Sinom
01
Winahya  ring mangsa kala, mapan angeksi martani, prabawanireng bawana,  sawahaning sakalir, kawawas wosing budi, riweding sarwa tumuwuh, tuwuh  kataman ilham, mudar warnaning gaib, wong awerda kaweca wacananira.
02
Mangkya  darajating praja, Kawuryan wus sunyaturi, Rurah pangrehing ukara,  Karana tanpa palupi, Atilar silastuti, Sujana sarjana kelu, Kalulun kala  tida, Tidhem tandhaning dumadi, Ardayengrat dene karoban rubeda. ά
03
Ratune  ratu utama, Patihe patih linuwih, Pra nayaka tyas raharja, Panekare  becik-becik, Paranedene tan dadi, Paliyasing Kala Bendu, Mandar mangkin  andadra, Rubeda angrebedi, Beda-beda ardaning wong saknegara.
04
Katetangi  tangisira, Sira sang paramengkawi, Kawileting tyas duhkita, atamen ing  ren wirangi, Dening upaya sandi, Sumaruna angrawung, Mangimur manuhara,  Met pamrih melik pakolih, Temah suka ing karsa tanpa wiweka.
 05
Dasar  karoban pawarta, Bebaratun ujar lamis, Pinudya dadya pangarsa, Wekasan  malah kawuri, Yan pinikir sayekti, Mundhak apa aneng ngayun, Andhedher  kaluputan, Siniraman banyu lali, Lamun tuwuh dadi kekembanging beka.
 06
Ujaring  paniti sastra, Awewarah asung peling, Ing jaman keneng musibat, Wong  ambeg jatmika kontit, Mengkono yen niteni, Pedah apa amituhu, Pawarta  lolawara, Mundhuk angreranta ati, Angurbaya angiket cariteng kuna. ά
 07
Keni  kinarta darsana, Panglimbang ala lan becik, Sayekti akeh kewala,  Lelakon kang dadi tamsil, Masalahing ngaurip, Wahaninira tinemu, Temahan  anarima, Mupus pepesthening takdir Puluh-Puluh anglakoni kaelokan.
 08
Amenangi  jaman edan, Ewuh aya ing pambudi, Milu edan nora tahan, Yen tan milu  anglakoni, Boya kaduman melik, Kaliren wekasanipun, Ndilalah karsa  Allah, Begja-begjane kang lali, Luwih begja kang eling lawan waspada.
 09
Semono  iku bebasan, Padu-padune kepengin, Enggih mekoten man Doblang, Bener  ingkang angarani, Nanging sajroning batin, Sejatine nyamut-nyamut, Wis  tuwa arep apa, Muhung mahas ing asepi, Supayantuk pangaksamaning Hyang  Suksma.
 10
Beda  lan kang wus santosa, Kinarilah ing Hyang Widhi, Satiba malanganeya, Tan  susah ngupaya kasil, Saking mangunah prapti, Pangeran paring pitulung,  Marga samaning titah, Rupa sabarang pakolih, Parandene maksih taberi  ikhtiyar. ά
 11
Sakadare  linakonan, Mung tumindak mara ati, Angger tan dadi prakara, Karana  riwayat muni, Ikhtiyar iku yekti, Pamilihing reh rahayu, Sinambi  budidaya, Kanthi awas lawan eling, Kanti kaesthi antuka parmaning  Suksma.
 12
Ya  Allah ya Rasulullah, Kang sipat murah lan asih, Mugi-mugi aparinga,  Pitulung ingkang martani Ing alam awal akhir, Dumununging gesang ulun,  Mangkya sampun awredha, Ing wekasan kadi pundi Mula mugi wontena  pitulung Tuwan.
 13
Tumuwuhing  tyas weweka, mekani sangkering weri, weri wirotaning tinggkah,  satitikaning sakalir, silir-silir sumilir, saliring mala maladkung,  kangkat kalis kalingan, tawekal wekel teteki, tekaning kak tan  angingkedi ing tekad.
 14
Pan  kahanan kahenengan, nahan nguningani ening, tan ana sakara-kara, karenan  purnameng kapti, temahan angenani, ngangen-angen yuwana yu, wahya-wahyu  dyatmika, wikan wewengkoning gaib, dadi sidik sawadining kawaspadan. ά
 15
Paran  mangke kang den angkah, bangsa kas amung angingkis, pangringkesing  saniskara, karaket karsa pribadi, pribadining sasandi, sandeyaning rat  dahuru, riwet tan karawatan, musti waskiteng pangesti, asusantya setya  tuhu tinahenan.
 16
Sageda  sabar santosa, Mati sajroning ngaurip, Kalis ing reh aruraha, Murka  angkara sumingkir, Tarlen meleng malat sih, Sanityaseng tyas mematuh,  Badharing sapudhendha, Antuk mayar sawetawis, Borong angga sawargaga  mesI martaya.
————————————————————————————————————
Kapethik saking Buku Serat Jangka Pandoming Agesang.
Kapethik saking Buku Serat Jangka Pandoming Agesang.
Sumber: alangalangkumitir
 
 
 

Tidak ada komentar:
Posting Komentar