sudigbya, talathing nuswa Jawi, Surakarta Adiningrat, agnya  ring kang wadu carik. Sutrasna kang kinanthi, mangun reh cariteng dangu,  sanggyaning kawruh Jawa, ingimpun tinrap kakawin, mrih tan kemba karya  dhangan kang miyarsa.
02
Lajere  kanang carita, laksananing Jayengresmi, ya Seh adi Amongraga, atmajeng  Jeng Sunan Giri, kontap janma linuwih, oliya wali mujedub, paparenganing  jaman, Jeng Sultan Agung Mantawis, tinengran srat kang Susuluk  Tambangraras.
03
Karsaning  kang narpaputra, baboning pangwikan Jawi, jinereng dadya carita,  sampating karsa marengi, nemlikur Sabtu Paing, lek Mukaram wewarseku,  Mrakeh Hyang Surenggana, Bathara Yama dewa ri, Amawulu Wogan Suajag  sumengka.
04
Pancasudaning  Satriya, wibawa lakuning geni, windu Adi ansa Sapta, sangkala angkaning  warsi. Paksa sudi sabda ji, ringkang pinurwa ing kidung, duk kraton  Majalengka, Sri Brawijaya mungkasi, wonten maolana sangking nagri Juddah
05
Panengran  Seh Walilanang, praptanira tanah Jawi, kang jinujug Ngampeldenta,  pinnggih sang maha resi, araraosan ngelmi, sarak sarengat Jeng Rosul,  nanging tan ngantya lama, linggar saking Ngampelgadhing, ngidul ngetan  anjog nagri Balambangan.
06
Lereh  dhusun Purwasata, raja Balambangan nagri, putrannya estri sajuga, ing  warna tuhu linuwih, sedheng mepek birahi, kataman gerah sang ayu, madal  sakeh usada, sang nata agung prihatin, kyana patih Samboja sowan  mangarsa.
07
Pukulun  amba tur wikan, wonten molana ngajawi, kakasih Seh Walilanang, sangking  ing Juddah nagari, ing Purwasata kampir, yen pinareng tyan pukulun,  prayoga ingaturan, manawi karsa sang yogi, sung usada gerahe putra  narendra
08
Mangkana  dupi miyarsa, aturing sang nindyamantri, langkung kapareng in driya,  nulya utusing ngaturi, sapraptaning jro puri, sang nata gupuh amethuk,  riwusnya tata lenggah, miwah katuran pambagi, amedharken kang dadnya  rentengin driya.
09
Seh  Walilanang wus sagah, nulya ingusadan aglis, gerahe sang putri mulya,  ramebu sukanya ngenting, karsanya narapati, Seh Wali pinundhut mantu,  ing karya tan winarna, dennira amangun kardi, atut runtut lir mimi lawan  mintuna.
10
Wus  lami neng Balambangan, Seh Wali matur sang aji, kinen santun agamEslam,  sarengat Nabi sinelir, nata tan mituruti, seh cuweng tyas lolos dalu,  kesah maring Malaka, garwa tinilar (ng)garbini, sang retna yu  sakalangkung kawlasarsa.
11
Sapengkere  sang pandhita, pangering agung (n)dhatengi, kawula kathah kang pejah,  benduning sri narapati, maring rekyana patih, den lungsur darajadipun,  ki Samboja sru merang, kesah maring Majapahit, anyuwita Sang Aprabu  Brawijaya.
12
Kaanggep  tur kinasiyan, tinandur aneng in Giri, nahan tan antara lama, Ki  Samboja angemasi, pinetak Giru ugi, sadaya tilaranipun, lastantun  ingkang garwa, kaceluk Nyi Randha Sugih, angluwihi samoaning wong  dedagang.
13
Mangsuli  ing Blambangan, rajaputri kang (ng)garbini, wus ambabar mijil priya,  warnanya kalangkung pekik, karsanira sang aji, linabuh mring samudra  gung, sinadhahan gendhaga, sawuse aneng jaladri, gya ingalap juragan  kang lagya layar.
14
Binuka  ingkang gendhaga, isi jabang bayi pekik, ingaturken mring nyi randha,  langkung trustanireng galih, dhasar datan sisiwi, mila sihira  kalangkung, lir putra (ng)gennya yoga, sinung aran Santrigiri, sawusira  yuswa kalih welas warsa.
15
Nyi  randha lon ngandika, dhuh kulup sira wus wanci, pisah lawan raganingwan,  aywa kulineng gegramin, becik ngupaya ngelmi, sarengan Jeng Nabi Rosul,  kene ana pandhita parab Sunan Nganpelgadhing, Surapringga prayoga  kawulanana.
16
Sawulange  Sang Pandhita, pitutuhen lair batin, poma kaki ywa pepeka, cinekak  cariyosneki, Santrigiri wus manjing, nyakabat mring jeng sinuhun, siyang  dalu tan pisah, lan putra ing Ngampelgadhing, kan sinuhun ran ingkang  rama Santri Bonang.
17
Tulus  dennira kakandan, tan ana salayeng kapti, pangaose wus widagda, sampurna  sakehing ngelmi, karsanya rarywa kalih ayun kesah angelangut, ngaos  mring nagri Mekah, mancal saking Ngampelgadhing. nitih palwa labuh  jangkar neng Malaka.
18
Kapanggih  Seh Walilanang, datan samar ing salirang. kandheg neng nagri Malaka,  maguru Seh Wali Siding, sawusing (n)tuk sawarsi, sadyanira rajasunu,  dumugekaken karsa, lajeng mring Mekah nagari. Walilanang sakalangkung  datan rembag.
19
Kinon  wansul ing ngajawa, maring wukir Ngampilgadhing, sarta pinaringan  jungkat, kalawan jubah kulambi, nahan ta santrigiri, sampun sinungan  jujuluk, nengih Prabu Setmata, Santribonang sinun nami, Prabu  Nyakrakusuma Susunan Bonang.
20
Nulya  bidhal angajawa, wangsul maring Ngampelgadhing, pinanggih sang maha  tapa, wus katur sasolahneki, sang resi ngandika ris, kawruhanta iku  kulup, Seh Walilanang Mlaka, mitrungsun saeka kapti, ing pangawruh lair  batin tan sulaya.
21
Lah  jebeng siryo muliya, maring ing ngarameng Giri, kawruhhanamu renanta,  ing samengko nandhang sakit, tumekeng ngajalneki, mung nganti tekamu  kulup, renanta yen palastra, kuburen aneng ing Giri, tunggalena kalawan  sudarmanira.
22
Lawan  sunideni sira, jumeneng Susunan Giri, jujuluk Prabu Sermata, tembe ing  sapungkur mami, sira ingkang (m)bawani, jumeneng wali linuhung, sinuhun  sak-rat Jawa, kabeh padha welas asih, kalengkengrat sinebut raja  pandhita.
23
Nanging  ywa kaliru tanpa, dudu ratu mangku nagri, sira wus tan kakilapan, obah  osik donya ngakir, wus cukup wekas mami, Sunan Giri nembah nuhun, anulya  ngraup pada, lengser saking Ngampelgadhing, tanpa kanthi gancangin  cariyos prapta.
01
Ing  Giri apan wus tundhuk, kang ibu grahe ngranuhi, rinubung sakeh juragan,  rawuhe Jeng Sunan Giri, karamating waliyolah, kan ibu dipunperiki
02
Kagyat  wungu nulya ngrangkul, kinuswa-kuswa kang siwi, waspa adres marawayan,  sasambatnya melas-asih, dhuh lae atmajaningwang, kang dadya telenging  ati.
03
Kurang  sathitik katrucut, kulup tan menangi mami, nyawa dene teka lawas,  (ng)goniro pruhita ngaji, lae-lae ora nyana, yen bisa katemu maning.
04
Mangkya  guwayamu mancur, wenes mancorong nelahi, baya oleh kanugrahan, jeng  sunan turira aris, ibu pangestu paduka wus katur sasolahneki.
05
Kang  ibu suka kalangkung, kulup sampurnakna mami, umanjing agama islam, nulya  sinadatken aglis, kalimah loro winejang, kang ibu padhang mampani.
06
Kulup  wus padhang tyasingsun, datan sumelang ing ati, sira kariya raharja,  tetepa (ng)gonmu mengkoni, batihmu para sudagar, isining asrameng Giri.
07
Tembe  ing sapungkuringsun, sakehe dunyarta mami, sidhekahna kang warata, pekir  miskin anak yatim, lawan tukokna amanat, kaji mring Mekah nagari.
08
Poma  kulup wekasingsung, Ni Samboja nulya lalis, sawusira binersiyan, layon  kinubur tinunggil, lan raka Kyai Samboja, ing mangkya titiyang Giri.
09
Lastantun  pamundhinipun, ing gusti Jeng Sunan Giri, samya kapanjingan iman,  nglampahi sarengat Nabi, ngibadah andarus Kur’an, kathah kang iyasa  masjid.
10
Gemah  arjane kalangkung, tan ana kang laku jati, samya cekap nyandhang mangan,  adoh ingkang dadya miskin, tentrem ciptane raharja, wong ngamanca  kathah prapti.
11
Kabanjur  tan arsa mantuk, kalajeng wisma ing Giri, raja pandhita Setmana,  jujuluk Sunan Giri, Gajah Kadhaton minulya, kawentar ing liya nagri.
12
Miwah  wus pinundhut mantu, ing Suhunan Ngampelgadhing, dhinaupken lan  putrinya, Nyai Ageng Ratu nami, atut dennya palakrama, lestantun ngantya  sisiwi.
13
Wowolu  estri myang jalu, Nyai Ageng angrumiyini, kondur maring rahmatolah,  layon sumare anunggil, marasepuh estri priya, garwa putra gung prihatin.
14
Sigeg  ganty kang winuwus, Brawijay Narapati, miring pawartos sanyata, ing  mangkya Susunan Giri, linulutan sakeh janma, nungkul tan kalawan jurit.
15
Sang  prabu utusan gupuh. Gajahmada kyana patih, kinen lumampah priyangga,  mukul prang Giri Garesik, tan cinatur lampahira, wus prapta jajahan  Giri.
16
Gegere  kadya pinusus, kang katrajang samya ngili, minggah kadhaton Prawata,  Jeng Sunan Giri marengi, anyerat manendhak Kur’an, kagyat miring  suwaraning.
17
Tiyang  alok mungsuh rawuh, sumedya ngrisak in Giri, kalam ingkang kagem  nyerat, anulya binucal aglis, andodonga ing Pangeran, sinembah ing  sakapti.
18
Kalam  lajing dadya dhuwung, cumlorot ngamuk pribadi, pramadya ing Majalengka,  kathah ingkang angemasi, sakantune kang palastra, pra samya lumayu  (ng)gendring.
19
Mantuk  marang Majalagnu, sawusira mengsah gusis, dhuwung wus wangsul privadya,  sumeleh ing ngarsaneki, panyeratan sang pandhita, sarta akukathah  getih.
20
Kagyat  risan amanengkung, miyat dhuwung kuthah getih, dahat panalangsanira,  dyan dodonga mring Hyang Widdhi, mugi Allah ngapuntena, solah amba  ingkang sisip.
21
Sang  pandhita ngandika rum, marang ing wadyanireki, kabeh padha piyarsakna,  myang aneksenana sami, katgeki sun wehi aran, si Kalammunyeng prayogi.
22
Sakeh  wadya saur manuk, wus samnya kalilan mulih, mring wismane sowang-sowang,  lestantun asrameng Giri, jumenengnya Jeng Susunan, Pramu Setmana  linuwih.
23
Gemah  arjane kalangkung, saya wewah wadyaneki, tan ana kang kasangsaya, nahan  wus antara lami, Sunan Giri nandhang gerah, kpareng praptaning takdir.
24
Kundur  mring rahmatolahu, gumer tangis ing jro puri, wandu sandawa sungkawa,  layon suwasing baresih, sinarekken nora tebah, sangking padalemaneki.
25
Sedanira  tilar sunu, sadasa kakung lan putri, kang kalih sangking ampeyan,  Pangran Pasirbata nengih, kalawan Siti Rohbayat, wowolu sangking pademi.
26
Kasebut  Nyai Geng Ratu, putra sepuh sinung nami, Ratu Gedhe ing Kukusan, nulya  Sunan Dalem nenggih, katrinira apanengran, Susuhunan Tegalwangi.
27
Catur  Nyi Geng saluluhur, panca Sunan Kidul nenggih, Ratu Gedhe Saworasa,  Sunan Kulon kang sumendhi, Sunan Waruju ragilnya, wau ta ingkang  winardi.
28
Sasampunira  pangubur, kumpul para wadya Giri, angrembag ingkang gumantya,  mandhireng Susunan Giri, pra wadya wus golong rembag, Sunan Dalem kang  gumanti.
29
Gya  ingangkat ajujuluk, Sunan Giri kping kalih, Susunan Giri Kadhatyan,  garwa kakalih pademi, tan mashur ing panjenengan, Jus Sunan wus prapteng  jangji.
30
Kundur  mring rahmatulahu, ugi sumare ing Giri, atilar putra sadasa, (m)bajeng  Sunan Sedamargi, panenggaknya apeparab, Sunan Giri Prapen Adi.
31
Tri  Nyi Geng Kuruganngurun, Nyi Geng Ngulakan kang Sukci, Pangran Lor  Pangran Dheket sad. Pangran Bongkok nulya Nyai, Ageng Waru arinira,  pangeran Bulu sumendhi.
32
Wragil  Pangran Sedalaut, paripurna kang wus swargi, rembag kang yoga gumantya,  kempal sakehe kan dasih, Sunan Parapen ingangkat, linuwih lir eyang  swargi.
33
Mandhireng  Giri Kandhatun, jujuluk maksih lestari, Sunan Giri Prapen dibya, suut  kang wadya gung alit. kawentar ing liyan prja, tan pegat kadya ing  nguni.
01
Ya ta  wau sang parbu ing Majalangu, sampun amiyarsa warti, lamun Sunan Giri  prabu, Setmana wus angemasi, mangkya wayahe gumantos.
02
Ajujuluk  Sunan Prapen Giri luhung, lalajone kadya nguni, sang wiku tan arsa  nungkul, marang nagri Majapahit, dadya sru bendu sang katong.
03
Dhawuh  maring Ki Gajahmada nindya nung, miwah kinanthem pra wiwi, angirid  wadyabala gung, kinen ngrabaseng ing Giri, wus samapta nulya bodhol.
04
Sunan  Prapen wus mireng badhe ginempur, mring sang prabu Majapait, wus budhal  caraken prabu, kya patih myang rajasiwi, balane lir samodra rob.
05
Sunan  Prapen sampun sanega ing pupuh, karsanira nanggulangi, mring carakeng  Majalagu, tan dangu mengsah kaeksi, nulya pinapak prang popor.
06
Wadya  Giri kasoran ing yudanipun, kathah ingkang nandang kanin, tanapi  tumekang lampus, Sunan Prapen angoncati, sagarwa putra wus lolos.
07
Lajeng ngungsi maring sapinggirin laut, binasmenan kitha giri, sadaya wus dadya awu, rajabana denjarahi, rajaputra tindak alon.
08
Dhumateng  ing astanira sang wiku, Sunan Giri kang wus swargi, ingkang rumeksa ing  kubur, tyan kakalih samya dhengking, rawuhe sang priwira nom.
09
Para  wadya dhinawuhan kinen (n)dhudhuk, gya tumandang sagung dasih, halate  sang maha wiku, cihnaning wali linuwih, singa celak anggaloso.
10
Kalesedan  sambat ngadhuh-adhuh lampus, kang kantun kalangkung giris, bramantya  sang rajasunu, tumandang pribadi ajrih, merang lamun tan kalakon.
11
Dadnya  dhawuh marang tyang kalih kang tunggu, kinin angdhudhuk den aglis,  binilaen yen tan purun, pasthi tumekeng in lalis, kinarya coban kris  waos.
12
Tyang  kakalih tan suwala nulnya (n)dhudhuk, dupi prapta blabak jati, tutuping  tabelanipun, binuka saking sakedhik, nulya ana ingkang miyos.
13
Warni  kombang tan petungan kathahipun, mabur ngebeki wiyati, maniyub lir  langit rubuh, nembuh wadya Majapait, dennya naggulang pakewoh.
14
Pinarjaya  tan keguh ngentub pikantuk, bingung wadya Majapait, ting bilulung rebut  dhucung, dennira angungsi urip, seleh gagamaning pupoh.
15
Samya  kuchung gedabikan kenen entub, sirah rapet ngroyok sikil, ngaruara  sambat bingung, prapat nagri Majapait, kombang anglut datan kegoh.
16
Sang  aprabu Brawijaya langkung gugup, tan kawawa nanggulangi, dadya tilar  prajanipun, sawadya balanireki, gusis praja tan ana wong.
17
Nungsi  tebih dupi kombang wrus wus suwung, wangsul mring nagrinya malih, siji  tan ana kang kantun, sang aprabu Majapait, sawadya wangsul ngadhaton.
18
Aprasetya  sang aprabu Majalangu, datan nedya malih-malih, nyiraka dhateng sang  wiku, ngamungena ingkang uwis, ing tyas datan walangatos.
19
Kacariyos  tyang kaling kang ngreksa kubur, kanugrahan mantu dhengkling,  gagancangan lampahipun, anusul Jeng Sunan Giri, ingkang lagya amakuwon.
20
Kawlasarsa  aneng satepining laut, tyang kalih marek tur uning, ing mangkya mengsah  wus larut, jalaran tinempuh dening kombang ingkang mapak pupoh.
21
Mandhul-madhul  palayune numbuk bentus, tilar gagamaning jurit, samya ngungsi gesang  (n)jruntul, tan ana ingkang tinolih, swarane pating galembor.
22
Sampun  katur ing purwa wasananipun, dalah waluyaning dhengkling, sang wiku  kalangkung sukur, (d)dedonga marang Hyang Widdhi, rahayu ywa na pakewoh.
23
Nulya  kundur tan cinatur laminipun, wus papirurna ing nguni, eca tyase para  wadu, satengah ana kang kibir, sajeg tan na mungsuh rawoh.
24
Sunan  Giri datan sama jangkanipun, lamun kraton Majapait, wus andungkap  sirnanipun, jalarane sangking siwi, dyah Patah mijil karaos.
01
Santun  sarengatira Jeng Nabi, Muhkammad kinaot, mila Kangjeng Sunan Giri  Prapen, lajeng tedhak mring Demak nagari, kumpul lan pra wali, mukmin  miwah jamhur.
02
Wusing  bedhah nagri Majapait, mekrad sang akatong, jro kadhaton tan ana isine,  Sunan Giri nyelani dadya ji, mung pat puluh ari, nenggih laminipun.
03
Anyarati  supadi icaling, labeting karaton, ratu Budha gya jumeneng rajeng,  musing antuk kawan dasa ari, Jeng Susunan Giri, masrahken kaprabun.
04
Maring  Radyan Patah anampeni, wus jumeneng katong, aneng nagri Demak  angrehake, ing rat Jawi Jeng susunan Giri, sarampungeng kardi, wus  linilan kundur.
05
Sawusira  risak Demak nagri, pindhah Pajang kraton, adipati Pajang kang  mandhireng, mantu sultan Bintara mungkasi, ing Demak nagari, ngreh wadya  sewagung.
06
Kangjeng  sultan Pajang kang winarni, wusing madeg katong, karsa nyuwun idi mring  Prapen, Kyai Ageng Mantaraman umiring, sagunging bupati, kebat tan na  kantun.
07
Sultan  Pajang sarawuhin Giri, kagyat ing tyas anon, pasanggrahan (m)banjeng  aneng ngare, pra bupati kang samya sumiwi, ing Jeng Sunan Giri, pondhoke  pinatut.
08
Sunan  Prapen duk miyos tinangkil. Sulatan Pajang gupoh, asumewa sareng bupatya  keh, lenggah jejer ngarsane sang resi, ingayap pra dasih, neng  pungkuranipun.
09
Wusing  pepak kang samya anangkil, sunan ngandika lon, jebeng Pajang di  kapareng kene, sus alenggah caket lan sang resi, angandika aris, winor  manis arum.
10
Putraningsun  kang padha anangkil, ywa na walangatos, den narima marang ing  papasthen, ing samengko ki Pajang dipati, ingsun wus ngideni, ing  jumenengipun.
11
Sultan  mengku ing Pajang nagari, sudibya kinaot, binanthara tan ana samine,  babundhele ing satanah Jawi, kalipahing Widdhi, saru ajuluk.
12
Sultan  Prawu Awijaya lewih, karsane Hyang Manon, neksenana pra sutengsun  kabeh, atus paksi sakehing bupati, mangayubayani, dhawuhing sang wiku.
13
Nulya  mundhut dhahar wus umijil, saking jro kedhaton, tinata ing pandhapa  madyane, Sunan Prapen sultan Pajang tuwin, kang para bupati, wus bujanan  kembul.
14
Sang  pandhita angandika malih, dhuh pra siswaningong, sultan Pajang myang  bupati kabeh, enggonira akekadang kaki, ywa salayeng budi, diatur  arukun.
15
Raharjeng  tyas sukur ing Hyang Widdhi, karsane Hyang Manon, ana kang tinitah dadi  gedhe, ana kang tinitah dadi cilik, papasthening Widdhi, basane  asnapun.
16
Datan  luwih sun tetedheng Widdhi, anak putuningong, donya akir salameta kabih,  kang sinabdan samya saur paksi, tutug dennya bukti, linorot mring wadu.
17
Sunan  Giri tinarbukan Widdhi, waspadeng pangawroh, datan samar lalakon in  tembe, ingkang tansah pinancer ing liring, Ki Ageng Mantawis, cahyannya  umancur.
18
Angandika  Jeng Susunan Giri, mring jeng sultan alon, jebeng Pajang lah ta sapa  kae, baturmu kang mangan angereni, sapa araneki, kangjeng sultan matur.
19
Rencang  amba patinggi Mantawis, nami karan enggon, angreh siti sadhomaskaryane,  sang pandhita angandika malih, dhawuhana kaki, linggih jajar patut.
20
Lawan  para siswengsun bupati, sandika kang kinon, Kyai Ageng Mantaram wus  Jejer, heh sanggyaning siswengsun bupati, wruhanamu kaki, tutunne si  kulup.
21
Kin  Mantaram besuk wus pinasthi, angreh sakehe wong, ing satanah Jawa iki  kabeh, nadyan Giri kene tempe ugi, ngidhep ing Mantawis, kyageng lajeng  ngujung.
22
Konjen  siti nenedha Hyang Widdhi, widadaning dhawoh, saha matur mring Sunan  Parapen, sakalngkung sru nuwun kapundhi, lulusing sabda ji, tetepe kang  wahyu.
23
Duh  pukulun patikbra ngaturi, dhuwung wus mirantos, amung dadya pratandha  yektine, sungkem amaba timbalan sang yogi, sunan ngandika ris, sun  tarima kulup.
24
Nangin  ingsun paringaken bali, apan kacariyos, samya resep pra dipati kabeh,  aningali Ki Ageng Mantawis, raja pandhita di, gya mucung dhadawuh.
PUPUH V
P U C U N G
01
Lah ta kulup para bupati sadarum, ingsun iyasakna, talaga kang luwih adi, tur sandika pra wadya nulya tumandang.
02
Dhudhuk-dhudhuk tan pantara nuli rampung, dados kang talaga, luwih adi towa wening, gilar-gilar lir pendah kaca brenggala.
03
Wusing katur sinung ran Talagapatut, jeng sultan kalawan sagunging para bupati, wus linilan mring prajane sowang-sowang.
04
Tan cinatur nagri Pajang risakipun, pindhah ing Mantaram, ingkang jumeneng narpati, putranira nenggih Ki Ageng Mantaram.
05
Risam Sutawijaya jujulukipun, kanjeng Panembahan, Senapati ing Mantawis, lulus wirya gemah arja prajanira.
06
Panembahan Senapati ing Mantarum, ngyektekken wirayat, dhawuhe Susunan Giri, ing nalika sowannya jeng sultan pajang.
07
Panembahan Senapati nulya ngutus, abdi kinen sowan, maring Giri kanthi tulis, prapteng Giri sang wiku lagya sineba.
08
Serat katur tamating pamaosipun, mesem angandika, heh caraka ing Mantawis, pakenira matura Ki Senapatya.
09
Lamun ayun nyatakken wirayatingsung, gustimu turana, nglurung maring bang-wetan nuli, wus pinasthi karsane Allah Tangala.
10
Lamun ratu Mantaram ing tembenipun, ngrata tanah Jawa, sanadyan ing Giri iki, uga teluk marang in nagri Mantaram.
11
Lokilmakpun tan kena owah sarambut, jamane walikan, kawula dumadya gusti, ingkang gusti sayekti dadi kawula.
12
Pratandhane wus katon Pajang Mantarum, iku dadya cihna utusan wus nyuwun pamit, mantuk marang Mantaram agegancangan.
13
Wus sumiwi ing ngabyantara sang prabu, wus katur sadaya, welnga Jeng Sunan Giri, tan pantara lami sri nata Mantaram.
14
Bidhal  nglurug mring bang-wetan kang jinujug, ing nagari Japan, sagunging para  bupati, ing bang-wetan wus kumpul aneng ing Japan.
15
Kacariyos ing Giri sang maha wiku, wus miyarsa warta, lamun sang prabu Mantawis, ngepung Japan para bupati bang-wetan.
16
Pacak baris tutulung paguting pupuh, Jeng Sunan ing Arga utusan akanthi tulis, tyang sadasa gegancangan marang Japan.
17
Praptanipun ing Japan nulya kinampul, wong agung Mantaram, myang bang-wetan pra bupati, wusing pepak duta Giri aturira.
18
Dhuh wong agung Mantaram saha wong agun, bang-wetan sadaya, lambah kawula tinuding, ing Jeng Sunan Giri akanthi nawala.
19
Ulun waos pribadi mring terangipun, sami kapyarsakna, suraose kanang tulis, dateng Giri manengah maos nawala.
20
Layangingsun Jeng Sunan Giri dhumawuh, marang putraningwang, Senapati ing Mantawis, lan mring putraningsun Pangran Surabaya.
21
Liring layang (ng)gonira ayung prang pupuh. rebut panjenengan, ingsung pan ora nglilani, krana bakal keh pepati tan prayoga.
22
Tembe lamun ana karsane Hyang Agung, pamiyaking Sukma. andhap luhur wus pinasthi, pan tinemu ing samengko durung mangsa.
23
Balik padha nganggoa budi rahayu, lestari kekadang, sun asung babasan kaki, wadhah lawan isi endi piniliya.
24
Sung ideni salah siji pamilihmu, isi apa wadhah, sawusira samya milih, prajanjya setnya susetyaning driya.
25
Dun asukur takdiring Hyang Kang Maha Gung, singa piniliya, iku wus tan kena gingsir, pan tinemu ing wuri kaananira.
PUPUH VI
P A N G K U R
01
Yen  uwis pamilihira, umantuka marang nagrinireki, ingsun sung raharjeng  laku, marang ing sira padha, wus atiti kang serat nulya tinutub,  Senapati angandika, lah yayi Surawesthi.
02
.Kadiparan  karsanira, andikane panembahan ing Giri, mung yayi kalawan ingsun, kang  tumraping nawala, kinen milih wadhah lawan isinipun, pundi to ingkang  kinarsan, yayi miliya kariyin.
03
Ulun  narima tampikan, duk miyarsa Pangeran Surawesthi, ing tyas samana  pakewuh, wusana angandika, kakang Senapati Ngalaga Mantarum, kencenge  malah kawula, ulun milih kanang isi.
04
Kakang  kabageyan wadhah, Senapati Ngalaga ngandika ris, yayi kula wadhahipun,  ingiih sampun narimah, duten Giri atas pamiyarsanipun, gya pamit mring  panembahan, miwah mring para adipati.
05
Panembahan  Senapatya, sampun kundur maring nagri Mantawis, wong agung bang-wetan  sampun, umantuk sowang-sowang, tan cinatur duteng Giri lampahipun,  prapteng ngarsa atur sembah, matur solahnya tinuding.
06
Dhuh  gusti kawuninganan, putra tuwan Pangeran Surabanggi, kinen amilih  rumuhun, mring Kangjeng Senapatya, Surawesthi kang pinilih isinipun,  wadhahipun Panembahan, narimah atampi isi.
07
Mesem  Jeng Sunan ing Arga, wruhanira kodrat tan kena gingsir, basa wadhah  nagri iku, isine apan janma, tembe nagri bang wetan kareng Mantarum,isi  yen tan manut marang, ingkang adarbe nagari.
08
Sayekti  tan kena ngambah, yen ambadal sayekti tekeng pati, dadi kudu amiturut,  marang kang duwe wadhah, enengena ing Giri ganya winuwus, nenggih  praja-di Mantaram, Penembahan Senapati.
09
Dennira  jumeneng nata, laminira pan namun tigang warsi, lajeng puput  yuswanipun, ginantyan ingkang putra, Pangran Adipati Anom ing Mantarum,  jujuluk Jeng Susuhunan, Diningrat Anyakrawati.
10
Amung  kalih welas warsa, laminira jumeneng narapati, jeng susunan nulya surut,  ginantyan narpatmaja, Pangran Adipati Anom ing Mantarum, jujuluk  Kanjeng Susunan, Sultan Agung ing Mantawis.
11
Prabu  Anyakrakusuma, duk punika Pangeran Surawesthi, anyedahi pra tumenggun,  mancanagri bang wetan, wusing pepak neng Surabaya sadarum, ngrembag arsa  manut ing prang, ngrabaseng nagri Mantawis.
12
Subiyantu  abiprawa, pra bupati tan ana nhulani, enjing gya budhal gumuruh,  sagunging balakuswa, kampir ngujung astana Giri Kedhatun, undure  sangking astana, sowan ing Jeng Sunan Giri.
13
Wus  sepuh Jeng Sunan Arga, prapteng ngarsa jeng sunan ngendika ris, dhuh  babo atmajaningsun, paran kang dadya karsa, dene padha tumeka ing  ngarsaningsun, apa na karya kang gatya, Jeng Pangeran Surawesthi.
14
Myang  Dipati Singasekar, matur nembah mring Kangjeng Sunan Giri, apunten dalem  sang wiku, amba myang para kadang wus sarembag arsa ngrabaseng  Mantarum, nyuwun idi sang pandhita, miwah pangestu basuki.
15
Jeng  sunan aris ngandika, ing samengko pan durung mansa kaki, para bupati  umatur, kang ambrih legaweng tyas ngidenana sang wiku paring pangestu,  jeng sunan aris ngandika, mokal bedhaha Mentawis.
16
Ing  samengko wong bang wetan, malah padha ngnsia kang prayogi, tan wurung  binoyong besuk, marang nagri Mantaram, Pangran Surawesthi tan kendhak  tyasipun, myang sagunging para dipatya, wusing ngujung ing sang resi.
17
Ngandika  sang wiku raja, yen mangkono padha karsanireki den ngati-ati kulup,  ingsun pasrah Hyang Suksma, legi pait ing tembe pasthi katemu,  sanggyaning para dipatya, wusing ngujung sang aresi.
18
Bidhal  saha wadyakuswa, tan cinatur solahireng ngajurit, wasanira kaplayu,  ungguling Ngesiganda, wong agunge Mantaram tan ana segu, para bupati  bang wetan, palasaran undurneki.
19
Ana  kang tumekeng pejah, ana kanin ana kang nungkul aris, ing Mantaram saya  mashur, kadibyane sang nata, kasektene para punggawa nung-anung,  winongwong karatonira, kinasiyann ing Hyang Widdhi.
20
Gemah  ripah tur raharja, tata tentrem sagunge wadya alit, lumintu ganjaran  prabu, sagunge pra dipatya, tyas raharja datan ana kang sakuthu, ajrih  asih mring narendra, samya tuhu lair batin.
21
Nahan  raharjaning praja, yen ginunggung sawengi datan uwis, ing mangkya  piruweng kidung, Narendra ing Mantaram, Sultan Agung Sri  Anyakrakusumeku, lagya miyos siniwaka, pepak ingkang samya nangkil.
22
Wadyabala  myang santana, Panembahan Purbaya munggeng ngarsi, tan pegat  tinantun-tantun, jeng sultan ris ngandika, inggih uwa Purbaya  pawartosipun, Pengeran ing Surabaya, ing mangke pun sampun lalis.
23
Kang  kantun mung anakira, Ki Mas Pekik pambajenge kang siwi, uwa punika  kersengsun, timbali mring Mantaram, ingsun arsa uninga ing warninipun,  panembahan atutrira, punika langkung utami.
24
Ulun  umiring sakarsa, sri narendra pangandikannya aris, Alap-alap ingsun  ututs, marang ing Surabaya, timbalan Pangran Pekik Surengkewuh, telas  ingkang pangandika, jengkar anggambuh tinangkil.
PUPUH VII
G A M B U H
01
Wus  lepas lampahipun, alap-alap prapteng Surengkewuh, laju maring Ngrarempah  dhukuhireki, Pangran Pekik gupuh-gupuh, amethuk carakeng katong.
02
Wus  ingancaran lungguh, Pangran Pekik awacana arum, paman ulun atur pambagya  basuki, Alap-alap matur nuwun, (n)dhawuhken timbalan katong.
03
Jeng  Pangran sowan ulun, pan ingutus rakanta sang prabu. Gusti Kangjeng  Sultan Agung ing Mantawis, maringaken kang pangestu, mring andika  sakaloron.
04
Jeng  pangran matur nuwun, sasampng maringken pangestu, dhawuh nata paduka  dipun timbali, sagarwa putra myang wadu, ulun ingkang kinen (m)boyong.
05
Jeng  Pangran aturipun, adhuh paman kamayangan tuhu, dejeng sultan karsa  nyaruwe wong pekir, ina papa aneng dhukuh, datan supena sajingklong.
06
Tan  suwala regengsung, kadyangganing sarah aneng laut, ing sakarsa jeng  sultan ulun umiring, tan nedya sawaleng kayun, lumuntur dhawuhin katong.
07
Ki  Tumenggung duk ngrungu, ing ature manis amlas ayun, agresing tyas gya  umatur ing sang Pekik, bilih marenken sang bagus, benjing-enjing lajeng  bodhol.
08
Jeng  pangran wacana rum, sakalangkung prayogi man menggung, ulun lajeng  tata-tata sapuniki, paman sakanca sadarum, prayogi rereh neng pondhok.
09
Jeng  pangran gya dhadawuh, marang garwa sakulawargeku, kinen samya pradadosan  sadayeki, yun sumiweng mring Mantarum, ribut samya dandos-dandos.
10
Ki  Alap-alap gupun, nuding wadu nimbali tumenggung, Surabaya Ki Sapanjang  kang wawangi, tan dangu anulya rawuh, Ki Sapanjang dhawuh katong.
11
Jeng  pangran sowanipun. mring mantaram bidhal sesuk-esuk, jengandika sawadya  kinen umiring, sarta rumekso ing pungkur, kacekape kulo borong.
12
Ki  Sapanjang agupuh, paparentah mring sakehe wadu, abusekan sakeh wadya  Surawesthi, wus mirantos sadayeku, enjinge anulya bodhol.
13
Lon-lonan  lampahipun, ing lamine lampah tan winuwuh, prapteng dhusun Butuh arereh  saratri, kangjeng pangran dalu ngujung, marang ing astana Butoh.
14
(n)Dedagan  amanengkung, palaling Hyang wanci lingsir dalu, Pangran Pekik miyarsa  swara dumeling, uraing swara sung tuduh, lah Ki Pekik karseng Manon.
15
Wruhanta  sira besuk, darbe putu jalu tur binagus, amandhireng nata gung ing  tanah Jawi, ngreh wadya bacingah agung, nangin angalih kadhaton.
16
Mring  tanah Pajang iku, sakulone kutha prenahipun, aran dhukuh Wanakarta tembe  dadi, praja Kartasura mashur, dene jujuluking katon.
17
Jeng  Susuhunan Mangku,-rat Senapati ing Ngalageku, Ngabdurahman Sayiding  Panatgami, sepping swara kagyat wungu, ing wanci awaling Suboh.
18
Miyose  wus pingguh, lawan juru kunci tengga pintu. Pangran Pekik wawartos  mring jurukunci, denyantuk wansit ing dalu, ki jurukunci anjongblong.
19
Sinembah*)  saha matur. sakalangkung bingahe tyas ulun, sukur-sukur alahamdulillahi  rabil, Hyang Surya wus mungub-mungub, jeng pangeran lajeng bodhol.
20
Datan  kawarneng ngenu, wus angancik ing kitha Mantarum, ki tumenggung  Alap-alap ngrumiyini, atur uninga sang prabu, sigeg gantya winiraos.
21
Sang  prabu ing Mantarum, ri tiningkil munggeng siti luhur, Panembahan  Purubaya wus sumiwi, myang wadya bala supenuh, munggeng ngabyantara  katon.
22
Datan  antara dangu, ki tumenggung Lap-alap mangayun, nembah matur ulun kinen  animbali, Pangran Pekik Surengkewuh, mangkya wus sumiweng katong.
23
Sagarwa  putranipun, Ki Sapanjang sawadya tut pungkur, suka ing tyas sang prabu  ngandika aris, lah uwa Purubayeku, kadipundi kang linakon.
24
Mangke  sadhatengipun, dhimas Pekik napa bekti ingsun, utawine piyangbake  ingkang bekti, Purubaya nembah matur, kinanthet lawan suraos.
*) Prayoganipun anyembah.
PUPUH VIII
K I N A N T H I
01
Sangking  ing pamanah ulun, pangeran ing Surawesthi, ing kang layak ngabektiya,  ing pada dalem sang aji, kawon luhur kang darajat, panjenengan dalem  aji.
02
Mandhireng  prajeng Mantarum, ing rat Jawi mung satunggil, kalihdene tinimbalan,d  atan sawala ing kapti, sampun kalampahan sowan, ing ngabyantara narpati.
03
Asrah  jiwa raganipun, kangjeng sultan duk miyarsi, aturipun ingkang uwa,  kalangung trusha ing galih, nahan Pangran Surabaya, sagarwa sampun  sumiwi.
04
Pepe  kidul wringin-kurung, sasolahe amlasasih, duk uninga sri narendra,  dhawuh kinen animbali, anggandhek tundhuk pangeran, ingirit minggah  sitinggil.
05
Andhadhap  amundhuk-mundhuk, cingak kang samya ningali, miyat warnanya pangeran,  mirit*) kangjeng sri bupati, kantun senenge kang cahya, kantun semu  kantun sigit.
06
(n)Dungkap  prapteng ngarsa prabu, caket dennira sumiwi, tumungkul konjem pratala,  ri wusira mangenjali, wangkinan sineleh kanan, gya mangraub pada aji.
07
Saha  matur arawat luh, pegat-pegat winor tis-tis. dhuh gusti kalengkaning  rat. musthikaning tanah Jawi, patut pinundhi sinembah, jumeneng kalipah  Widdhi.
08
Ambeg  pinandhita tuhu, santa budi mirah asih, mardikeng rat tyas kumala.  ngecani manahing dasih, mrih arja ayu tan pegat, kasudarman winor manis.
09
Santana  wadya lit agung, tan ana kataman bengis, winor ing sakarsanira,  kinajrihan lair batin, pra wadya ing Ngeksiganda winengku pramarta ji.
10
Kasujanan  ambeg sadu, linangkung kasusreng bumi, sumbageng rat pinasthika,  waskitha ngreh ing patitis, kangos ing ganda angambaar, kinasihan ing  Hyang Widdhi.
11
Saudibya  prawireng kewuh, kinajrihan kanan-kering, ngagem agama minulya, sasat  jengandika Nabi Muhakammadin angajawa, ngrenggani nagri Mantawis.
12
Dhuh  jeng gusti sang aprabu, sowanipun ingkang abdi, angaturken pejah gesang,  awit rumaos geng sisip, katungkul ing kawiryawan, labet mudha punggung  yekti.
13
Dama  kalimput tan emut, ing kanugrahaning narpati tumerah jiwangga mulya,  kaecan nadhah myang guling, saanak rayat myang warga, tan lyuan  barkahing narpati.
14
Lumintu  salaminipun tangeh manawi kang abdi, saged ngaturi minangka, bebekti  ingkang martasih o gusti satuhu mudha ceplik tangeh wruh ing becik.
15
Manawi  kangjeng pukulun, tan paring aksameng dasih, yekti temah anggung papa,  druwaka samineki, ing mangke amba sumangga, sakarsa jeng sri bupati.
16
Mangkana  kangjeng sinuhun, ngandika sajroning galih, wong iki bugas prasaja, ing  wicara tatas titis, teteg tyas sura legawa pantes tan sinungan lamis.
17
Teka  resep atiningsung, dadya condhonging tyasmami, pantes rewanga wibawa.  (n)darahken sri tanah Jawi, madhahi kanang nurbuwat, wasana ngandika  aris.
18
Wis  lungguha ariningsun, iya apa kang pinikir, dhuh yayimas Surabaya, marma  sira sun timbali, sumiwi ing ngarsaningwang, wus pasthi karsaning  Widdhi.
19
Sosotyadi  apan kudu, tumrap ingembanan rukmi, umpama ingsun pancuran, sira talaga  nadhai, yayi kang minangka wadhah, ingsun kang minangka isi.
20
Pasemon  kang ingsun wuwus, tegese uwus ginaris, yen sira bakal tan pisah, melu  nurunake benjing, para ratu tanah Jawa, yayi ingkang urun estri.
21
Manira  kang urun kakung, ing samengko karsa mami, sira wisma na Mantaram, ana  saetaning puri, sisihan lan kadipatyan, mungguh nagri Surawesthi.
22
Ingsun  paringake wangsul, marang pakenira yayi, wenang anguwasanana, kadi  ingkang uwis-uwis, si Sapanjang mung rumeksa, tata tentreming nagari.
23
Sira  ana ing Mantarum, aywa taha-taha yayi, ing pangangep dipun padha, ya  Mataram Surawesthi, Pangran Pekik lejer ing tyas, trusaning supenaki.
24
Gya  sujud nembah umatur, dhuh pukulun sang dewaji, pun petik atur sandika,  mundhi timbalan narpati, kadyan kabanjiran kelang, kagunturan madu  gendhis.
*) prayoganipun mirib=memper
PUPUH IX
DHANDHANGGULA
01
Nulya  jengkar kangjeng sri bupati, abibarang kang samya sumewa, pangran  sagarwa-putrane, santana wadyanipun, wus pinarnah pakuwonireki, karan  ing Surabayan, jeng pangran lestantun, mukti wibaweng Mataram, datan ana  sinangsaya ing panggalih, wus lami antaranya.
02
Sang  aprabu lestantun gunging sih, Pangran Pekik nulya tinariman, rayi dalem  sang pamase, tunggil sayayah ibu, Ratu Pandhansari wawangi, ageng  ingkang bawahan, nahan tacinatur, dennira apalakrama, atut runtut sih  siniyan siyang ratri, lir mimi lan mintuna.
03
Wusing  antuk kawan dasa ari, Kangjeng Sultan Agung Ngesiganda, lenggah aneng  dalem gedhe, ngandika sang aprabu, heh ta lara menyanga aglis, marang  ing Surabayan, ketemu riningsum, kalamung sambadeng karsa, rabinira  dhiajeng ingsun timbali, waraheng ingsun gerah.
04
Nulya  mentar utusan narpati, sampun prapteng ing Kusrabayan, jeng pangeran  sagarwane, mijil sing dalem gupuh, samya lengah panginrat jawi, parekan  matur nembah, amba pan ingutus, raka dalem sri narendra, ingkang garwa  kangjeng ratu dentimbali, sarenga lapahamba.
05
Kangjeng  sunan lagya gerah mangkin, ingkang weling raka dalem nata, manawa aweh  lakine, malebu ing kedhatun, atinjoa ing gerah mami, yen lakine tan  kuka, poma ywa lumaku, adipati Surapringga, tebah-jaja sumangga ing asta  kalih, tan kenging lengganaa.
06
Dhuh  jiwaku umareka aglis, sampun kerit prapteng ngarsa sultan manembah  ngraub padane Ratu Pandhan umatur, kakang prabu dene wigati, nimbali  aripara, kalangkung kumepyur manahulun tarataban, sru gumeter enar-enir  senik-senik, kagmas gerah punapa.
07
Kangjeng  sultan angandika aris, dhuh riningsun luwih sangking lara, ana ing ati  enggone, sakeh usada wangsul, yen sun rasa saya ngranuhi, dene ana  pandhita, ing Giri dumunung, durung gelem nungkul mring wang, iya iku  kang dadi laraning ati, tambane durung ana.
08
Liya  Giri wong satanah jawi, nora ana barenjul merengkeng, padha ngidhep  mring sun kabeh, amung ing Giri iku, ingkang durung ingsun putusi,  amungkul kalawang prang, wit wecaning dangu, kang bisa ambengkas karya,  mung lakimu jalarane menang asli, luhur trah Ngampeldenta.
09
Lah  wis yayi dak lilani mulih, den abisa matrapaken karya, marang lakinira  mangke, selak den ayun-ayun, Ratu Pandhan mesem trunya ris, dhawuh dalem  kakangmas, sandika tur ulun, nulya lengser sangkin ngarsa, dhenirekken  sagunging parekan cethi, lampahnya wirandhungan.
10
Pangran  Pekik nganti neng pandhapi, sarawuhe sang ratu pinapak, bhinekta mring  dalem age, jeng ratu ngraub suku, snag pangeran (ng)gerjiteng galing,  lah yayai ana paran, teka rada suntrut, paran gerahing sang nata, ratu  Pandhan tumungkul minggu tan angling, jeng pangran anggarjita.
11
Baya  nora gerah sri bupati, bokmanawa ana panggaliyan, dadya sekele pamase,  jeng ratu gya sinambut, bhinekta mring ing jinem wangi, langening  karasikan, apan tan winuwus, ing sawungunira nandra, Ratu Pandhan matur  ing raka bibisik kang dadya karsa nata.
12
Amedharken  dhawuhe sang aji, Pangran Pekik madeg suraning tyas, ngelus-elus  gumbalane, alon ngandikanipun lamun ingsun weruha dhingin karsane  kangjeng sultan, mundhut rusakipun, ing Giri sunanne seba, baya uwus dak  cangking ing nguni-uni, sebaku mring Mantaram.
13
Pan  ing Giri wus neng asta mami, yayi ingsun ingkang maluyakna, rakanta  nahan rentenge, sewu wirang satuhu, yen tan bisa ngrabaseng Giri, isin  anom baskara, neng donya tan arus, apa kang dak walesena, ing sih nata  kajaba murdaku yayi kunjuk dadya timbangan.
14
Payo  yayi sowan marang puri, nyuwun pamit ing rakanta maluyakna, rakanta  sultan, mangkat ing sadina kiye, sarimbit nulya laju, sowan maring  sajroning, sang nata duk tumingal, pangran sowanipun, sarimbit lawan  kang garwa, gya ingawe lenggah caket lan sang aji, makidhupun pangran.
15
Kangjeng  sultan angandika aris, yayi Surabaya kadiparan, kang dadya karepmu  mangke, ing Giri durung nungkul. nora sarju nembah mring mami, ingsun  borong adhimas, ing prakara iku, Pangeran Pekik matur nembah, dhuh  pukulun amba sandika nglampahi, amundhi dhawuh nata.
16
Nadyan  minta sraya Sunan Giri, andhatengken para raja sastra, kebut sawadya  balane, tan ajrih manahulun, datan nedya nguciren jurit, kalamun tan  kalakyan, Giri bedhaipun, suka matiya palagan, nuwun gusti ingkang abdi  nuwun pamit, bidhal ing sapunika.
17
Boten  langkung ingkang amba pundhi, pangestu sang nata binathara, kalampahana  karsane, namung rayinta prabu, ambatilar aneng Mantawis, reh ayun mangun  aprang, ing tyas langkung gidhuh, keron-keron ing satemah, tempuh ing  prang enget rayi dalem gusti, milalu wande aprang.
18
Sri  narendra mesem ngandika ris, karsaningsun yayi garwanira, para gawaa ing  mangke, apan ta sedyaningsun, rabinira sadulur mami, pejah gesang hya  pisah, lawan lakunipun, wus wiyahe wong andong prang, rebut pati manawa  kasoran jurit, wadone binoyongan.
19
Pangran  Pekik gumujeng turnya ris, rayi dalem gegerongan amba, tembe sarenga  pecate, dhawuh dalem pukulun, tan langgana darmi nglampahi, sarimbit wus  pamitan amangraub suku, kangjeng sultan anggandika, lah yayi poma sira  hya gumingsir, sungkemu marang priya.
20
Kangjeng  sultan (n)dedonga ing Widhi, salamete myang ungguling yuda, sarimbit  anulya lengser, sangking ing ngarsa prabu, pinaringan sangu mawarni,  dunya arta busana, sampet sadayeku, wus prapta ing Surabayan, lajeng  ngrakit brokoh tundhan tandhu joli, myang gagamaning ngaprang.
21
Sawusira  rampunging pangrakit, nulya budhal sangking ing Mantaram, brokoh neng  ngajeng lampahe, datan kawarneng ngemu, lampahira sampun dumugi, ing  nagri Surabaya. Ki Sapanjung methuk, wusing lerem sawatara, kangjeng  pangran pinarak aneng pandhapi, andher para punggawa.
22
Pangran  Pekik ngandika mring dasih, heh sakehe bocah Surabaya, padha piyarsakna  kabeh, dhawuh dalem sang prabu. mula ingsun linilan mulih, marang ing  Surabaya, lawan garwaningsun, ingutus kinen magut prang, angadoni  bandawala rebut pati, mangrurah satru tama.
23
Panunkule  Susuhunan Giri, pinasrahken marang jenengingwang, nanging karsaningsun  mangke, anakmas Giri iku, lamun kene nungkula aris, sumewa sri Mantaram,  tan rekaseng laku, slamet tan ana pepejah, lamun wangkot sayekti  rarempon jurit, akeh pegaitn atma.
PUPUH X
M E G A T R U H
01
Para  wadya manembah saha umatur, dhawuh paduka sang Pekik, mangayubagya  sadarum, muji nungkulira aris, ywa nganti aprang rerempon.
02
Bilih Susuhunan Giri tan sareju, nungkul karananing aris, tan kena kinarya ayu, sumiweng aji, kekah denya karsa mirong.
03
Ingkang  abdi kewala pan sampun rampung, ngrabaseng karaton Giri, amboyong  susunannipun, bilih tan saget mungkasi, suka lebur aprang pupoh.
04
Nangin  ulun mireng pawartos satuhu, ing mangkya Jeng Sunan Giri, kendho  kawalenanipun, saprapat yun animbangi kalipah Mantaram Katong.
05
Darbe  murid nagri Cini aslenipun, kabar maksih trah narpati, ing mangkya  pinundhut sunu, sampun sinunggah kakasih, Endrasena tuhu katong.
06
Teguh  timbul wanter wegig ing prang pupuh, kalih atus wadyaneki, kang ginala  aprang pupuh, punika ingkang ngencengi pinrih (m)balela ing katong.
07
Inggih  ta lah kang binujuk teka purun, istijrate eblis kapir, ngalimputi tyas  rahayu, ngandel kumandel mring eblis, setan ngajak arerempon.
08
Nadyan  (n)dhatengena malih rajeng kluwung, pra abdi datan gumingsir, Pangran  Pekik ngandika rum, kabeh aturira sami, banget ing panrimaningong.
09
Karuhane  lamun ingsun wus pinangguh, pribadi lan anak Giri, wurung sidaning  prang pupuh, sawuse ingsun pinanggih, apa anane ing kono.
10
Balik  padha sadhiyaa ing prang pupuh, kerigen sawadya mami, manawa dadi prang  pupuh, gustimu sedya (n)jenengi, jurite wong Surengkewoh.
11
Pangran  Pekik wus kundur mring dalem agung, bibar kang samya anangkil, bakda  Ngisa wancinipun, jeng pangeran arsa nyilip, para wadya tan ana wroh.
12
Laju  maring Giri lumebeng kadhatun, wau ta Susunan Giri, lenggah ingadep pra  wadu, Endrasena tansa ngarsi, jeng sunan ngandika alon.
13
Heh ta  kulup kabare sultan Mantarum, utusan mring jeneng mami, pinrih nungkul  Sultan Agung, yen bangga ginepuh jurit, ngrusak ing Giri Kadhaton.
14
Kang  denutus rama Pangran Surengkewuh, nanging tikel tuwa mami, amung  bapak-bapak awu, garwa ratu Pandhansari, melu nangulang pakewoh.
15
Kaya  priye kulup kang dadi kencengmu, ing menko ingsun mung darmi, miturut  kakencenganmu, nungkul apik nora apik, sira kang nyangga bot-repot.
16
Endrasena  duk tampi timbalan wiku, karma ro kadya sinebit. netra ro andik  kumukus, kamejot padoning lathi, matur mring sang wiku gupoh.
17
Dhuh  jeng rama ingkang minangka satuhu, pupundhen ing tanah Jawi, Waliyoloh  cucu Rasul, kang wus linilan Hyang Widdhi, sadhengah kinarsan klakon.
18
Sultan  Agung baya ingkan dereng ngrungu, kalamun karaton Giri, kanggonan  prajurit punjul, wudhu reng Cina nagari, ngajawa andong prang pupoh.
19
Teka  (n)dadak kongkon bocah isih kuncung, bojone ginawa jurit, mejanani  Sultan Agung, bok iya teka pribadi, ing kono tandhing lan ingong.
20
Sampun  sampun kangjeng rama karsa nungkul, pantes sultan ing Mantawis, tur  bulu bekti panungkul, sowan pribadi mring Giri, kendel dennira miraos.
21
Pangran  Pekik uluk salam praptanipun, sang resi kagyat mangsuli, ngalaikum  wasalam, gupuh methuk gya khinanthi, wus lenggah satata karo.
22
Sunan  Giri nambrama sarawuhipun, jeng rama Pangeran Peki, punapa sami rahayu,  jeng pangran wacana manis, salamet sapraptaningong.
23
Sakalangkung dennira asuhun-suhun, sugata lumadyen ngarsi, sumangga sawontenipun, sumapala atur bekti, gampil anak tan pakewoh.
24
Dhuh  jeng rama dene rawuh dalu-dalu, sawiji tan na umiring, kagyat ing tyas  sakalangkung, punapi de awatgati, mocung mring Giri Kadhaton.
01
Endrasena myang sagunging para wadu, kang ana ing ngarsa, andheku dennira linggih, samya minggu tan ana wani micara.
02
Sang pangeran mingser ngajengken sang wiku, tan ana katingal, pinendir Susunan Giri, nir wikara nir baya teteg ing nala.
03
Datan an tinaha ing galihipun, pangran Surabaya, yen sinawang (ng)gigirisi, wingwrining tyas kadya anon singa krura.
04
Solah gansa ulat manis tembungnya rum, heh heh Sunan Arga, pinarsakna*) wuwusmami, Sultan Agung iku ratuning rat Jawa.
05
Murdaningrat ing jagat pramuditeku, ambeg parikrama, sadu sudibya sinekti, putus ing reh sampeka sura marata.
06
Pambesmining kang samya tan arsa nungkul, babo praptaning wang, ing saestune tinuding, kangjeng sltan kang pinudya jayaningrat.
07
Gustiningsung jeng Susunan Sultan Agung, heh Sunan wruhanta, apa karepmu kang pasthi, aprakara kang dadi karya manira.
08
Lamun sira satuhu nedya rahayu, teteping karajan, tulus wibawa neng Giri, anembaha ing Jeng Sultan Ngeksiganda.
09
Lan gawanen garwa putra sawadyamu, miwah ngaturena donyanira peni-peni, lan sagunge sosotya retna kumala.
10
Bareng lawan sebaku marang Mantarum, yen sira ngestokna, ing pituduh ingsun pasti, tutug tetep mulat baskara sasangka.
11
Yen tan anut marang ing pituduhingsun, apa kang kok arsa, tanpa sesa prapteng lalis, nagri Giri sirna dadi karang jingga.
12
Gustiningsun Anjayengbumi satuhu, marta parikrama, ing jagad wiryawan iki, wicaksana santosa ngagem agama.
13
Ing sakehe kasukanira puniku, wiryamu neng dunya, sami lan gebyaring thathit, lah emanen aja nganti kadrawasan.
14
Lah matura prasaja ywa nganggo ewuh, rikuh akakadang, welasasih ywa kapikir, kencenging tyas iku kang dadya panutan.
15
Sunan Giri (n)dengengek wacana arum, ya wlahualam, Allah ingkang ngudaneni, amba Tuwan sumendhe karsa Pangeran.
16
Yata wau Jeng Pangeran Surengkewuh, rikala miyarsa, ngandikanya Sunan Giri, tandya medal pasilan ngarseng pandhita.
17
Sakundure pengeran ing Surengkewuh, rembag dadining prang, samekta ing benjing-enjing, Endrasena jumeneng sumadilaga.
18
Wus warata dhawuhe sang maha wiku, mring para sakabat, siswa katib kaum modim, para wadya sa-Giri wus amirantya.
19
Enjingipun sang pangeran sampun rawuh, nagri Surabaya, pinanggih garwa myang dasih, winartanan tambu mangun yudabrata.
20
Sunan Giri lumuh datan arsa nungkul, wadya Surabaya, neng alun-alun miranti, baris kepang jeng ratu nitih jempana.
21
Angideri baris mubeng ngantya kemput, maringken ganjaran mring kang ayun mangsah jurit, arta miwah busana awarna-warna.
22
Wus warading kang bendhe munya angungkung, panengran bidhalan, kang dadya cucuking jurit, wus lumaku kadya ilining narmada.
23
Nulya joli tityanira jeng ratu, jeng pangran neng wuntat, nitih kuda datan tebih, ginarubyuk sakehing kang wadya kuswa.
24
Tan petungan datan kawarna ing ngenu, prapteng Giri pura, kepung kepang pacak baris, sesaking tyas lir pendah ayun asamara.
*) prayoginipun piyarsakna
PUPUH XII
ASMARADANA
01
Sigeg  kan wus pacak baris, para wadya Surabaya, angepung Giri Kadhaton, sanega  kapraboning prang, gantya kang kawuwusa, wau ta Giri sang wiku, sampun  ingaturan wikan.
02
Lamun  Kangjeng Pangran Pekik, saha garwa ngepung kitha, anglir samodra balane,  (m)blabar ngabeki papan, tiyang ing Ngargopura, jalu estri samya  bingung, kadya gabah ingiteran.
03
Jeng  Sunan Giri tinangkil, siniweng kang wadyabala, (m)balabar aneng  ngarsandher, samya sanega ing yuda, anganti kang timbalan, wonten  putranya sang wiku, mijil sangking kang ampeyan.
04
Sinung  ran Dyang Jayengresmi, wotsekar matur ing rama, dhuh rama  pupundheningong, paran temahaning karsa, langkung sandeyaning tyas, arsa  ngayoni prang pupuh, mengsah sultan Ngeksiganda.
05
Atur  kawula rama ji, lepato ing ila-ila, kamipurunipun lare, mudha punggung  tan wrin ganty, yen kapareng ing karsa, prayogi sami sumuyut, mring  Sultan Agung Mantaram.
06
Sampun  ta asalah kardi, kula amiyarso warta, Ngesksiganda sang akatong,  susileng tyas ambeg santa, tyas purna angumala, sayeksti kewala luhur,  prabawa weninging driya.
07
Rahayu  parikrama di, boten eca yen mingengsah, mupung ing samangke dereng,  kalajeng campuh ing yuda, prayogi tinututan, panginten amba pukulun,  wande ngayuni ngayuda.
08
Dene  manawi tinampik, karsane caraka kedah, ngatingalken sudirane, pan dede  sangking paduka, ingkang miwiti aprang, yekti sangking pyambakipun,  datan awrat tinanggulang.
09
Ambekuh  Jeng Sunan Giri, tan keguh aturing putra, nulya mundur sang wira nom,  samarga arawat waspa, pinupus ing wardaya, papasthenira Hyang Agung,  takdir datan kena selak.
10
Saundurira  kang siwi, ngandika raja pandhita, Endrasena kaya priye, wong Surabaya  wus prapat, ngepung ing Giri pura, Endrasena aturipun, wadya Giri wus  siyaga.
11
Ngantos  timbalan rama ji, dhuh sutengsun Endrasena, apa kang pinikir maneh,  balik nembanga tengara, budhalna wadyanira, nglebur baris Surengkewuh,  sira mangka senapatya.
12
Tur  sandika kang sinung ngling, manembah mangaras pada, dhuh guru  panutaningong, nyuwun pangestu putranta, paduka denpracaya, undure wong  Surengkewuh, wus ana ing astaningwang.
13
Pineteg  bunbunanneki, sinebul mawantya-wantya, jaya jaya andikane, mundur  anembang tengara, busekan para wadya, gya budhal ingkan rumuhun, wadyane  sang Endrasena.
14
Kalih  atus winatawis, samya asikep sanjata, nyothe seking (ng)gendhong towok,  panganggene sarwa pethak, wus samya masuk Islam, sabilollah uninipun,  ing wuri sang Endrasena.
15
Sanjatanira  pinundhi, pistul kalih sinangkelang, nganggar sabet Karaloke, neng kiwa  tengen curiga, adire aneng wuntat, tinrapan bandera pinggul, tinulis  asma Pangeran.
16
Pujinira  andremimil, nyebut asmaning Pangeran, sabilollah senggakane, nulya pra  kaum ngulama, katib modin santana, myang wadya Giri sadarum, pangenggene  sarwa pethak.
17
Sayuk  samya ambeg pati, wus samya ayun-ayunan, wadya Giri Surengkewuh, natap  tengaraning yuda, bedhug bendhe myang trebang, suraking wadya gumuruh,  kadya belahing prawata.
18
Rame  campuh ing ngajurit, tambuh mungsuh tambuh rowang, wong Giri ampuh  yudane, mawantu-wantu nyanjata, wadya ing Surabaya, ing prang tan pati  pakantuk, satemah barise rusak.
19
Endrasena  mobat-mabit, ngiwut kadya Raden Seta, mlantrah pisah lan wadyane, singa  kang katranjang bubar, lumayu asasaran, kang celak-celak linampus, tan  ana mangga puliya.
20
Prajurit  ing Surewesthi, tan bisa namakken gaman, pating bilulung solahe,  rumangsa kawratan mengsah, wong Giri pamukira, lir andaka nandhang tatu,  ambek pejah sadayanya.
21
Dumadya  kang mengsah giris, tan ana kawawa nyangga, wadya Giri pangamuke,  prajurit ing Surabaya, kathah ingkang kabranan, tanapi tumekeng lampus,  wadya Giri sru gambira.
22
Kang  pejah mung sawatawis, yata wadya Surabya, sadaya wus kraos cape,  undurira alon-lonan, ywa nganti kawistara, wadya Giri sru mangesuk, lir  ngrabaseng sinoming dyah.
PUPUH XIII
S I N O M
01
Dennira  aprang sadina, kasoran wong Surewesthi, mundur tansah tinututan, apan  ta saputing ratri, wong Giri kang nututi wus samya wangsul sadarum, wong  Giri giyak-giyak, angklung ngenthir angeleter samya emprak.
02
Endrasena  saha wadya, miwah para wadya Giri, wus sowan ngarsanira sang,  pandhitaraja ing Giri, manembah tur udani, lamun wadya Surengkewuh, wus  mundur palasaran, tan ana kang mangga pulih, kathah pejah gustine datan  karuwan.
03
Wau  sang rajapandhita, langkung sukanireng galih, kalimput ing tyas angreda,  ngraos karilan ing Widdhi, dennya ayun mengkoni, ing tanah Jawa sadarum  sumengah ujubriya, kibir ing tyas uwus kengis, kapandhitan sirna  gunging kamelikan.
04
Wasana  aris ngandika, sukur alkamdulillahi, heh ta kulup Endrasena, iki  ngalamate dadi, angel wong mijet ranti, rekasa wong (n)jara timun,  kuciwa tan kacandhak, Jeng Pangeran Surabanggi, kacekela miris tyase  wong Mantaram.
05
Enrasena  matur latah, reh wau kasaput ratri, wadya dalem sampun sayah, saha  rebat wektu Mahrib, ing dinten benjing-enjing, tamtu kabanda deningsun,  mlajenga mring Mantaram, ulun datan nedya ajrih, sukur bage ing aprang  tan mindho karya.
06
Babarpisan  ulun bekta, dadya datan wira-wiri, Pangran Pekik kangjeng Sultan,  sumewa ngarsa sang yogi, sang wiku ngandika ris, iya sun dongakken  kulup, yen isih jenengingwang, sira kaki yawa kuwatir, ing samengko ing  Giri sun wehi aran.
07
Iya  nagri Sokaraja, pra wadu matur nekseni, ratri mengko kasukana, maulud  dhikiran singir, (m)bungana wadya alit, ganjaren sapatesipun, kang padha  mentas yuda, dimene tambah kuwaning, nanging kulup aywa atinggal  waweka.
08
Manawa  ing benjang-enjang, mungsuhmu kawawa bali, Endrasena saha wadya, sareng  matur ing sang resi, sadaya wus malencing, miris datan nedya wangsul,  gustine tan kantenan, rowange kathah ngemasi, benjang katon sareng  nungkule jeng sultan.
09
Ing  ratri samya bujana, wadya Giri suka ngenting, gantya wau kang winarna,  ingkang kaplajeng ing jurit, Jeng pangran Surengwesthi, lawan garwanya  jeng ratu, wus kumpul wadyanira, jeng pangran angles ing galih,  sungkawengtyas miyat rusaking kang wadya.
10
Ki  Sapanjang lajering prang, umatur marang sang Pekik, gusti atur pejah  gesang, abdi dalem Surengwesthi, satuhu (ng)gigirisi. Endrasena  yudanipun, miwah prajurit Ngarga, naracak kandel ing jurit, ambeg pati  ngamuk lir bantheng katawan.
11
Abdidalem  Surabaya, sadaya turipun sami, ngraos sampun boten bangkat, tan anedya  pulih getih, ing tyas wus samya wingwrin, kanthi miris sakalangkung,  jeng pangran duk miyarsa, ature panggawaneki, saya angles ing galih  datan ngandika.
12
Mangkana  jeng Ratu Pandhan, miyat garwanya prihatin, sumpek ing tyas tan  kawengan, minggu datan kena angling, jeng taru matur aris, ngrarepa  mring garwanipun, dhuh guru lakiningwang, lamun makaten ngajurit,  rusaking prang amba nyuwun lilah tuwan.
13
Bilih  kengin dinandosan, kula ingkang andandosi, kagyat Pangran Surabaya,  mireng ature kang rayi, patanyanira aris, dhuh babo pupujaningsun,  ratuning amrakatya, ratuning manis sabumi, kadiparan kang dadya ing  karsanira.
14
Wadyanira  wus keh pejah, kang kari wus padha wingwrin, jeng ratu manis turira,  sok ugi kangmas nglinani. manawi ta manawi, saged mulihaken purun,  mangkana duk miyarsa, jeng ratu rinangkul aglis, tuhu yayi jajimating  Surabaya.
15
Lah  apa sakarsanira, ingsun tan sawaleng kapti, ing samengko muhun darma,  magondhal ing sira yayi, sakarsa-karsa dadi, wus pasrah jiwa ragengsun,  ing dalu tan winarna, kunen kawuwusa enjing, Ratu Pandhan pinarak lawan  kang garwa.
16
Aneng  tarub sasangunan, andher wadya Surengwesthi, jeng ratu arum ngandika,  heh sakehe wadya mami, (ng)geningsun mangun jurit, ingutus jeng ratu  prabu, singangon busanarta, reyal wolung ewu lewih, busana keh  endah-endah warna-warna.
17
Iku  sun ganjarken sira, pandumen ingkan waradin, pra wadya ing Surabaya,  sadaya wus samya tampi, arta busana adi, sumaringah netyanipun, bombong  tyasnya sadaya, jeng ratu ngandika malih, wadyaningsun kabeh kang tampa  ganjaran.
18
Wus  katongton antepira, tuhu ring gusti kaesthi, melu lalana andong prang,  sedya sadu ing reh ririh, saparan datan keri, papa rekasa ing laku, tan  ana maweh marta, lantarane ing kamuktin, dak walesa satus mene durung  mandra.
19
Yayah  mamriha wiryawan, pamalesku mung papeki, paran minangka mulyakna, tan  ngupakara mring abdi, gung aweh kawlasasih, asor timen jiwaningsun,  bocah ing Surabaya, kulina wibawa nagri, gung ginawa ing papa  kasangsara.
20
(m)Barekngkut  kadya baberah, nglabuhi Gusti kaswasih, kasurang pan kasangsaya,  ragengsun paran pinanggih, (ng)gagawa mring tan becik, durmala bae  ragengsun, bagya wirya ing praja, seneng mulat anak rabi, teka (n)dadak  dakajak panggawa papa.
21
Satemah  amangih susah, angadoni jaeng jurit, pira papati tan ketang, sangking  dreng kadereng ing sih, yun males maring gusti, tan tiwas sangking  sireku, ingsun lan kakangemas, iku dununge kang sisip, pira bara muwuhi  ing kawiryawan.
22
Mungguh  ing panyaurira, wus kalakon tur ngelebi, ingsun ingkang kapotangan,  kacihna nalika jurit, campuh lan santri brai, akanthi prajurit punjul,  cina samya mualap, parabawane angungkuli, parabaku*) prajurit ing  Surabaya.
23
Kena  prabawa arebah, rumaras tipis kang ati, tan luput saka ing sira, manawa  wus karseng Widdhi, ing mengko Surengwesthi, ginawa beda lan dangu,  nguni ing sa-bangwetan, pangaubaning prajurit, manggaleng prang prajurit  ing Surabaya.
24
Tyas  ambeg satya-susatya, tan angeman lara pati, wanter tatag ing ngayuda,  teguh datan pilih tandhing, babantheng tanah Jawi, mundur aran  sukanipun, iku dhek jaman kuna, sarehning waktu saiki, akeh mungkur  lalabuhan kuna-kuna.
*) Prayoginipun prabaweku
01
Lah  sagung pra wadyaningwang, dadi luwih becik lalakon iki, tur tan sumelang  yen lampus, kataman ing gagaman, nadyan kkucem nanging isih  mamah-mumuh, nora keguh ing rarasan, waton (n)derbala lestari.
02
Payo  lah padha bubaran, ingkang agung apuranira sami, marma mengko dadayeku,  padha nuli muliya, mring wismamu dene ta ganjaranipun, gawenen sangu  neng marga, ingokna mring anak-rabi.
03
Ingsun  mulih mring Mantaram, manjuk marang kakang prabu Mantawis, ngaturken  pati-uripku, lan kangmas adipatya, tiwas ing prang mungsuh wiku tuwa  pikun, biniyanton wong mualap, Cina neneka ngajawi.
04
Gagamane  mung salumrah, santri meri tarebange tinitir, teka weh uwasing kalbu,  angedirken kauran, temah ura datan tumama tumangguh, akeh wutahing  ludira, nandhan brana tekeng lalis.
05
Kang  kari tyase garowah, lir kinebat kawanenira enting, kehkehe ingsung kang  luput, anandang kawirangan, lara-pati ingsung lan kangmas tumangguh,  aywa melu-melu padha, lah andung basuki.
06
Kunen  jeng ratu lingira, para mantri umatur sadayeki, pansarya dres wetuning  luh, dhuh gusti pundheningwang, sampun age paduka nemahi kondur,  tontonen wadya paduka, bektine wong Surawesthi.
07
Lawan  pamriye para wadya, angantose yen mengko tuhu sekti, didimen telas  pukulun, sagung wong Surabaya, tekeng pejah wadyanta ing Surengkewuh,  datan ngrempelu sadaya, yen ngeman-emana pati.
08
Kalakyaning  karsa tuwan, yen kacuwan luwung tumpesing jurit, urip apa karyanipun,  tan pecus karya rena, ing karsane jeng gusti teka tan dhaup, yen uripa  kena ngucap, dhasar manungsa tan yukti.
09
Ewa  kabeh kang tumingal, jer wong Surawesthi kang (n)jejemberi, apan  nisthane kalangkung, kawruhe nora nana, mung mangkono bobote aduwe ratu,  wali kalipahing allah, prandene nora nglabuhi.
10
Ya  endah apa wong kompra, ceplik tangeh weruha marang becik, sadaya pating  salenggruk, punggaweng Surabaya, ki tumenggung Sapanjang matur  dhuh-adhuh, anjanmaa kaping sapta, kawulakna sadayeki.
11
Pejah  gesang aywa pisah, ing jeng pangran kang mengku Surawesthi, wadya  tumpesa karuhun, sampun age paduka, kundur nganjukaken yuswanta pukulun,  pra wadya ing Surapringga, yen tiwa ngayahan jurit.
12
Aywa  na kantung satunggal, einumpese mring Sunan Giri aglis, yen paduka  prapta kantung, sampun age paduka, kundur ngunjukaken yuswanta pukulun,  pra wadya ing Surapringga, yen tiwas ngayahan jurit.
13
Yaksiya  satru kawula, saturune (n)janmaa dhateng pundi, tetepa dumados satru,  yen dereng kalampahan, pulih awon dhateng paduka gustiku, Jeng Ratu  Pandhan myang garwa, suka ing tyas duk miyarsi.
14
Ature  para punggawa, samya madeg kasuranireng galih, prasetyanira trus kalbu,  datan lamis ing ujar, sru kumruwuk nyuwun lilah magut pupuh, mangrurah  kraton Prawata, rampung ing sadina mangkin.
15
Sunanne  daya tawanan, amboyongi dunyarta garwa siwi, Ratu Pandhan ngandika rum,  yen sira magut ing prang, ingsun arsa uning tingkahing apupuh, yen  tetep asoring yuda, padha bareng angemasi.
16
Para  wadya matur nembah, den pitados risaking kraton Giri, prayogi jeng gusti  kantun, wonten ing pasanggrahan, nyakecakken sarira dalem pukulun, jeng  ratu aris ngandika, palimarmanta mring mami.
17
Abanget  tarimaningwang, sun tatedha winalesa ing Widdhi, nangging kencenge  tyasingsun, tan kena sinayutan, para wadya sadaya samwa andheku, jeng  ratu malih ngandika, mengko yen wis prapteng Giri.
18
Mungguh  gelaring ngayuda, bocahingsun sikep ing Surawesthi, nganggoa gagaman  pupuh, ana ing ngarsaningwang, kang minangka titindhih kangmas lang  ingsun, kabeh padha singitana, lamun wus tempuh ing jurit.
19
Ingsun  aparing tengara, yen pistulku wus muni kaping katri, sedheng kuwuring  ngapupuh, aglis sira trajanga, poma padha estona pituturingsung, pra  wadya matur sandika, mundur anata kang baris.
20
Pra  wadyu asuka-suka, giyak-giyak marlesunira enir, pulih kapurunanipun,  sareng surak gumerah, nora nana kang alit ing manahipun, sadaya  samyambeg pejah, gambira wong Surawesthi.
21
Sampun  anembang tengara, bidhalira wadya ing Surawesthi, kuli minangka  panganjur, binusanan mawarna, abang kuning ireng putih iju wungu, mandhi  watang nganggar criga, tinon lir panjrahing sari.
22
Jeng  Ratu Pandhan neng wuntat, nitih joli jeng pangran datan tebih. wahana  turangganipun, ingurung-urung wadya, magersari prajurit wuri sinambung,  solahe lir singa krura, tan nedya mundur ing jurit.
PUPUH XV
D U R M A
01
Lampahira  ing ngenu datan winarna, wadya ing Surawesthi, wus ngancik jajahan, ing  Giri kagegeran, prajurit kang aneng wuri, lampahnya nyimpang, singitan  tan katawis.
02
Kawarnaa  Jeng Susunan ing Prawata, lagya eca tinangkil, lan sang Endrasena,  ingadhep para wadya, tan liyan ingkang ginupit, jayaning aprang, jeng  sunan ngandika ris.
03
Endrasena  kadiparan mangsuli, apa tan nedya bali, matur Endrasana, pukulun kinten  amba, kalajeng dennya malencing, boten kuwagan, nadhahi yuda mami.
04
Lamun  purung wangsul netepi bebasan, lir sulung lebu geni, nadyan kangjeng  sultan, Mantaram yen miyarsa, tandan ulun ing ngajurit, kasekten amba  sayekti lajeng miris.
05
Dereng  dangu dennira imbal wacana, kasari gegar jawi, alok mungsuh prapta,  anganggo mancawarna, tindhihipun nitih joli, munggeng ing wuntat, gugup  Susunan Giri.
06
Kulup  payo padha nembange tengara, mungsuh (n)dadak nekani, kaki den prayitna,  sun dongakken rahaja, Endrasena mundur aglis, nembang tengara, busekan  wadya Giri.
07
Pradandanan  ngrasuk kapraboning ngaprang, sangking kitha wus mijil, sangking  rananggana, sampun ayun-ayunan, tengara paguting jurit, bedhug tinatab,  surak manengker langit.
08
Sareng  tandang wadya Giri Surapringga, caruk asilih ungkih, tambuh mungsuh  rowang, sanjata barongongan, wadya Giri ngiak wani, pangamukira, lir  bantheng nandhan kanin.
09
Wadya  Surapringga kadya singa krura, manggalak (ng)gegirisi, samyambeg  palastra, kang pejang ingidakan, riwut ruket ing ngajurit, tan ana  nedya, ngucira ing ngajurit.
10
Pan  karasa paparinge gustinira, sedya amales becik, ngetohaken pejah, wus  ruket ing ngayuda, larih-linarih ing keris, tumbak-tinumbak,  penthung-pinenthung genti.
11
Ana  ingkang prang tangan datanpa gaman, dadya bithi-binithi, japa jinapanan,  sebul-sinebul gantya, umet-umet umik-umik, ngapalken japa, pating  kareses sami.
12
Endrasena  pangamuke saya nengah, pedhange mobat-mabit, singa kang katrajang,  ngisis datan kawawa, nanggulang pangamukneki, kathah kabranan, papati  tanpa wilis.
13
Bubar-bubar  ngungsi (ng)gyaning gustinira, Jeng Ratu Pangran Pekik, anuding wadya,  heh bocah Surabaya, sira ayun marang ngendi, aturing wadya, ngaso ing  sawatawis.
14
Wusnya  ngaso sakedhap, nulya tumandang, mring pambaratan malih, risang  Endrasena, sawadya sri gambira, satuhu ngebat-ebati, pangamukira, jeng  ratu wlas ningali.
15
Matur  maring kang garwa Kangjeng Pangeran, dhuh kangmas adipati, senapati  Cina, wus wuru ing ngayuda, sedhenge tiniban mimis, manthuk jeng  pangran, jeng ratu ngasta aglis.
16
Pistulira  winawas mimis lumepas, mring Endrasena kanin, tanganira kanan, jumbul  pedhange gigal, ngamuk dhuwung tangan kering, pinistul sigra, kabranan  tangan kalih.
17
Maksih  pangah ngamuk (m)bijig (n)jejeg (n)dhupak, angemah-ngemah kuping, Ratu  Pandhan sigra pistulira winawas, suku Endrasena keni, sakala rebah,  prajurit Surawesthi.
18
Samya  mireng ungele pistul ping tiga, sigra angebyuk jurit, saking kering  kanan, gugup ingkang tinrajang, wong Giri tan ana uning, yen mengsah  wewah, prajurit Surawesthi.
19
Kiranira  kantung kang katon kewala, jroning tyas agun kibir, dadya tan weweku,  bujuke wong Mantaram, wadya Cina anadhahi, karoban mengsah, linambung  nganan ngering.
20
Endrasena  (n)dhoko madyaning ngayuda, mangkana wadya Giri, myang prajurit Cina,  tyase wus samya growah, kemba tandange ngajurit, wong Surabaya, sadaya  ambeg pati.
21
Amangrurah  mungsuhe pating salayah, angilr babatan pacing, risang Endrasena,  kinrocok tinunbakan, ajur luluh awor siti, wadya tumpesan, sakantune  kang lalis.
22
Mawut-mawut  lumayu (ng)guwang gegaman, samya angungsi urip, (ng)galundhung ing  jurang, singidan malbeng guwa, ana ingkang (ng)gebyur tasik, minggah ing  arga, sinurak saya giris.
23
Wadya  Giri siji tan ana katingal, resik lir den saponi, wadya Surabaya, surak  ambal-ambalan, pratanda ungguling jurit, Giri kinepang, tepung kinubeng  baris.
24
Kawarnaa  nalika ramening yuda, putranya Sunan Giri, kang saking ampeyan, titiga  estri juga, tunggil sayayah sabibi, sru angresing tyas, lir mas timbul  ing warih.
PUPUH XVI
MASKUMAMBANG
01
Ingkang sepuh kakasih Dyan Jayengresmi, ramening ngayuda ngupadosi rayi kalih, Jayengsari Rancangpatya.
02
Karsanira ri kalih binekta ngunsi, nangin jro kadhatyan, ingubres wus tan kapanggih, rahadyan sanget sungkawa.
03
Lolos saking Giri madosi kang rayi, tambuh kang sinedya, tan ana kang ngudaneni, lepas lambahe rahadyan.
04
Kawarnaa wau Raden Jayengsari, tan pisah kalawan rinta Niken Rancangkapti, ngupadosi ingkang raka.
05
Tan kapanggya santri Buras atur uning, dhuh lae bendara, ing Giri apes ing jurit, tan wande daya tatawan.
06
Pan binoyong maring nagari Mantawis, rakanta Rahdyan Jayengresmi sampun anis, nir dasih kang atut wuntat.
07
Duh miyarsa aturi ki Buras santri, Raden Jayengsekar, ngandika waspa dres mijil, yayi paran karsanira.
08
Niken Rancangkapti matur esmu tangis, kakang nora betah, yen pisah lawan sireki, saparan aku tut wuntat.
09
Saya ribet tyasira Dyan Jayengsari, yayi karsaningwang, anglut kangmas Jayengresmi, mati urip aywa pisah.
10
Buras matut kalilana ingkang abdi, tumutur saparan, sumangga nunten lumaris, selak tebah rakapara.
11
Payo yayi nuli pangkat ing saiki, kang rayi turira, kakang aku dandan dhisik, karo nglumpukke dolanan.
12
Mengko Buras gawanen dolalan mami, besek temantenan amben cilik rana cilik, bagor isi dhuwit wingka.
13
Cowek wajan anglo keren kendhil kwali, irus rok-erokan, solet wilah susuk cilik, bagor cilik isi beras.
14
Tenong cilik isi bumbu aja cicir lan cuwilan bata, kembang jambu ambas krambil, kunir enjet angus wajan.
15
Buras matur lehe (m)bekto kadi pundi, iya kanthongana, meh bae dhakone lali, kecik klungsu aneng keba.
16
Mantenaku becik dak gendhong pribadi, aja sira gawa, mengko mundak kok colongi, kateku gawanen pisan.
17
Ko nek kesel aku (n)juk gendhong sireki, buras tobat-tobat, dhuh bendara napa malih, kari peturon bebetan.
18
Payo Buras ewangana anjupuki, Raden Jayangsekar, myarsa surak (ng)gegeteri, kang rayi nulya cinandhak.
19
Gya ginendhong santri Buras aneng wuri, kakang udhunena, pasaranku isih keri, nek dak tinggal mundhak ilang.
20
Buras matur sedaya tan ana keri, wus pinikul berah, endi mantenaku kecik, karo cukike nek ilang.
21
Sampun lepas lambahe Dyan Jayengsari, umanjing mring wana, tumurun ing jurang trebis, gantya ingkan winursita.
22
Kangjeng ratu lawan garwa sang dipati, minggah marang Arga, jinajaran pra prajurit, ingurung-urung sentana.
23
Kawarnaa garwanya sang maha resi, miyos saking pura, lumajeng atawan tangis, miyat baris kang neng ngarsa.
24
Prapteng ngarsa mendhak-mendhak mangenjali, anungkemi pada, matur mlasasih wor tangis, lae gusti pundhen amba.
25
Karsa rawuh aneng padhekahan Giri, sewu kanugrahan, pindha kadhawahan sari, wijile nata minulya.
PUPUH XVII
M I J I L
01
Datan  (n)dimpe musthikaning bumi, rawuh sakarongron, apuranen punika dasihe,  abdi dalem pandhita ing Giri, ywa tumekeng lalis, sru panuwun ulun.
02
Sastunipun  putranta ing Giri, katarik wiraos, keni bujuk rum manis tembunge,  anglimputi utamaning resi, temah (m)bebayani, tiwas ing tumuwuh.
03
Endrasena  eblis angejawi, reraton neng dhepok, teka badhe ngembari dheweke, ing  sang ulun kang mengku rat Jawi, satemah ngmasi, (ng)gegawa sang wiku.
04
Putra  tuwan saestune sepi, balela ing katong, lah punapa kang den andelake,  dhuh jeng gusti saestu tur mami, den pracayeng galih, Gusti atur ulun.
05
Pangran  Surawesthi ngandika ris, aywa walangatos, lamun mengko wus eling atine,  gelem nungkul marang ing Mantawis, atur pati-urip, mring Jeng Sultan  Agung.
06
Yen  miturut nora sun pateni, lamun meksa wangkot, kari aran sak bjojo anake,  tumpes tapis ing Giri sun radin, papak lawan siti, aja na mandhukul.
07
Nora  nyana nora ngira mami, yen dadi prang popor, sadurunge kalakon mangkene,  akeh-akeh manira nuturi, teka tan ginati, minggu datan muwus.
08
Aturana  lakimu den aglis, yen sandeyeng batos, isih kenceng kan dadi karepe,  isin mundur nglabuhi si eblis, nora ngman pati, suka tumpes lebur.
09
Baya  namung sagebyaring thathit, ing Giri wus luloh, menek uwus rumangsa  lupute, gelem nungkul marang ing Mantawis, nuli konen mijil, aja nganggo  dhuwung.
10
Nembah  mundur sang dyah prameswari, jeng ratu angantos, aneng jawi kalawan  garwane, yata wau prameswari Giri, nung kemi padaning, risang raja wiku.
11
Aturira  dahat mamalatsih, dhuh jawataningong, rama tuwan kalangan garwane,  Gusti Kangjeng Ratu Pandhansari, rawuh wus neng jawi, (m)bekta prajurit  gung.
12
Dhawuhipun  dhumateng pun patik, gusti wantos, ywa kadaut paduka kasupen, bilih  karsa nungkul mring Mantawis, tangel Pangran Pekik, ing rahayunipun.
13
Slira  tuwan sarwa putrabdi, tulus angadahton, aneng Giri saturun-turune, bilih  datan makaten wus pasthi, risak prajeng Giri, tumesan sadarung.
14
Jeng  paduka tinimbalan mijil, dangu wus ingantos, yen taledhor bok dados  dukane, pan dinalih ngungkebi si eblis, mangga sowan gusti, sampun  ngagem dhuwung.
15
Sunan  Giri wenteh angengeti, tyarsa sumedhot, gugup tanggap ngrasuk busanane,  datan ngagem curiga wus mijil, atateken ecis, mangsah munduk-mundhuk.
16
Dupi  prapta ngarsanya sang Pangeran Pekik, sasalaman gupoh, wusing salam  angraup padane, marikelu mepes aneng ngarsi, lir konjem mring siti,  ajrihe kalangkung.
17
Angandika  Jeng Pangeran Pekik, pungkasaning lakon, kadiparan karepmu ing mangke,  keketogan aywa mindho kardi, endi kok antepi, mati apa nungkul.
18
Lamun  nungkul dak gawa saiki, marang nagrningong, sabojomu myang anakmu kabeh,  rajabrana saisining Giri, sawadyanireki, aja na kang kantun.
19
Sabanjure  angidhepa maring, jeng sultan kinaot, ingsun ingkang bakal nyebakake,  sang pandhita aturira aris, tan lenggana gusti, andeherk sakayun.
20
Sampun  ingkang dhumateng ing sakit, nayan prapteng layon tan gumingsir sumarah  abdine, muhun nyadhong parenging narpati, amba angengeti, waweca ing  dangu.
21
Karsaning  Hyang buwana binalik, luhur dadya asor, nanging datan ngicalekn lajere,  kang paran (ng)gen amba sumingkir, pangran duk miraysi, angres  galihipun.
22
Ngandika  lan hya sumelang kapti, ingsun kang tumanggoh, den pracaya marang Sang  Murbeng reh, lah ta mara padandana aglis, lengser Sunan Giri, padandosan  sampun.
23
Wus  samekta tan ana kang cicir, jeng pangeran bodhol, ing kang rayi wahana  joline, Sunan Giri tinandhu neng ngarsi, lan garwa myang siwi, jinagan  wadya gung.
24
Wadya  Suraweshti abibisik, marang sang wiranom, prayogine Sunan Giri mangke,  yen sambada ing karsa jeng gusti, reh kaya papati, anggambuh prang  pupuh.
PUPUH XVIII
G A M B U H
01
Kalkyan  aprang pupuh, dados damel kapitunan agung, aminihi kangangsarane tyang  alit, (ng)gorekken praja sewagung, abdidalem kathah layon.
02
Tetele  sampun kosus, sinangsaya tumekeng ing lampus, tinumpesa sampun boen  milalati, imane sampun tekiyur, ical sumengkem ing Manon.
03
Mumpuni  kajengipun, jawi lebet sadyanya rinangkut, tan rumaos kungkulan,  dhampar narpati, wikuning antegan estu, pathaknya jawi kemawon.
04
Ing  mangkya mumpung ngumpul, wonten ngajeng kadral sangking pungkur, Pangran  Pekik gumujeng angandika aris, bener kabeh ing aturmu, wus kosus  tinumpes mangko.
05
Angangin  saka dhawuh, dalem Gusti Kangjeng Sultan Agung, ingsun nora winenang  lamun mateni, pan dudu bubuhan ingsun, luwih karsane sang katong.
06
Wirayate  pra luhung, yen sumengko durung waktunipun, besuk ana kang ngremeg  kadhaton Giri, darahe Jeng Sultan Agung, campur lawan darahingong.
07
Sadaya  para wadu, samya (d)dheku langkung cuweng kalbu, mareming tyas tembe  kalakon sadyeki, yata lajeng lampahipun, wus prapta ing Surengkewoh.
08
Pinernah  pondhokipun, Sunan Giri sawadya kinumpul. myang jiagang ing prajurit  Surengwesthi, kangjeng ratu karsanipun, benjang enjang dennya bodhol.
09
Cinachahaken  sampun, baboyongan jarahan brana gung, sunan Giri matur mring Jeng  Pangran Pekik, kauningana pukulun, kirang tiga anak ingong.
10
Jayengresmi  kang sepuh, miwah Jayengsari arinipun, wuragile wasta Niken  Rancangkapti, remaning prang sami mirut, lolos sangking ing kadhaton.
11
Tan  wonten sanjang ulun, duka dalem menggah purugipun, tunggil biyan tiga  pisan sangkin wingking, jeng pangran nulya dhadhawuh, marang wadya  Surengkewoh.
12
Heh  bocah den agupuh, upayanen atmaja sang wiku, Jayengresmi Jayengsari  Rancangkapti, kalamun uwus kangguh, rihrihen deng nganti klakon.
13
Sabekna  mring Mantarum, yen ambandakalani tan purun, aywa wangwang (ng)gonira  anyantosani, yen abota sangganipun, matura ing jengingong.
14
Ki  Sapanjang wus ngutus, wadya Surengkewuh ingkang ngruruh, pan sinebar ing  paran datan anunggil, sigegen dennya angruruh, enjinge denya yun  bodhol.
15
Sowan  maring Mantarum, wus amekta punggawa nunganung, myang boyongan jarahan  sampun mirangti, tinengeran bendhe ngungkung, gumuruh kanang kendhang  gong.
16
Enjang  budhal gumuruh, giyak-giyak tandha jayeng pupuh, kangjeng ratu neng  ngarsa anitih joli, jeng pangeran tanseng pungkur, nitih turangga  binarong.
17
Ingayap  wadnyanipun jinajaran myang den urung-urung, kang sumambung ing wuri  jeng Sunan Giri, sagarwa putra tinandhu, brana jarahan tan adoh.
18
Jinagan  pra mantri nung, jinajaran myang den urung-urung, ginarubyug prajurit  ing Surabanggi, samya prayitna ing kewuh, samarga-marga tinonton.
19
Ing  ngenu tan winuwus, sus angancik nagari Mantarum, oreg ingkang samya ayun  aningali, kondurira kangjeng ratu, ungguling prang ambaboyong.
20
Sunan  Giri pinikut, sagarwa putra santananipun, jajarahan gusis rajabrana  Giri, wong nongon jejel supenuh, samya ngucap ting calemong.
21
Sing  endi warnanipun Sunan Giri kang mbaleleng ratu, rowangira nauri  atuding-tuding, kae lo lo aneng tandhu, kang wus pikun kempong perot.
22
Lo  dene uwus thuyuk, apa ingkan den andelken iku, ah wong wiku manawa  dongane mandi, lan duwe saraya jadhug, Cina mualap sabagor.
23
Ing  mengko wis kinrucuk, ing jeng ratu kagem sambel wandu*), pinakakken  maring sakehe wong Giri, satemahe padha mupus, rajane kena binoyong.
24
Wau ta  lampahipun, kangjeng ratu prapta ngalun-alun, Pangeran Pekik sawadya  myang Sunan Giri, kendel nang taratag agung, jeng ratu (n)dhandang  kadhaton.
Prayaginipun sambel windhu = sambel wayu
DHANDHANGGULA
01
Kawarnaa  jeng Sultan Mantawis, apan sampun ingaturan wikan, Jeng Ratu Pandhan  rawuhe,s aha ungguling pupuh, Sunan Giri sampun jiodhi, binekta mring  Mantaram, mangkana sang prabu, miyos madyaning pandhapa, ginarebeg  sagunging pawongan cethi, sampet pacareng nata.
02
Tan  pantara kang rayi kaeksi, kangjeng sultan gupuh dennya mapak, tundhuk  pinengkul janggane, kinanthi lapahipun, wusing lenggah caket sang aji,  arum wijiling sabda, adhuh ariningsun, lakumu myang garwanira, ingsun  utus ngendhakken pandhita Giri, apa padha raharja.
03
Lakinira  mengko ana ngendi, kangjeng ratu matur saha nembah, kakang prabu  pangestune, mundhi dhawuh pukulun, amba miwah kangmas dipati, myang  wadya Surabaya, sadaya rahayu, ingutus wus antuk karya, Sunan Giri ing  aprang sampun kapilis, ing mangkya kula bekta.
04
Laki  ulun ngentosi neng jawi, cumadhong ing dhawuh sri narendra, jeng sultan  utusan age, nimbali ipe prabu, Pangran Pekik sampun akerit, prapta ing  palataran, (n)dhadhab mundhuk-mundhuk, lenggah konjen ing pratala, gya  ingawe jeng pangran majeng wotsari, mangraup pada nata.
05
Paha  becik satekamu yayi, dene lagi sawatara dina, apa baya antuk gawe, jeng  pangran nembah matur, dhuh gustiku kalipah Widdhi, musthikaning bawana,  kinasih Hyang Agung, pangestu dalem narendra, kawula miyang abdi dalem  Surewesthi, sadaya karaharjan.
06
Nuwun  ampun kawula tinuding, (n)dhawuhaken timbalan narendra, dhateng Sunan  Giri Prapen, supadi ywa kadaut, kajengipun ingkang nalisip, tan ayun  sumuyuta, ing pada pukulun, skawit patik piyambak, tanpa kanthi  pinanggih Sunan Giri, pinuju pakempalan.
07
Para  kaum andher ngarseng resi, lawan wonten tyan china mualap, kalih atus  prajurite, sampun Islam sadarum, lurahipun pinendhet siwi, ingaran  Enrasena, saestu pinunjul punika ingkan amawa, kadauting tyasira sang  maha resi, sinantosan tyang Cina.
08
Ulun  paripih sanganing aris, meh sadalu meksa boten membat, gebes tan wonten  ature, pegeling tyas kalangkun, ulun mantuk datanpa pamit, enjinge mapak  yuda, meh sadinten muput, wadya dalem Surabaya, pan kaseser giris  pangamukireki, Endrasena prawira.
09
Ing  sasaged amba abolehi, meksa mopo miris ananggulang, wadya Giri  pangamuke, tyas amba ngres kalangkung, sumpeg pepet kewan ing pikir,  rayi dalem duk priksa, bilih amba minggu, tan wonten wenganing manah,  ngandika rum dhateng amba ngasih-asih, mundhut lilah ngrarepa.
10
Karsa  mulihaken tyasing abdi, sareng rayi dalem angandika, inggaring tyas amba  mangke, nyumanggakken sakayun, mung sdarmi (n)dherek kang abdi, anulya  mundhut reyal, cacah wolungatus, busana maneka warna, pinaringken  dhateng ing punggawa mantri, pipikul Surabaya.
11
Samya  enggar manahipun sami, prembik-prembik thukul kasuranya, jeng sultan  asru gujenge, bacutna ariningsun, nuwun rayi dalem jeng gusti, kathah  kang pangandika, nyenyes manis arum, kados majeng ngelmi nyata,  agendhagan abdi dalem boten apil, panjang angandhar-andhar.
12
Abdi  dalem tyang sa-Surawesthi, sareng mireng ingkan pangandika, samya madeg  kasurane, matur asenggruk-senggruk, aprasetya mawanti-wanti, sadaya  ambeg pejah, nadyan lebur-luluh, tan gumingsir ing ngayahan, saya suka  sang aji ngandika aris, mara yayi banjurna.
13
Enjing  lajeng tengara tinitir, rayidalem madeg senapatya, neng joli mangku  pistule, kawula aneng pungkur, numpak kapal datan cumuwit, gelaripun  ngayuda, garudha maniyup, kuli binusanan abra, dadya cucuk rayidalem  dadya telih, prajurit Surapringga.
14
Kang  miangka gelar nganan-ngering, alimuan datan katingalan, amuk cucuk  medheng-medhen, surak mawantu-wantu, wadya Giri lajeng miyosi, nir baya  nir wikara, gupuh amanempuh, senapati Endrasena, sawadyanya tyang Cina  wira ing jurit, rame campihing yuda.
15
Pan  kapilis wadya Surawesthi, ngungsi (ng)gyaning risang senapatya,  rayidalem timbalane, lho kathik padha mlayu, aturipun boten lumaris,  angencengi dandosan, Endrasena anglut, tandangnya lir. Radyan Seta,  rayidalem mistul tangan tengen keni, pedangipun wus gagal.*)
16
Maksih  ngamuk dhuwung tangan kering, gya pinistul tanganipun kiwa, kabranan  tangan kalihe, kantun suku myang gundhul, (n)jejeg (m)bijig lir menda  baring, ger ginuyu wong kathah, ping tri ing pamistul, sukunipun kang  kataman, lajeng dhawah sareng kerbeting**) suwiwi, wadya ing Surabaya.
17
Angebyuki  sangking kanan kering, waringuten wadya Surabaya, kadugen ing punagine,  angidak ambeg purun, datan odhil wadya ing Giri, pepejah tan petungan,  leseh sungsun timbun, kanthun kedhik ingkang gesang, mawut-mawut samya  ngungsi jurang trebis, weneh minggah prawata.
18
Endrasena  luluh awor siti, wadya Cina tumesan sadaya, rayidalem minggah age,  dhumateng ing kadhatun, prapteng jawi garwa sang yogi, umareg ngraup  pada, asru tangisipun, nyuwunaken pangkasama, gesangipun lakinya  pandhita Giri, sampun pasrah bongkokan.
19
Tan  suwala sakarsa sang aji, rajabrana saisining pura, sadaya deaturake,  myang anak rabinipun, amung anak kang sangking selir, titiga estri juga,  Jengresmi kang sepuh, ambeg mawiku sudibya, nuli Jayengsari taruna  apekik, Rancangkapti wanudya.
20
Tiga  pisan ramening ngajurit, samya lolos amba wus kengkenan, ngupadosi  katigane, ing samangke pukulun, Sunan Giri saha nak-rabi, myang sagung  jajarahan, wus neng alun-alun, kawula nuwun sumangga, kangjeng sultan  suka amarwatasiwi, aris wijiling sabda.
21
Iya  banget ing panrima mami, wiku Giri patut ingapura, ing samengko  pangwasane, ing Giri sadaeku, sun paringken maring sireki, sagunge  jajarahan, dadia darbekmu, jeng panran matur manembah, sakalangkun  kapundhi sih paduka ji, kang dhumateng patikbra.
22
Kangjeng  sunan angandika malih, seje waktu ingsun yun apanggya, lan wiku Giri  Parapen, ing mengko jekken manthuk, kang miruda si Jayengresmi, karepe  ayun nandha, marang jenenghingsun, amung salamet tekadnya, tembe asung  patilasan ing nagari, mumpuni ing kasidan.
23
Jeng  pangeran (n)dheku atur pamit, saha garwa mring Kasurabayan, wus linilan  nulya lengser,s ang prabu angadhatun, kangjeng ratu kundur kinanthi, wus  prapteng Surabayan, tan pisah sang wiku, sagarwa-putra pinarnah,  pondhokira nglempak dadya wawiji, pan datan kawoworan.
24
Paringdalem  sungata lumintir, pinisalin sakehe boyongan, samya sukarena tyase, lir  jagong amamantu, dadya bawan datan pinikir, ngluhurken asma sultan,  satuhu pinunjul, jeng ratu amage brana, jajarahan dhumateng wadya gung  alit, kasmaran tampi kucah.
*)Prayoginipun gigal=dhawah
**) Prayoginipun kebeting suwiwi
PUPUH XX
ASMARANDANA
01
Nengena  nagri Mantawis, tamat ing Giri bedhahnya, gantya ingkan winiraos, Dyan  Jayengesmi wnarna, prapteng madya ning wana, santrinya kakasih nusul,  Gathak Gahtuk namanira.
02
Cirebon  wutahrahneki, nembah matur rawat waspa, tan saged pisah dasihe,  ulun-tumuntur saparan, rahadyan lon ngandika, ingsun mangayu-bagyestu,  (ng)gonira mantep sih tresna.
03
Nahan  lampahira prapti, patilasaning kadhatyan, Majapait duk kinane, anon  rengganing gapura, banon abrit kinarya, rapet ing pamasangipun, atose  wus kadya sela.
04
Pamasang  datanpa gamping, tigas ginosok kewala, lawan banon sami banon,s angking  mathasing pamasang, suluhan tan katingal, lir sarimbag banon wutuh,  ingukir pinatra sekar.
05
Ing  sanginggilira kori, sinungsun tinumpang-tumpang, mancut remit pangukire,  ing sapucaking gapura, kathukulan mandira, rompyoh-rompyoh  angrambuyung, kiwa tengening gapura.
06
Binanon  nglajur ngubengi, campurinira kadhatyan, radyan miyang kalih santrine,  kemput dennira umiyat, nulya manjing jro pura, (n)ujug ing balumbang  agung, toya wening gilar-gilar.
07
Binotrawi  sela abrit, kemput tepining balumbang, tinepi sasekarane, andong  anggrek argolubang, noja lan sekar nala, nagari cepaka rum, claket myang  sekar rejasa.
08
Rukem  ragaina tuwin, klurak kalak kanigara, kemuning kananga kaot, dlima  wantah dilem ngambar, taluki sruni wungyan, wratsari landep sumusup,  pacarcina pudhak ngambar.
09
Kathah  winarna ing tulis kumenyut tyasira radyan, enget mring ari sang sinom,  Rancangkapti kadangingwang, nguni karemenanta, wanci bangun ngundhuh  santun, kakaring ing patamanan.
10
Marang  ngendi sira yayi, rahadyan sabil ing nala, tyas pinupus nulya ngaler,  umiyat kanang kuburan, rahadyan uluk salam, karengeng wansulanipun, ya  raden ngalekumsalam.
11
Jengresmi  lan abdi kalih, guyub samya rarantiban, bakdanya ratib gya lengser, tan  patya tebih gya miyat, reca amuka sona, Gathak Gathuk kagyat (n)jumbul  bilih ingong sengguh janma.
12
Tibane  watu si anging , radyan (n)jajah jroning pura, sunya tan ana tabete,  gya wangsul maring balumbang, angambil toya kadas, Gathak adan kamat  Gahuk, samya prelu waktu Ngasar.
13
Wus  bada anulya mijil, rarywan ngajenging gapura, nulya ana janma rawoh,  nyaketi lenggahnya radyan, alon ing aturira, angger ingkang nembe rawuh,  sami katuran raharja.
14
Sinten  sinambating wangi, paran kang sinedyeng karsa, radyan angandika alon,  paman asung kang pambagya, sanget panrimaningwang, tanpa wisma  raganingsun, moyang ngupadosi kadang.
15
Nama  karan Bagus Santri, paman ulun atetanya, andika sinten kasihe, nun kula  nama Ki Purwa, ingkang kajibah tengga, patilasan kadhaton gung, Majapait  ranning praja.
16
Yen  kapareng bagus kampir, dhumateng sudhunge paman, radyan manis andika,  banget ing panrimaningwang, aneng ngriki kewala, ngiras netepi  katengsun, ngalap barkahing minulya.
17
Nunginggih  langkung prayogi, dhasar panepen punika, lamun malem (ng)Garakaseh,  kathah para manca prapta, mawarna kang sinedya, angunjung astanipun,  jenengdalem Putri Cempa.
18
Panupi  sampun ningali, dhaten lebeting kadhatyan, paman wus salesih ingong,  kakaring aneng jro pura, umiyati pakuburan, reca miwah blumbang agung,  paran gotekipun kuna.
19
Ki  Purwa turira aris, punika ingkang gapura, Waringin-lawang wastane,  balumbang kang kalangenan, Sang Prabu Brawijaya, putri Cempa kang  kinubur, wus maning agama Islam.
20
Reca  pindha narpati, Balambangan Minakjingga, dadya tirakatan gedhe, punika  goteking kuna, dene sanggar pamujan, winastanan Candhi Brau, tan tebih  sangking kadhatyan.
21
Punapa  dereng ningali, ing mangke dalu kewala, ulun ingkang (n)dherekake,  wektu Mahrib wus andungkap, Gathak Gathuk gya adan, paragat dennira  wektu, Mahrib atanapi Ngisa.
22
Sedhenge  prunama-siddhi, padhang bulan kakencaran, rahadyan alon lampahe, Ki  Prwa lumakyeng ngarsa, Gathak Gathuk tan tebah, prapta Candhi Brau  sampun, pamujan Sri Brawijaya.
23
Wanguning  candi lir masjit, payon banon tatumpangan, dadya lincip pungkasane,  ngandhap sinungan wiwara, Ki Purwa aturira, sumangga bagus umangsuk,  maring plenggahan pamujan.
24
RAdyan  myang santri kakalih, wus manjing jruning pamujan, langkung kacaryan  driyane, miyat rarenggan srawendah, myang awuning kang dupa, ngandhukur  lir pendah gumuk, wus tamat anulya medal.
25
Ki  Purwa umatur malih, wonten malih candhi endah, Bajang ratu (ng)gih  namane, anaging klebet sirikan, yen wonten kang umiyat, tan kadugen  kajengipun, miwah apes kang pinanggya.
26
Prayogi  boten ningali, radyan angling paman nedha, kendel ing ngriki kemawon,  ulun apamitan pisan, ing ari benjang-enjang, ayun (n)dumugekken laku,  ngupaya kesahing kadang.
27
Ki  Purwa umatur inggih, sumangga sakarsa tuwan, dalu datan winiraos, wanci  pajar gidib nulya, angambil toya kadas, para gading waktu Subuh,  rahadyan aris ngandika.
28
Paman  kantuna basuki, Ki Purwa aris turira, rahadyan lajeng lampahe, wamarga  arawat waspa, nanedha ing pangeran rahayuning aranipun, rama miwah  kaluwarga.
29
Lepas  lampahnya dumugi candi Panataran Blitar, nengardi Kelut sukune, sela  cemeng kang kinarya, ageng ingkang sajuga, wit ngandap tumekeng pucuk,  ingukir ginambar wayang.
30
Radyan  gya minggah ing candhi, tundha pitu prapteng pucak, udhunira  along-alon, Gathak Gathuk barangkangan, tyas agung tarataban, tekeng  ngandhap Gathuk muwus, Gathak mau gambar apa.
31
Kang  ingukir pinggir candhi, lunglungan ceplok kembangan, memper wayang buta  kehtek, Gathuk ing pangiraningwang, gambare Ramba tambak, katara ketheke  brengkut, candi alit tininggalan.
32
Lir  cungkup wanguaneki, ing sanginggiling wiwara, sinerat sastra Budane,  Gathak matur inggih radyan, punika kadiparan, kajenge sastra puniku,  pating penthalit tan cetha.
33
Rahadyan  ngandika aris, sastra Buda papengetan, sewu rongatus etung, sangang  uluh siji warsa, nalikane akarya, ing sanggar pamujan iku,  manthuk-manthuk Gathuk Gathak.
34
Tapis  dennira mirsani, mentar sangking Panataran, awirandhungan lampahe,  ngancik pandhekahan Gaprang, miyat kang reca sela, kakalih estri myang  jalu, aneng sapinggiring marga.
35
Sekar  konyong amenuhi, dupanira datan kendhat, tinengga palawangane, Gathak  Gathuk lon tatanya, kiyai niku napa, jurukunci lon sumaur, bagus niki  panyandranan.
36
Kang  jaler nama Kiyai, estri nama Nyai Gaprang, pan dadya pakaulane, kang  samya aminta barkah, nyunyuwun ge susuta, sarat lenggah kalihipun,  ngungkrake kyai reca.
PUPUH XXI
PANGKUR
01
Lah  punika palanangan, ingkang ngadep sipat grananya kyai, ingkang samya  anunuwun, sawusing adudupa, nulya matur punapa sakajatinipun, lamun  nyuwun ge susuta, kalihe samnya nglinggihi.
02
Ing  pucuking palanangan, kang wus klakyan tumunten darbe sisi, Gathak Gahtuk  angacemut, i tobat nora nyana, ingkang jejer ngater iku dadi pelus,  radyan lajeng lampahira, manjing Lodhaya wanadri.
03
Miyat  wisma lit gedhegan, payon atep ing salebeting panti, egong sajuga  gumandhul, nulya kampir rahadyan, tan adangu jarukuncinira rawuh,  tatanya punapa karsa, Gathak Gathuk lon nyauri.
04
Kulo  mung kampir kewala, kapundi dene gong neng wanandri, jurukunci sauripun,  sampun kina makina, pan dumadya pupundhene tyang sadhusun, naminipun  Kyai Pradhah, sinten ingkang darbe kardi.
05
Mawi  anabuh gamelan, tamtu ngangge egon Pradha Kiyai, yen tan makaten saestu,  bilai kasusahan,s aben dinten mila dinupan kumelun, sinekaran  binorahan, dadya warni nganti kuning.
06
Rahadyan  wusing miyarsa, cariyosnya kiyai jurukunci, nulya lajeng lampahipun,  lumebet padhekahan, aningali wisma alit dhapur tajug, ngandika mring  Gathak Gathuk, payo ngaso maring masjit.
07
Tumindak  anom belikan, toya wening rahadyan miwah abgdi, samya ngambil toya  wulu*), wus malbeng jroning langgar, Gathak Gathuk adan naging datan  seru, tyasira tansah trataban, wusing sunat perlu Mahrib.
08
Linajengken  wektu Ngisa, pragating sembahyang amiyarsi, swaraning janma gumrumung,  Gathuk enggar tyarsira, ririh angling Gathak payo padha methu, nemoni  janma kang nywara, baya iku ingkang kemit.
09
Kaliye  medal lon-lonan, prapteng jawi sru kagyatireng ati, anom sami samya  turu, ngubengi ponang langgar, angalemprak adu pathak adu bathuk, ngorok  (ng)gereng sasenggoran, Gathak Gathuk wansul aglis.
10
Wel-welan  matur ing radyan, dhuh bendara kawula tur udani, suwara janma  gumrumung, dupi kawula medal, yun manggihi sun sengguh sanma satuhu,  kang samya yun maring langgar, jebul sima kathah guling.
11
Cacahipun  tan kantenan, leseh anjrah kadya babadan pacing, mangke menek samya  wungu, tan wurung anembah byat, (m)barokati angemah-ngemah mring ulun,  rahadyan mesen ngandika, sira ywa padha kuwatir.
12
Luwih  karsane Pengeran, yen wis pasthi tan kena owah gingsir, tan kena kalamun  luput, tan luput lamun kena, balik padha pasrah sumarah Hyang Agung,  kawula amung sadarma, lir sarah aneng jaladri.
13
Wis  Gathak Gathuk turua, ingsun ingkang ngeleki tekang enjing, rarywa kalih  nulya turu, ngaringkel datan obah, datan segu radyan munajat sadalu,  miminta ing karaharjan, dupi wusing bangun enjing.
14
Sembahyang  Subuh pribadya, wusing bakda akaring pajar sidik, ginugah kang samya  turu, tangi aremrem-ayam, miyarsakken swara sepi tandya lungguh, meh  raina masemu bang, Hyang haruna ayun mijil.
15
Ningtip-intip  Gathuk Gathak, anom janma titiga samya linggih, kadi mentas samya turu,  dupi miyat jro langgar, ana tamu katri eca dennya lungguh, tri umentar  gagancangan, tur uning mring lurahneki.
16
Dupi  prapteng ngarsa lurah, atur uning ing langgar ana janmi, titiga juga  binagus, respati mawa cahya, winatara sadalu munggen neng ngriku, ki  lurah gawok ing driya, wus anarka yen wong luwih.
17
Parentah  mring rabinira, heh Rubiyah sadhiyaa den aglis, bucu kang apik  ananjung, iwak dhendheng manjangan, bayem ati gudhang pan-empon myang  timun, siwalan ingkang dawegan, miwah legena hya lali.
18
Rubiyah  matur sandika, wus samekta ki lurah mirah rabi, lajeng marang sanggar  gupuh, umarek mring rahadyan, prapteng ngarsa matur marang sang  linuhung, angger kula niakrama, sinten sinambating wingking.
19
Paman  kula santri moyang, angulati kadang ingkang luna nis, saparan  kawelasayun, balik ta sinten paman, lurah matur kang sotah mastani ulun,  Ki Carita dadya lurah, ing dhusun Pakel punika.
20
Mila  kula gupuh sowan, de rumiyin tumeka ing samangkin, tan ana janma kang  purun, lumebet maring sanggar, mung paduka saestu lamun linuhung, baya  trahing maratapa, wijiling andana warih.
21
kampipurun  abdipara, atur dhahar lumayan ing kalantih, angsala barkah pukulun,  kasawaban nugraha, wus tinata sang luhun ngcani kalbu, dhahar watara sak  kluwak, dhendheng manjangan sacuwil.
22
Abtobbe  ambal-ambalan, wus dumugi rampadan gya cinarik, dhaharan lumadyen  ngayun, siwalan myang dresan, Raden dhahar siwalan tanapi nginum,  deresaning kang siwalan, nikmat seger sarireki.
23
Gathak  Gathuk ingacaran, lah suwaci (ng)ger aywa isan-isin, (n)dika nedha kang  pakantuk, (ng)gih wakne ywa sumelang, Gathak Gathuk (ng)gennya nedha  angathekul, kalihe wus tuwuk samya, angendhoni sabukneki.
24
Radyan  ri tanya Ki Crita, kadiparan cariyosira nguni, griya myang kepek  gumandhul, Ki Carita turira, inggih sangking gotekipun tiyang sepuh,  griya winastanan sanggar pamujan kala rumiyin.
25
Kepek  kakalih punika, kang satunggal pan isi sinjak lurik, warna-warni  corekipun, miwah sinjang praosan, dhesthar tepen myang praosanipun, dene  kepek satunggilnya, isi kampuh gadhungmlathi.
26
Mawi  kaparaos jenar, kacariyos kagungan dalem Gusthi, Kangjeng Nyai Rara  Kidul. saben taun sapisan, kulabekta dhumateng ing wismaulun, marika  jangkeping cacah, sarto ngiras angsisi.
27
Sampuning  jangkep kan cacah, lajeng wangsul marang ing sanggar malih, nalika  pamendhetulun, tuwin wangsuling barang, sampun tamtu wonten sima kang  tut pungkur, nangngin sangking katebihan, punika sima kang jagi.
28
Saben  dalu tiga-tiga, blih siyang sami awarni janmi, wit pakel sangajengipun,  ign sanggar kalih pisan, miwah uwit duren kakalih puniku, aneng kiwa  tengan langgar, tanemanipun Jeng Gusti.
29
Panembahan  Senapatya, mila saben woh katur mring mantawis, Gahtak Gathuk ririh  muwus, wakane napa ingkang, den arani sima-gadhungan punika, de tyang  datan mawi tungkak, (ng)gih makaten gotekneki.
30
Rahadyan  manis ngandika, man Carita banget panrimamami, buja kramanta mring  ulun, Allah kang malesane, reh wus siyang ulun (m)dumugekken laku, Ki  Carita aturira, sumangga karsa sang pekik.
31
Kapungkur  ing Pakel desa, lampahira ngaler ngetan lestari, kendel kalanireng  waktu, prapta ing tanah Tuban, aso aneng ngandhap randhu-wana agung,  Gathak Gathuk gawot mulat, agenging wit anglangkungi.
32
Kubenge  gya pinecakan, kupengira pitung dasa kakalih, radyan utusan mring  Gathuk, kinen ngupaya toya, gya umentar tan pantara tebihipun, anom  sumur sela kresna, toya lebet langkung wening.
33
Wangsul  matur ing rahadyan, pinurugan lawan santri kakalih, sumur watu kebak  banyu, malah kongsi (m)baludag, nulya ngambil toyastuti.
34
Rampung  dennya samya kadas, toya mendhak pulih lir nguni-uni, wangsul wektu  ngandhap randhu, bakdane salat Ngasar, gya tumindak gandrung-gandrung  kapirangu, enget mring kakalih kadang, sira yayi marang ngendi.
35
Anon  sumber binalumbang, toya wening winastanan ing Bekti, Rancangkapti  ariningsun, nguni karemenanta, adus marang balumbang ingkang binatur,  radyan kendel sawatara, anulya lumampah malih.
36
Ngidul  ngilen prapteng wana, langkung werit andungkap wektu Mahrib, kendel  ngandhap mandera gung, aneng tepining sendang, binotrawi pinageran sela  pingul, sawusing tetoya kadas, ngrarasati wektu Mahrib.
*)Prayoginipun wudhu
PUPUH XXII
M I J I L
01
Paragating  Ngisa lawan Mahrib, pitekur sang anom, ngluhuraken asmane Sang Angreh,  Gathak Gathuk wus dangu agulingna, swara kapyarsi, lir mriyem jumegur.
02
Lir  kalindhon bumi gonjang-ganjing, Gathak Gathuk mbengok, gurawalan  ngarukert rahadyan, saya rame swara kapiyarsi, sireping swareki, Gathak  Gathuk ngantuk
03
Tan  pantara rahadyan udani, wanodya kinaot, makidhupuh lingguh ing ngarsane,  mangenjali matur nora krami, dhuh risang linuwih, ruwaten pukulun.
04
Ing  munajat satuhu karya gring, marang wadyaningong, radyan mesem aris  ngandikane, bbo rara sapa kang wawangi, lan wismanta ngende, de prapta  ngarsengsun.
05
Kawruhana  sang luhun wakmami, nguni putri katong, Brawijaya pungkasan pamase,  kang mandhireng kraton Majapait, rusaking nagari, salin srengat Rosul.
06
Ulun  datan kaduga nglakoni, ing agama kaot, banjur maring wana Bagor kene,  atatruka karsaning Hyang Widdhi, kinen angratoni, sagungin lelembut.
07
Ingkang  manggen neng Bagor wanadri, de kekasih ingong, Jeng Ratu Mas  Trangganawulane, sendhang iki apan sunarani, Sugihwaras nenggih  pasiramaningsun.
08
Amung  saben ari Sukra Manis, (ng)goningsun lalangon, sapa wonge kang mantep  atine, yun kateme marang jeneng mami, saranane mawi, tirakat sadalu.
09
Ing  maleme ari Sukra Manis, pasthi ingsun rawoh, sarta asung apa sasedyane,  ing samurwat sarta bener becik, mriyem ingkang muni, saben ratri iku.
10
Pratandhane  karaton arja-di, mupus ing tyasingong, bawa uwus ginaris papasthen,  takdiring Hyang tan kena wah gingsir, rasengsun sdarmi, sumarah sakayun.
11
Paran  karsa sira prapteng ngriki, jarwaa sayektos, Jayengresmi alon andikane,  angulati kadangong kang anis, jalu lawan estri, wus lawas tan pangguh.
12
Jeng  Ratu Mas aturira aris, babo sang kinaot, den-narima pandurung mangsane,  tembe panggih yen rahaden uwis, kaukum ing nagri, linabuh ing laut.
13
Neng  Tunjungbang kono (ng)gonne dadi, banjur atatemon aywa kemba lakunira  raden, nyanyaloni dadining ngaluwih, raden Jayengresmi, ana maremipun.
14
Lah  Ratu Mas buron apa iki, kang padha mathangkrong, aneng epan tan kato  raine, kaya munyuk buntute tak keksi, Ratu Mas lingnya ris, tukang  arannipun
15
Heh  Ratu Mas sapa kang sung uning, ing satekaningong, Sri Trengganawulan lon  ature, peksi dhandhang sung ngalamat muni, kena dentiteni, kandhane  wong sepuh.
16
Lamun  ana paksi dhandhang muni, sangking kidul kulon, iya iku ala ngalamate,  arsa padu rebut sapaleki, lamun dhandhang muni, kulon sangkanipun.
17
Yeku  becik ing alamatneki, barang karya dados, lamun ana dhandhang munya  mangke, saka kidul bener prenahneki, ngalamate rejeki, ingkang karsa  rawuh.
18
Lamun  ana paksi dhandhang muni, sangking kidul kulon, iya iku ala ngalamate,  arsa padu rebut sapaleki, lamun dhandhang muni, kulon sangkanipun.
19
Ngalamate  apan arsa rabi, yen sangking lor kulon, dhandhang muni ala ngalamate,  apan arsa kageringan ati, den angati-ati, awas lawan emut.
20
Atobata  maring ing Hyang Widdhi, poma dikalakon, dhandhang muni lor bener  sangkane, yeku ala ngalamatireki, yekti arsa manggih, kawirangan agung.
21
Yen  amuni ing lor wetan sangking, ngalamate tan awon, yun katemu ing  prasanakane, miwah kadang ingkang wisma tebih, lamun dhandhang muni,  mencok wuwungipun.
22
Ing  wismane kang nginggil pribadi, swaranira alot, yun katekan susah  ngalamate, tamat ngalamate dhandhang muni, gurune wismeki, ngendi  sangkanipun.
23
Wangsiting  Hyang lamun prenjak muni, iku den waspaos, kang ngalami becik lan  alane, wus pinasthi carita ing nguni, semune kang peksi, prenjak  uninipun.
24
Lamun  ana peksi prenjak muni, sareng sakaloron, aneng kidul ing wisma prenahe,  ngantya dangu pan ngalamatneki, tamuwan priyayi, becik sedyanipun.
25
Lamun  ana peksi prenjak muni, kaprenah neng kulon, pantinira ala ngalamate,  guru prapta karsane sung wangsit, sadhiyaa nuli, kang suci kang patut.
26
Lamun  ana peksi prenjak muni, kaprenah aneng lor, pantinira becik ngalamate,  arep ana tetamu kang prapti, sedyanya tan becik, ngajak tukar padu.
27
Lamun  ana peksi prenjak muni, wetan panti mangko, mencok payon kandhang  gedhogane, nglamat ala yun kabesmen yekti, den angati-ati, ywa lena ing  kalbu.
28
Peksi  prenjak munya angideri, wisma tepung golong, pan prayoga iku ngalamate,  bakal antuk donya ingkang suci. myang arta kalali, mujia Hyang Agung.
29
Titi  tamat ngalamating peksi, kang becik kang awon, iku ingkang  ingsunestokake, bener luput karsanging Hyang Widdhi, ingsung darma  manggih, ing kaol rumuhun.
30
Raden  Jayengresmi ngandika ris, sang ratu kinaot, buron apa kang na paedahe,  jeng Ratu aturira aris, sato tukang adi, mengko ingsun tutur.
31
Murweng  satu muka kang linuwih, tukang winiraos, iku akung sawabe adene, wus  mutamat para nabi wali, miwah para mukmin, poma denlestantun.
32
Den  agemi aywa ge denwadi, yen tan tunggal batos, tukang iku pinetta serahe,  salehena bun-embunanneki, panganggone nenggih, lamun ana mungsuh.
33
Datan  tedhas ing sanjata dening, uteke denuwor, barang lenga dene panganggone,  ana gawe cinampur ing dhiri, watek teguh nenggih, luput senjateku.
34
Lambe  ilat den (ng)ngo jimat nenggih, kalis gelap reko, apan siung kalawan  kukune, pan kinarya ngukur janma guling, insa Allah mati, nenggih wong  puniku.
35
Utawa  denkosokaken janmi, dadi kaku kang wong, den (ng)go sipat nenggih  gegetiye, barang ingkang aningali asih, lamun denwor warih, nenggih  banyu susu.
36
Nuli  denusapaken ing kendhil, ujare pawartos,d atan mateng nenggih liwatane,  wulunipun densebar ing panti, paedhake malih, durjana tan weruh.
37
Anadene  wewudelireki, den (nggo)g tampa kang wong, lara busung kang tengen  matane, denwor lawan getih serut nengih lan luke wong nangis, den (ng)go  sipat iku.
38
Insa  Allah wong liyan ningali, pasthi datan weroh, lamun lungan pan  denusapake, daka omah paedahe nenggih, tan keneng denambil, duweke wong  iku.
39
Mata  kiwa denwor lan kasturi, miwah kapur-baros, apan den (ng)go nenggih sa  Allahe, denkasihi wong lanan wong estri, wus titi nikmati, sato muka  lutung.
40
Ana  maning sarah ingkang paksi, platukbawang kaot, luwih akeh tinimbang  tukange, wulu daging galungneki, kabeh mupangating, kanthi pedah luhung.
PUPUH XXIII
K I N A N T H I
01
Lah pirengna radyan ulun, amama  sarahing peksi, saking Jeng Nabi Suleman, nenggih ingkang anjarwani,  kang peksi pelatukbawan, keh manpangatnya winilis.
02
Yen  kang rumiyin dinunung, susukipun ingkan nginggil, karya sepuhing  gagaman, gagaman sakalir-kalir, sawabipun datan ana, wong teguh tan  pasah titis.
03
Yen  tan pasah kang tinanduk, dadya sakti geng (n)dhatengi, tan waras prapta  ing pejah, ilating peksi winarni, dhinahar ingkang paedah, ing pamicara  patitis.
04
Netranira  kang ginantung, munggeng saluhuring kori, tebih saking duratmaka,  wuluning murda kinardi, sumping rarywa lit sawabnya atebih saking  panyakit.
05
Polo  pan kinarya pupuh, ing netra pan datan keni, ing lalamur sawabira,  jajantungipun binukti, sawabira sarwa gampang, sabarang ingkan kinapti.
06
Lan  kabuka ngelmunipun, aperuninpun upami, winor lan minum-minuman, miwah  winor lawan jampi, sawabe rikat lumajar, pringsilanipun binukti.
07
Kinasiyan  sawabipun, mring wanodya lawan malih, kinasiyan mring pandhita, miwah  maring para wali, dhandhaning peksi dhinahar sawabipun lamun sakit.
08
Enggal  ing waluyanipun, brotol binukti pawestri, sawabipun kinasiyan, dyah ika  maring ing laki, buntut winor lan gulunya, binasmi nulya binukti.
09
Ing  pawestri sawabipun, linuwih samining estri, laripun kenarya gelang,  elingan sabarang kardi, lawan malih ingkang elar, winor ing sabuk  prayogi.
10
Kinasiyan  sawabipun, lamun suwiteng narpati, yen sineleh sorring bantal,  patileman sawabneki, titingalan sarwa endah, tur rineksa ing Hyang  Widdhi.
11
Sawabe  ingkang babalung, akuwat yen densimpeni, myang balung suwiwinira,  sinelehaken ngisoring, pasareyan datan liyang, sawabe akuwat malih.
12
Atinipun  pan ginantung, luhure dennira guling, sawabipun betah sahwat, yen winor  lisah kalentik, myang waedhak ingkang sahwat, sirna sagunging sasakit.
13
Suku  kalih sawabipun, lamun pinendhem ing sabin, myang sakehing tataneman,  tulus wohipun andadi, lamun malih ingkan manah, ginelangaken ngasteki.
14
Wisa  tawa sawabipun, isining wisma sakalir, tebih sangking ing lalara,  nenggih atinipun malih, ingusapaken ing dakar, betah sahwat sawabneki.
15
Ingkang  ilat kinaryeku, jimat sawabe tan kengin, ing luwe betah alapa, lawan  kulitipun malih, tinalekaken padharan, yeku betah luwe malih.
16
Kapalanira  kang manuk, kinarya jimat ngajurit, kinajriyan marang mengsah, yen  wonten wisma upami, panas tan kena kanggonan, pinendhemen elarneki.
17
Panjawat  kang tengenipun, wolung lembar aja luwih, pepadonipun lor wetan, dadya  tawa panasneki, getih denakingken ika, winor lawan bawang abrit.
18
Lawan  adas nulya kinum, ing toya neng pinggan putih, karya jampi lare netra,  pinupuhaken tumuli, insa Allah dadya waras, yen wonten sasakit kuping.
19
Pinupukaken  pan mantun, lamun arsa denkasihi, lan wong akeh myang yen arsa, sugih  lan yen arsa dadi, barang ingkang tinaneman, puwasaa tigang ari.
20
Den  Kadya puwasa agung, winateka donganeki, punika melekang donga, Allahuma  barkat saking, Gusti Bagendha Suleman, mung iku tan ana malih.
21
Kang  pingan atinipun, ingolah sakalir-kalir, yen wus dennira puwasa, matek  donga sarwi bukti, yen adagang myang ngawula, den tetep hya walanggalih.
22
Kalamun  arsa sireku, siniyan wong katha malih, tyas lan ilat winor barang,  olah-olahan binukti, lamun arsa matenana, ing wong durjana mamaling.
23
Ingkang  kiwa tapakipun, dinundep ing cucuk nenggih, insa Allah pesthi pejah,  lamun arsa sugih ngelmi, tyas binukti lawan uyah, goreng wus titi kang  paksi.
24
Rahadyan  ngandika arum, Ratu Mas Trengganasasi, banget ing panrimaningwang, sira  sun pitutur jati, ngalamateng paksi dhandhang, miwah peksi prenjak  muni.
25
Sarahing  tukang linuhung, myang palatubawang paksi, apa kang dak walesena, Ratu  Mas turira aris, luwih karsaning Hyang Suksma, ingsun iku mung sadarmi.
26
Kabeh  kang wus ingsunwuwus, iku darbekmu pribadi, amung kang medharken  ingwang, sarehne wus lingsir akir, sun pamitan tan lilanana, mantuk  mring kahyangan mami.
27
Wus  tan katon kangjeng ratu, Gathak Gathuk nuli tangi, sarya matur mring  rahadyan, kawula satengah ngimpi, mireng swara tanpa rupa, amung ganda  mamrik minging.
28
Lir  tindhien raosipun, sruwing-sruwing kapiyarsi, tukang platuk  lunjak-lunjak, sarah-sarah denadhangi, punika ginem punapa, sinten  rencang paduka ngling.
29
Rahadyan  ngandika arum, kawruhanamu kang prapti, anemoni jengingwang, iku  ratuning dhedhemit, ngadaton ing Bagor wana, ing nguni putri narpati.
30
Sang  Aprabu Majalangu, Brawijaya kang sisiwi, anggentur amatiraga, tan sarju  salin agami, katrima panedhanira, bisa jumeneng narpati.
31
Ngratoni  sagung lelembut, sajroning Bagor wanadri, saben bengi mariyeman, Gathak  Gathuk duk miyarsi, marinding githok mangkarag, wus awanci pajar sidik.
32
Samya  wulu wektu Subuh, paragat dennya ngabekti, linggar sangking Sugihwaras,  ngancik suku Pandhan wukir, manjar manginggil wus prapta, ing dhusun  Kadhaton nami. 
33
Nyabrang  lepen mili ngidul, toyanya nyarong awening, miyat balung langkung  kathah, ageng-agenge nglangkungi, lajeng lapahira radyan, wus prapteng  sukuning ardi.
34
Ing  Gambiralaya gunung, nulya umanjat manginggil, prapteng pucak non  prapatan, tanggul siti angubengi, tinaneman sasekaran, argulo gandanya  amrik.
35
Pinecakan  kubengipun, tigang dasa langkung kalih, (n)jawi tanggul kidul witan,  wonten reca sela langking, patrape lir janma priya, mangku  palanaganneki.
36
Wus  pisah lan badanipun, mung sapucan agengneki, Gathak Gathuk latah-latah,  ana maneh angungkuli, duwke reca ki Gaprang, kalah dawa gedhe iki.
37
Rahadyan  nulya tumurun, ngaler ngerem-erem wukir, anon balung ageng panjang,  tikel pat lan kang rumiyin, prapteng ngare angandika, lir mas tumimbul  ing warih.
01
Lah ta Gathak sira umentara aglis, maring padhusunan, katemua kanca bumi, angilenena dawegan.
02
Wus umentar (n)jujug wismane patinggi, gupuh ingacaran, lah panten karsa punapi, kula yun ngileni degan.
03
Anak kula kalantih neng suku wukir, ki patinggi lingnya, boten susah angileni, nulya ngambil kang dawegan.
04
Patang iji sampun pinarasan sami, lah panten sumangga, kula bektane pribadi, kerit lapahira Gathak.
05
Prapteng ngarsa mundhuk-mundhuk ki patinggi, Jengresmi ngandika, kaki sun tanya sirek, wisma miwah kang sinambat.
06
Nama karan dhusun kang kula enggeni, punika padhangan, katelah sami mastani, dhateng kula kaki Padhang.
07
Sumapala kamipurun, ingkang abdi, ngaturi sugata, lumayan jampi kelantih, saceret wening dawegan.
08
Iya kaki banget panarimamami, pasihanta mring wang, Allah ingkang ngudaneni, ing sakaletheking manah.
09
Radyan ngunjuk ing wening nyu sawatawis, telesing gorokan, karaos nikmat ing dhiri, ngandika alkamdulillah.
10
Linorotken marang santrinya kakalih, we-nyu papat bebas, dawegan gya den klothoki, ngalih sewang samya telas.
11
Radyan angling kaki ingsun minta uning, mau ingsun ngambah, padhukuhan suku ardi, myat balung keh ageng panjang.
12
Nulya manjat malih mring pucaking wukir, anon patilasan, kidul ana reca siji, mangku kadya palanangan.
13
Mudhun maring ngereng-ereng uning malih, balung gedhe dawa, ngungkuli kang mau kaki, kadiparan critanira.
14
Kaki Padhang tumenga matur sang pekik, dongenipun kina sukunipun Pandhan wukir, dusun Kadhaton namanya.
15
Kala jaman purwa kadhaton raseksi, Sang Prabu Arimba, rikala amangun jurit, mengsah panenggak pandhawa.
16
Arya sena ingkang unggul ing ngajurit, raksasa keh pejah punika bablungneki, Sang Prabu yaksa Arimba.
17
Pejahipun aneng ngereng-ereng wukir, ing Gabiralaya, ingkang paduka tingali, anglangkung ageng panjang.
18
Tiyang satus bokmanawi tan kuwawi, lepen alit ingkang ngidul ilinireki, winastan lepen Jeroang*).
19
Sri Arimba sasampune angemasi, pancanak mangsah, ing wadhuk Jeroan mijil, binucal lepen punika.
20
Pan katelah namane prapta ing mangkin, ing lepen Jeroan, pratapan sapucak wukir, ingaran Gambiralaya.
21
Duk rumiyin wonten putri amartapi, warna ayu endah, nami Dewi Gendrasari, wus medal istijratira.
22
Wonten tiyang jaler asru mangunteki, anama Ki Drepa yun mangangkah mring sang putri, duk ayun mangkat prasetya.
23
Yen tinampik amalipun denicali, wasana sang retna, lumuh dhateng Drepa kaki, planangan gya pinagas.
24
Bali lenggah ki Drepa nulya ngmasi, nanging dados sela, lestantun ngantos sapriki, dora lerese sumangga.
25
Gathak (n)jawil lah Ki Drepa iku sigit, netepi prasetya boten kaya wong sakiniki, setyane lamis kewala.
26
Raden Jayengremsi angandika angandika aris, kaki pasihanta, sanget panarima mami, kaki kantuna raharja.
27
Ingsun nutugake tumindaking sikil, (n)dheku Kaki Padhang, rahadyan tandya lumaris, tan pisah ki Gathuk Gathak.
28
Ngaler ngilen prapta ing Bojanagari, myat kukus magnampak, rahadyan nyulya nyelaki, kang murub warni balumbang.
29
Pinecakan kawan likur wiyarneki, dene panjangira, tigang dasa langkung kalih, elbete sahasta wrata.
30
Tanpa toya dangu dennira ningali, nahan tan pantara, murub lir wisma kabesmi, latu sumundhul ing mega.
31
Isthanira kadya ngurmati kang prapti, Gathuk Gathak waswas, giris maras miris tistis, tyas lir tatas anaratas.
32
Kepalane dhusun Dhandher gupuh prapti, mariksa pawaka, kagyat anon janma katri, pinarak tepi balumbang.
33
Nglocciteng tyas aneh teman uwong iki, yen dudu trah tama, mangsa waniya nyelaki, ing balumbang Pakayangan.
34
Ki patinggi anyaketi ing sang pekik, rahadyan tetanya, baya sireku kang (n)jagi, balumbang isi dahana.
35
Palang matur leres timbalan sang pekik, mila gupuh amba, mariksa balumbang api, awit dadya panengeran.
36
Lamun murub delajat kathah sesakit, dhusun ingkang celak, kang uning urubing agni, apes lir mendem pocungan.
*) Prayoginipun Jeroan kadosdene ing pada 19 lan 20
PUPUH XXV
P U C U N G
01
Murub agung tan wonten tiyang andulu, mung amba priyangga, kang wikan urubing agni, sampun tambu kadhatengan janma tama.
02
Isthanipun lir tur urmat asusugun, punika winastan, Pakayangan latu nenggih, criyosipun prapene empu duk kina.
03
Gathuk tanya marang Ki Kapalang gupuh, baya kang Kepalang, tedhaking empu rumiyin, ingkang darbe petilasan Pakayangan.
04
Apesipun saged pandhe damel dhuwung, Ki Kapalang mojar, o (ng)ger dede tedhakneki, nanging yektos pancen pandhe damel kula.
05
Gathuk muwus lah apa bener bethekku, yen damel curiga, punapi (ng)gih denukiri, panjangipun punapa sakarsa-karsa.
06
Myang landheyan waos punapa ingukur, napa manut bakal, Ki Kapalang anauri, dhawuh miwah landheyan wonten ukurnya.
07
Wotanipun kalamun adamel dhuwung, panjangipun ganja ingkang kaukur rumiyin, lajeng kangge ngukur panjangang curiga.
08
Awit bongkot kajawine pesinipun, dumugi pucuknya, nenem wewilanganeki, kang rumiyin cakra kapindho gundhala.
09
Tiga gunung ping sakawanipun guntur, ping gansal sagara, kaping nenem madu nenggih, ingkan sae tekeng pucuk dhawah arga.
10
Tuwin dhawah sagara utawi madu, titiga prayoga, utawi dhawah jaladri, gya winalik sangking pucuk pangukurnya.
11
Tekeng bongkot kajawining pasinipun, kang langkung utama ing pungkasan dhawah ardi, lah punika ingkang pantes pinilala.
12
Lamun damel landheyan waos ingukur, kepelnya priyangga sakawan etanganeki, sangga runggi sarah watang kang prayoga.
13
Den dhawahna sangga ing pungkasanipun, Gathuk (n)dheku lingnya, paringe kakang kapundhi, Ki Kapalang noraga matur rahadyan.
14
Dhuh  sang luhung bilih marengi ing kalbu, kampir wisma-amba, ing Dhandher tan  pati tebih, dhusun ingkang katingal ngajeng punika.
15
Apuntenta  paman ingsun arsa laju, (n)dumugekken lampah, (m)bungkuk Kapalang tur  inggih, boten langkung kula (n)dherekken raharja.
16
Pakayangan latu Dhandher wus kapungkur, lajeng lampahira ngambah ara-ara wradin, tanah Dhandher ngilen nulya anon toya.
17
Medal sangking sumber ngalirab dinulu, Gathuk tan saranta, ngokop toya ingkang mili, prapteng tenggok wangsul mutah bulakeran.
18
Gathak tanya lho kepriwe iku Gathuk, teka mutah-mutah, Gathuk angling mbrebesmili, dudu banyu iku lenga latung blaka.
19
O ya Gathuk aku krungu critanipun, iku banyu kena, kanggo didiyanan sami, wong padesan mung kkuse ngubudilah.
20
Radyan mesem angandika marang Gathuk, iku kang pinanggya, janma tan sareh ing budi, kaya-kaya mesthi manggih kasangsaya.
21
Ya ta wau rahdyan ing lampahipun, nalasah galagah, ketel rumput mendhong wlingi, nabrak lepen ngantya rambah kaping gangsal.
22
Anon dhukuh aneng tengahing wana gung, rahadyan ngandika, payo Gathak Gathuk mampir, yun tatanya tanah ngendi iki baya.
23
Gya kapangguh suanma amikul bumbung, isi legen klapa, santri kalih anyelaki, nedha ngileni legen kalapa.
24
Lah ta bagus (n)dika ngombe ingkang tuwuk, ngileni tan susah, (n)dika badhe dhateng pundi, kamayangan teka maring dhekahingwang.
25
Kula (n)dherek janma luhung ingkang nglangut, sukanira mahas, panggenan kang sepi-sepi, amurugi kang singit tan kambah janma.
26
Nika  ingkang neng ngandhape pandhan arum, bagus yen sembada, pareng kampir  wisma mami, kula mantuk (ng)gelar-(ng)gelari ing wisma.
27
Gathak  Gathuk matur wit panyuwunipun, kyai ingkang ngrembat, paduka katuran  mampir, mring wismane rehning sampun ngangger lampah.
28
Tan pantara dangu ki wisma amethuk, wus kerit rahadyan, Gathak angupaya warih, ki wisma ngling anak ngupados punapa.
29
Kulo pados toya badhe kagem wulu, o anak tan ana, ing ngriki toya kang sukci, meh sadaya pakungkumangin wahara.
30
(n)Dawek kulo padosken tirta kang luhung, ki wisma gya mancas, pang wet jembul toya mijil, lir pancuran wening asrepe sedhengan.
31
Gahtak matur punika toyaning jembul, manther lir pancuran, kaagem wulu prayogi, radyan miwah Gathak Gathuk samya kadas.
32
Wusing rampung pampet ingkang toya jembul, Gathak eram ing tyas, wakne iki nyata luwih, nora nyana yang metu kramatira.
33
Prapteng wisma Gathak adan tumalawung, nulya samya sunar bakda sunak kimati, waktu mahrib myang ngisa sampun paragat.
34
Lenggah salu sunggata lumadyeng ngayun, kang legen kalapa tela gamblok mateng ing wit, aturira manis wedaling wicara.
35
Dhuh sang bagus kumedahe atur-atur, sunggata tan mandra, sawontene tiyang langip, aneng wana tanpa rowang data pakra.
36
(ng)Gih  kiraka sanget ing panrimaningsun, langkung resep ing tyas, radyan  dhahar tlas salining, ngunjuk legen watara tigang cegokan.
37
Kraos tuwuk atob kaping kawanlikur, Gathuk Gathak nadhah, miwah ngombe legen krambil, sakatoke tan ana tinaha-taha.
38
Wacana rum rahaden mring ki wisma rum, kiraka sun tanya ngriki niki tanah pundi, lawan sinten sinambutik kiraka.
39
Aturipun kula pun Jatipitutur, asli saking Sela, ing Kasanga jurukunci, pan ing ngriki talatah siti Grobogan.
40
Ing Kasanga kathah panunggilanipun, Bledhuk Kuwu miwah Crewek kalawan Mandhikil, myang ing Sendhang Ramesan toya mawarna.
41
Kakang Jatipitutur ulun ayun wruh, paran mulanira, yen wonten cariyosneki, kang jinarwa kiraka niku sadaya.
42
Alon matur kula enget boten urut, lumayan kinarya, sasamben cagaking arip, kala kina wonten panjenengan nata.
43
Prabu Jaka punika jujulukipun, ing Mendhangkamulan, karemeng-ameng wanadri, anunumpu bantheng sangsam kancil kidang.
44
Tanpa wadu amung sabat kang tumutur, nuju ri sajuga, uning sarpa mangunteki, langkung ageng sisikira mancawarna.
45
Prabu bendu bantering tyas sakalangkung, ula apa karsa, de banget amatiragi, mengko sira tan wurung rampung dening wang.
46
Sang aprabu nulya menthang langkapipun, jemparing lumepas, cumundhuk sawer ngemasi, wonten swara kapiyarsa ing sang nata.
47
Eh sang prabu tuhu sikara sireku, yekti bakal tanpa, paukumaning Hyang Widdhi, datan bisa mujadahi hawanira.
48
Nenging swara sawer musna tan kadalu, gara-gara prpta, jawah lesus kilat thathit, aliweran baledheg dhar-dher tan pegat.
01
Tranging  jawah lagya mangkya sang aprabu, angraos sanget kalantih, thedak mring  karandhan ngaub, tuwin karsa anuweni, duk nguni sri nata anom.
02
Anakipun  nyi randha Kasiyan dhukuh, ing Sangkeh tuhu linuwih, rarasati maksih  timur, reh sampun antawis lami, kakinten wus jonggrong jongrong.
03
Prapteng  dhukuh nganti neng dhadhah sang ulun, wedaling dray Rarasati, nyai  randha lagya nuju, nenggani (ng)gentang pra estri, gagendhingan  dhumprong-dhumprong.
04
Rarasati  mijil sangking wismanipun, asinjang pathola abrit, konyoh jenar  slendhang kawung, tinepi parada kuning, wimbuh ayu melok-melok.
05
Tangseng  pungkur kalangenanya sang ayu, juga babon kate adi, pethak mulus  cnggeripun, sanggardalima respati, sapraptanira sang sinom.
06
Panggentangan  nulya tumut (ng)gentang pantun, sukunira kang sasisih, angidak sirahing  pantun, angikis sinjangireki, kakempol katon mancorong.
07
Gebyar-gebyar  anglir pendah thathit barung, dupi miyat sri bupati, gandrung-gandrung  amangun kung, ngandika jroning panggalih, pantes dadya garwaningong.
08
Sigra  tedhak nyaketi kang samya nutu, matek asmaragama di, para dyah kang  samya nutu, tan ana ingang praduli, katungkul dennira gerong.
09
Sruning  cipta korut nutpahira prabu, datan prabeda sang dewi, ugi korut  nutpahipun, samya tumetes ing siti, tandya kate pethak gupoh.
10
Anucuki  nutpah kalih-kalihpun, wus nunggil dadya satunggil, Prabu Jaka dahat  ngungun, sanget lingseming panggalih, nulya kondur angadhaton.
11
Gathak  Gathuk samya gumujeng anguguk, radyan mesem ngandika ris, kiraka  jatipitutur, nedha kalajengna maning, cariyosipun kang babon.
12
Kyai Jatipitutur nglajengken atur, dupi wus antara ari, amanigan kate pingul, nyi randha dupi udani, antigan pinendhet gupoh.
13
Gya  dinekek aneng padaringanipun, tinunggilken tigan katri, winor uwos kang  lumintu, saben ari denedangi, nanging boten katon kalong.
14
Malah  wuwuh nyi randha graiteng kalbu, baya iki kang marahi, atigan geng  pedahipun, beras dakdang saben ari, nora kalong malah wuwoh.
15
Gya  pinendhet ingelih maring ing lumbung, dupi uwosira enting, nyai randha  mendhet pantun, mring lumbung ambuka kori, mendhet sabelah ginendhong.
16
Tigan  ingkang dipun dekekakan lumbung, sampun netes nanging warni, taksaka  ageng kalangkung, ngaleker pinuju guling, kagyat nulya tatanya lon.
17
Paran  karsa nini sira marang lumbung, nyai randha nulya nolih, anon sarpa  nulya gugup, gya dhawah bali anjelih, lumajeng aketol-ketol.
18
Arsa  lapur dhumateng sing sang nindya nung, taksaka suka ningali, wus medal  saking ing lumbung, mring grannya dyah Rarasati, sarwi ngling dhuh  ibuningong.
19
Dewi  Rarasati gumuling akantu, wungu nututi bok nyai, sakaliyan prapta  sampun, ngarsanira kyana patih, naga wus neng wuri (n)jongok.
20
Nyai  randha myang Rarasati duk (n)dulu), samya gumuling ing siti, kya patih  arsa lumayu, naga gumujeng sarya ngling, kaki aja jrih maring ngong.
21
Kene  payo padha lungguh kang pakantuk, kyai patih ngoplok lingnya ris, lah  ula apa sireku, tanpa sangkan (ng)gonmu prapta, sang naga sauriro lon.
22
Kaki  ingsun unjukna mring rama prabu, kyana patih anauri mung manthuk lumaris  gupuh, risang naga aneng wingking dupi prapta ngarsa katong.
23
Kyana  patih dereng munjuk sang aprabu, naga wus neng wurineki, Prabu Jaka gya  angangu, eh ula apa sireki, de bisa clathu lir uwong.
24
Naga  matur ngaken putranya sang prabu kalangkung dennira runtik, eh ula  kawruhanamu, ingsun iki durung rabi sira teka anyalemong.
25
Lah  lungaa yen kasuwen tekan lampus, naga karuna lurnya ris, (ng)gelarken  nalikanipun, sri papara ing wanadri tumekeng kundur ngadhaton.
26
Lan  umatur sakawiting babon pingul, nigan tekeng netesneki, sang prabu  miyarsa atur, dahat ing linseming galih, nulya jengkar angadhaton.
27
Kyana  patih tinimbalan mring kadhatun, dhawuh timbalan narpati, ponang sawer  kinen nantun, madosi pacangan aji, lan mejahi satru katong.
28
Baya  putih telening sagara kidul, punika yen antuk kardi, ingaken putra  satuhu, patih wus (n)dhawuken maring, sarpa matur arawat loh.
29
Sru  praseca*) yen tan kalakyan satuhu, karsane sri narpati, suka tumekeng  ing lampus, kya patih welas ningali, punang sarpa mesat gupoh.
30
Ngidul  terus singa kang katrajang gempur, amrih aglisira prapti, ambles  bantala jumedhul, telenging kanang jaladri, susumbar anguwuh mungsoh.
31
Angungasken  armaja Sri Jaka Prabu ing Mendhangkamulan adi, Sang Dewatacengkar  Prabu, kang awarna baya putih miyos sangkinging kadhaton.
32
Mpag  yuda remaning prang tan cinatur, ngantya pirang pirang ari. sri dyah  lami laut kidurl, nama Prabu Anginangin, sukaning tyas dennira nom.
33
Amiminta sirnani sang baya pingul, jaladri akocak-kacik, toya benter kalangkung, mina kathah angemasi, baya pethak yudanya sor.
34
Kabuncang  mring dharatan tepining laut, sirnaning angga pan dadi, Argalima  wastanipun, sarpa sukane angenting, wus pasthi inganggep katong.
35
Kacariyos Prabu anginangin wau, suka amarwata siwi, satru nira baya pinggul, mangkya wus tumekeng lalis, naga tinimbalan gupoh.
36
Malbeng  pura prapta ngarsane sang prabu, natadesi ngandika ris, eh sarpa kang  jayeng pupuh, ingsun nguni pasanggiri, sapa kang agambuh pupoh.
*)Prayoginipun prasetya
G A M B U H
01
Sang sapa unggul pupuh, amateni mring si baya-pingul, gentenana sadhela jumeng aji, luwarana punagiku, sarpogung turira alon.
02
Tan  lengganeng ragengsun, anglampahi pasang giri prabu, nanging lampah amba  punika tinuding, wusing nyirnakaken satru, ngulati pacangan katong.
03
Rehning  dereng kapangguh, Prabu Rara angandika arum, pacangane ramanta pan  ingsun iku, sira munjuka sang prabu, ngulati pacanganingong.
04
Yawa  krama liyaningsun, nanging andadekna kawruhamu, ramanira tan widada  madeg aji, namung tigang warsa puput, ginantyang kang darbe kraton.
05
Ing  ari Budha besuk,lek purnama Galungan kang wuku, dak aturi tedhak mring  kadhatuon mami, sira sun rabekken kulup, oleh Balorong yu anom.
06
Dhaubnya  tan cinatur, langkung rame ing wahawipun, ing dharatan pageblug ageng  (n)dhatengi, wusing dhaub madeg ratu, sapta ri gya pamit gupoh.
07
Linilan  pamitipun, myang winisik kang badhe tinemu, ing sarira miwah jangkaning  nagari, purwa madya wusaneku, welingira wantos-wantos.
08
Sri  putri malih muwuh, Linglung Tunggulwulung jujulukmu, tembe sira  karsaning Hyang angratoni, lelembut ing gunung-gunung, mring sira  angangep katong.
09
Kala  patembenipun, sira dadya ngalamat satuhu, dauruning jaman myang  kertaning nagri, wis mangkala sira kulup, garwamu rara Balorong.
10
Menek  ngrebeti laku, lah tinggalen neng kene rumuhun, sira aja metu marganira  lami, teleng saodra kapungkur, ambles ing pratala gupoh.
11
Neng  Pasundhan anjebus, ambles malih (n)jebus wonten Kuwu, ing Carewek  Mandhikil jebusnya malih, sampun celak nagrinipun mlampah dharatan  nalosor.
12
Dumugi  praja (n)ujug, kapatiyan wus kerit lumebu, dupi prapta ngarsa nata  mangenjali, kyana patih makidhupun Tunggulwulung analosor.
13
Lampahiro  ingutus, sampun katur purwa wasaneku, Prabu Jaka langkung trusthanireng  galih, wus inganggep putra prabu, ginanjar makutha kaot.
14
Agemira  sang prabu, buntut untu atanapi siyung, binrongsong mas tinaretes  sosotyadi, sisik linapis mas murub, kalung sosotya mancorong.
15
Myang  pinaringan cupu, asthagina isi lisah kayun, kuwasanya yen wonten sarpa  ngemasi, tinetesan lisah cupu, gisan malih lenggak-lenggok.
16
Sinimpen  wonten buntut, myang musthika naga kwasanipun, sinuyutan sakehe sarpa  sabumi, dumunung ing cehtak murub, dhawuh dalem sang akatong.
17
Eh  sakeh wadyaningsun, piyarsakna samengku si Linglung, ingsun junjung  pangkat pangran adipati, manggon ana Tunggulwulung, wus kulup mundura  gupoh.
18
Aywa  kusiweng laku, lah araken lakumu si Linglung, lan reksanen  sacara-caraning janmi, pangran dipati wus mundur, ing marga tan  winiraos.
19
Mandhireng  Tunggulwulung, dupi antuk sawarsa sang Linglung, anelasken iwen wus  katur sang aji, gya ingelih dalemipun, myang winulang rama katong.
20
Ing  ngelmi agal-lembut, wus kacekap tan ana kalimput, Tunggulwulung tapa  mangap neng wanadri, awit sangking laminipun, badan kathukulan bondhot.
21
Nglenggirik  kadya gumuk, ical sipatira taksaka gung, tutuk kadya wiwaraning guwa  wingit, wus mateng int tapanipun, manungsa tan ana weroh.
22
Karsane  jawata gung, nuju deres jawah gumarubuh, wonten rare angon sasanga  kehneki, kajawahan samnya ngaub, neng tutuk sang naga kinaout.
23
Kang  wolu wus umangsuk, kang satunggal sinikang tan antuk, gya minggah ring  kleres gigir ngangking kudhi. memrang siti marengkul, guwa mingkem kadya  angob.
24
Rare  wolu kang ngaub, sareng samya pejah tanpa muwus, kang satunggal wonten  jawi merang gigir, ingal lumajeng umantuk, mring sudarma awawartos.
25
Tandya  kunjuk sang prabu, sri narendra sakalangkung bendu, gya adhawuh kinen  mantek wesi gilig, angkemira Jaka Linglung, supadi pejag ing ngenggon.
26
Wus  pinantek kang tutuk, Jaka Linglung tumeka ing lampus, lah punika  cariyosipun muni, atatanya Gathak Gathuk, athik ula kaya uwong.
27
Le  nyembah niku prehpun*), Rara Blorong kacariyos ayu, pinaesan saya wimbuh  amrakati, Jaka Linglung sigit bagus sinewahan mawi topong.
28
Wong  gepeng sirahipun, kados pundi kekahe punika, ah wong criyos wikana  nyatane nguni, tamating cariyos bangun, Gathak Gathuk adan Suboh.
29
Wus  samya wektu Subuh, sabakdanya Subuh ngandika rum, lah kiraka wawi ulun  ayun uning, patilasan Tunggulwulung, inggih sumangga sang anom.
30
Kula  gadhah panyuwun, mrih lestantun tan sansayeng laku, kaparenga miturut  sacaraneki, kiraka hywa walang kalbu, datan nhyuwalani ingong.
31
Wus  kerit lampahipun, praptaing Kasanga tepinipun, sisi lebu kadi awu  warnaneki, tan wonten taru kang thukul, ngilak-ilak lir sinapon.
32
Ambanon  ingkang wangun, nangin mawi malengkong mangidul, kathal bolong kadya  lenge yuyu nenggih, katutub ing lebu lembut, tiniyub maruta katon.
33
Sadaya  sami ngempus, lir tutuban dene telengipun, wonten eleng sadandang  wirarireki, akumrangsang ungelipun, tinindakan alon-alon.
34
Wus  celak mendhak sampun, lambah bocong ngambah krikil alus, warna abrit  pethak jene anelasih, kendel sila dennya lungguh, rahadyan anulya  jongkok.
35
Mariksa  lebetipun, kileng-kileng kinclong warnanipun, kadya lingsah ingkang  sakalangkung wening, swara kumrangsang saya sru, wusing anom ngandika  lon.
36
Punapi  marmanipun, lampah bocong Ki Jatipitutur, matur kurmat reh wus celak  dunungneki, Prabu Anom Tunggulwulung, kadinanan ngelmi kaot.
*)Prayoginipun pripun
PUPUH XXVIII
ASMARANDANA
01
Kang  keling-keling kaeksi, gih punika netranira, lebu lir awu warnane, tilas  Linglung duk samana, pinantek tukukira, badan polah siti (m)bledug,  nanging boten saget kesah.
02
Krikil  warangan punika, kinarya nyemeng gegaman, toyane jram pecel winor,  paedah ambuhe mindhak, rahadyan sampun linggar, tan pati doh nulya  (n)dulu, sumber alit isi toya.
03
Nyemek-nyemek  raos asin, kidul teleng kawistara, wonten gumuk mujur ngilen, kilen  gumuk datan tebah, rawa lit kebak toya, ugi asin raosipun, ler kilen  teleng Kasanga.
04
Ara-ara  tinon asri, sitinipun bulak pethak, barenjul samya inggili, turut  pinggir pupundhungan, dumugi ing ler wetan, mathuthuk lir wisma pinggul,  benggan ajeg lir tinata.
05
Wetan  teleng tinon asri, waradin penuh thukulan, rumput merakan myang  mendhong, tekeng kidul totok arga, tinon asri kawuryan, nglilipur ing  tyas margiyuh, Ki Jati malih turira.
06
Ingriki  bilih marengi, mangsa katiga akathah sima sawer samnya manggon,  asring-asring ing Kasanga, sawiyaring telengnya, (m)bledhos swara kadya  gludhug, inggilnya ngungkuli arga.
07
Tinon  yektos (ng)gigirisi, gih punika kruranira, Tunggulwulung ingkang  manggen, ing sangadhaping Kasanga, ri wusnya mangun krura, kula gya  mariksa gupuh, punapa kawontanannya.
08
Yen  katinggl sanepaning, maryem badhe wonten perang, yen katingal kados  layon, badhe kathah tiyang pejah, sampuning amariksa, nunten lapur lurah  ulun, dhateng Methakan ing Sela.
09
Kang  nglajengken mring Mantawis, dene lepen cacah gangsal, kalamun rendheng  mangsane, punika dados satunggal, tinon wus kadya rawa, ila-ilane  rumuhun, para priyantun ing praja.
10
Saestu  yen boten kenging, anon telenge Kasanga, kilap panika wadose, yen  tinrajang kadrawasan, linungsur kang darajat, apes nandhang ing papa  gung, kinebat kang sandhan pangan.
11
Wus  tapis dennya ningali, Ki Jatipitutur lingnya, suwasi angaler ngilen,  punika tilas kadhatyan, nagri Mendhangkamulan ing Kasanga wus kapungkur,  praja tilasing kadhatyan.
12
Wujud  kantun siti mengir*), wus dumadya wanawasa, linajengken ing lampahe,  prapta ing sendhang Ramesan, wawengkoning Kradenan, caket satepining  ranu, tan patya lebet kang toya.
13
Kalangkung  gowaking galih, de toya sadendhang wrata, kadidene wedang umob, lir  umbul modal ing toya, gumledheg kang suwara, mancawarni toyyanipun,  pindha kukuwung wang kawa.
14
Ijen  jene wungu abrit, dadu jambon cemeng pethak, inginum anta raouse, semune  kaworan lirang, bentere sawatara, tan nailen-ilenipun, pindhane kadnya  balumbang.
15
Ki  Jati turira aris, punika sendhang Ramesan, lajeng tindak mring Carewek,  aningali gumuk karang, sanginggil gumung ingkan, eler miwah kilenipun,  wonten sumberipun samya.
16
Asin  raosing kang warih, punika kenging kinarya, sarem alembut warnine, semu  abrit asing kirang, wus terang pinariksan, lajeng mangaler sang luhung,  ing Mendhikil kang sinedya.
17
Prapteng  gumuk datan inggil, nulya samya inginggahan, sampun rawuh ing tepine,  lir sumur bunder apapak, nanging tan isi toya, endhut cuwer ngantya  penuh, papak lambe ambaludag.
18
Lir  pendhah umob swareki, benter namun sawatara, wonten ilen-ilenane, mili  we asin raosnya, gya anon sumur tiga, lir wedang panas wenipun, kang  kadya sumur lit kathah.
19
Toyanipun  ugi asin, sadaya kenging kinarya, sarem kadi ing Carewek, kawratan wus  pinariksan, ing Bledhug tinindkan, saking mandrawa kadulu, anon ara-ara  wiyar.
20
Ki  Jati turira aris, punika kang katingalan, ing Bledhug Kuwu wastane,  kalangkung ageng tinimbang, lawan kang kathah-kathah, mawi suwara  jumegur, tan kendhat dalu raina.
21
Kiraka  suwawi kampir, nedha andika aterna, Ki Jati sandika ture, saking  Mandhikil wus linggar, tan dangu lampahira, prapteng talatahing Kuwu,  katon trang umbuling lahar.
22
Ra-ara  wangun pasagi. kandeg ing tep rahadyan, milih siti ingkang atos, kang  empuk tan kenging kambah. rahadyan kagawokan, miyat ing tengahin  Bledhug, malembung kadi plembungan.
23
Palendhungnya  langkung inggil, dupi wus katon gya pecah, jumegur asru swarane, kadya  maryem kapiyarsa, medal kumukus pethak, wusing (m)bledos ngandhap  mlendung, kadya ing suwaunira.
24
Lumintu  datan sarentil, swaranira nora kendhat, ki Jati umatur alon, malendhung  tuwin nyuwara, tan lereh dalu rina, katiga rendheng keh jawuh, tansah  makaten kewala.
25
Punika  kang alit-alit, ungelipun datan sora, ugi makaten patrape, upami wonten  kang ngambah, lajeng ambles kewala, sangking lebete kalangkung, sampun  estu lajeng sirna.
26
Ki  Jati ngupados deling, tinalorongken manengah, deling ambles datan katon,  lah punika deling ical, tri ari yen kleresan, deling mumbul katut  lumpur, malesat dhawahnya tebah.
27
Kadhang  kalajeng tan mijil, sadaya kang kauningan, punika patilasani,  Tunggulwulung Linglung Jaka, pramila ingaranan, Kuwu nalika menthungul,  wonten ngriki kantos**) lama.
28
Siniweng  naga sabumi, kacariyos ngantos krama, ugi angsal putri Blorong,  rahadyan kasengsem miyat, kaelokaning Sukma, sru nalangsa mring Hyang  Agung, dene sipate kang ula.
29
Maweh  tilasing nagari, kalimput ngulati kadang, dadya gandrung ing Hyang  Manon, katongton murah asihnya, aris wijiling sabda, kiraka Jatipitutur,  punapa sun walesane.
30
Tanduk  tanggaping kang esih, dhumateng badan kawula, datan mantra lagya nembe,  de arsa asung carita, nedahken kanyataan, patilasaning ngalung,  lalakyan jaman kadewan.
31
Mila  sru panuwun mami, winantu ing suka rena, myang den agung aksamane, ing  mangkya ulun paliman, andumugekken lampah, kantun manggiya rahayu,  jinurunga ing sakarsa.
32
Tur  wangsulan sami-sami, kula sakalangkung bingah, de paduka karsa nyruwe,  mugi raharja ing lampah, anulya sasalaman, Ki Jatipitutur mantuk, radyan  lajeng lapahira.
33
Kadalon  anulya mampir, dhumateng ing dhusun sela, (n)ujug ing pajurukuncen, ki  jurukunci atanggap, manggih kang dhatengan, alon wijiling kang wuwus,  rehning wus ciklu manira.
34
Aywa  dadi tyasireki, manira datan akrama, marang sariranta angger, mangkya  ingsun nilakrama, ing endi kang pinangka, lawan sapa kakasihmu, mring  ngendi kang sira sedya.
35
Rahadyan  umatur aris, jeng kyai dhawuh paduka, saestu sampun lenggahe, ngasepuh  maring ngamudha, ngoko tan mawi krama, de lamun adangu ulun, pun santri  mg dhukuh wetan.
36
Kula  mangkya nyuwung uning, ingriki namaning dhekah, jeng kyai lon andikane,  eh kulup kawruhanira, ing kene krajan Sela, kabawah marang Mantarum, ya  ingsun ingkang rumeksa.
37
Luluhurira  narpati, paparab Kiageng Sela, ingkang sumare ing kene, aranku Ki  Pariwara, kaprenah buyut lawan, Kyageng Getaspandhaweku, mamanising  tanah Jawa.
*)Mengir, saking menger = katingal ageng inggil kados redi.
Kadadosaken mengirsupada wanda pungkasanipun i kangge netepi guru lagunipun tembang Asmaradana.
**)Prayoginipun ngantos
PUPUH XXIX
DHANDHANGGULA
01
Lah ta  kulup sira ywa kuwatir, sayektine ingsun nora samar, marang lalakonmu  angger, reh ginadhan sireki, cacalone janma luwih, kang jenjem manahira,  aneng wismaningsun, upama sira babakal, karya wisma ingsun amunjurung  tali, rahadyan duk miyarsa.
02
Asrep  ing tyas aturira aris, dhuh pukulung ragengsun sumangga datan lenggana  dasihe, mangkana sang abagus, ngantya lami neng Sela kampir, anujwari  sajuga, sabakdaning Subuh Kyai Ageng Pariwara, lenggah srambi rahadyan  tan kenging tebih, jeng kyai angandika.
03
Eh ta  kulup den kaparang ngarsi, kawruhanmu nora endah-endah, ngelmu kan sun  imanake, amung piwulangipun, eyang Kyageng Sela linuwih, nyatane wus  anyata, cihnane linuhung, kang mengkoni tanah Jawa, datan liya tedhake  Jeng Sela Kyai, lan iki piyarsakna.
04
Papali  ki ajinem (m)berkahi, tur salamet seger kawarasan, pepali iki mangkene,  aja agawe angkuh, aja ladak aja ajail, aja manah surakah, lan aja  calimut, lan aja guru-aleman, aja jail wong jail pan gelis mati, aja  amanah ngiwa.
05
Aja  saen den wedi ing ngisin, ya wong urip hya ngegungken awak, wong urip  pinet baguse, aja lali abaguse, bagus iku dudu mas picis, pan dudu  sesandhangan, dudu rupa iku, wong bagus pan ewuh pisan, sapapadha wong  urip pan padha asih, perak ati warnanya.
06
Aja  mangeran ing emas picis, aja mangeran ing busanaendah, ja mangera  kabisane, aja mangeran ngelmu, aja mangerah teguhreki, aja mangeran  japa, aja (ng)gunggun laku, kabeh iku siya-siya, aja sira (ng)gugoni  kawruhireki, lah iku mundhak apa.
07
Angkuh  kang jujur arahen kaki, aja sira angarah keringan, saidhep-idhepe  dhewe, ewuha wong tumuwuh, dipun bisa ngenaki ati, atine sapepadha,  nepsumu ja turut, iya nepsuning manungsa, kudu kedhep iya sapadhaning  janmi, iku sira sirika.
08
Aja  sira padhakaken jalmi, aparentah marang sato kewan, kebo sali lan ayame,  aja sira prih weruh, kaya uwong pan nora bangkit, aja kaya Samerta,  kebone pinupuh, kinen sinau memaca, wus pasthine kebo sapi nora bangkit,  mulane awuwuda.
09
Ayam  giusah munggah ing panti, atanapi yen amangan beras, kebat ingadhangan  bae, iku wong ngolah semu, yen tetangga sarate kaki, yen layak ingaruhan  aruhana iku, yen tak layak enengena, apan iku mangan segane pribadi,  pan dudu rayatira.
10
Yen  mungguha rayate pribadi, kapenakna ya rayate ingkang, nglarakena ing  atine, aja sira mumuruk, tuduhena yen dereng sisip, yen usiw katiwasan,  aja sira tutuh, kelangan wuwuh duraka, aja sira ngumpah-umpah iku kaki,  lah iku mundhak apa.
11
Den  aolah mungguh ing ngaurip, aja nganggo ing sadaya-daya, wong urip pan  akeh lire, dipun ngidhep pakewuh, weuh iku tgang prakawis, pakewuh ing  pangucap, ewuh ing pandulu, ana ewuh jroning nala, yan katara alane  sajroning ati, pan dadi pangraita.
12
Dipun  wuruk lan idhep ing ngisin, isin iku pan kalih prakara, dhingin isin  Pangerane, dene ping kalihipun, dipunisin padhaning janmi, en kalakona  wirang, isin temahipun, dipun atu akakadang, pawong sanak aja pegat  ngati-ati, yen cala dadi ala.
13
Aja  sira wani-wani, maring sanak pawong kandangira, aja sira watak dahwen,  aja watak akmingsun, aja watak ngaruh-aruhi, aja awatak ngiwa, ala kang  tinemu, sing sapa atine ala, nora wande ing benjing ing nemahi, wong ala  nemu ala.
14
Sing  sapa andhasaraken becik, nora wurung benjing manggih arja, miwah  saturun-turune, yen turune dadya gung, amarentah wong cilik, aja  sadaya-daya, dadi nora tulus, saenggone dadi cacat, aja nacah parentah  marang wong cilik, aja sawiyah-wiyah.
15
Aja  sira watak wani-wani, aja sira watak ngajak tukar, aja ngandelken  ngelmune, aja sira anguthuh, aja ladak aja ajali, aja doyan sembranan,  dadi wong katutuh, niniwasi dadenira, lamun ana wong patrap dipun awedi,  malati iku uga.
16
Balik  iku lah tirunen kaki, janma patrap sira kasihana, sira arahe sawabe,  amberkati wong iku, nora kena yen dipun aji, tirunen lagi wenang,  pambekane alus, yang angucap ngarah-arah, yen alungguh nora pegat  ngati-ati, nora sawiyah-wiyah.
17
Aja  sira watak suka singgih, aja sira kapengin kedhotan, kukuwasan*)  apadene, aja sira madhukun, aja (n)dhalang aja agrami, aja budi sudagar,  aja budi kaum, janjine jakat lan pitrah, dipun suda padune cukeng  abengis, iku kaum kang nyata.
18
Kumbah  surahkah cukil adulit, iya jajal melanten amerna, iku nora dadi gedhe,  siriken ujar iku, iku wong urip dipun taberi, mapan katemu basa, pan  katemu semu, mapan katemning ulat, atining wong kang ala lawan kang  becik, kang jujur anteng cahya.
19
Kawruhana  janma kang kakiki, iya iku guruning pandhita, nora katara lakune, tan  cegah tan asaum, nora tapa nora amutih, sangkig prayitnanira, ing  ngawake iku, prayitna ing ngawakira, mung sanake punika kan denwedeni,  sanake iku jagat.
20
Banyu  bumi agin lawan langit, srengengene kalawan rembulan, punika sanake  kabeh, janma kang salah iku, iya iku strune nenggih, mulane ana lara,  walat kang tinemu, janma kang jujur punika, lanang wadon punika sanake  nggih, mulane ana sawab.
21
Kang  satengah kang durung sayekti, dennya amrih budi kapandhitan, pijer  wayang-wuyung bae, tansah ngalor angidul, mendhak-mendhak saba wong  sugih, ngelmu ginawa kasab, angucap (ng)gadebus, angincih darbeking  liyan, nora weruh awake kalebon eblis, dadi wong ngayawara.
22
Apan  cegah jenengi ing ngelmi, kang asaba omahe nangkoda, miwah matri  apadene, lumuh kena ing siku, dennya amrih budi lestari, budi marang  kararjan, ing beka tan keguh, bekane ing wong ngulama, pan kapencut  marang ingkang melik-melik, dadine ngandhap-andhap.
23
Yen  ngantiya kasor ingkang ngelmi, pan duraka jenenenge ngulama, wus awak  buta ragane, wus linglung kadalurung, nora weruh kena pirangi, tansah  karya paekan, dennya anjejaluk, datan etang jewa raga, (m)bagentusi  dennera amrih, pakolih sumrenuh lakonira.
24
Anglakoni  karyane kang den prih, iku sing wong tan welas ing badan, tan asih  maring jisine, dadi banjur kalurung, nora antuk wahyuning ngelmi, lakune  lalawora, tansah wayang-wuyung, mung melik ingkang denancab, durung  weruh ing laku sikuning ngemi, polah sadaya-daya.
25
Pangrasane  wus bener kang ngelmu, tan angrasa lamun ingeseman, marang sujanma kang  luweh, iku wong kumprung pengung, nora wikan kena piranti, sabab wus  ati setan, lakune wus liwung, pangrahe tan riringa, wus kalulun atine  kalebun eblis, wus tan wruh isin wirang.
26
Apan  katah pan bekaning urip, dennya amrih pakolihing badan, amrih  kuncara,ngelmune, meleke saben dalu, tansah agung acegah bukti,  andhap-asor kalintang, eseme lir dhuyung, ulat manis ati sabar, dadi  gendam eseme guna piranti, enenge salah cipta.
27
Tan  mangkana ingkang sampun yekti, badan iku ingkang kadi sarah, aneng  lautan pamane, apa umbaking banyu, sarah anut umbaking warih, iku jeneng  kawula, tan darbe kersaku, angin purbaning Pangeran, tanpa karsa  kalimput marang sawiji, wus kerem ing sagara.
28
Nora  nana denparani ati, pan wus liwung tan darbe Pangeran, pan suwung jati  kawruhe,d atan dulu-dinulu, tan tumekeng suwung, sasolahe pan asamar,  nora nana kang kaduga anampani, liwung kadya wong edan.
29
Wusing  tamat radyan anungkemi, paadanira Kyageng Pariwara, waspa dres alon  ature, dhuh babo sang awiku, karsa paring pituduh jati, asru panuwun  amba, kapundhi ing ngembun, amung pangestu paduka, kasawaban ing sabda  ri sang linuwih, tumancepe ing nala.
30
Kyai  agen angandika malih, patilasani dibyane Jeng Sela, teka ing samengku  iseh, deongenge dung ing dangu, panamare laku tatanin, sasawah nanem  gaga, ing sawiji wektu sabadane salah ngasar, marang sawah papculira  cinangkung, praptaning pasabinan.
31
Gya  tumandang wus adatireki, lajeng mendhung riwis-riwis jawah, kagyat  gebyaring caleret, kiyageng maos gupuh, subganalah nulya kaeksi,  kaki-kaki lumarap, jeng kyai tan keguh, tan samar marang kang prapta,  pinurugan pandhapan dennya lumaris, si kaki wus cinandhak.
32
Wus  kaasta jumegur swareki, ingkang pindha kaki-kaki ika, apan gelap  satuhune, ingerut gandri gupuh, kyai sangsul anambut kardi, si gelap  gedabigan, datan bisa ucul, sabanjure katur sultan, ing Bintara bajur  kinunjara wesi, tan lami ana prapta.
33
Nini  nyangking beruk isi warih, amurugi maring pakunjaran, toya gya  siniratake, wus sirna kalihipun, tinggal swara anggegetari, kuncara wesi  rusak, mawut anggalepung, dadya kondang sanagara, Kyageng Sela sanyata  lamun linuwih, bisa anyekel gelap.
34
Uwit  gandri kang kaanggo (ng)godhi, suwisa gelap katur nata, dadya murub  menter-menter, kiyaging adhadhawuh, marang putra wayah myang abdi, padha  sira (n)jupa, geni gelap iku, anggonen dadamar omah, insa Allah  kinajrihan gelap yekti, marma ywa pejah-pejah.
35
Ing  saiki geni gelap maksih, ingkan durung katular-tumular, aneng pasareyan  (ng)gone, apan ta saben taun, manira tur tularan api, kuncuk jeng sri  pamasa, maring ing Mantarum, sawah kang ginarap swarga, mung sabau catur  kedhok den arani, si Mendhun mula aran.
36
Awit  saben (ng)garap kangjeng kyai, banjur mendhung orng kedhokan aran,  Subganalah katelune, Pandhapan arannipun, pate kedhok ing Gelap nami,  katelah tekeng mangkya, gandri kant katanu, sirna namun lemahira,  ngilak-ilak tan thukul katang myang teki, iku caritanira.
37
Anjabane  ngolah tegal sabin, marang kulawangsa amumulang, agawe bleng myang  uyahe, gawe nila nanandru, kembang pulu kalawan maning, anandur kang  jujutan, marna benang alus, sutra kang bakal kinarya, cindhe gedhog  ngadani yasa dhapuring, omah joglo limasan.
38
Nganggit-angit  coreke kang lurik, tuwuhsela telu lema lawan, badra sapanunggalane,  abah-abah pinatut, winuwuhan wangunaneki, anguripken petungan, sing  pasiten iku, nguni kang miwiti etang, sri Manuhun nanging tan ana  pradali, dadi wite kalakyan.
39
Eyang  Sela tumeka saiki, lemah dadi sanggane wong juga, ingaran sabau kae,  gawene wong ro iku, diarani cacah cakikil, gawene uwong patap, ngaran  cacah sak-jung, piridan petungan jagal, sampil siji sabau swi sampil  kikil, sampil pat sak-jung rannya.
40
Dhasar  sugih kawigyanyan myang lantip, ya Ki ngadurakhman Kyageng Sela,  prayoga predinen jebeng, grendanen tyasireku, sukur bage bisa nyeplesi,  orane mung mirida, lalabuhanipun, kajabeku patilasan, angratani dadi  wasiyat narpati, sri nata Ngeksiganda.
*)Kukuwasan, bokmanawi sami kaliyan kumawasaPUPUH XXX
S I N O M
01
Mangkana  tyasira radyan, dupi myarsa andikaning, Kyai Ageng Pariwara, dadya supe  dhahar guling, ing nala kang kalingling, amung shira Hyang Agung, rum  manis aturira, kiyageng lamun mareng, dasihipun arsa dumugekken lampah.
02
Paduka  kantuna arja, kawula anyuwun pamit, iya kulup kywa pepeka, ingsun  nyangoni basuki, sausnya mangenjali, sasalaman nulya mundur, Gathuk  Gathak pamitan, wus linilan kalihneki, ruruntungan tan pisah lan  bendaranya.
03
Nagel  ngilen lampahira, wanci ngajengaken Mahrib, prapteng Gubug padhekahan,  anon urube kang api, neng satengahin sabin, kinubeng ing mandera gung,  ana panti kang celak, dhapur masjit caket api, Dhatuk Bahni ing Marapi  kang atengga.
04
Wikan  lamun kadhatengan, gya mijil sangking ing panti, wus pinanggih lan  rahadyan, samya sasalaman katri, Ki Dhatuk ngandika ris katabetan  ingkang rawuh, sru begja kemayangan, de ana kan sudi kampir, mring  asonya mas putu pundi pinangka.
05
Lawan  sinten kang sinambat, paran kang sinedyeng kapti, rahadyan matur  prasaja, kula nama Jayengresmi, de rencang kula kalih, pun Gathak lawan  pun Gathuk, ing Giri kalairan, tan ana sinedya ngati, ambalayang  ngupadosi dwi kakadang.
06
Mankya  pados pasipengan, pramila bilih marengi, nyukeri jogan paduka, ki  Dhatuk latah dennya ngling, dhuh babo wong asigit, sampun kang sipen  sadalu, sanadyan salaminya, kepareng dhdhekan ngriki, iba-iba pun kaki  bingah ing nala.
07
Wawi  ngambil toya kadas, sedheng wancinira Mahrib, wusing kadas Gathak adan,  paragat wektu Mahribi, pujiyanira ngenting, sampet wektu Ngisanipun,  wusing bakda salaman, lajeng lalenggan sami, wus ambanjeng sugatanira ki  wisma.
08
Liwet  ketan panggang ayam, cinocoh ing santen kanil, winadhahan panjang ilang,  sambel windu saking miri, linemeng bumbung peting, gula siwalan neng  ngempluk, wedang sekar sridenta, Ki Dhatuk wacana manis, wawi bagus pun  kaki atur sugata.
09
Supala  amung kinarya, lumayan aywa kalantih, pikantuk denira dhahar,  linorotken marang abdi, rahadyan matur aris, ing waku kula andalu, siti  resik arata, gumrebeg umedal agni, urubing ingkang acelak bantala.
10
Warni  ijen biru jenar, kadya sekaran tinepi, inggiling urub saasta, wiyarira  sawatawis, caket lawan Marapi, wonten sela alus bagus, kadnya umpaking  wisma, Ki Dhatuk ngandika manis, ing marapi kang murub mangalat-alat.
11
Wawi  bagus pinurugan, wus medal sangking ing masjit, kerit ki Dhatuk  lampahnya, prapta celaking Marapi, Ki Dhatuk malbeng geni, inguseg suku  wus lampus, peteng dhedhet limentan, tan dangu gya murub malih, Dhatuk  Bahni wacana lah Gathuk Gathak.
12
Usegken  suku lir ingwang, lamun mengko uwus mati, suleten  sadhengah-dhengah,pasthi banjur murub maning, Gathak Gathuk turneki,  dede pabenan (m)bah Dhatuk, latu kangge mainan, jabakneya yen kiyai,  bilih kula yekti kobar dadi wangwa.
13
E ta  mara lakonana, Gathuk jinorogken aglis, mring Gathak dhawah kalumah,  cakekalan dennya tangi, tan ana raosneki, wus inguseg suku lampus,  sinulet nulya gesang, nahan toyanira sabin, gya ngelebi sadhengkul  lebeting toya.
14
Latu  maksih kantar-kantar, aneng sanginggiling warih, rahadyan asru kagagas,  kaelokaning Hyang Widhi, kadiparan kiyai, mila bukani rumuhun, ki Dhatuk  Bahni lingnya, wikana ulun tan ungin, watu umpak punika duk jaman  Demak.
15
Adegen  mesjid ing Demak, para wali kang ngadani, Jeng Susunan Kalijaga,  kabageyan umpak siji, pambekta prapteng ngriki, sampun wanci bagda  Subuh, ing kangka datan kena kebyaran adeging mesjid, gya tinilar  mangkya dadya panengeran.
16
Sinten  wonge kang kuwawa, anjunjung sabari linggih, kalakyan sasedyanira,  suwasi yen badhe nyobi, rayadyan turireki, amung ngalap berkahipun,  linuhung waliyolah, kaecan dennya ningali, ing Marapi dadya tan wangsul  mring wisma.
17
Rahadyan  matur tatanya, kula mireng caritaning, ing nagari Ngeksiganda,  telenging karaton Jawi, yen arsa mangun kardi, amikramaken sunu, deging  tarub ingetan, myang wulannya kedah milih, ing karesmen pados dinten  kang prayoga.
18
Inggih  bagus dhasar nyata sanadyan ing dhusun ngriki, saben ayun darbe karya,  sami tatanya mring mami, wulan ingkang prayoga, kangge andhaupken sunu,  priridan sangking Arab, miwah etangipung Jawi, pan kinumpul supadi  manggih widada.
19
Adeging  tarub punika, pepitu etanganeki, awite tanggal sapisan, tarub-tarub den  wastani, tanggal kapindho nenggih, selumang-lanang, rannipun, ping tiga  saluman-dyah, ping pat rahayu basuki, kaping lima rahayu salamet tama.
20
Kaping  nemme pati-lanang, kaping pitu pati-estri, ping wolu sami sapisan,  tekeng sapiturutneki, mangkya ingetan sami, kaping sapisan ping wolu,  limalas rolikur lan, sangalikuripun nenggih, pan ingaran tarube sri  naranata.
21
Pindho  sanga ping nembelas, telulikur tridaseki, salumah-lanang ingaran, ping  tiga sadasa tuwin, seluman-wadon puniku, kaping pat ping sawelas,  wolulas salawe nenggih, apan sami rahayu kawilujengan.
22
Kaping  lima kaping rolas, sangalas nemlikur sami, rahayu tur karaharjan, ping  nem ping telulas, tuwin, dwidasa saptakuring, ngaran pati-lanang iku,  ping pitu ping patbelas, slikur wolulikur sami, ingaran pati wadon tan  prayoga.
23
Samonoku  nyingkirana, sangar naas gung myang tali, wangke sampar-wangke miwah,  dhendhan-kukudan lan mawi, sangat adegireki, ingkang saka awitipun,  sarat nganggeya saka, dhadhap srep teka satunggil, kang prayoga  prayogine den anggeya.
24
Satunggal  tarubing-nata, ageme jeng sri bupati, kalihe seluman-lanang, tri  seluman wadon nenggih, sami datan prayoga, kaping sakawan rahayu, kaping  gangsal raharja, punika sami prayogi, kaping nenem pati-jaler tan  prayoga.
25
kaping  sapta patining-dyah, ugi tan sai pinanggih, petang sapta yen sri nata,  kang kagem petang stunggil, snese narapati, petang sakawan puniku,  kalawan etang gangsal, punika salah satunggil, kang kinarsa dene wulane  kawinan.
26
Wonten  sabdaning Utusan, adhawuh ing para mukmin, den padha angawruhana, ing  wong salaka-rabi, amanggih papa nengggih, lamun awon wulanipun, raharja  manggih suka, lamun sasinipun becik, prayogine den sami nyumerepana.
27
Lamun  Mukaran dohane, tyang akawin laki-rabi, utangan nglamatira, wulan Sapar  tan prayogi, wikana kang pinanggih, Rabingulawal kang tensu, pejah salah  satunggal, yen wulan Rubingulakir, manggung runtik tansah arebat  suwala.
28
Ing  wulan Jumadilawal, antuk druhakeng Hyang Widdhi, tur akerep kapandungan,  jinahan pakartineki, yen kawentara yekti, anandhang wiwirang gung,  jumadilakir wulan, sugih emas lawan picis, wulan Rejeb kadaden anak lan  dunya.
29
Ing  wulan Sakban raharja, sakgawene nemu becik, wulan Ramelan duraka, kathah  pandameling eblis, wulan Sawal tan becik, geringan pakantuking, ing  wulang Dulkangidah, asring susah ngliliwati, wulan Besar raharja  sasolahira.
30
Ing  karesmen winarna, kang pangandika Jeng Nabi, salalah ngalehi salam,  rikala amituturi, dhateng kang putra estri, Siti Patimah kang luhung.  lawan dhadhawuh marang, putra mantu Sayit Ngali, rayiyalahu ngnhu babing  masalah.
31
Ing  wong karesmen lang garwa, eh Ngali pitururmami, aja sira asanggama,  tanggal pisan lawan malih, ing wekasaning sasi, nora becik karonipun,  iku kalamun dadya, anake metoni cilik, lawan aja asanggama tanpa damar.
32
Lamun  dadi sutanira, balilu kurang kang budi, lawan aja asanggama, dina Akat  lang wengining, iku kalamun dadi, pan durjana larenipun, lawan aja  sanggama, ing dina Rebo tan becik, lan wengine yen dadi bocah cilaka.
33
Lawan  aja asanggama, wektu pajar nora becik, lamun dadi larenira, tuna-liwat  lareneki, lan aja karon resmi, nalika tangangeiku, kalamun dadi bocah,  dadi juru teluh ugi, lawan aja sanggama malem riyaya.
34
Wit ri  lamun dadi bocah, duraka mring bapa bibi, lawan aja asanggama, maleme  riyaya iki, Besar kalamun dadi, bocah siwil adatipun, lan aja asanggama,  ingkang katlorong Hyang Rawi, lamun dadi bocah adoh begjanira.
35
Lan  malih ada sanggama, sambi ngadeg datan becik, mangka lamun dadi anak,  duwe lara beser benjing, lan aja karon resmi nalikane dina saptu, miwah  ing wengenira, iku lamun dadi bayi, balaine adate kalebeng toya.
36
Lan  aja sanggama sira, sambi ngusapi pareji, miwah dakar iku aja, ngusapan  lawan jejarik, mangka kalamun dadi, bocah kurang budinipun, lan aja  asanggama, sambil rarasan tan becik, mapan bisa adate yen dadi bocah.
37
Lawan  aja asanggama, kalawan nginali parji, lamun dade larenira, wuta adate  punika, lawan aja karesmin ning ngisor wit-witan iku, kang piangan  wohira, yaiku kalamun dadi, larenira panggaweyani niaya.
38
Lawan  aja asanggama, malem Barahat tan becik, lamun dadi larenira, anandhang  lara tan mari, iya kalawan malih, aja sira karon lulut, ana ing  panginepan, puniku kalamun dadi, larenira abanget cilakanira.
39
Lan  aja sanggama sira, anuju kelling pawestri, lamun dadi larenira, budhug  adate kang sakit, poma Ngali den eling, imanena tuduhingsun, eh Ngali  sanggamaa, malem Senen iku becik, myang rinane apan iya becik uga.
40
Lamun  dadi larenira, wateke saregep ngaji, lawan sira sanggama, ing malem  Salasa becik, lawan raina becik, lamun dadi bocah iku, akeh wong ingkang  tresna, lawan sanggama Ngali, malem kemis miwah arainanira.
41
Lamun  dadi sutanira, pan akeh begjanireki, lawan sira sanggama, ing malam  jumungah becik, nadyan raina becik, lamun dadi sutanipun, apan sugih  kabisan, lan sanggamaa sireki, sadurunge lingsire dina Jumungah.
42
Utawa  ing Kemis dina, karone iku ta becik, yen dadi atmajanira, dadi pangulu  lan malih, sinunataken ugi, ing wong asanggama iku, yen amaca bismilah,  hirahman ya nirakimin, lan amaca tangawut pan sunat uga.
43
Yen  tan amaca bismilah, nalika arep sahwati, lamun dadi sutanira, balilu  tuna kang budi, mila yen arsahwati, derenge (ng)genne tangawut, menek  ana panjanmaning, satru kang den kawruhi, dipun sami ngestokken Kadis  asmara.
PUPUH XXXI
ASMARANDANA
01
Lan  wonten kaol mengeti, lamun arsa sacumbana, lan garwa miwah salire,  anyingkirana ing dina, Sabtu Legi ya aja, akaresmen dina iku, awon adate  yen dadya.
02
Larene  agadhah sakit, edan kang wus kalampahan, ana dene panyirike, namun  sadalu sasiyang, lan maningge ya aja, acumbana wengenipun, ingkan  garebeg titiga.
03
Punika  pan boten becik, lamun dadi larenira, sok gadhah ayan sakite, lan malih  lamun cumgana, lan wanodya kel aja, lamun dados putranipun, sok  (ng)gadahi sakit barah.
04
Poma  den sirika ugi, yen wong wadon lagi tarab, aja sok gramah-gurameh, yen  durung adus-kel aja, den ajaka cumbana lamun sanget karsanipun, pan  angur goleka liya.
05
Dene  ta ing Tumpak Manis, lan bengi garebeg tiga, singgahana aywa supe,  kalamun sangeting karsa, teka den betahena , kadar pira mung sadalu, yen  wis bakda cumbanaa.
06
Kadi  ta ing Tumpak Manis, sadalu lawan sasiyang, betahena aywa supe, kadar  pira mung sadina, sawengi ngarah apa, ujubena tapa iku, acacegah lan  wanodya.
07
Poma  den enget hya lali, hywa na ingkang sembrana, ing wong tuwa wawalere,  lan wajib ingestokena, mangsa silih doraa, lan wonten utaminipun, lamun  arsa acumbana.
08
Mapan  ta kedah amilih, nujua dina Jumungah, kan tan sangar taliwangke, miwah  naas singgahana, kresmena bakda Luka, yen wus kremen banjur adus. lajeng  metoni Jumungah.
09
Punika  kalamun dadi, tuture wong tuwa-tuwa, kathak kang dadi masaleh, miwah ta  dadi ngulama, tanapi keh kabegjan, titi tamat serat pemut, prayoga den  estokena.
10
Gathak  Gathuk angaligik, ngacemut ririh rarasan, Gathuk Ki Dhatuk ature, mring  bendara bab ngononan, gek basa banjur ora, Gathuk ririh sauripun, ah  wong tuwa iku lumrah.
11
Cobak  dak matur kiyai, kajaba kang wus kawedhar, apa iya ana maneh, sirikan  anon-anonan, Gathak majeng manembah, rereh ririh dennya matur, dhuh jeng  kyai apuranta.
12
Kamipurune  pun patik, anyuwun ing sarerepan, kajawi kang wus kawiyos, sirikanipun  sanggama, Ki Dhatuk mesem nabda, kacung sireku amencul, ana maning  linarangan.
13
Wong  tuwa kang duwe peling, pan kinon anyinggahana, sacumbana lawan lonthe,  miwah lan taledhek apa, den ajak sacumbana, apan awon tilasipun, akathak  kang sakit bengan.
14
Lan  kaping kaliye malih, asring sakit rajasinga, tin cramumuh tin panyenyh,  yen munjuk dhateng ing grana, sak piseg aditira, yen mring netra dennya  munjuk, akathak kang sakit wuta.
15
Ana  malih den singgahi, sacumbana lan wanodya, ingkang awon pratingkahe,  sanadyan silih ayune, tan pantes kinedanan, yen wus lara keh kung nutuh,  nora nana wong ngalema.
16
Nadyan  awona sathithik, kalamun antuk parawan, mundhak ngencengake otot, pae  lan randha walunjar, tan mundhakake kuwat, namun mirit sampun gambuh,  nora susah ajar-ajar.
17
Ewa  mangkono tan keni, sasenenganing manungsa, pan septane dhewe-dhewe, ana  kang septa mring randha, saweneh septa wlanjar, saweneh ana wong iku,  aremah rabi planyahan.
18
Ciptane  sajroning ati, rina wengi digarapa, pradene yen ngadeg puleh,  nyambuta-gawe sadina, sak jampel mangsantuka, naledhek bae sabedhug,  oleh kaya telu tengah.
19
Miwah  lamun sanja bengi, tan susah nganggo pawitan, mung kembang pupur lan  borehe, tapi kemben sok gantraa, prandene keh kang tumbas, pan ora  nganti sabedhug, oleh opah limang uwang.
20
Mulani  ana nglakoni, ambuwang isin lan wirang, arabi tledhek myang lonthe, pan  ora kena den wora, karepaning manungsa, apan ta sampun asnapun,  warna-warna beda-beda.
21
Warna-warna  rupuaneki, beda-beda karepira, nora kena den worake, seje badan seje  nyawa, yen kena den wor-wora, kang tunggal badan nyaeku, prandene tan  rujuk karsa.
22
Kaya  mata lawan peli, miwah weteng lawan badan, duse karep dhewe-dhewe,  matane arsa anendra, wetenge arep mangan, badane banget alesu, peline  angajak sahwat.
23
Lawan  ana peling maning, yen marengi acumbana, mring garwa miwah selire, aja  ngakehken gendhingan, tan becik lamun dadya, anggalidig larernipun,  adate kang wus kalakyan.
24
Lan  kaping pindhone maning, kalamuning jroning cumbana, aja sinambi  calathon, guguyun kang tan prayoga, tan becik lamun dadya, larene juweh  punika, wartane wong tuwa-tuwa.
25
Mulane  lamun katermin, aja ngakehken guguyan, balik den resik badane, miwah to  ingkang sandhanan, wewangi angganggoa, lamun dadi larenipun, resikan  penet kang warna.
26
Lan  maneh jroning sahwati, kalamun kapentut ala, yen dadi nyengit anake,  mulane kalamun sahwat yen ngentut den pocota, lamun entut uwis metu,  nggal nuli balekena.
27
Mula  aja akaresmin, yen durung resik kang badan, tangi turu banjur nyemplo,  nora nganti mring pakiwan, yen dadi tan prayoga, larene warnine kethuh,  caroba ala kang warna.
28
Lawan  ana peling maning, kalamun mentas amangan, aja sok banjur karesmen, yen  durung medhun kang sega, ala maring sarisa, anduweni lara watuk, punika  kang wus kalakyan.
29
Dene  ta gampanganeki, kalamun mentas mamangan, maksih karasa warege, aja  wani-wani sahwat, yen weteng durung lega kalamun dreng karepipun, teka  betahna sadhela.
30
Gathak  Gathuk duk miyarsi, gumuyu alatah-latah, kapingkel atos wetenge,  tahadyan mesem kewala, Dhatuk Bahni lingira, kacung niku pancen saru,  apan (ng)gunem calemetdan.
31
Rahadyan  ngandika aris, punika langkung prayoga, wantah datan mawi tedheng,  dados gampil linampahan, suwasi linajengna, rehning ing ngagesang tamtu,  Ki Dhatuk (n)dheku turira.
32
Utami  bilih nyingkiri, naas Nabi wulan Wura, tanggal kapng triwelase, punika  nalikanira, Nabi Brahin binakar, kaping tiga wulan Mulud, tinurunken  Nabi Adam.
33
Nembelas  Rabingulakir, Nabi Yusup nalikanya, linebetaken sumure, Jmadilawal ping  gangsal, Nabi Nuh nalikanya, kinelm ing jagadipun, ping salikur wulan  Siyam.
34
Kalamolah  Musa Nabi, kala kalebeng samodra, Sela kaping pitulikure, Nabi Yunus  nalikanya, inguntal ulam lodam, Besar ping salawe nuju, Jeng Nabi  kakashing Hyang.
35
Muhkamad  ingkan sinelir, kunrutug sela wong kopar, rentah kakalih wajane, dene  kang kikrik ing petang, saben wulan kewala, asal tanggalnya panuju,  kaping tiga kaping gansal.
36
Triwelas  nembelas tuwin, salikur patlikur lawan, tanggalipun ping salawe, sami  cinegah sadaya, kalawan sangar wulang, sataun pinara catur, Pasa Sawal  Dulkaidah.
37
Jumungah  sangaraneki, Besar Sura lawan Sapar, Saput Akad sangarane, Mulud  Rabinulakir myang, wulan Jumadilawal Senen Slasa sangaripun, Madilakir  Rejeb Ruwah.
38
Sangaripun  Rebu kemis, Rahadyan aris ngandika, kathah temen petange yen makaten  kedah tamban, datan kenging dinadak, o bagus (ng)gih-enggihipun, kendel  dennira raosan.
39
(n)Dungkap  wanci pajar gibid, samya ngambil toya kadas, nulya prelu wektu Suboh,  paragat dennira wekdal, rahadyan ngaraspada, dhuh Ki Dhatuk Bahni tuhu,  asung kakanthining gesang.
PUPUH XXXII
K I N A T H I
01
Kalangkung  gungin panuwun, paduka sung tedah jati, penet awoning pakaryan wenang,  mokaling sanggami, kang sayogya linampahan, patut linaluri-luri.
02
Ing  mangkya kawula nyuwun, lilahipun sang linuwih, pamit (n)dumugekken  lampah, kyai kantuna basuki, muhung pangestu paduka, rahayune lampah  mami.
03
Dhatuk  Bahni ngandika rum, dhuh mas-putu wing asigit, ampun kirang pangaksama,  ulun puja basuki, ing lampah ywa kasangsaya, miwah ingkang den padosi.
04
Sami  manggiha rahayu, ramanta kang neng Mantawis, antuka nugraheng nata,  wangsul (m)bawani ing Giri, sinuhung ing kulawarga, tetep kadi  nguni-nguni.
05
Radyan  (n)dheku matur nuwun, ru wusira manganjali, atur sinungan salam sang  tapa, Gathuk Gathak angabekti, sausing sinungan salam, katri mundur  sangking ngarsi.
06
Kyai  Dhatuk ingkang kantun, kumembeng waspanya mijil, kaya-kaya nututana,  labet sru trestaning galih, tan cinatur kang kabyatan, asruning sih  mring tatami.
07
Radyan  lampahira laju, ngaler ngetan sawatawis, Hyang Surya wus nunggang arga,  mungup arsa amadhangi, ing saisining kanan rat, maweh enggaring  panggalih.
08
Ing  papagan wus kapungkur, tumameng ing wana werit, keh rawa kang kaliwatan,  ngancik sukune kang wukir, talatah krajan Undhakan, dhukuh Prawata  kaeksi.
09
Raden  ngandika mring Gathuk, payo pada den parane, padesan kang katon ika,  lajeng lampahira katri, prapteng sajawining dhadhah, kendel satepining  beji.
10
Kayoman  ing nagasantun, pinageran ing wratsari, winengku ing sela kresna,  radyan ngambil toyastuti, wektu Ngasar wus paragat, salaku sepining  beji.
11
Gathak  Gathuk manthuk-manthuk, meteki sampeyan kalih, rengeng-rengeng  sasingiran, tan ana tinaheng galih, tentrem raosing sarira, wauta  ingkang winarni.
12
Lurah  ing Prawata dhusun, kakasih Ki Darmajati, Darmawati nyainira, atmaje  estri satugngil, paparap Wara Surendra, ing warna tuhu linuwih.
13
Wingit  ing pasemonipun, kuning wenes amrakati, enteng ruruh tur jatmika,  lantip ing weweka titi, susila tyase ngumala, ujwala manther nelahi.
14
Ngrerompyoh  sesinomipun, rema ngendrawila wilis, jangga lumun asembada, welar  pranajanireki, maya-maya sinatmata, lir pendah cengkir pinginit.
15
Awijang  bebaunipun, asta anggandhewa gadhing, wiraga nenangi brangta, yen  lumampah ngati-yati, ririh alon membat madya, lambung memes  kadyangganig.
16
Tujung  lumembang ini ranu, kasilir ing angin-angin, wasis saliring pakaryan,  kang winajibken pawestri, sang dyah tumutur ing rama, mring tegal arasa  ngundhuhi.
17
Lombok  terong pare timun, kacang ceme myang kacipir, lumampah aneng ing  ngarsa, kasorot ing Sang Hyang Rawi, mangu-mangu Sang Hyang Surya,  denyarsa tumameng wukir.
18
Kasengsem  miyat sang ayu, dumadya mandheg timolih, sang dyah rara kampir sendang,  tekeng satepining warih, cangkelak wangsul trataban, enar-enar  senig-senig.
19
Kapanggih  ing ramanipun, sarya awacana manis, rama aku tur uninga, ing kono  tepining beji, ana wong anyar kawuryan, linggih slonjor dipeteki.
20
Baneke  kang metek ngidung, Kinanthi siji ngenngaki, Ki Darmajati tatanya,  dhenok jalu apa estri, embuh rama ora tamat, ki lurah (ng)guguk lingnya  ris.
21
Heh  bokne Nok den agupuh, maranga tegal pribadi, kalawan atmajanira, sawuse  sirau ngundhuhi, apa saisining tegal, banjur olahen kang becik.
22
Menuok  angundhuha jambu, dersane kalawan manggil, kepel kokosan rambutan,  dhuwet pulih aja kari, lan dalima ingkang tuwa, jeruk keprok salak  medhi.
23
Pelem  santok sengir madu, pilihana kang mateng wit, alaha jangan beningan,  sambel jagung jangan menir, pecel ayang kang kumanggang, lalaban cambah  kemangi.
24
Berutu  ayam ywa kantun, lan gorengan ayam estri, gesek-kutug gegpukan, sambel  brambang lalab sledi, kekecutan sungthi bawang, lawan ketimun sumerit.
25
Wedang  kahwa gula tebu, saringan tepas kang resik, nyanyamikan puthu-tegal,  carabikang mendut koci, semar mendem buntel dadar, kinoplok ing santen  kanil.
26
Sambel  goreng kring ywa kantun, urang campuraen lan ati, rambat kulita kang  ayam, petis kang wus kok bumboni, sega lemes sega akas, jiwet pitik jago  biri.
27
Wedan  ronning blimbing wuluh, sing anyep rendhemen warih, reremikan dhaharan,  criping kaspe criping linjik, pisang goreng nganggo gula, creiping tela  karag gurih.
28
Wis  mangsa bodho sireku, pikiren lan bokmu nyai, aywa na ingkang kuciwa, Ki  Darma lajeng mring beji, wau rahadyan kang lagya, pinetekan abdi kalih.
29
Ngandika  mring Gathak Gathuk, mira mau muni tobil, banjur mlongo kadhep tesmak,  Gathuk mator wonten janmi wanodya warna yu endah, arsa tumameng ing  beji.
30
Tan  dangu cangkeluk wangsul, kilap wau purugneki, amung tilase lumampah  (ng)gantheng kadya lintang ngalih, kinten kula waranggana, apesipun  putraning jim.
31
Kendel  dennira umatur, praptane Ki Darmajati, nyaketi lenggahnya radyan, saha  aturura aris,dhus risang nembe kawuryan, kula anggger nilakrami.
32
Pundi  pinangka sang bagus, sinten sinambating wangi, rahadyan arum ngandika,  kula aran Jayengresmi, satri nagri surapringga, saking umiyat Marapi.
33
Paman  punapi pilingguh, lan sintan ingkang wawangi, Darmajati nama kula,  lurahing Prawata ngriki, bilih kaparenging karsa, kawula aturi kampir.
33
Dhumateng  ing sudhung ulun, paman kalangkung prayogi, menggah dhepokipun paman,  gapura ingkang keaksi, o raden dede punika, tilas karaton Jeng Gusti.
34
Sultan  ing Demak karuhun, paman ulun ayun uning, patilasani ngawirya, wawi  kula kang umiring, linggar saking in patirtan, Ki Darma lumakyeng  ngarsi.
35
Minggah  prapteng alun-alun, lir ara-ara waradin, kantun wringih kalih jajar,  nulya minggah mring sitinggil, mangidul anon gapura, angongkang tepining  wukir.
36
Munggul  sela gamping bagus, ingukir pinatrap remit, margi minggah  dhauk-undhakan, gela gamping kang kinardi, prapteng lebeting gapura, Ki  Darma atunya mijil.
PUPUH XXXIII
M I J I L
01
Lah  punika wujuding kang puri, ing Demak sang katong, dados kalih jeng  sultan kithane, bilih rendheng linggar dhateng ngriki, wit Demak nagari,  kalebeng we jawuh.
02
Yen  katiga wangsul mring nagari, nunten kang ngadhaton, Susuhaning Prawata  namine, akatelah tumekeng samangkling, karane kang ardi, Prawata puniku.
03
Ascaryambeg  rahaden ningali, ingkang tembing elor, rawa wiyar ngandhaping pareden,  lir samodra sinaba ing peksi, pel-opel lan mliwis, blekok cangak kuntul.
04
Bangothonthong  pecuk cabak trinil, ruang-urangan abyor, andon mangan mangsan mina  myang urange, panjrah kadi sekar tinon asri, wus slesih ningali,  rahadyan tumurun.
05
Amangilen  mring pinggiring rawi, anon sumber ayom, binalumbang binatur pinggiri,  sela pethak kukubuk pasagi, sajroning botrawi, ingkang pojok catur.
06
Pinansangan  sela-gilang langking, winangun ambanon, boten kaclop we tebah kaote,  jroning blumbang bulus ageng alit, samya belang putih, ngambang ttata  turut.
07
Isthanira  nambrameng kang prapti, Gathak Gathuk gawok, kathik bulus samono akehe,  gedhe cilik padha belang putih, iku kang nglurahi, endhase sak genuk.
08
Darmajati  aturira aris, punika sang anom, wasta Grudha tilas siramame, sultan adi  ing Demak nagari, sela-gilang langking palenggahanipun.
09
Miwah  saben wedal aneng ngriki, nadyan salat Lohor, datan beneter kayoman  errnne, gayam nyamplung karebet waringin, saben (ng)Garakasih, Jumngah  malemipun.
10
Kathah  ingkang tirakat mariki, dupa sekar konyong, neng ngandape kakajengan  (ng)genne) mangga radyan mariksa ing beji, wastanipun Jibing,  pasiramanipun.
11
Para  arum kang samya umiring, ing jeng sang akatong, wus dumugi ing Jibing  tepine, gasik resik ayom silir-silir, ri-wusnya udani, Darmajati matur.
12
Sampun  tapis ingkang dentingali, sumangga sang anom aso dhateng pun paman  wismane, antentremken rapuhing kang dhiri, radyan mituruti, kerit  lampahipun.
13
Ing  pandhapa sampun dengelari, pandamira abyor, ngandhap talang lenggahe  rahaden, Gathak Gathuk neng emper pandhapi, Ki Darma mring panti,  sanjang rabinipun.
14
Sira  dhewe ngadenana nyai, lan anakmu dhenok, ganten eses wedhang dhahrane,  mengko bada Ngisa wissa ngrakit, dhahar kang prayogi, dhayohmu linuhung.
15
Darmawati  sandika turneki, sadaya wus mrantos, Darmajati mijil ngarsa raden,  datan dangu sugata lumadi, nyai aneng ngarsi, rara Menok pungkur.
16
Gupuh  matur sarwi ngacarani, punika ingkang bok, nyai amba Darmawate ranne,  ingkang wingking anak amba estri pambajeng (ng)gih ragil, tan na  kadangipun.
17
Pun  Surendra naminipun yekti, nanging karan Menok, kidhung wagu tur awon  warnine, labet kogung wah tebih nagari, bodhone nglangkungi, amung  lothung-lothung.
18
Nyai  sira ngaturna pambagi, marang ing sang anom, ingkang embok atur  basukine, rawuhipun angger wonten ngriki, pangestune bibi, pan inggih  rahayu.
19
Nyai  Darma anolih mring wuri, babo sira Menok, ngabektia ing suku nah angger,  anyuwuna pangestu glis laki, (n)tuk jodho permati, slamet panjeng umur.
20
Rara  Menok tan wawang ngabekti, ing pada sang anom, tatag teteg tan sedheng  driyane, ngandikeng tyas Raden Jayengresmi, edi bocah iki, ayu trus  rahayu.
21
Nora  nana cacade samenir, pantes abeg tanggon, kembar warna amung polatane,  ruruh iki lan si Rancangkapti, wusing angabegti, rara Menok mundur.
22
Darmajati  aturira aris, sumangga sang anom, kaparenga ngunjuk sawontene, myang  nyanyamik wedalaning ardi (n)dheku Jayengresmi, wedang wus ingunjuk.
23
Sarwi  dhahar cariping kaspei, telas tigang kethok, Gathak Gathuk tan beda  suguhe, kacung ngriku nedha den rahabi, bikt rarywa kalih, ngombe  srupat-sruput.
24
Angethamil  nyamikan pat piring, gasik lir sinapon, manjing Mahrib alinggar  rahaden, maring langgar ki wisma umiring, dumuginya masjit, Kyai Darma  wangsul.
25
Tata  dhahar neng bangku sinamir, tinutup ing lawon, dilah thonthot brenggala  liline, rara Menok ingkang ngrakit-ngrakit, rampunging pangrakit,  (ng)ganten celak bangku.
26
Darmajati  tatanya mring siwi, uwis rampung Menok, rama uwis mung kari liwete, lan  ngngeti ingkang gajih-gajih, mengko lamun uwis, lenggah (ng)gonku  ngedhuk.
27
Kawrnaa  kan ana ing masjid, Gathuk adan gupoh, bakda sunan kimatan age, nulya  parlu usali Mahribi, bakda apupuji, tekeng Ngisa-nipun.
28
Bahda  Ngisa radyan ngandika ris, Gathuk bocah wadong, kang den ujungaken mau  kae, ayu endi lan kang marang beji, Gathuk matur sami, tan geseh  sarambut.
29
Eram  kula leganing sudarmi, datan walangatos, lan bocahe teka tatag teteg,  iya Gathuk ing panyawangmami, kana kene sami, ngena-ngene suwung.
30
Raden  Jayengresmi ngandika ris, iku nora linyok, wus mangkono wong ngaurip,  kiye, kacihnaning tandhane sawiji, ngaurip puniki, tan na bedanipun.
31
Kyai  Darma mring langgar ngaturi, ing sang prawira nom, bilih sampun paragat  perlune, bok-paduka (ng)gennira sasaji, dhaharnya sang pekik, mangkya  sampun rampung.
32
Jeng  paduka ngatuan mring panti, radyan tindak alon, lajeng lenggah caket lan  mejane, liwet anget lan uma kang (ng)gajih, wus lumadyen ngarsi, sadaya  kumebul.
33
Niken  Darmawati matur aris, angger ingkang embok, tur sugata sakawontenane,  radyan (n)dheku angandika aris, mangga paman bibi, prayogine kembul.
34
Katri  sareng dennira abukti, bikut rara Menok, angimbeti ngladosken janganne,  sambel ulan tan kendhat linarih, Raden Jayengresmi, kang dhinahar  agung*).
35
Sekule  liwet sakluwak tan luwih, gesek tlas sajempol, lalap sunthi rong iris  tan luweh, wus sumugi dennira abukti, atob wanti-wanti, Ki Darma  angungun.
36
Wus  cinarik wowohan mangarsi, radyan mendhet gupoh, dhuwet pehak akakalih  cacahe, gung ginlintir dhinahar sawiji, Gathak Gathuk bukti, angendhoni  sabuk.
37
Dhadhaharan  sawusi dumugi, mingser lenggah ngulon, Kyai Darma matur mring rahaden,  bilih pareng aso dhateng panti, rehning lir mas kentir, rahadyan umatur.
prayoginipun amung
PUPUH XXXIV
MASKUMAMBANG
01
Sampun paman sakeca wonten ing ngriki, ndheku Kyai Darma, ngandika marang ing siwi, ganten eses ladekena.
02
Wedang dharan lan-olahan saananing, rara Menok tanggap, angladosi aneng ngarsi, sarbet sinampirken pundhak.
03
Wus tinata Ki Darma angacarani, sumangga kadhahar, pun Menok mangunahneki, sisinaon olah-olah.
04
Raden mesem pangandikanira aris, klebet wajibing dyah, saged lah-olah sakalir, tegen rigen minta-minta.
05
Wasis salir pakaryanipun pawestri, raratus myang wedhak, parem tapel pupur wilis, konyoh jajampi racikan.
06
Nyumerepi samuwaning anggi-anggi, pon-empon babakan eron ingkang maedahi, ngyektosi kanggening karya.
07
Nganti nenun nyulam nyongket adondomi, angraronce sekar, (m)batik nyoga (b)babar adi, mamantes isinin wisma.
08
Ngati-yati nastiti gemi ing wadi, tan kirang tuladha, utaminipun pawestri, nulad panengen pangiwa.
09
Ingkang lebda dudugi lawan prayogi, watara riringa, sirang dalu kang kaesthi, anut tuduhing sudarma.
10
Bilih saged kadya ingkang ulun angling, winiwitan mangkay, sinau wisma pribadi, piniha ngladosi priya.
11
Bokmanawi wilujeng ing donya ngakir, punika paitan, tembe angladosi laki, kantun pados kalangkungan.
12
Manthuk-manthuk Ki Darma kalawan Nyai, Menok rasakena ngandika raden iki, tanjebena ing wardaya.
13
Iya rama antuka pangestu yekti, sabdanin utama, nyawabana lair-batin, bisane tampa nugraha.
14
Kasususa saratri tan ana guling, eca lelengahan, sasamben dhahar nyanyamik, wus wanji pajar gidiban.
15
Radyan matur mring ki wisma Darmajati, paman (m)bujeng enjang, mangkya kula nyuwun pamit, ayun (n)dumugekken lampah.
16
Paman bibi sami kantuna basuki, ing sapengkeringwang, kang sinung ngling matur aris, kula (n)dherekken raharja.
17
Gra salaman Ki Darma ngatag ing siwi, Menok ngabektia, sang dyah gupuh angabekti, radyan arum angandika.
18
Rara sira sun dongakaken ing Widdhi, tumulia krama, oleh jodho kang premati, kang tulus trahing ngawirya.
19
Kang dalajat respati sudibyeng ngelmi, bisa momong ing dyah, nyenengken tyasing sudarmi, sira kantuna raharja.
20
Rara Menok matur nuwun sru kapundhi, pangestu paduka, Gathak Gathuk samya pamit, linggar saking palenggahan.
21
Kyai nyai andherekken prapteng jawi, wus wangsul mring wisma, rara Menok agnukudi, nahan lampahira radyan.
22
Kampir beji wekdan sembahyang Subekti*), bakda pupujiyan rahadyan lajeng lumaris, ngaler ngilen anir pringga.
23
Kedyating tyas kapencut arsa udani, ing masigit Demak, iya saning para wali, tan cinatur laminira.
24
Wus umangsuk prapteng palataran masjid, tan ana kang nyana, yen punika putra Giri, kinira santri balaka.
25
Minggah srami, wowolu sakanireki, ingukir pinatra, betan saking Majapait, sangkalanira pinirsa.
26
Kari roro gawening wong **) ungelneki, wiwara kang marang, mesjit ingukir taya sri, gambar gelap pinarada.
27
Tumapk kori sinerat sangkalan muni papatra kinarya rupa gelap ***) tungal nenggih, radyan manjing sigra-sigra.
28
Dupi prapta aneng sajroning masigit, kalangkung anikmat, mupangat raosing dhiri, enget mantheng nungkul ing Hyang.
29
Saka guru sakawan agengnya sami, inggile sembada, gilig memet ragi methit, agenngnya kalih rangkulan.
30
Ingkang eler wetan sanes lan kang katri, nenggih wujut tatal, kinempel dados satunggil, gilig aluse warata.
31
Yasanira Kangjeng Susuhunan Kalijaga kang minulya, maweh tilasan nagari, karamating waliyolah.
32
Saya gambuh rahadyan dupi udani, sinungan umiyat, kaelokaning Hyang Widdhi, sangandhaping panti kutbah.
33
Rompyok-rompyok kathukulan glagah-wangi, lintange rahadyan, tan ana janma udani, pratandha calon nugraha.
34
Sampun medal saking campurining masjid, lajeng lampahira, tan cinatur lamineki ngancik laladan Japara.
35
Prapteng suku wukir Murya ngankong tasik, ing Sagara Jawa wus manjat arsa udani, puncaking kang ardi Murya.
36
Margi (n)deder rumpil kapit jurang terbis, rekaseng lumampah, Gathak Gathuk kempis-kempis, sakedhap-kedhap araryan.
37
Dalu aso enjinge umangkat malih, tri ari tumeka, aneng sapucaking wukir, bawera anon samodra.
38
Ing lampahe baita layar gagrami, ana labuh jangkar, ambedhol jangkar lumaris, langkung asri tiningalan.
39
Ing karajan padesan ngandhaping wukir, tinon karya rena, rahadyan kagyat ningali, astana teja sumunar.
40
Pinarpekan uluk salam densauri, tahlil sanalika, radyan myang santri kakalih, bakda tahlil ana prapta
41
Kaki-kaki marpeki dyan Jayengresmi, alon angandika, kyai kula nilakrami, paduka napa kang tennga.
42
Lawan sinten ingkan sumare ing ngriki, alon sauriria, inggih kula ingkang jagi, nami Buyut Sidasedya.
43
Kang sumare Jeng Sunan Murya wawangi, karaning astana ing Muryapada puniki, namaning ardi ing Murya.
44
Lah punapa paduka karsa nenepi, dhuh ki Buyut baya, ing sedya amung yun uning, pucaking kang ardi Murya.
45
Reh wus uning mangkya ulun nyuwun pamit, mandhap saking arga, Buyut Sidasedya angling, piniki tanggel ing lampah.
46
Babo lamun kapareng karsa kang pekik, kampir dhepok ingwang, prayogi ing benjing-benjing, dinten sangete prayoga.
47
Watekipun kalayan sasedyaneki, tur manggih raharja, rahadyan dupi miyarsa, dumadya dhanganin nala.
48
Sampun kerit dupi wus prapta ing panti, ki Buyut parentah, marang Gathak Gathuk santri, kacung aja taha-taha.
49
Angambila pribadi sugata mami, otek cangthel boga, jepen tales wi gembili, gembolo pohun katela.
50
Gathak Gathuk tan lenggana gya lumaris, maring pategalan, suka dennya ngengunduhi, rampung gya tumameng wisma.
51
Ambakari jagung pohun uwi legi, wedang ronning kahwa, rinakit lumadyeng ngarsi, ki Byut suka tumingal.
52
Swawi bagus krana-lah sami nyenamik, kedahe nyunggata, sawontene tiyang wukir, ijen wus tridasa warsa.
53
Jayengresmi mesem wus adhahar uwi, mesem atatanya, wusing angundhuh sakalir, punika kagem punapa.
54
Kula angge sedhekah mring pekir-miskin, awise kant tedha, smai dhumaten mariki, sasukane dennya mbekta.
55
Kula amung angengehken kangge wiji, makaten lampahnya, tan saged sidhekah picis, mamanise mung kwowodan.
*)Prayoginipun Subeki = Subuh
**)Taun Jawi: 1429
***)Taun Jawi: 1441
PUPUH XXXV
DHANDHANGGULA
– 01 –
Lon   umatur Raden Jayengresmi, kadiparan dinten kang prayoga, punapi wonten   sanese, utawi wancinipun, mawi milih mawi nyingkir, ki Buyut  angandika,  punika masputu, etang minangka satiyar, angluluri nasehat  ing nguni-uni,  wiji saking ing Arab.
– 02 –
Pan   punika masalah ngawruhi, ingkang pangandika, Nabiyullah, salahu   wasalame, sakehe umatingsun, padha ngawruhana ing nginggil, patingkah   alulungan, milya kang sarju aja lungan tanggal pisan, ta na laba   lungana, tanggal ping kalih, pan iya oleh laba.
– 03 –
Tanggal   kaping tiga datan becik, tan na laba tanggal kaping papan, rekasa  angen  margane, tanggal ping lima iku, manggih laba kaping nemneki, tan   manggih laba ilang, karyane wong iku, tanggal ping pitu prayoga,  manggih  rahmating Pangeran tanggal kaping, wolu agring ingi paran.
– 04 –
Tanggal   kaping sanga manggih pati, lan pakewuh tur padha sumadhang, tanggal   kaping sadasane, manggih laba rahayu, ping sawelas apenget ugi, tanggal   ping kalihwelas, tan ana labeku, tanggal kaping tigawelas, oleh utang   tanggal pat belas becik, neng parang manggih laba.
– 05 –
Tanggal   ping limalas ayu olih, emas perak tanggal ping nembelas, tan antuk  laba  tanggale, ping pitulas rahayu, p8ing wolulas pan laba manggih,  tanggal  kaping sangalas, penet pan rahayu, tanggal kaping kalihdasa,  gering  marga, tanggal ping salikur ugi, (ng)garesah aneng paran.
– 06 –
Tanggal   ping rorikur ayu becik, tanggal telulikur laba karya, tanggal kaping   patlikure, penet ping limalikur, mapan ala tanggale kaping, nemlikur   gesang pejah, punika pinangguh, tanggal pitulikur ala, bakal tukar iya   ananireng margi, tanggal wolulikurnya.
– 07 –
Oleh   laba sangalikurneki, manggih rahmat saking ing Pangeran, tanggal ping   tigadasane, manggih utang neng purug, tititelas masalah iki, ing wong   kang alulungan, pangandika Rosul-lolah, salahiwasalam, dipun sami   nastiti kadi punika, inggih waluhualam.
– 08 –
Lampaira   Kangjeng para Nai, lamun badhe mangkat saking wisma, isarat ingkang   kaangge, Jumungah akakemu, lan asusur lampahing Nabi, Muhammad   Rosullolah, lamun dina Sabtu, punika angandhut lemah, dinekekken ing   puser lapahing Nabi, Adam ingkang minulya.
– 09 –
Dinten   Ahan angangge susumping lapahipun Jeng Yusup Bagendha, Isnen natab   lalandhepe, Bagendha Umar laku, Slasa manggan asta ing geni, Bagendha   Abubakar, ingkan darbe laku, Rebo akukudhung sinjang, lampahipun Nabi   Ayub singgih, Kemis tumengeng tawang.
– 10 –
Myang   tumungkul ing bantala nenggih, lapahipun Sang Ali Bagendha, winewahan   sangatane, kalamun arsa nglurug, angkatira pan sampun uning, langkahe   ingkan pecak, sangat lamun sampun, pecak sadasa umangkal, pangwasane   sang Gadudha kawon dening, sadhengahing taksaka.
– 11 –
Isnen   wusing pecak nem lumaris, pangawasane singa krura kalah, dene*)   manjangan yektine. Salasa lamun sampun, pecak kalih angkatireki,   pangawasanipun singa, ingkang sru manempuh, kayon dening kang dirada,   Rebo wusing pesak pipitu lumaris, menggah pangasanira.
– 12 –
Diwangkara   kawong dening sasi, Kemis wusing pesak dwilyas **) Jumungahapan   sampuning, pecak triwelas mangkat, de pangawasipun, sona dening kancil   kalah, Saptu wusing pecak dwiwelas lumaris, denen pangawasanira.
– 13 –
Sawer   kawon dengin kodhok bungkik, tamat sangat Sang Ali Bagendha, wonten   santat ingkang kangge, aningkahaken sunu, myang ngadegken sadhengah   panti, punika manut tanggal, sapisan witipun, kaping kalih kaping tiga,   ping sakawan pang gangsal gya wangsul malih, nem kadi ping sapisan.
– 14 –
Tanggal   kaping sapisan pan sami, kaping nenem sawelas nembelas, salikur myang   nemlkure, wit surya wedalipun, tekeng pecak slikur potneki. Ahmad   pitutur nyata, wit pecak salikur epote pecak sawelas, Jabarail kalangan   tangkepanneki, awit pecak sawelas.
– 15 –
Epot   bedhuk Brahmin pecak-wesi, awit bedhug ing potipun Asar, Yusup slamet   rangeppane, Asar sawengi muput, epot enjing Hyang Surya mijil, Ngijrail   rejekinnya, ping kalih winuwus, sami lawan kaping sapta, kalihwelas   pitulas rorikur nengggih, myang pitulikur samya.
– 16 –
Purnamaning   Hyang Pradangapati, epot pesak salikur punika, Jabarail rejekine,  wiwit  pecak salikur, epot pecak sawlas Ibrahim, pitulikur rangkepannya,   sawlas epot bedhug, Yusup kalangan tangkepnya, bedhuk potnya Irjail   apacak-wesi, asar sadalu pisan.
– 17 –
Pole   tekeng purnamaning rawi, Ahmad slamet tanggal kaping tiga, ping wolu   ping triwelas, wolulas tigalikur, wolulikur punika sami, wit purnamaning   surya, pot pecak salikur, Ibrahim slamet rangkepan, pecak slikur pot   pecak sawilas marengi, Yusup rijekinira.
– 18 –
Pecak   sawlas epot bedhug wanci, Ngijrail pitutur rangkepan, bedhug tekeng  Asar  pote, Ahmad kalanganipun, awit pasar potira prapti, purnamaning  Hyang  Surya, Jabarail iku, pacak wesi tangepannya, gantya tanggal ping  sakawan  samineki, ping sangan ping patbelas.
– 19 –
Ping   sangalas patlikur myang kaping, sangalikur punika ingetang, wit Hyang   Surya purnamane, epot pecak salikur, Yusup pacakwesi marengi, awit   salikur pecak, sawelas potipun, Ngijrail salamet pecak, sawlas epot   bedhug Ahmade rejeki, wit bedhug epot Asar.
– 20 –
jabarail   pitutur ngrangkepi, Asar prapta purnamaning surya, Ibrahim kalangan   mangke, ping gangsal sadaseku, gangsal welas myang kalihdesi, salawe   tigang dasa, pan sami puniku, awit purnamaning surya, tekeng pecak   salikur epotireki, Ngijrail akalangan.
– 21 –
Pecak   slikur sawelas potneki, Ahmad pacakwesi rangkepannya, pecak sawelas   awite, epote tekeng bedhug, jabarail slamet ngrangkepi, bedhug epotnya   Asar, Brahim rijekiku, Asar sadalau epotnya, purnamane Sanghyang Surya   amungkasi, Yusup pitutur Ahmad.
- ) Prayoginipun dening
- *) Prayoginipun dwiwias
– 22 –
Raden   Jayengresmi tanya malih, kadiparan sangat palintangan, punapi wonten   sanese, ki Buyut manthuk-manthuk, manut dinten lampahireki, pipitu   kehing lintang, sadinten sadalu, paedahe pyambak-pyambak, awon penet   myang laire jabang bayi, tinitik saking lintang.
– 23 –
Lintang   Samsu sabarang prayogi, lawan marek ing sri naranata, myang wong agung   sasamine, ningkah langkun panuju, ingkang awon tuwin myang sakit,   nunugel kesah perang, jejampi nyanyambut, tuwin ngenggali pangganggya,   undang-undang prasanakan atanapi, kumpulan tan prayoga.
– 24 –
Lare   lair rainten marengi, jales estri umuripun panjang, sinung padhang ing   driyane, kedhik rijekinipun, prihatinan ing tyasireki, jalu estri yen   medal, dalu watekipun, pan ugi petengan manah, lawan sinung gelap tyase   anawengi, gantya kang winursita.
– 25 –
Lintang   Juhrah angka dwi nameki, samukawis punika prayoga, dinen ngelmi   utamane, rabi tumekeng sarju, anjampeni rare utami, anggalih samubarang,   pandamelan atutde, kang awon andum karya, akengkenan dhumateng   mengsahing jurit, myang kengkenan sadhengah.
– 26 –
Lare   lair jalu lawan estri, ing raina jembar kang polatan, jalu estri yen   laire, anuju wanci dalu, langkung kumet wicaraneki, tur pengkok nora   (ng)gragap, kaping tri winuwus, lintang Ngatarit pinajar, samubarang   prayoga ingkang upami, mumuruk amamarah.
– 27 –
Marek   nata myang pados usadi, apan sami prayoga sadaya, dene ingkang boten   sae, paes pasah cucukur, lair rinten bilih pawestri, sae keh daulatnya,   nging wicara kaduk, ragi panasten ing manah, namun saged ing damel tan   nguciwani, yen jaler lair siyang.
– 28 –
Apan   awon ing tyas gung prihatin, bilih estri dalu lairira, cupet kang budi   wateke, yen jalu lari dalu, watekipun jembar kang budi, sabar lila ing   donya, tur sudih begja gung, welasan marang sasama, mangkya catur   lintang Kamar kang winarni, samukawis prayoga.
– 29 –
Tuwin   marek ing sri narapati, angandikan kang mawa paedah, sisimpen tulus   arjane, adagang antuk untung, akengkenan sarju katampi, mamaris tulus   trimah, kang awon winuwus, pradata padu myang nglamar, atanapi   (n)dhaupaken laki-rabi, punika tan prayoga.
– 30 –
Lare   estri lair amarengi, nuju siyang boros watekira, yen jalu siyang  laire,  cuparira kalangkung, lamun estri lairnya ratri, sae saged ing  karya,  bekti marang kakung, nastiti mring samubarang, lamun jaler  lairipun  wektu ratri, barancah mring wanodya.
– 31 –
Panca   lintang Juhkal kang winarni, ingkang sae wiwit gentur tapa, pandamel   mring Pangerane, awit ngantos pakantuk, lyan punika boten prayoga, yen   rare lair siyang, atanapi dalu, jalu estri ugi samya, tansah kambah   sakit encok tan kalirih, nanging keh rejekinya.
– 32 –
Tur   asabar lila ing donyaki, wadanane mung radi engetan, gumantya angka   neneme, lintang Mustrai iku, ratuning kang lintang sapteki, langkung sae   sabarang, satingkah rahayu, ingkang awong mung sajuga, amanggalih   ngadoni lapahing jurit, yen rare lair siyang.
– 33 –
Jalu   estri pan sami prayoga, watekipun saestu sukuran, yen estri lair  dalune,  ajrih mring piyanipun, pandamelan agal myang remit, widada  awidagda,  lamun rare jalu, lair dalu langkung pradhah, tan kaconggah  nedha ing  kebon ananging, remen nyilib tyasira.
– 34 –
Mangkya   gantya kasapta mungkasi, lintang Mirah ingkan aprayoga, namping imba   paras paes, sunat ugi pakantuk, atanapi ngadoni jurit, lawan iyasa   gaman, kajawi puniku, pakaryan awon sadaya, lamun nuju rinten rare lair   estri, watak jail kang manah.
– 35 –
Bilih   jalu rinten lairneki, tan saranta barang watekira, yen lair nuju   ratrine, estri tanapi jalu, tan salamet manahnya gingsir, keket kapara   ngarsa, jail amathangkul, sampun jangkep lintang sapta, awon penet ing   mangke wiwit winilis, lampahing pilantangan.
– 36 –
Malem   akad ing wanci Mahribi, ingkang tampi Samsu taranggana, Ngisal Juhrah   tampine, wanci sirep janmeku, lintang Tarit ingkang atampi, tengahe   ratri Kamar, lingsir wenginipun, tinampenan lintang Juhkal, bangun   enjing lintang Mustari kang tampi, Subuh Mirah gumantya.
– 37 –
Akad   enjing Samsu kang nampeni, rame pasar tinampen ing Juhrah, lebar pasar   Tangarite, bedhug Kamar kang lungguh, luhur Juhkal ingkang nampeni,   Ngasare tinampenan Mustari punika, sontene ingkang atampa, lintang Mirah   jangkep saratri saari,lampahing lintang sapta.
– 38 –
Malem   Isnen ing waktu Mahribi, ingkang tampi taranggana Kamar, Ngisa-bah   Juhkal tampine, ing wanci sirep manus, ingkang tampi lintang Mustari,   tengah ratri Mirahnya, lingsir wenginipun, lintang Samsu kang alenggah,   bangun enjing lintang Juhrah katan atampi, Subuh Natarit lintang.
– 39 –
Isnen   enjing lintan Kamar tampi, rame pasar tinampen ing Juhkal, lebar  pasare  tinampen, Mustari trengganaku, wanci bedhug Mirah kang tampi,  wektu  Luhur Samsunya prapteng Ngasar puput, tinampenan lintang Juhrah,  wanci  sonten Ngatarit ingkang atampi, jangkep lintang kasapta.
– 40 –
Malem   slasa ing waktu Mahribi, lintang Mirah seren wektu Ngisa, trengganan   Samsu tampine, sirep janma kang lungguh, lintang Juhrah tengahing ratri,   Ngatarit ingkang lenggah, lingsir wenginipun, tinampen ing lintang   Kamar, bangun enjing lingant Juhkal kang nampeni, Subuh lintang   Mustarnya.
– 41 –
Slasa   enjang Mirah ingkang tampi, rame pasar Samsu ingkang lenggah, bar psar   Juhrah tampine, bedhug tinampen gupuh ing Ngatarit Luhur tinampi,  Kamar  kang tarangganan, Ngasri Juhkal lungguh, sontene tinampenan,  taranggono  Mustari pot wektu Mahrib, jangkep kasapta lintang.
– 42 –
Malem   Rebo ing waktu Mahribi, lintang Ngatarit pot wektu Ngisa, tinampen  Kamar  lintange, wanci sirep jalmeku, lintang Juhkal ingkang nampeni,  tengah  ratri tranggana, Mustari kang lungguh, lingsir dalu tinampenan,  lintang  Mirah bangun sampun kang nampeni, ing wektu Subuh Juhrah.
– 43 –
Rebo   enjing Ngatarit kang tampi, rame pasar tinampen ing Kamar, bar pasar   Juhkal tampine, bedhug nulya sinambut, ing Mustari Luhur tinampi,   lintang Mirah punika, wektu Ngasaripun, trenggana Samsu lenggah, wanci   sonten ing Juhrah kang nampeni, jangkep lintang kasapta.
– 44 –
Malem   Kemis ing wektu Mahribi, taranggana Mustari praptanya, Ngisa  tinampenan  Mireh, sirep ing janma Samsu, tengah ratri ingkang nampeni,  kanang  tranggana Juhrah, seren lingsir dalu, tinampen Ngatarit lintang,  bangun  enjing lintang Kamar ingkang tampi, ing wektu Subuh Juhkal.
– 45 –
Kemis   enjing Mustari kang tampi, rame pasar lintang Mirah lenggah, bar pasar   Samsu tampine, Ngatarit inggkan lenggah, seren Ngasri wektu,  tinampenan  lintang Kamar, wanci sonten lintang Juhkal ingkang tampi,  jangkep  kasapta lintang.
– 46 –
Malem   Jumngah ing wektu Mahribi, lintang Juhrah ingkang apilenggah, ing  waktu  Ngisa epote, tinampen Nataritu, sirep janma Kamar nampeni, tengah   ratrinya Juhkal, lingsir ratrinipun, lintang Mustari punika, bangun   enjing lintang Mirah kang nampeni, Subuh Samsu tranggana.
– 47 –
Jumngah   enjing Juhrah tampi, rame pasar Ngatarit kang lenggah, lebar pasar   Kamar Manggen, bedhug ginantyan gupuh, lingan Juhkal ingkang nyiteni,   Luhur gya tinampenan Mustari sitengsu, wektu Ngasri tinamenan, lintang   Mirah sontene Samsu kang tampi, jangkep lintang kasapta.
– 48 –
Malem   Saptu Mahribi Ngatarit, wektu Ngisa tinampen ing Kamar, sirep janma  gya  tinampen, lintang Juhkal potipun, tengah ratri ingkang nampeni,  Mustari  taranggana, epot lingsir dalu, tinampen Mirah Tranggana, bangun  enjing  lintang Samsu kan nampeni, Subuh pan lintan Juhrah.
– 49 –
Saptu   enjing lintang Juhkal tampi, rame pasar Mustari kang lenggah, lebar   pasar lintan Mirah, bedhug tinampen Samsu, wektu luhur Juhrah nampeni,   pot Ngasri tinampenan, Ngatarit sitengsu, sontene tinampen Kamar, titi   sampung lampahing lintang saptari, dalu praptaning siyang.
– 50 –
Kang   minangka naasing lintang dwi, (ng)gih punika Mirah lawan Juhkal,   ngagesang winenangake, setiyar mrih rahayu, yen wus atut eanganeki, gya   sumendhe ing Susksma, widadaning kayun, amung, amung aywa kinekahan,   pepetangan tan saged ngewahken takdir, siningkura kainan.
– 51 –
Kaol   saking pawon mitra mami, brahmanandi ing Ngata-maruta, tiyang badhe   gadhah rate, utawi jama ayun, prapteng janji ing wancineki, laire kanang   jabang, pecate nyaweku, wawaton ari sapta, siayan dalu punika sami   binagi, kalih welas gathita.
– 52 –
Wiwit   purnamaning Sanghyang Rawi, gathita nem sapta astha nawa, sadasa  sawlas  tengange, kalihwlas inggih bedhug, gya gathita satunggil kalih,  tiga  sakawan gangsal, wangsul nenem surup, lajeng etang kadi siyang,  dados  namung wonten kalih welas wanci, kalamun ari Akad.
– 53 –
Gathita   nem sapta sawlas tuwin, tabul satunggal kalawan gangsal, Senen astha   sadasane, satunggal tripanceku, Slasa sapta sadasa tuwin, tenggane   kalihwelas, kalih gangsalipun, Rebo sapta nawa sawlas, kalih catur Kemis   astha sawlas tuwin satunggal tri sakawan.
– 54 –
Jumhan   astha sadasa tanapi, kalih welas tiga myang sakawan. Saptu sapta myang   nawane, dwidwlas kalih catur, bilih wonten tiyang nyakiti, utawi tyang   sakarat, ri Akad tartamtu, lair utawi papatya, gathita nem sapta  sawelas  satunggil, gangsal salah satunggal.
– 55 –
Raden   Jeyengresmi matur aris, kathah temen ing parincenira, mrih widada   rahajane, utami dipun enut, tan kainan basanireki, wonten kaol mupakat,   punapa saestu, yen badhe karya pemahan, tuwin griya saka usuk denukuri,   penet awoning petang.
– 56 –
Leres   wonten manawi akardi, ing pamahan dipun estokena, yen (ng)garap pater   sitine, cengkali dhepanipun, inggih ingkang adarbe panti, kalamun   awiwita, ler kilen mangidul, winicala saking dhepa, wilangannya bumi   karta kala kali, kaarah dhawah karta.
– 57 –
Yen   mangetan kadhawahna bumi, bilih damel ingkang bubutulan, ambeneraken   kalane, myang wiyar ciyutipun, ing pamahan sukaning galih, dene jroning   plataran, yen mangaleripun, anotog pager ukurnya, samurdane kang darbe   wisma pribadi, tingkahe wismanira.
– 58 –
Den   agathuk pager aja lali, yen kekelir sakilening wisma, kang tengen iku   lakune, teka ing wismanipun, gathukena ing pager (n)jawi, kang wetan  bau  kiwa, saking wismanipun, den-gathuk lan wismanira, lolongkange   pandhapa, tepusen aglis, lawan pacakanira.
– 59 –
Gedhuging   wisma lawan pandhapa, mandhapa iku kalawan lodra, tepusing talapakane,   kalih mandhapanipun, lawan lodra yen karya kori, pager tarab  cengkalnya,  mara-sanganipun, poma sampun asembrana, ing pitedah prayogi  aywa  kawuri, yen pareng begjanira.
PUPUH XXXVI
PANGKUR
– 01 –
Punika   yen karya griya, ukuripun pecakira pribadi, pinecakan panjangipun,   gansal petanganira, esri adi naga emas perak lamun, griya kadhawahna   emas, pandhapa perak prayogi.
– 02 –
Bilih   pawon dhawah naga, payon lesung prayogi dhawah adi, manawi iyasa   lumbung, dhawah esri pecaknya, sampun jangkep menggah saka kang denukur,   kajawi tangkping ngandhap, lan kajawi purusneki.
– 03 –
Ngukur   wiyare kang saka,lajeng kangge ngukur panjangireki, ugi gansal   petanipun, bumi banyu prawata myang sangkala geni jangkep gasalipun,   dhawah bumi kang prayoga, teteg watekipun bumi.
– 04 –
Dhawah   banyu watekira, apan srepan punika (ng)gih prayogi manawi dhumawah   gunung, watek kerep aliyan, lamun dhwah sengkala awon kalangkung, kang   darbe wisma geringan, dhawah geni tan prayogi.
– 05 –
Kabasmaran   watakira, mangkya usuk denetang cajah iji, inggih gansal petangipun,   esri kakitri gana, kliyu pokan bilih wisma etang usuk, prayoga esri   dhawahnya, pandhapi dhawaha kitri.
– 06 –
Kalih   punika prayoga, bilih masjid gana ingkang prayogi, sanese masjid  puniku,  manawi dhawah gana, tamu angker utawi singit kalangkung, kaliyu  datan  prayoga, geringan kang gadhah panti.
– 07 –
Yen   denetang dhawah pokah, tan prayoga kerep nandhang prihatin, kapejaan   jumarunuh, sampun jangkep etangnya, dene pager punika ukuranipun, dedege   kang darbe wisma, tuwin dhepane pribadi.
– 08 –
Menggah   wiyaring pemahan, sakukanya pan boten denwanceni, gangsal   wewilanganipun, bebuka esri etang, tapa lungguh sedana pugeranipun,   dhawah sri watak serepan, tapa luwe watekneki.
– 09 –
Lungguh   teteg watekira, pan sedana sugiyan watekneki, depugeran watekipun,   pitados saha kekah, sampun jangkep ing pundi kaparengipun, tebihing   (dn)dhapi lan griya, ugi wonten ukurneki.
– 10 –
Pecaking   kang gadhah griya, pan sakawan etanganipun nenggih, awit bale   etangipun, omah latar pawuhan, dhawah bale punika ingkang pakantuk, dene   yen yasa gedhogan, tuwin kandhang kebo sapi.
– 11 –
Palangipun   pinecakan, kajawine pepurus ingkan manjing, kiwa miwah tengenipun,   sakawan etangannya, candhi karta rogoh sampoyong puniku, ingkang sae   dhawah karta, kalayan dhumawah candhi.
– 12 –
Saka   kandhang myang gedhogan, kajawine purus myang pendhemneki, ingukur lan   palang wau, dhawah candhi prayoga, ing tebihe saking treping  pantinipun,  ingukur kalawan pecak, gansal petananireki.
– 13 –
Awit   etanipun karta, baya tura samaya angemasi, utami ingkang dhumawuh, ing   wewilangan karta, nengna wau titi etangnya ki Buyut, wus anggagat  bangun  enjang, suwawi waktu Subekti*).
– 14 –
Utami   kang radi awal, samya wulu paragating Subekti*), pepujinira nutug,   bakdaning pepujian, Gathuk matur alim dalem Kyai Byur, kawula nyuwun   wasiat, basanipun tiyang abti**).
– 15 –
Nunutut   sadhengah kewan, bokmanawi ing tembe ngingah kambing, amrih cumbu   dhaten ulun, ki Buyut angandika, iya kacung pancen ana emelipun, datanpa   laku tur cendhak, mangkene basanireki.
– 16 –
Seka   leka seka leka, singa buntuk idhepa idhep ing idhepku tut sing  saujarku,  mung iku ora liya, lamun sira kapareng angelus-elus, marang  sadhengahin  kewan, kang dadi parenging ati.
–17 –
Kalawan   manthening sedya, uga cendhak mangkene basaneki, singa wulu singa   buntut, ingusapan pandhawa, lelima tut saujarku mung punika, lamun   pinareng ing mangsa, bokmnawan tutut yekti.
– 18 –
Gahuk   nuwun-nuwun nembah, sakalangkung kapundhi sih sing yogi, Ki Buyut  nyawan  sang bagus, sumunaring kang cahya, ngandikeng tyas cecalone  janma  luhung, manther cahyaning oliya, wasana matur sang adi.
– 19 –
Ing   mangke paran ing karsa, seu sokur yen jenak aneng ngriki, rahadyan  alon  umatur, kang agun apuranta, mangkya ulun ayun (m)dumegekken kayun,  ing  saparan tanpa sedya, ngulati ingkan lunga nis.
– 20 –
Amung   pangestu paduka, rahayune ing lampah bokmanawi, tembe ulun saged   wangsul, kantuna karaharjan, wus salaman ki Buyut ngandika arum, mas   putu nestapaningwang, sami apuji-pinuji.
– 21 –
Wus   tumurun sangkin Murya, ngidul ngilen wus ngambah ing pasisir, tan   winarna lampahipun, prapta ing palabuhan Pakalongan kendel ing tepining   laut, anom udhuning juragan, kang sangking liyan nagari.
– 22 –
Menawi   ari kalihnya, binekta ing nangkoda, sangking Gresik nunut utawi  pinupu,  mring pawong-sanakira, dupi mudhun juragan kang sangking laut,  tinon  kang rayi tan ana, sangsaya angles ing galih.
– 23 –
Aduh   yayi kadangingwang, Jayengsari myang Niken Rancangkapti, baya mring  endi  jantungku, amung ta karuhana, ing dunungmu awet mangkene kabanjur,   kadya kinjeng tanpa soca, wau Radyan Jayengresmi.
– 24 –
(n)Dedonga   marang Pangeran, rahayune kadangira kekalih, tembe sageda pinangguh,   atuse manthenging tyas, gya lumampah tambuh kang sindyeng kalbu,   kendelnya dalu kewala, bada Subuh gya lumaris.
– 25 –
Prapti   ardi Panegaran, kacarita sang yogi kang palinggih, aneng Panegaran   gunung, wasi kawisuwara, wakitheng tyas uning satriya anglangut, kendel   ing ngandhaping arga, sang wasi utusan aglis.
–26 –
Sabatnya   aran Waskitha, kinen mudhun marang ngandhapping wukir, ki Waskitha wus   tumurun, pinanggih lan rahdyan, mangenjali matur kawula ingutus,   mahawiku Panegaran, Kawiswara sang ayogi.
– 27 –
(n)Jeng   paduka ingaturan, minggah maring ing dhepok ulunirit, rahadyan  ngandika  arum, inggih paman prayoga, sampun kerit Gathak Gathuk tansen  pungkur,  sang wiku mapag wiwara, wus tundhuk rinangkul aglis.
– 28 –
Kulup   ingkang nembe prapta, sajarwaa kekasihira kaki, lawan ngendi  pinangkamu,  sayogene lereppa, aneng kene kurang nadhah kurang turu,  darapon bisaa  klakyan, kang dadi karsanta kaki.
– 29 –
Rahadyan   dahat lenggana, wus alami pruita ing sang yogi, tatakrabatanya  lumintu,  sang yogi Kawiswara, lon ngandika ana jiliddan linuhung,  sayogya sira  anggoa, kanthining janma utami.
- )Prayoginipun Subekti = Subuh
- *) Prayoginipun apti = arep, karep
PUPUH XXXVII
KINANTHI
– 01 –
Minangka   murda satuhu, tanpa angenaki ati, tama liriing panataran, rantara   sesalwirning, sarehning ingkang dumadya, wlasa singa nuwa-nuwi.
– 02 –
Sreda   purai ngasamun, samanning sila nagari, aminta sihing ngamarar, awlas   asih ring pagimi, unggyannira ngamatirta, cipta mantep marang Widdhi.
– 03 –
Durung   dadi lamun durung, darana ring daruning, sakarsa karseng pamasa,   satibane kang tinuding, beda pandumming budaya, dayaning (n)donning   dumadi.
– 04 –
Kahenengena   manengkung, amaladdi samadinning, anegessa karsanging Sang, Amurweng   Paningal jati, tingalena maklamullah, malah maluya ywa lali.
– 05 –
Lelakone   kang kaluhun, alin-alin denkalilin, lelenga aywa kaalan, ywa lalu  atmah  lali, kalunta-lunta kalintang, tan wiyang mayanga westhi.
– 06 –
Isthaning   anga kagugu, gupita jeg agagappi, aywa gugup ing nalika, nalarrira den   alirih, rereh ing pangarah-arah, arahen aywa ngurangi.
– 07 –
Nguranggana   ing pangrungu, ing reh aywa nguring-uring, yen miro tmah memirang,   amerang amurang niti, titika denkatalika, ywa nunulak tutulan-cik.
– 08 –
Becik   rengkuhen pamengku, kumawa ing agal alit, den amulat ing leleta, ywan   ingandel dendumeling, (n)dulu ulah karawitan, wittipun tan ana malih.
– 09 –
Sangking   kakawin myang kidung, kadi kadang anjarwani, ing sarekaning kalangyan,   langening kang milangonni, nglonggana haywan tantara, tariken yen ana   luwih.
– 10 –
Miwah   ungguhing raras-rum, rumarah murang ing kawi, sesandinig sang  kendriya,  rekaning kawi kawiddhi, kawiddhi ing widhayaka, ya karana  sang siniwi.
– 11 –
Wah   tahet babah binarung, ring kasidaning dumadi, dana kariyin denarah,   kasantikan wus kawuri, kasudarman tyas mardawa, den manuh manah mamanis.
– 12 –
Manah   prenessan ywa kunus, dennira amasang mesi, masalahing sumpet karsa,   karsa sineser tan osik, mustika tinon aywa sak, sasat simpen karsa suji.
– 13 –
Ring   sojar aja anjujur, kolina kilat ngalingi, tan wring naya ringa mawas,   wakitha awangsulanning, yen tan angling den amemma, den amemes ing   pangungkih.
– 14 –
Ywa   taha berguguk lugu, kaya gopala kapilis, kapelang kapelak-pelak,   palenggahe agaligir, wigar agalagar, nganggur tan egaring galih.
– 15 –
Palaning   wong ambasengut, ulatte anginggit-inggit, wacana butheking netya,  netya  ala tan kailir, kelu kalessan ng muka, mengku ala nir pokalih.
– 16 –
Ing   wacana yen anuju, pasamuwan srawunganning, dipun sambada ing tembang,   manawa katambang balik, denkacakup ing pangucap, titika dipun katitik.
– 17 –
Patitike   ywan wus putus, pan wus cinariteng Sruti, sru trep tita ing purwaka,   mangka kenging anganggepi, ing cipta ya dyan patutta, ing tembang   sambang manawi.
– 18 –
Ana   wadi kang sinamun, sinuksa sari-sarining, buhana sabawaning tyas, lair   ing tyas kang nampani, nyataning tyas aneng naya, naya netya kang   nampani.
– 19 –
Sawadining   wardayeku, ing netya pahemanneki, ing wacana (ng)gonning wedhar,   sidayaka dayeng wadi, widigda ing ciptamaya, mayana mayaning kapti.
– 20 –
Ati   akapti kumudu, asihana ing sesami, witting raga kanasiyan, pan  sangking  raga pribadi, pribadi asiyeng raga, kadulu dalan dinalit.
– 21 –
Paesan   ing sarireku, amberat ingkang kaeksi, nir tasitaning akathah, pangehna   ing sarireki, sarira paran bedanya, ambawa ambawani.
– 22 –
Ingkang   kadi mangkoneku, endi ulun amurwani, ing paniwi wamangkana, ana pae   nupa bumi, dera ngimpun prih sadaya, pan wus jenengin narpati.
– 23 –
Kinasihan   ing reh aru, saharja mangakumeki, amiluta ambek ing ngrat, rat   karaktettan padha sih, linulut ing lokajana, jeneng kasarjana sami.
– 24 –
Sarat   rinaharjeng kayun, mawarah-warah reh aris, tanpa karsa pagehana,  kengang  murwa angarjani, klitir marang apapa, papa telutuh siningkir.
– 25 –
Mikara   kang sikara dur, nimitnya-mitya sajati, juti sajatining mita, siyasat   lir sagaragni, genengan kathah isininya, sarira tanpa welang ngling.
– 26 –
Sesumbanging   ngrat kasumbung, sesining tapa ing bumi, bumi saja saha jarwa, sojar   tekanang binukti, bremara ngusweng kusuma, sumarmaning ganda sari.
– 27 –
Salwir   bawaning kang sinung, ing wadi widagdeng kuwi, among jagad jaga-jaga,   arjuning ngrat tan kaesthi, saesthining asthagina, ginulang-gulang ing   pangling.
– 28 –
Liniling-liling   kalangkung, sinelan planu pinalin, sarasa-rasa rinangsang, kang   saru-saru siningkir, sikara tan karawatan, kuwat awetta rangkawit.
– 29 –
Wiwitting   watara wolu, waluyane wali-wali, wulang lila lan wilalat, ywan linelet   temah lali, lalu amilih turida, ruda ruah angrudatin.
– 30 –
Rudating   angayun-ayun, wahyu-wahyaning sakalir, kaliliran kalairran, lairing   wahyu-winaris, waras ngeniraken maras, marassaken jiwaragi.
– 31 –
Noraga   tegeng anurut, anurut rat pinirit, mirit angipat kiparat, puret pepet   tan pinipil, papalla sangking sikara, sukura suker singkinkir.
– 32 –
Kertya   pakarti katutur, titir pamantara titi, tatas pandining walgita, tan   pegat amagut kapti, kaptine ingkang kampita, pitaya den pitayani.
– 33 –
Yen   ing tyas pan aywa tambuh, bubuhanne wong ngaurip, angarep-areppa  karya,  karyane sawiji-wiji, wijining puruitaa, ya asthaguna kinawi.
– 34 –
Kawining   Hyang Endra laku, ngudannaken wangi-wangi, angresepi sabuwana,   kawaratan ing mamanis, menuhi manah madada, moneng manengku ngenani.
–35 –
Kawining   Hyang Yama laku, madhendhakrama tan yukti, ya maluma lwir ya pejah,   durjana gelahing bumi, nadyan braya wani ngambah, binubuh pinrih ing   pati.
– 36 –
Kawining   Hyang Surya laku, ngingsep toya tan katawis, rereh ririh tan rekasa,   rasanne tan ngeressi, resik lumintu atata, santyasa ngatiyati.
– 37 –
Kawining   Hyang Candra laku, ngasuk ngasepi sang bumi, komala mredu katingal,   guya-gutunya mamanis, lir tetessing martotama, resep marang para resi.
– 38 –
Kawining   Hyang Bayu laku, anginte sagun pakarti, cuddining rat kinawruhan,   sawicara denkawruhi,ya dibya guna kagunan, dinunni saari-ari.
– 39 –
Kawining   Kuwera laku, anginte sagung pakarti, buddining rat kinawruhan,  sawicara  denkawruhi, ya dibya guna kagunan, ginunni saari-ari.
– 40 –
Kawining   Baruna laku, ngagem sanjata ngapussi, sagung kang olah durjana,   jinajahan sinalisik, sinalasah cinepengan, amempeng dennya ninitik.
– 41 –
Kawining   Hyang Brama laku, anggesengi ripu tapis, galak ring ripu lwir singa,   kang kinangsah sirna gusis, murub warata kataman, tamannira aneng geni.
– 42 –
Nahan   ta guna ginunggung, suraku rumekseng bumi, bumi ginora warana, lana   gineneng pinusthi, sesthaning butaning ngolah, ulah sesran musran muni.
– 43 –
Aywa   neher ing paniru, angalappa saraganing, Sruti titikanning kangap,   kadhapping kilap ngulati, Islam mapan janma tama, kang kapir prandening   sesthi.
– 44 –
Asthabrata   kang linaku, kelakon pangolahneki, pundi antuk kalah, lan lakune  Buddha  nguni, beda budining manungsa, akawih ingkang linewih.
– 45 –
Maluya   laya anuntur, linanturaken pakarte, Jayengrana pinandhita, ing  palagyan  palunggyaning, byuha tarien wekasningka, tapa kaluhuran dadi.
– 46 –
Legaweng   pati ring ripu, pratapanning kang prajurit, sor tapaning kang  pandhita,  tapa tapaking jayanti, antyastya pramukyeng tapa, tapa  (ng)graning  gunung wesi.
– 47 –
Sinembah   ing ngalapa gung, singgih yen sirarsa jurit, den prastawa ing sopana,   ing bubuka purba titi, titika denkatalika, tutula tinali-tali.
– 48 –
Agama   pan sedya ayu, pagahen padhanging pati, aywa ta kaselan meda, dumadya   amangguh westhi, nadyan ana hru sayuta, sedya yu pan denpayungi.
– 49 –
Ing   agama payungipun, rineksa tebih ing westhi, dyajan ta anut ancala,   bubuka ywa ngaruhunii, ruhanana ywang wus pingsal, asapenet gan yen   uwis.
– 50 –
Ana   (ng)gyanya tindak-tanduk, ing swara asywa dumeling, aywa liyan kang   karengya, munga sang nata pribadi, dennira angadu laga, mawastreng papan   makangsi.
– 51 –
Bubuhan   kang aneng ngayun, tempuking ayuda pan wis, panarcayan mring sang  nata,  mangsa kaguha ing jurit, sang nata nata ring wuntat, tan patya  keh kang  umiring.
– 52 –
Mung   kanan kering myang pungkur, sawega prayitneng westhi, manawa na   katelayah, raganing turangga mregil, tutulunga teka wangwang, ginantya   bala toh pati.
– 53 –
Yeka   palayarannipun, ring atapa gunungwesi, tan kacaryan tan kawuryan, ring   dadi dadining bumi, sastakasa myang riringa, pan purbawisesa jati.
– 54 –
Tan   ana lara myang lampus, urippe sangking Hyang Jati, Karana tan takut  ing  prang, nistha madya utamaning, mantri lingling kina-kina, kinenan  malah  ing mangkin.
– 55 –
Nisthaning   mantri winuwus, yen kawawas lena dhingin, lena kari wadyanira,   madyaning mantri yen mati, bareng lawan wadyanira, utamanireng kang   mantri.
– 56 –
Yen   ing bala ngarsa gempur, tulung ngadegken jemparing, mangsa mangke  dadya  warta, yen amungun jareng jurit, nistha madya utamanta, mantri  ngmasi  rumiyin.
– 57 –
Ing   lelakonne keh kantun, kaputungan tyas kang nulis, sepi supene kang   bawat, tumanduk lamun udani, telasana sanggamu, ywa, dening tanduk tan   nindaki.
– 58 –
Lwir   tarbuka rupanipun, cundhining rat anjajagi, tan mangra mantreng  sarira,  purwaning amenggel kawi, kinayah kayuh bawamba, abuning rat ing  saricik.
– 59 –
Ing   angga akarem liwung, ing pangiwa angenani, tulaten namung pinampar,  tan  wrin cacden ing sami, sanepaning pasang sewa, sinawwa tan suwawi.
– 60 –
Wiyangga   wuyungan kalbu, buhana tandha saben ri, rumaras ywan tan mangguha,   uguhing kidung tinampi, nampingana mangka dadya, dadya dawaning murwani.
– 61 –
Nimpeni   dadi sinamun, namun dana tanpa mijil, pinunjal tinujel suka, suka  ringa  manggel kawi, kawisesa budyadarma malangun dadine bumi.
PUPUH XXXVIII
ASMARADANA
– 01 –
Rahadyan   sanget gung kingkin, miyarsa andikanira, wasi kawiswara kaot, wus lami   neng Panegaran, ngentek piwulangira, dhasar lantip sang abagus, sakep   atampi piwulang.
– 02 –
Saya   tebih dhabar guling, Gathak Gathuk eca ing tyas, Kawiswara ngandika  lon,  kulup ywa dadya tyasira, ingsun tan pisan-pisan, risi kanggenan  sireku,  amung supaya wuwuha.
– 03 –
Kawruh   utamining urip, tumekane ing delahan, angidulla bener angger, marang   ing Salamet arga, kono ana satriya, atmaja sri Majalangu, nama Seh   Sekardelima.
– 04 –
Dhepok   ing Salamet wukir, wus manjing agama Islam, Sunan Tembayat gurune,   sinepuhan Jeng Suhunan, Adi ing Kalijaga, aran wong bisa ketemu, yen   datan lawan nugraha.
– 05 –
Mangkata   sedheng kang wanci, rahadyan angaras pada, saha aturira alon, muhung   pangestu paduka, kawula darma lumampah sangking pituduh, tuhu tan darbe   kuwasa.
– 06 –
Wau   mesem sang maharsi, kulup ing pangestuningwang, Gathak Gathuk  awotsinom,  kawula anyuwun barkah, pinaringana kuwat, (n)dherekken wayah  pukulun,  angsala idin pandonga.
– 07 –
Iya   kenang sun ideni, muga kinuwatna ing Hyang, rahadyan sampun lumengser,   linggar sangking Panegaran, lajeng ing lapahira, Gathak Gahtuk tanseng   pungkur, wus ngancik sukuning arga.
– 08 –
Sumawuring   sari-sari, ganda arum amrik ngambar, gantya ingkang winiraos, ing   dhepok Salamet arga, masjid munggul katingal, asri busananing gunung,   taru-tarunya tinata.
– 09 –
Sasekaran   angubengi, toya wening tinalangan, pating sareweh iline, mangungkan   talaga dibya, ngunguwung lirab-lirab, wau panembahan gunung, lenggah   tepining talaga.
– 10 –
Ingadhep   abdi kakalih, Ki Maklum lawan Ki Sabar, eh Sekar ngandika alon, Sabar   Maklum den agepah, ing langgar resikana, bakal ana tamu, utama calon   olia.
– 11 –
Sabar   Maklum mundur aglis, ing langgar wus ginelaran, Seh Sekar gya kondur   alon, ngalela lenggah ing langgar, rahadyan wus katingal, ingawe sang   wiku gupuh, radyan anungkemi pada.
– 12 –
Pinangkul   keinempit-kempit, arum wijiling kang sabda, slamet satekamu raden,   mrelokken mring dhepokingwang, banget sukaning driya, radyan nembah saha   matur, pangestu dalem kang mulya.
– 13 –
Seh   Sekar ngandika malih, kulup kywa sadaya-daya, ing pangarah dipun  sareh,  mung ywa pegat ing paminta, lumintu ingkang lampah, yen pinareng   wektunipun, bokmanawa katarima.
– 14 –
Suhunan   ing Bayat nguni, sung carita marang ingwang, eyangmu buyut kalane,   kumpulan lan wali sanga, samya (m)babar sesotya, trusing ngaji pan   akumpul. aywa ana parebutan.
– 15 –
Kinarya   gita ing kawi, ing Giri Gajah enggone, tatkala aguguneman, para wali   sasanga, ing Argapura (ng)gennipun kadhaton ratu agama.
– 16 –
Wali   sadaya tinari, dennira Prabu Sarmata*), Suhunan Benang tinaros, myang   Suhunan Kalijaga, Suhunan Ngampeldenta, Suhunan Kudus tinantun, kalawan   Seh Siti Jenar.
– 17 –
Seh   Benthong rumut tinari, sarta pangeran Palembang, Panembahan Madurane,   aseba mring Giri Liman, angling Prabu Satmata, sukur pepeg anakingsun,   sami limuta kaliman.
– 18 –
Sadaya   tunggala kapti, sampun wonten kang sulaya, arempega kang wiraos, sami   ababar sosotya, sami miyak warana, sampun wongen masang semu, den   anglela den tetela.
– 19 –
– 20 –
Jeng   Suhunan adiluwih, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong, iya   sadar jenengamba, iya jenging purab, iya Alah Sukma Subur, jeneng urip   lawan jagad.
– 21 –
Jeng   suhunan Giri-westhi, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong,  imam  urip lan nugraha, budi uriping Suksma, urip sara Allah iku,  mangkana  ing kawruhamba.
– 22 –
Jeng   Suhunan Kudus angling, ambabar kang pangawikan, Roh wajib ing   imaningong, cahya mancur kadi surya, mijil sangking prabawa, amartani   lapahipun, anguripi ing sajagad.
– 23 –
Penembahan   Madura ngling, ambabar kang pangawikan, aran kanugrahane, kundhi Allah   ta punika, tegese kundhi ika, nabi Allah jatinipun, jinaten ing nama   Allah
– 24 –
Pangeran   Palembang angling, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong,   tegese Allah punika, Allah ingkang amurba, angurip Mahaluhur, amisesa   purba dhawak.
– 25 –
Prabu   Satmata mangkya ngling, ambabar kang pangawikan, sami lan Allah  purbane,  kang ngawruhi iya Allah, kaping kalih nur badan, kaping tiga  rasul iku,  kaping pat Datollah ika.
– 26 –
Seh   Siti Jenar mangkya ngling, ababar kang pangawikan, asembah ing Allah   ingong, sujud rukuk padha Allah, sembah sinembah Allah, ingsun kang   amurba iku, kang misesa ingsun uga.
– 27 –
Wali   sadaya mangkya ngling, Siti Jenar Kadariyah, katerasan iku linge, Siti   Jenar sigra ngucap, adoha yen benera, ingkang perak iku embuh, iku  Allah  supayaa.
– 28 –
Prabu   Satmata mangkya ngling, iku jisin Siti Jenar, Seh Lemah Bang mangkya   linge, raga jiwa den micara, padesane dentilar, Allah kang anglela iku,   sakarsanipun wisesa.
– 29 –
Wali   sadaya samya ngling, salah sira Siti Jenar, dene angaku badanne Allah   badan Siti Jenar, tan langgeng aneng dunya, Siti Jenar iku luput, tembe   mangke ngaku Suksma.
– 30 –
Pan   wonten lakone nguni, sami ambabar sosotya, sampun aling-aling kang  wong,  sami amiyak warana, aja na salah cipta, kene yen warahen dudu,  anging  panggah Siti Jenar.
– 31 –
Prabu   Satmata mangkya ngling, Seh Lemah Bang kamanungsan, sanak pakenira   kabeh, tan beda lan pakenira, nanging sampun anglela, manawi dudi   klurung, akeh wong kang anggegampang.
– 32 –
Kathah   wong kang tanpa yekti, tanpa yun angguguruwa, akeh kang (ng)gegampang   kang wong, dene warta atimbalan, sajatinipun wikan, dadi tan arsa   (ng)guguru, awirang yen ta takona.
– 33 –
Seh   Molana samya prapti, sakathahe Aji Cempa, pinereg ing masjid gedhe,   mapan kantun wali sapta, samya (m)babar sosotya, tan prabeda kang   rumuhun, Siti Jenar ingandikan.
– 34 –
Seh   Molana mangkya angling, Siti Jenar nama tuwan, Siti Jenar mangkya  turre,  ingih Allah jenengamba, nora na Allah ika, anging siti Jenar  iku, sirna  Jenar Allah ana.
– 35 –
Molana   Ngaribbi*) angling, kapkir dadi Siti Jenar, Aji Cempa angling alon,   kapir dana Siti Jenar, Islamipun indalah, kapir danas wong puniku,   punika kapir sampurna.
– 36 –
Molana   Mahribi angling, suhunan (n)daweg winejang, masjid dalem suwung kabeh,   ana bekti ana ora, temah ngrusak agama, aggegampang temahipun, kang   salah (n)daweg pinedhang.
– 37 –
Seh   Siti Jenar mangkya ngling, (n)daweg sampun kalayatan, lawan swarga  menga  kabeh, Siti Jenar sinerampat, dening kaum sakawan, Seh Lemah Bang   sampun khukhum**), pinedhang tatas kang jangga.
– 38 –
Titiga   sabate sami, apan sedya pinejahan, samya prawira Khukhum**)e, titiga   samya anedya, anebut Subkhanallah, wonten rare angon wedhus, sigra   amiyarsa warta.
– 39 –
Siti   Jenar wani mati, kasusra angaku Allah, punang rare angon age, lumayu   asumbar-sumbar, amareg mring ngayunan wonten Allah kari iku, katungkul   ya angon menda.
– 40 –
Prabu   Satmata mangkya ngling, rare iku kudu pejah, khukhum**)ena aja suwe,   sandhingena Siti Jenar, angling Ki Siti Jenar, sandhingena lawan ingsun,   aywa adoh ingsun gawa.
– 41 –
Ponan   rare angling aris, sampun (n)dika kalayatan, rare cilik sru tangise,  age  tumuta pralaya, wus menga lawang swarga, pinedhang janggane sampun,   mesem rare angen menda.
– 42 –
Jeng   Suhunan Ratu Giri, nora kira Siti Jenar, maksih wutuh reragane, tigang   dina gilang-gilang, tumulya uluk salam, kantuna andika ratu, Siti  Jenar  nulya ilang.
– 43 –
Tan   kari sabatireki, sadaya wus samya ilang, miwah rare angon mangke,  datan  kantun melu ilang, sadaya sampun sirna, gawok sakeh kang andulu,   dhumateng Seh Siti Jenar.
– 44 –
Tuturku   kang wus kawijil, Seh Lemah Bang wus anyata, katon kandel kumandele,   nanging pilih kang abisa, kadi Seh Siti Jenar, akeh mandheg aneng catur,   pinentog mundur plarasan.
- ) Ugi kasebut Prabu Setmata
*) Prayoginipun Mahribi
**) Prayoginipun khukum=kaukum
PUPUH XXXIX
D U R M A
– 01 –
Lawan   malih raden sira kawruhana, pan ana kawruh malih, crita   Wringin-sungsang, wajibe kawruhana, anggiten dipun sayekti, sajroning   mana, lan angger ngong jarwani.
– 02 –
Wringin-sungsang   wayahira tumaruna, luhur tan ngawruhi, panjere satunggal, tambenipun   sekawan, pupusipun mung sawiji, pange sakawan, wohe retno-di luwih
– 03 –
Kulitira   kang wringin kancana mulya, daging kumala adi, otote sosotya,  babalunge  kalpika, sungsume motyara luwih, uwiting wreksa, iman wujud  kang  pasthi.
– 04 –
Lan   malihe kaki tengah kawruhana, lalima kathahneki, ingkang aneng tengah,   aran peksi-dewata, anadene kang angapit, peksi sakawan, iku wajib   ngawruhi.
– 05 –
Poma-poma   angger sira kawruhana, apa asalmu dhingin, iku kawruhana, asal  sangking  punapa, miwah benjing lamun mati, endi (ng)gonnira, lawan  marganing  pati.
– 06 –
Lamun   malihe raden sira kawruhana, wastane kang waringin, lan pancere pisan,   lawan tambining ngepang, pupuse lang wohe ugi, apa arannya, wajib sira   kawruhi.
– 07 –
Lamun   mati kang nyawa ngendi marganya, apa ta metu kuping, apan suker ika,  apa  ta metu netra, iku pasthi moler kaki, yen metu sirah, pasthi pecah  kang  reksi.
– 08 –
Lamun   metu ing embun-embunan radyan, kang pasthi bolong kaki, lamun metu   grana, yektine jember uga, lamun metu cangkem najis, lan ngendi baya,   margane lamun mati.
– 09 –
Lamun   metu ing jubur langkung najis ya, yen metu puser ugi, pasti bojot ika,   lah ngendi ingkang marga, lamun ing wulu kang margi, lah iku mokal,   marga kalangkung rungsit.
– 10 –
Lah  ta  raden angger sira tetakona, liyane marang mami, kabeh takokena,  purwa  madya wasana, takokna dipun patitis, asraha badan, ngaturna pati  urip.
– 11 –
Lamun   mati apa ta ana ngakerat, prenahe kerat ngendi, takokna den angsal,  aja  angayawara, dipun weruh ing sajati, basa ngakerat, enggon wong  agung  sisip.
– 12 –
Anadene   enggone wong kang sampurna, tan doyan tan ing ngakir, aneng  Darussalam,  enggon wong agung mulya, iku gurokna sayekti, ing  Darussalam, iku  suwargi ening.
– 13 –
Tegesipun   kang Darussalam punika, wujud mukal kang pasthi, iku gurekena kang  aran  wujud mukal, yen tan weruha sayekti, angur si kopar, karuwan mati   garing.
– 14 –
Lat  ta  iku raden sira gurokena, lah poma dipun olih, kalamun oleha, ing  guru  kang wawarah, silema ironing jaladri, upama nira, ywa toleh anak  rabi.
– 15 –
Yen   pepeka ing wejang guru kang pasal, temahan mati kapir nuli labuhana,   sejange gurunira, labuhan kawan prakawis, aywa kawuntar, tapa kawan   prakawis.
PUPUH XL
PANGKUR
– 01 –
Dhingin   kang ingaran tapa, anarima shing Hyang Suksma jati, apa karsane Hyang   Agung, apan anut kewala, anglir sarah aneng satengahing laut, apa   karsaning parentah, kawula teka nglakoni.
– 02 –
Ping   pindho ingaran tapa, geniara iku dipun lakoni, anadene artinipun,  malebu  ing dahana, yen kabrangas ing ujar iku den teguh, yen denucap  ing  tetangga, mapan tan nedya gumingsir.
– 03 –
Kaping   tiga banyuara, tegesipun punika tapa ngeli, mapan anut ing pitutur,   rembuge pawon sanak, lan nasabi ing wong kawiranganipun, iku laku kang   utama, wong awas ing Suksma jati.
– 04 –
Kalawan   kaping patira, tapa ngluwat amendhem jroning siti, iya iku tegesipun,   aja ngatokken uga, ing becike awake dhewe puniku, miwah lawan lakunira,   pendhemen dipun aremi.
– 05 –
Kalamun   ta malihira, dipun andhapasor sareh ing budi, den kalah*) ing  parapadu,  utamakna ing lampah, iya iku wong bekti marang Hyang Agung,  iku aranne  wong lanang, iya wong menang prang sabil.
– 06 –
Iku   ganjarane benjang, cinacadhang manggon ing sawarga-di, ingkang dahat   adiluhung, kang aran Darussalam, sarwa muwah adi-adi sakalangkung, pan   sampun karsaning Allah, kang duwe wong aprang sabil.
– 07 –
Wong   aprang sabil punika nora lawan si kopar lan si kapir, sajroning jajamu   iku ana prang Bratayuda, luwih rame ayuda pupuh pinupuh, iya lawan   dhewekira iku jatine prang sabil.
– 08 –
Sampune   amenang aprang, nuji ngancik ing nagri Maespati, amboyong  Kencanawungu,  nuli jumeneng nata aparentah**) sakathahe para ratu,  datan ana kang  amalang supami jumeneng aji.
– 09 –
Iku   poma ala poma, aywa mamang manahira sayeksti, poma setyana iku, ujar   kang dhingin uga, den prawira anganggit sajroning kalbu, iku laku kang   utama, tan ana ingkang nyameni.
– 10 –
Lawan   malih atakona, sampurnane ing niyat lawan takbir, miwah sahadat  punika,  kalawan yen sakarat, poma raden punika tan dipun antuk, lawan   sampurnaning pejah, takokna dipun patitis.
– 11 –
Pan   lilima kathahira, gurokena iku dipun mangerti, iku sampurnaning  kawruh,  poma ta dipun angsal, iya iku sira gurokena kulup, yen tan  amuruk  mangkana, dudu gurumu sayekti.
– 12 –
Yen   sira ayun unginga, bumi pitu lah reden sun jarwani, kang dhingi bumi   rannipun, ingaran bumi retna, kaping pindho ingarang bumi kalmu, bumi   jantung kaping tiga, pan kaping pat bumi budi.
– 13 –
Lawan   kaping limanira, ingaran bumi jinem sayekti, lawan kaping nenemipun,   ingaran bumi suksma, ping pitune bumi rahsa arannipun, iku wajig   kawruhana, tegese sawiji-wiji.
– 14 –
Ingkang   aran bumi retna, tegesipun dhadhanira pribadi, bumining manungsa   luhung, iku gedhong kang mulaya, ingaran astaning Islam iku, lawan   kaping kalihira, bumi kalbu denwastani.
– 15 –
Bumi   kabu tegesira, astane ing iman kang sajati, kaping telu bumi jantung,   iku ta ingaranan, astane anenggih sakehing kawruh, lan malih kaping   patira, ingaran bumi budi.
– 16 –
Bumi   budi tegese, astanane ing puji lawan dhikir, lawan kaping pimanipun,   bumi jinem tegesnya, ingaran astanane sih satuhu,lawan kaping nemme ika,   bumi suksma den arani.
– 17 –
Utawi   kang bumi suksma, iya iku astanane ing ngelmi, nenggih kaping  pitunipun,  ingaran bumi rahsa, bum rahsa apan iya tegesipun,  astaning***) ing  paningal, asmaradana gumanti.
*) Prayoginipun den ngalah
*) Prayoginipun den ngalah
**) Prayoginipun amarentah
***) Prayoginipun astanane
PUPUH XLI
ASMARADANA
– 01 –
Raden   kawruhana malih, prakara kang langit sapta, ana ing sira dununge,   poma-poma dipunpirsa, langit kang ana sira, mara ngong jarwani kulup,   den becik pidhangetira.
– 02 –
Dhingin   langit roh-jasmani, dene langit ping kalihnya, langit roh-nabadi  ranne,  roh-napsani kaping tiga, dene langit kaping pat, roh-rokani  wastanipun,  dene langit kaping lima.
– 03 –
Ingaran   roh-nurani, langit kaping nemme ika, roh-rabani ing wastane, langit   kaping pitu ika, roh-kapi wastanira, anenggih ing tegesipun, langit roh   satunggal-tunggal.
– 04 –
Tegese   langit jasmani, tinitahaken ing Allah, amepeki ing uripe, ana ing jasa   sadaya, langit roh-nabati ka, amepeki uripipun, salire badan sadaya.
– 05 –
Ingkang   langit roh-napsani, amepeki ingkang karsa, karepe badanne kabeh,  langit  rho-rokani uga, mepeki ngelunira, sakehe badan sadarum, langit   roh-nurani ika.
– 06 –
Amepeki   cahyaneki, sakehe badan sadaya, langit roh rabani raden, amepeki   adhipira, ingkang badan sadaya, lang langir roh-kapi iku, pan pepak   pasrahing badan.
By Alang alang kumitir
 
 
 

Tidak ada komentar:
Posting Komentar