Kamis, 07 Oktober 2010

Serat NITI SRUTI


DHANDHANGGULA
Рµρứђ ☻ 01
Mamnising wasita kaesti, Nitisruti kang sinudarsana, tinulad ing sapantese, pinetan kang pakantuk, tujuning kamajengan, asedya arjayu, yuwananing nuswa jawa, away kongsi kalantur-lantur kawuri, kewrwning pangawikan.
Рµρứђ ☻ 02
Nguni-uni pra paramengkawi, kawileting ring reh pangawikan, kang mikani ing kajaten, temah katrem katungkul, kanikmaten kawruhing pati, dadya kadunyanira, kawuri kalantur, awit datan ginaraita, marma mangkya karsaning pra sarjanadi, binudi mring widagda.
Рµρứђ ☻ 03
Widada ing kadunyan supadi, bangkit dadya ruhuring darajad, mrih kapraptan sakajate, nanging away kalimput, tilar taler tataning nguni, Nitisruti tinilas, talesing sedyayu, supadya tanceping carita Jawi, mangkana kang wasita.
Рµρứђ ☻ 04
Jatinira tyas kadya angganing, sinilem ing samodra dahana, nging paksa tumimbul bae, satemah sinung pemut, nujweng ari Budhaka manis, Sura Candra purnama, ing warsaka ; Wawu, punang sangkala kaetang, bahni maha astra candra duk manganggit, Nitisruti pustaka.
Рµρứђ ☻ 05
Ya marmanta apaksa manggupit, kadarpeng tyas mamardi mardawa, mrih widodo sawadine, mung raharjeng rat ketung, myang nititia neningali, saulah bawaning lyan, nadyan tan pakantuk, wus tan rinasa ing driya, awit saking kirang wiwekaning kapting, katenta paprenesan.
Рµρứђ ☻ 06
Ing reh pindha nurat kalam jari, nanging kedah ingalema wignya, marma pamintaba mangke, mring sagung kang sedyayun, manungkara wuryaning ruwi, wawarah ngayawa, den aksemeng kalbu, wit ning sarasaning gita, pindha janma awuru saari-ari, nging paksa.
Рµρứђ ☻ 07
Wawadine kang warsita nguni, mung wit wara kang wus katriwal, rinuruh ing sakadare, sing reh pra sujana nung, myang sarjana ing nguni-uni, kang wus samya kasusra, sru pratameng kawruh, wasis ulah kawaskithan, myang satata kertata sung wasitadi, wis dadya puruhita.
Рµρứђ ☻ 08
Nalaring srat iya jatining wiweka, iku pan dadi ambeke, para pandhita candhana adi, sandyan tinegora, pinecela muhung, asung ganda marbuk ngambar, wit tyas wiyar resik lir akasa keksi, kesisan ima manda.
Рµρứђ ☻ 09
Gilutane anggelung pangawrin, myang jroning tyas tan pegat tumedah, asung kadarman ring akeh, saking sampun amungkur, sumingkiring reh tan yukti, tyasnya sukci legawa, paramarta arum, berbudi bawa laksana, myang dyatmika nirmala ngumala wening, yayah pasthika maya.
Рµρứђ ☻ 10
Rina wengi tarlen kang kaeksi, mung arjaning jagad pramudhita, gung sinidhikora ing reh, pinulata ginilut, legutanuya dimene dadi, tuladhaning pra mudha, cinandhi kang cundhuk, candhake lan jaman mangkya, mangsa borong dennya met darsana sidi, kasidaning parasdya.
Рµρứђ ☻ 11
Surasanya kang pinurweng ruwi, kang minangka lenggahing pandhita, yen sampun leres rarase, nulusa raosipun, jroning nala tanpa ling-aling, dening sampun waspada, dununging panebut, atanapi kang sinembah, dadi gambuh ngambuh ing kaanan jato, jati mulyeng kasidan.
Рµρứђ ☻ 12
Rarasing kang mangkana sayekti, tan kabuka neng manahing janma, kang tanpa pangawikane, muwah kang mudha punggung, bodho bundhu datanpa budi, marmanira kumedah, tyas kalaten atul, met tuladha pruhita, maring para pandhita putusing jati, jatining kanindhitan.
Рµρứђ ☻ 13
Kartining tyas yen wus tekeng jati, pan wus sirna reregeding angga, ruwat sagung mamalane, kadi sarira ayu, kang mangkana yeka manawi, trus prapteng jero jaba, babarane jumbuh, ning wening tan kawoworan, ing satemah pan wus keni den wstani, syh sirna manungsanya.
Рµρứђ ☻ 14
Tatelane kang mangkono yekti, wus tan ana Gusti lan kawula, saking wus sirna rasane, dene ta kang tan weruh, ing pangawruh kang wus jinarwi, tan kena cinarita, caraning tumuwuh, wit wus kebak mesi wisa, mung duraka kewala kang den raketi, beda kang wus santoso, saking antuk nugrahaning Widhi, sabarang kang winicara samya, pan wus dadya labet kabeh, tumpraping praja ayu, saking tansah rinakseng Widhi, widada sasedyanya, salwiring reh dudu, dinohken ing Hyang Wisesa, babasane wong kang wus waskitheng westhi, rinekseng Widhi dhusta.
Рµρứђ ☻ 15
Lawan tyasira wus satuhu sukci, lenggahira wus luwih santoso, ingkang mangkana yektine, wus dadya prabotipun, waspada ing jatining tunggil, tunggal Gusti kawula, sakarone jumbuh, iya waspada punika, pan wus keni ingaran busaneng jati, tetep mangka pirantya.
Рµρứђ ☻ 16
Pirantine wong angulah ngelmi, kang kariyin temen tan kumedhap, sarwa manis wicarane,semu arereh arum, lamun wus samekta, jaba jumbuh, madu lawan manisira, wus sarasa atunggal rasane jati, tan kena pinisahna.
Рµρứђ ☻ 17
Kaping kalih ulahing dudugi, niniteni ulah kang tan yoga, winor lan ulah kayekten, sira dipun sumurup, sameptaning wasisteng westhi, yen marta ngemu wisa, sayekti tan arus, lan yen guyu ngemu rahswa, luhung lamun tan mawi wisa upami, ngarah lar kidul kena.
Рµρứђ ☻ 18
Yen mangkana sayektine maksih, keni binuka lawan duduga, pangudining nora angel, dene ping tiganipun, kang winastan ulah watawis, iku ulah timbangan, angon ing panuju, animbangi kang sabawa, lan sambada kang kapareng narawungi, tinengah ing watara.
Рµρứђ ☻ 19
Ping sakawan traping pamroyogi, animbangi patraping watara, duga-duga prayogane, kalawan tibanipun, tumanduking karsanireki, kinira away ngatya, amasmu kasusu, ing lampah ywa daya-daya, angantia lamun wus sarwa miranti, sareh ning amrayoga.
Рµρứђ ☻ 20
Away tilar wuwulang ing nguni, lan ing mangkya yogya katepungnya, pinet ing sapakantuke, dene ping limanipun, kapurunan telung prakawis, dhingin sabaya pejah, ro mateni kayun, katelu anglugas raga, maksih ana lamun tinulusa sami, nanging wosing kadiran.
Рµρứђ ☻ 21
Ringkesane mung tekading kapti, kudu saguh gugah nora wegah, sumanggem sabarang gawe, nadyan tekeng pakewuh, yen wus wani nora gumingsir, tempuhna gunung waja, myang samodra latu, yen wus wani away ulap, ing wusana kaprawiranira dadi, ingendel wong sapraja.
Рµρứђ ☻ 22
Kaping nenem kang luwih sayogi, bisa nganan anuntagi basa, wruh sakehing basa kabeh, bangkit ambingkas nambung, lan manuksma ing agal alit, saulah bawaning rat, saosik kawengku, amiguna ing ngaguna, bangkit mamrih sihing janma sanagari, tansah mrih arjaning rat.
Рµρứђ ☻ 23
Talesing tyas asih ing sasami, myang den bisa mot ing kapinteran, ywa kaduk gumuna reke, den bisa angon semu, lamun kaduk gumuna yekti, kawruhe kalong-longan, kaelangan parlu, de kang mangka prananira, salwir kawruh tarlen saking sarwa bangkit, angrasuk sarasanya.
Рµρứђ ☻ 24
Dadya tajem semune tan keksi, nora mantra-mantra kawistara, ing pasemon mung masmu sumeh, pasaning netya ruruh, ngarah-ngarah ring tyas mekani, lamun ana sujana, sangadi balilu, winulata den waspada, kang supadya away kawadakeng wadi, dadi datan cineda.
Рµρứђ ☻ 25
Marma lamun micareng pangawrih, den abisa sasap ing wacana, amamriha prayogane, lan winatareng tanduk, umindaking dugi prayogi, winoran ringa-ringa, pangarahing wuwus, upama urubing damar, maramene anggaremet mikenani, jroning nala kapranan.
Рµρứђ ☻ 26
Wit putusing sujana linuwih, waskitheng tyas mawas kawasisan, tan kawistara semune, samun nanging mangimpun, animpuni kagunan sami, marma ywa kawistra, ing pamawasipun, den samar met moring rahsa, rarasing reh dena manis masmu aris, manawa kawangunan.
Рµρứђ ☻ 27
Lan tekade wong kang wani mati, iku daya makaning kasuran, lara wirang tan tinoleh, ewa samono lamun, ungas sanget amingis-mingis, pinintonken sakala, kalane kawuwus, kawanteren umuk ombag, iku bakal kinira wong kurang wani, batal kuwanenira,.
Рµρứђ ☻ 28
Kang mangkana tanpa pamatawis, wuwusira nora winaranan, kasusu sukaning tyase, katona wanteripun, tan kuwawa nayuting kapti, anguja nepsu hawa, nora awas emut, labete tanpa warana, mung kumudu mintonken yen sarwa wani, iku nora prayoga.
Рµρứђ ☻ 29
Dena anteng lawan dena manis, netya sumeh nanging away ulap, laraping wicara sareh, yen sira tuhu purun, away sira tuhu purun, away kongsi kasusu keksi, kuwanenen ing tingkah, lan away ombag umug, pindha bantheng mambu obat, manggung angro anggigiro giri-giri, gambira goragadha.
Рµρứђ ☻ 30
Ngaku dadi gegedhunging bumi, sumbar-sumbar obrol kabrabeyan, jubriya tekabur bae, angkuhe kumalangkung, ngaku kendel ngungkul-ungkuli, ngungkuli wong sapraja, iku nora mungguh, ngadate wong kang mangkana, mung samono kewala katoging budi, prapteng don liron kamal.


S I N O M
Рµρứђ ☻ 01
Tyas kumlungkung kumawagya, luwih maning lamun uwis, munggwing luhuring turangga, ngembat watang numbak siti, katon esthanya kadi, kurang mungsuhing ngapupuh, anyanderaken kuda, mamprung alok cerik-cerik, kang mangkana mung samono notoging prana.
Рµρứђ ☻ 02
Dhapur amerang lengenan, para tandang nyanyampahi, tandha candhula-candhala, kumawana angarani, sabar mring liyan janmi tan wruh lamun dhewekipun, katon ing jerihira, kang mangkana iku tingkah tan prayoga.
Рµρứђ ☻ 03
Yoga kaki singkirana, tingkah kang saru kaeksi, nulada para sujana, myang sarjana kang nimpuni, ngambar gandane wangi, apan ta uwus kasebut, ana ing layang wacan, caritane kyana patih, ri sang Koja jajahan lan Sri Narendra.
Рµρứђ ☻ 04
Nata ing Mesir nagara, tataning pra sujana di, kang binabar dadi wulang, karya sudarsana sidi, maring wong sanagari, menggah kajatmikanipun, muwah antenging netya, manising wacana luwih, mrih ywa nganti ingaranan wicaksana.
Рµρứђ ☻ 05
Dene cacading panindak, anandukken pamatawis, iku yen mawa pangangkah, angong kang marang tan yukti, saking tan den wekani, bubukaning kang pakantuk, wit saking wuwusira, kongas-kengis sarwa wasis, para tama kalimput landheping sabda.
Рµρứђ ☻ 06
Ing satemah ngayawara, warahe tan migunani, wit saking kurang wiweka, amengku mring liyan janmi, saking kurang pamikir, kang ora-ora ginayuh, yektining pamatara, tinilar malah den dohi, kang mangkana wit kalimput ngaku limput.
Рµρứђ ☻ 07
Ing satemah kapitunan, tiwas muwus angacuwis, wuwuse tanpa wusana, sirna katubing maruti, ingkang mangkana kaki, ing nguni pan wus kasebut, wasita kuna-kuna, pangucap kang tancep becik, lawan maning pakarti ingkang utama.
Рµρứђ ☻ 08
Iku dadi tatkrama, tumerah wong sanagari, wus ana wawarahipun, ginelar telung prakawis, tunggal ambeg utami, lawan solah bawa kulup, tanapi pamariksa, mangkene nyatane kaki, iya iku nistha madya lan utama.
Рµρứђ ☻ 09
Lawan maning jarwaning, warah kang telung prakawis, ing nguni wus wanasita, mangkene ingkang kariyin, kramaning sujana di, nenggih kaping kalihipun, caraning pra sudagar, patraping durjana katri, yeka aran ambeg nistha madyatama.
Рµρứђ ☻ 10
Ning nadyan patrap durjana, ya nistha madya utami, wit saking awarna-warna, ambegal nyebrot tanapi, ana maling pawestri, maling rajabrana dalu, patrape neka-neka, ana kang mawa piranti, ana ingkang anggunting madung wiwira.
Рµρứђ ☻ 11
Ana kang mateni janma, dene durjana utami, kang wani ngendheng katingal, marmanta winastan silip, wit dennya laku juti, abangkit kalangkung-langkung, ngungkuli janma kathah, bangkit namar angemori, tingkahira kadi janma ulah budya.
Рµρứђ ☻ 12
Lan asring ngluluh sasrira, amelang sedyaning kapti, pininta kalonira, wit nadyan wong laku juti, uga bisa ngarani, mungguh sapurnaning laku, amung mateni raga, de madyanira laku jati, amung meneng lan mrih kalimpe kewala.
Рµρứђ ☻ 13
Ana kang mawa pirantya, bandrek pintu jugil gunting, dene ta maling kana nistha, anguthuh tan wirang isin, angrebut nyeler ngutil, nadyan konangan pinenthung, wus tan nganggo rinasa, labete wong tuna budi, amburu wah nuruti murkaning manah.
Рµρứђ ☻ 14
Yaiku nisthaning nistha, ngangsa ngangah-angah kadi, rayap kumriyeg managsa, sari ratri tanpa ririp, telas tilasing janmi, jasate lir jis-jis wutuh, de caraning sudagar, ingkang santoso ing budi, amung mungkul wekel dennya anggaota.
Рµρứђ ☻ 15
Murih katekaning karsa, ananging inggih manawi, genya ngimpun rajabrana, milulu melik bathi, linabuhan ambalithuk, sayekti menggal rusak, tan lulus temah sirnaning, kang saweneh nenggih patraping nangkoda.
Рµρứђ ☻ 16
Ana ingkang nora sotah, wanuh lan wong kawlas-asih, tan arsa wawawicara, lawan wong kang nistha-nisthip, kapethuka sumingkir, bok nulari apesipun, yena ana pekir priman, sinikara dennya ngemis, dya ginusah ingesotken sona rodra.
Рµρứђ ☻ 17
Supadya enggal lunggaa, away kongsi nanketi, muwah ywa tunggal satanah, asatemah nguciwani, yeku wong kang wus lali, pangling nalarira liwung, kalingling melikan, tan eling purwaning urip, wit kayungyun milulu ing kabungahan.
Рµρứђ ☻ 18
Tan ana kang kasatmata, kajaba mung emas picis, lali mring Pangeranira, janma kang mangkana yekti, cilaka dunya ngakir, yen rusak tan antuk tulung, wit duk katunggon dunya, karem nyikara sung runtik. Mring Hyang Suksma lali tanpa pangastawa.
Рµρứђ ☻ 19
Dene kramanira pandhita, akeh kang nundhingan dhiri, lire ngengungken sarira, ana kang kulineng sepi, neng wana-wana wukir, wenenh ana jro prajagung, tinawing warna-warna, busana rajabrana di, myang rinengga anggarwa wanodya endah.
Рµρứђ ☻ 20
Supadya rinesepana, maring sagung kang ninggali, muwah siniha ing kathah, lan bungah yen den wastani, anekaken kapti, dene ta ing karsaninpun, pandhita kang mangkana, pama puspa den simpeni, nanging meksa kongas arum marbuk ngambar.
Рµρứђ ☻ 21
Tan wun akeh kang ngupaya, kapingin ing ganda wangi, nanging ta ingkang mangkana, yekti arang kang udani, saking nora kaeksi, beda kang nglela kadulu, katon tapa bratnya, myang sumingkir ing karamen kakareman.
Рµρứђ ☻ 22
Awit laku kang mangkana, ngluwihi kang aprang sabil, sabalane kang angrusak, angrusuhi ing agami, mangkana kang utami, sayogya ingkang misuwur, sumawur wartanira, suka nawurken wawangi, prapteng wuri martani suta sewaya.
Рµρứђ ☻ 23
Samya sumanggem agama, ageming Nabi sinelir, Muhammadinil Mustapa, aterus ing lair batin, wit yen tan trusing tumimbul, krana sampurnanira, pangastuti ing Hyang Widhi, nora kena rinerangan rewa-rewa.
Рµρứђ ☻ 24
Marmata para pandhita, kang manembah neng ngasepi, myang mahas sajroning guwa, amepet angkareng kapti, tahen tan dhahar guling, amerangi hawa nepsu, nyirep sagung wiyasa, myang birat sakeh sihing sakserik, nanging lamun kalimput sihing atapa.
Рµρứђ ☻ 25
Lire bungah ingalema, betah luwe matiragi, iku tan antuk suwarga, malah naraka pinaggih, pujinira sirna nis, brastha tiwas ambaluwus, wekasan tanpa tuwas, sedyanira dadi, ing satemah manggung anggaresah.
Рµρứђ ☻ 26
Tan katrima ing Hyang Suksma, upama wayang neng kelir, kapeksa muwus priyangga, dhalange tan nguningani, marma lampahing resi, kang neng praja myang ing gunung, nora kena pinadha, kudu turut ataretip, tinataa pakantuking jro wardaya.
Рµρứђ ☻ 27
Lamun pandhita ing praja, jejere ingkang piniji, ameleng ing kajatmikan, atanapi tata krami, nadyan lumakweng margi, jatmikaning tyas tan kantun, tuhuning tata krama, winantu ing ulat manis, animakken sakserik trusing wardaya.
Рµρứђ ☻ 28
Yen maksih esak ing driya, dadi asoring maharsi, yekti katinggal ing netya, amasmu kucem tan manis, dening angemu runtik, maksih ngumbar hawa nepsu, dene agenging cacad, medaning para maharsi, lamun maksih karem kerem rajabrana.
Рµρứђ ☻ 29
Wit iku amarakena, sareng lan sarehing kapti, tanapi suka sungkawa, kusut sekunging astuti, lamun ana kang prapti, samya lumuntur sihipun, netya sumeh sumringah, yaiku medaning kapti, temah datan bangkit mekak nepsu hawa.
Рµρứђ ☻ 30
Saking maksih sugih tresna, remen mring kang sarwa asri, ing wekasan tantan tuman, nuruti medaning bumi, lir trape wong neng nagri, ngawula suwiteng Ratu, sayekti wawalesan, animbangu sihing Gusti, lawan kedah ngati-ati, ing pratingkah.
Рµρứђ ☻ 31
Kudu setya tyas waspada, amawas karsaning Gusti, myang mamet sihing sasama, muwah sarowanging ngabdi, dadi bangkit mumpuni, ing sanalika tan ewuh, netepi Waradarma, solah muna lawan muni, iku dadi panengeran ayu ala.
Рµρứђ ☻ 32
Muwah tanggaping sasmita, prayananing Narpati, lir warahe sang Apatya, Koja jajahan ing Mesir, asung wulang weweling, palane ngawula ratu, dhingin angilangena, pangira kiraning kapti, akarana nalika jaman sama.
Рµρứђ ☻ 33
Patrape wong angawula, ingkang winastan prayogi, rarasing tyas mung sumarah, nurut sakarsaning Gusti, dipun kadi angganing, angilo paesan agung, solahing wawayangan, kang aneng sajroning carmin, nora siwah lawan kang ngilo ing kaca.
Рµρứђ ☻ 34
Myang away tresna ing garwa, tanapi sewaha siwi, sanak kadang kulawarga, de yen tan mangkana yekti, tipis dennya dadasih, tuwas tiwas kasang-kusung, wekasan kasangsaya, temah mung ngaswrat-awrati, tan katrima wurung dennya danasmara.


A S M A RA D A N A
Рµρứђ ☻ 01
Marma mung salah sawiji, endi ingkang lineksanan, ywa ngantya mandheg tumoleh, neng praja yen tan mangkana, aluwung sumingkira, mring wanarga guwa samun, away kulina neng praja.
Рµρứђ ☻ 02
Dene tingkahing dumadi, kang akarya gara-gara, kagiri-giri gorareh, yeka ing jaman sangara, dudu tingkahing jagad, yektine mung patrapira, manungsa kang ngaku guna.
Рµρứђ ☻ 03
Samya mawaa tatawing, awarana neka-neka, ambabarung ing wawarnen, micara kaduk gumuna, kuminter kumasura, amedharaken wuwuruk, ngaku wasis wicaksana.
Рµρứђ ☻ 04
Angkuhe arsa ngayomi, mring para papa kasimpar, kang aneng ngarga myang ngare, supaya rahayunira, satemah para papa, samya bingung ting balulung, rebut dhucung salang tunjang.
Рµρứђ ☻ 05
Ting garubyug amarani, ngrubung ingkang wara-wara, arsa ngreksa raharjane, anilar perluning wisma, wusana tanpa tanja, mung gumrudug anut grubyug, nora weruh rembugira.
Рµρứђ ☻ 06
Mangsuli suwitwng aji, yen ana karsaning nata, kudu sumarah ambodho, saature mung tumadhah, andherek sakarsendra, karana Sri Naraprabu, kawasa sung pejah gesang.
Рµρứђ ☻ 07
Kudu tuhu angastuti, santa susetya ing driya, nalangsa srah trus atine, rumangsaa yen kawula, kapurba kawasesa, marang panjenengane Ratu, ngarasaa tan darbe gesang.
Рµρứђ ☻ 08
Den mantep tumekeng pati, nglabuhi karsa Narendra, kang tanpa mangsa kalane, dene ta pranatanira, lamun sinihan Nata, yaiku lamun den utus, datansah inga lembana.
Рµρứђ ☻ 09
Lan kang dadi tandha yekti, katrimanya dinuta, sring tampi ganjaran Katong, ananging yen wus mangkana, away sira sembnrana, tyas nulya apasang surut, lire pasang surut ika.
Рµρứђ ☻ 10
Sumanggemira ing kardi, sregep nuli salewengan, amalincur klencar-klencer, ngendelken yen wus katrima, iku away mangkana, karana asihing Ratu, tan keni ingandelena.
Рµρứђ ☻ 11
Wit yen ana karseng aji, akarya pasangan coba, den awas ing pamawase, lir dhadhalang mulat wayang, solahe gung kawangwang, tansah winaspadeng semu, mrih sumurup kurseng Nata.
Рµρứђ ☻ 12
Yen ana pasangan batin, arungsit tan kawistara, sejate wus den eler, gumelar neng ngarsanira, iku dipun prayitna, yen sira nora sumurup, yekti kalebu pasangan.
Рµρứђ ☻ 13
Wit sira kalentu tampi, tan wruh ing cipta sasmita, saking samar panamure, tan tampi liringing netya, wekasan kadrawasan, andaleya kadalarung, kasluru keneng pasangan.
Рµρứђ ☻ 14
Labane lena ing budi, dadi kalebu loropan, saking kalimput karepe, manawa angandelana, dennya teguh wantala, malah katon mudha punggung, padha lan kang kacacadan.
Рµρứђ ☻ 15
Paran denira dumugi, kang dadi sedyaning driya, dening tansah kandheg tyase, kadhung kendel ing dadalan, tan kaju sejanira, tan ngestokken agnyeng Ratu, katungkul angaku wignya.
Рµρứђ ☻ 16
Beda kang mantep ing budi, cinoba datan tumama, mung mantheng ing pangesthine, pangarsa arsaning karsa, sihing Sri Naranata, kang tumerah ywa kalentu, trus saking titi pariksa.
Рµρứђ ☻ 17
Wit saking sampun udani, kalamun jeng Sri Pamasa, kang kawasa miseseng reh, marmanta kudu waspada, ngati-ati ing tingkah, tyas suka sungkem sumungku, mung setya tuhu ing driya.
Рµρứђ ☻ 18
Yen anuju amarengi, wruh kedhap kilating Nata, ulatira den asareh, nampani dhawuh sasmita, den cundhuk sandhakira, tindakira kang tinanduk, ngungingaken ing Narendra.
Рµρứђ ☻ 19
Den asumeh pasmon manis, ing semu kang sumaringah, samun nanging mrih kongase, wit lamun tan kauningan, iku sami kewala, lawan kang tan wruh ing semu, wit wuwuse salah rasa.
Рµρứђ ☻ 20
Dene lamun wurung bangkit, angadu lungiding karsa, luwung tumungkula bae, lawan tyas tajem jatmika, ywa gingsir neng ngarsendra, den kadi ujwalanipun, dahana muruh gumebyar.
Рµρứђ ☻ 21
Supadya katrahan ing sih, sihing Gusti kang wlas tresna, mring dasih kang ngestokake, marmanta manawa ana, sayogyanya den sumurup, kang adya jalaranya.
Рµρứђ ☻ 22
Lan margane kang tan tuk sih, wit iku ingkang minangka, susuluh ingkang katongton, nedahaken basa sambawa, ana bebasanira, tan ana we mili nungsung, mangkana traping suwita.
Рµρứђ ☻ 23
Myang dasih yekti tan bangkit, sawala karseng Narendra, pan muhung kedah andherek, lumiring sakarseng Nata, upamanya mangkana, kadya wayang kang amuwus, sayekti mawa imbalan.
Рµρứђ ☻ 24
Pra priyayi snagara, ingkang mangka kelinira, wayang kang nulat solahe, kuciwane wong suwita, lamun kesed leleda, salewengan tan tuwajuh, wadine ingkang mangkana.
Рµρứђ ☻ 25
Saking datan niniteni, tan wruh teraping watara, tansah ngumbar swara rame, ngawur pelenging wardaya, ura ukaranira, awit kadhinginan tuwuh, rumangsa yen wus kepama.
Рµρứђ ☻ 26
Tur durung mantra udani, teraping kang lukirarja, kasusu kuminter tyase, paranta margane tampa, sihing Sri Naranata, tangeh yen wusananipun, umanggiha yogyatama.
Рµρứђ ☻ 27
Yektine arang kang bangkit, kang awas wosing pamawas, kaya kang kawuwus kabeh, yen tan antuk wahyuning Hyang, trahing lelatur kadar, yektine durung amangguh, wong waskitha tanpa tapa.
Рµρứђ ☻ 28
Kajaba mung Kanjeng Nabi, Mukhamad Nayakaningrat, kang tuhu dutaning Manon, yen satedhak turunira, praptaning jaman mangkya, wastu tan ana kang tiru, yen tan tapa puruhita.
Рµρứђ ☻ 29
Marmanta wong ngawulaji, ywan ingandel ywa daluya, ingandel iku keh lire, ana ingandel wanodya, ingandel rajabrana, ingandel baya pakewuh, myang ingandel ulah budaya.
Рµρứђ ☻ 30
Muwah ingandel lulungit, tata krama kadyatmikan, anatapi kabisane, lamun ingandel wanodya, den kadya tigan gesang, iyeku tekading kalbu, meneng lir wong binicihan.
Рµρứђ ☻ 31
Rumeksane ing pawestri, ywa pegat santa susetya, prapting pati linakon, yen ngantya anglakonana, purun nyidra asmara, lamun tan mangkana wastu, ambalela pangawulan.
Рµρứђ ☻ 32
Myang sarowanging dadasih, temah tan ana pracaya, wit ugering switeng Katong, anetepi tata krama, muwah temening dirya, dene ta sira kalamun, den andel ing rajabrana.
Рµρứђ ☻ 33
Dipun bisaa mamardi, undhaking ngarta utawa, anunular nangkarake, myang tiyasira den narima, sadhakunta priyangga, yen bangkit mangkana wastu, antuk sihing Sri Narendra.
Рµρứђ ☻ 34
Dene sira tan bangkit, anindakken kang mangkana, amung calangana bae, yen ana karsaning Nata, manawa kukurangan, den lakonana saestu, adol suta rabinira.
Рµρứђ ☻ 35
Supayanira sang aji, away kacuwan ing karsa, ing wekasan sang akatong, aniteni jroning nala, lamun tuhu ing dirya, dene ta yen sira anggung, mijilaken kagungan Nata.





M I J I L

Рµρứђ ☻ 01
Yeku tetep wong murka sawukir, yen sira mangkono, iya mangsa den andela maneh, babasane sapa ta kang bangkit, amareki kori, myang warangsa anggung.
Рµρứђ ☻ 02
Kumarenges gayami ngucemil, ri ratri tan wong, saking ngendi bisane ing tembe, awidada dennya switeng Gusti, lan maning manawi, piniteyeng Ratu.
Рµρứђ ☻ 03
Ulah budi udaling lulungit, sira den waspaos, kudu awas waskitha ing tyas, wruh samuning panuksma kang remit, saduning ripu dur.
Рµρứђ ☻ 04
Away pegat labete ing budi, den ategen tanggon, lokonana lan mati ragane, den mindeng semadi, sinaua lampus.
Рµρứђ ☻ 05
Myang wiweka pratikel ing kapti, matrapken pirantos, mrih asoring mungsuh kang ngrabaseng, praja nata dennya rampung-ramping, den bangkit nampani, sasmitaning Ratu.
Рµρứђ ☻ 07
Yeku ingkang datansah ingeksi, mawas ing pasamon, purwa madya prapteng wekasane, aywa kongsi kalimput ing kapti, nadyan tan wus wasis, saniskareng kawruh.
Рµρứђ ☻ 08
Durung tamtu katarimeng Gusti, yen sira durung wroh, ing sakarsa-karsaning Pamase, lir manekung amesu samadi, den kongsi udani, Dating Hyang Maha Agung.
Рµρứђ ☻ 09
Kongsi prapteng wekasane kaeksi, karsaning Hyang Manon, pindha carma ingukir bineber, munggwing kelir den kongsi udani, sasolahing ringgit, away sah dinulu.
Рµρứђ ☻ 10
Dene ingkang sinrahan lulungit, mardaweng lalagon, purwanira datan ana maneh, amung saking kidungan kakawin, sira den trenasih, kadya mring sadulur.
Рµρứђ ☻ 11
Mrih tumanja gwanira jarwani, rarasing kang raos, lageyane lalagon den ngentek, sarekaning rumpakan mangerti, rakite respati, memes manis arum.
Рµρứђ ☻ 12
Wruh samaring ukara kang repit, lan namun pasemon, traping kuwi den kadi anggite, ri sang Widhayaka ing Kadhiri, yen mangkana yekti, antuk sihing Ratu.
Рµρứђ ☻ 13
Marmanira Sang Prabu asung sih, wit saking cumondhong, lineganan sagung panggalihe, yen mangkana ngaurip puniki, pan luwih prayogi, ngangkah amrih cukup.
Рµρứђ ☻ 14
Wiwitane ywa tilar taberi, tlaten takon tiro, ing wusana utama dadine, lna mamriha alusing budi, trus pamuwus manis, nging tyas ywas katungkul.
Рµρứђ ☻ 15
Suka-suka pepeka ing kapti, satemah tanpadon, dene weweka prayitna jro tyase, upamine wong anumpet sari, nadyan lueih remit, makasih kongas arum.
Рµρứђ ☻ 16
Myang patraping met yudanagari, yeka kapregok, apagut tan ulat pakewede, tan wruh moring wicara kang werit, lan keclaping liring, manambunging tembung.
Рµρứђ ☻ 17
Ing wusana raosing ngling, temah karya ewoh, mring kang samya awawan giname, de kang dadi kuciwaning abdi, bilih tuna budi, bodho buteng pengung.
Рµρứђ ☻ 18
Dupi aneng ngabyantareng Gusti, kalantur andongong, saking sanget kalimput tyas supe, awit dening kamurkaning kapti, wekasan ginalih, daluya balilu.
Рµρứђ ☻ 19
Marma den wruh traping ngawula ji, ing tyas den mirantos, ngilangena saserik ing ngabeh, ngayemana manahing sasami, sasmining ngabdi, prihen raket rukun.
Рµρứђ ☻ 20
Ngilangana kamurkaning kapti, den sumeh ing pasmon, neng pasamuwan den sareh arereh, mung mahyakra saliring weweling, myang pali pepeling, wuwulang linuhung.
Рµρứђ ☻ 21
Lan agunging kabisan binudi, dimene dumados, tutuladhan sumrambahing ngakeh, yen mengkono para kang miyarsi, yekti samya asih, kelu kapiluyu.
Рµρứђ ☻ 22
Kabeh tresna nganggep bapa bibi, nadyan sang akatong, muwah para putra santanane, samya rena wekasan ulas asih, sadasih pinurih, samya angguguru.
Рµρứђ ☻ 24
Kang mangkana punika sayekti, tansah kapanujon, ing sasama samya resep tyase, nadyan ana ing liyan nagari, akeh kang samya sih, seneng anunungsung.
Рµρứђ ☻ 25
Pra linangkung muwah among tani, ingkang andhap asor, ingesoran sasolah bawane, anoraga dening anuruti, saosiking janmi, lawan wacana.
Рµρứђ ☻ 26
Myang menaki tyasira sasami, sinamun ing pasmon, saking sampun sugih aksamane, atemahan amung angayemi, manhing sasami, samaning tumuwuh.
Рµρứђ ☻ 27
Lawan maning yen sira wus bangkit, karya sukaning wong, myang galihing bangsa luhur kabeh, tetep dadi tuking tata krami, wus pantes linuri, ginugu tiniru.
Рµρứђ ☻ 28
Ginaguru prapteng wuri-wuri, wuruke linakon, dene ingkang minangka wisane, ulah budi tanduk kang sarwedi, iku lamun pamrih, remen reh tan ayu.
Рµρứђ ☻ 29
Solah tingkah karem tyas tan yukti, satemah salah ton, tilar tata kramane rinemeh, yen mangkana wekasaning wuri, tan wun sira keni, kinembong ambeg dur.


D U R M A
Рµρứђ ☻ 01
Beda lamun terahing bangsa berbudaya, budiman tyas mumpuni, pucaking acala, kang langkung inggilira, muwah labeting udadi, maksih kawuryan, saking mandrawa keksi.
Рµρứђ ☻ 02
Warnanira kang sajati kasatmata, balik wadining janmi, ingkang sinimpenan, ing manah tan kawuryan, datan kena den jajagi, saking jronira, wujude tan kaeksi.
Рµρứђ ☻ 03
Ewadene kang wus waspada ing tingal, putus ing sambang liring, bangkit angigira, saking duga prayoga, jinaga panduking liring, ywa nganti gita, winawas kang sayekti.
Рµρứђ ☻ 04
Dene kongsi wikan wigatining karsa, saking puntoning kapti, temah kawistara, saking liringing netya, kang piningit samya keksi, terang tan samar, pamore ing ngaremit.
Рµρứђ ☻ 05
Kang mangkana ingaran yudanagara, paguting sabda gati, aneng pasewakan, yen wus bangkit mangkana, sasat bisa anguwasi, mapuning mengsah, pasaning byuha wasis.
Рµρứђ ☻ 06
Karya wingwiran gelaring kang ripulardi, saingga jinemparing, jejel ing ngawiyat, sumriwet tanpa kendhat, terus sadhasaring bumi, kebak kebekan, culing warastra lungit.
Рµρứђ ☻ 07
Tumaning warastra tan kawistara, tutune amratani, dening kagunturan, jemparing sabdatama, tumana lumintu mintir, entaring gita, sumawur nuju kapti.
Рµρứђ ☻ 08
Ing atemah mimbuhi busaneng cipta, dadi rahayu budi, pasanging graita, sumringah semunira, panduking kang sabda sidi, widada dadya, weganing tyas basuki.
Рµρứђ ☻ 09
Pan mangkana wahyaning kang sabdatama, dadi busaneng dhiri, graita raharja, pindha kang makutha mas, sumehing pasemon kadi, jajamangira, kalung gelang susumping.
Рµρứђ ☻ 10
Saking bangkit tanduking dora sambada, wahyaning kang lulungit, winor ing wuwulang, denira wus rumantya, samapta sajroning kapti, pindha kalpika, nulya wiyosing angling.
Рµρứђ ☻ 11
Lir lepasing warastra penuh ing wiyata, tumpa-tumpa tanpa wis, lir atep maatap, dennya arsa nuju prana, anglir sumawuring riris, angalap jiwa, saking prabawa mijil.
Рµρứђ ☻ 12
Kang kaprana syuh rempu tanpa kukupan , kebeh lebur kabesmi, kang kaambah rebah, kawur kewran kasrakat, lebet katuju ing liring, lir ron kanginan, tawur ruruh ing siti.
Рµρứђ ☻ 13
Pan mangkana pamawasing panengeran, yen wus sampurna yekti, lir tinut maruta, aparan tinupiksa, tankewran wuryaning kapti, kabeh karoban, purbaning budaya di.
Рµρứђ ☻ 14
Panengeran dibya sakti kang sanyata, mungguhing sujanadi, mung rahayu budya, wit iku dadinira, akarya arjaning bumi, muwaha kawasa, nganglangi sakeh westhi.
Рµρứђ ☻ 15
Lamun bangkit ambabar ing pangambaran, kang kambah tanpa dadi, lebur kabarasat, syuh sirna tanpa rupa, karampeting warastra di, sanjata cipta, temah bangkit jajagi.
Рµρứђ ☻ 16
Atining lyan tilar tilas katemenan, kang samya den jajagi, kajog kajatinira, lir pejah sanalika, saking wus sarwa katitih, soring prabawa, sedyane tanpa dadi.
Рµρứђ ☻ 17
Nanging janma ingkang mangkana punika, dhasare tuna budi, kaduk kaladurta, yen linuhur wicara, malah melur lir pinulir, apalintiran, gumeter tyas kuwatir.
Рµρứђ ☻ 18
Manahira anggaragapa galigapan, anglengger tan bisa ngling, parandene meksa, darbe cipta kawana, minggah pasewakan aji, nging tan uninga, mati kaesi-esi.
Рµρứђ ☻ 19
Marmanira kaki lamun amicara, arahan den patitis, trusna ing sasmita, pasanging ciptamaya, den anteng ing ngulat wening, lawan amawas, wose kang wawanangling.
Рµρứђ ☻ 20
Sapa ngarsa peten panujuning driya, wuwusira den aris, angon malakala, nurut caraning kana, yen wacana lan wong tani, rinesepana, tata caraning desi.
Рµρứђ ☻ 21
Pan mangkana laksaitaning pra sujana, sanggongon nora lali, masang paramatara, kinira sawawratnya, yen lyan janma kurang budi, katandukana, sapangkate ywa luwih.
Рµρứђ ☻ 22
Lamun lawan wong tani angrasanana, tanem tuwuh tanapi, parabaoting karya, garu walukunira, marmane wong ulah budi, anunulada, surasaning kinteki.
Рµρứђ ☻ 23
Nisisastra turuten sawasitanya, ambeging sujana di, iku kudu bisa, met tyase wong sapraja, mrih rumesep den necami, tyase sadaya, supaya mucung sami.


P U C U N G
Рµρứђ ☻ 01
Kang sinebut, ing gesang ambeg linuhung, kang wus tanpa sama, iya iku wong kang bangkit, amenaki manahe sasama-sama.
Рµρứђ ☻ 02
Saminipun, kawulwng Hyang kang tumuwuh, kabeh ywa binada, anancepna welas asih, mring wong tuwa kang ajompo tanpa daya.
Рµρứђ ☻ 03
Malihipun, lare lola kawlas ayun, myang pekir kasiyan, para papa anak yatim, openana pancinen sakwasanira.
Рµρứђ ☻ 04
Mring wong luput, den agung apuranipun, manungsa sapraja, paten tyase supadya sih, pan mangkana wosing tapa kang sanyata.
Рµρứђ ☻ 05
Yen amuwus, ywa umres rame kumruwuk, brabah kabrayan, lir menco ngoceh ngacuwis, menek lali kalimput kehing wicara.
Рµρứђ ☻ 06
Nora weruh, wosing rasa kang winuwus, tyase katambetan, tan uninga liring, lena weya pamawasing ciptamaya.
Рµρứђ ☻ 07
Dene lamun, tan miraos yen amuwus, luwung umendela, anging ingkang ngemu wingit, myang den dumeh ing pasmon semu dyatmika.
Рµρứђ ☻ 08
Yen nengipun, alegog-legog lir tugu, basengut kang ulat, pasmon semu nginggit-inggit, yen winulat nyenyengit tan malat driya.
Рµρứђ ☻ 09
Kang kadyaku, saengggon-enggon kadalu, ngregedi paningal, nora ngresepake ati, nora patut winor aneng pasamuwan.
Рµρứђ ☻ 10
Wong amuwus, aneng pasamuan agung, yeka den sembada, sakedale den patitis, mengetana warahe Panitisastra.
Рµρứђ ☻ 11
Kang kalebu, musthikaning ratpuniku, sujanma kang bisa, ngarah-arah wahyaning ngling, yetinira aneng ngulat kawistara.
Рµρứђ ☻ 12
Ulat iku, nampani rasaning kalbu, wahyaning wacana, pareng lan netya kaeksi, kang waspada wruh pamoring pasang cipta.
Рµρứђ ☻ 13
Milanipun, sang Widhayaka ing dungu, kalangkung waskitha, uninga salwiring wadi, saking sampun putus ing cipta sasmita.
Рµρứђ ☻ 14
Wit wosipun, ngagesang raosing kalbu, kumedah sinihin, ing sasamaning dumadi, nging purwanya sinihan samaning janma.
Рµρứђ ☻ 15
Iku dudu, sira asiha rumuhun, kang mangka lantaran, kudu bangkit miraketi, mring sabarang kang kapyarsa katingalan.
Рµρứђ ☻ 16
Iya iku, kang mangka pangilonipun, bangkita ambirat, ingkang mawuryan ing dhiri, animakna panacad maring sasama, kabeh mau, tepakna ing sariramu, paran bedanira, kalamun sira mageksi, solah bawa kang ngewani lawan sira.
Рµρứђ ☻ 17
Nadyan Ratu, ya tan ana paenipun, nanging Sri Narendra, iku pangiloning bumi, enggonira ngimpuni sihing manungsa.
Рµρứђ ☻ 18
Mapan sampun, panjenengan sang aprabu, sinebut Narendra, Ratuning kang tata krami, awit dennya amenaki tyasing janma.
Рµρứђ ☻ 19
Kang kawengku, sajagad sru kapiluyu, kelu angawula, labet piniluta ing sih, ing wusana penuh aneng pasewakan.
Рµρứђ ☻ 20
Milanipun, bangkit nentremaken kayun, saking anggerina, bangkir mrih arjaning bumi, de genira angraharjakken bawana.
Рµρứђ ☻ 21
Wit genipun, anggung anggelar wuwuruk, wuwulang ing kuna, tinulad linuri-luri, winarahken lawan manising wacana.
Рµρứђ ☻ 22
Kanthi alus, raras aris wahyeng wuwus, winantu santosa, ing tyas nityasa prihatin, sing dennyarsa amamyu ayuningrat.
Рµρứђ ☻ 23
Yeku ratu, tetap kawawah amengku, murba maisesa, sesining kang bumi-bumi, wibawanya mrabawani sabawana.
Рµρứђ ☻ 24
Trusing kayun, sih marma mring kawlas-ayun, mring pekir kasiyan, para papa anak yatim, wong pariman pinupu lan ingopenan.
Рµρứђ ☻ 25
Para pandung, dursila binujung-bujung, susukering jagad, sinrang siningkerken tebih, para cidra doracara pnisesa.
Рµρứђ ☻ 26
Pinrih ayu, maria ilaku dudu, dada santa setya, yen meksih meksa tan yukti, pinrawasa siyasate sinangetan.
Рµρứђ ☻ 27
Sang sinuwun, denira matrapken kukum, adil awarata, prasasat sa, odra agni, nadyan aneng siluk sungil kawasesa.
Рµρứђ ☻ 28
Kang tinuju, sangganing kang laku dudu, tan ana sawala, ing annyeng Sri Narpati, saking adil traping kang pidana dhendha.
Рµρứђ ☻ 29
Temahipun, satata mintir lumintu, sakehing tumitah, winruhken ing tata krami, asatemah samya tut nurut tapsila.
Рµρứђ ☻ 30
Paminipun, acucundhuk sekar arum, gung kongas mengambar, mitonken warnaning sami, sumawuring jagad pindha tirtamarta.
Рµρứђ ☻ 31
Sagungipun, kang sinung wulang wuwuruk, wineruhken marang, salwiring kang para wadi, samya sayuk yek rumeksa arjeng praja.
Рµρứђ ☻ 32
Wit sang Ratu, kang dadya esthining kalbu, mung arjaning jagad, kagunan wolung prakawis, gung ginelung gumeleng dadya sajuga.
Рµρứђ ☻ 33
Kang ginilut, tinulat-tulat tinurut, warah wurukira, Sri Rama Wijaya nguni, mring kang ari sang Gunawan Wibisana.
Рµρứђ ☻ 34
Rinten dalu, ameleng kagunan wolu, ginunem ginulang, ginilut tan kena lali, saben dina mung angesthi Asthabrata.
Рµρứђ ☻ 35
Kang rumuhun, anulat lampahipun, Hyang Endra Bathara, anggung angglar tata krami, maring janma sajagad rat pramudhita.
Рµρứђ ☻ 36
Tandukipun, tinindakken mrih pakantuk, ing pangreksanira, lan para paramartaning kapti, kinanthenan lumintuning dana boja.


K I N A N T H I
Рµρứђ ☻ 01
Mangkya gantya lamapahipun, Sang Hyang Yama kang kaesthi, anggung angglar dihendhakrama, mring para duskarta juti, sagung susukering jagad, winisesa tanpa pilih.
Рµρứђ ☻ 02
Sanadyan sanak sadulur, yen durjana den pateni, saari ratri nora sah, titipriksa ngosak-asik, salwiring kang solah salah, tinelasan tanpa lirip.
Рµρứђ ☻ 03
Ing ngungsir sapurug-purug, yen wus kacandhak ginitik, jinejak jangga tinigas, sagunging duskarta juti, sirna lebur kabara sat, karampasan tumpes tapis.
Рµρứђ ☻ 04
Bebas lir binesmeng latu, mangkya lampah kang kaping tri, ambege Bathara Surya, gung nununtun tyasing janmi, upamia ngingsep toya, nadyan wanter ing pakarti.
Рµρứђ ☻ 05
Tan karaos asatipun, saking patrap rereh ririh, ngarah-arah kasena, pangingsepe lawan aris, yen ana mungsuh kajarah, soring prang madyaning jurit.
Рµρứђ ☻ 06
Piniluta lampahipun, rinemih ingarih-arih, mrih trapsila tan katawis, mangkana Bathara Surya, kramaning mangreh dumadi.
Рµρứђ ☻ 07
Mangkya lampah kaping catur, Hyang Candra ingkang kaesthi, maratakken paramarta, anggung karya sukeng ngati, mring janma sanusa pada, pinardi mardaweng budi.
Рµρứђ ☻ 08
Pamardine tung-tung guyu, winor ing liring pakarti, rum manis ing pangandika, winengan alusing galih, tan siwah Bathara Endra, denira menak ing kapti.
Рµρứђ ☻ 09
Kaloka kalangkung-langkung, Sang Hyang Candra dennya bangkit, karya gambiraning driya, weh suka bingahing kapti, wekasan akarya setya, tuhuning tyas wong sabumi.
Рµρứђ ☻ 10
Kang kaping lima winuwus, Sang Hyang Bayu kang kaesthi, sampurnaning pangawikan, anggung amawang salwiring, solah bawaning bawana, wruh budining wong sabumi.
Рµρứђ ☻ 11
Mawas saraosing kalbu, wekasan bangkit mangeksi, datan keni tiningalan, saking sanget alus aris, liringing netya kawuryan, amung sumeh masmu manis.
Рµρứђ ☻ 12
Lila legawa ing kalbu, mrih suka lumintu-minti, andina-dina dadana, wijiling rajabranadi, lir banjir amber balabar, angeberi wong sabumi.
Рµρứђ ☻ 13
Tyasnya suka tanpa rengu, rinegatken nora serik, mung tansah asung aksama, maring sagung sarwa sisip, wekasan saisining rat, sekunging tyas sumungku sih.
Рµρứђ ☻ 14
Kang kaping nem lampahipun, Sang Hyang Kuwera ing nguni, anggung dennya abojana, mamrih arjaning nagari, tansah amenaki manah, datan kemba saben ari.
Рµρứђ ☻ 15
Rumeksa santosanipun, bangkita sapraja sami, mamrih kawruh kasunyatan, wruh purwaning dumadi, ywa katungkul suka-suka, neng nuspada tan lami.
Рµρứђ ☻ 16
Ing satemah sirna lampus, maranta yen tan pinikir, marmanta Sang Hyang Kuwera, tansah prihatos ing kapti, saari-ari tan kendhat, anggusti kang sarwa gaib.
Рµρứђ ☻ 17
Ingkang kaping pitu, Hyang baruna kang kaesthi, anggung amusthi warastra, jemparing pamunah westhi, ambirat susukering kapti.
Рµρứђ ☻ 18
Tan ana baya pakewuh, gampil ingkang sarwa rumpil, muwah lamun sarasehan, lawan kang para winasis, kewraning driya tan merang, sinrahken mring pra binangkit.
Рµρứђ ☻ 19
Anggung denira manimpun, sagung kagunaning janmi, nadyan kang tan mrih arjeng rat, pinarsudi mrih udani, wekasaning Asthabrata, iku kang tansah kaesthi.
Рµρứђ ☻ 20
Warnanen kang lampah wolu, ambegge Hyang Brahma nguni, anggung anggesengi mengsah, winasesa tumpek tapis, kang lumawan kaprawasa, lwir sardula mangsa daging.
Рµρứђ ☻ 21
Marab-marab urubipun, kumrangsang ngrusak weweri, winantu ing puja mantra, mawas wrate wong sabumi, saking dennya rumakseng rat, pinardi lang karsaning budi.
Рµρứђ ☻ 22
Lawan santosaning kalbu, datan pedhot kadyangganing, tepange punang kalpika, tan kongsi renggang saweni, dennya mrih raharjaning rat, tan pegat saari-ratri.


M E G A T R U H
Рµρứђ ☻ 01
Purna punang panilasing lampah wolu, marmanta ywa kongsi lirip, pamiriping kang kasebut, ing ibarat Serat Sruti, peten raosing kemawon.
Рµρứђ ☻ 02
Den aweruh ing sakedhap kilatipun, ywa malih bangsa Islami, ingkang tinitah linuhung, nadyan ingkang para kapir, tansah sami met pangilon.
Рµρứђ ☻ 03
Samya nulad trapsilaning lampah wolu, kadya kang kawahyeng ngarsi, paranta darunanipun, yen karosa lan wong kapir, myang pra Budha kang mangkono.
Рµρứђ ☻ 04
Awit Islam ingkang kalangkung linuhung, baya ta linuwih-luwih, denira angimpun kawruh, kang mrih ayu lair batin, wit luwih mulya kinalot.
Рµρứђ ☻ 05
Amangsuli wasitaning pakarti nung, wajibing pra senapati, mandhegani ing ngapupuh, punika mangka Maharsi, muji arjaning palugon.
Рµρứђ ☻ 06
Nora pegat dennya nggulang anggelung, anggalih gelaring jurit, wit dene sampun kasebut, luhuring ngatapa yekti, mung senapatyeng prang popor.
Рµρứђ ☻ 10
Awit kang nyata legaweng kalbu, lilia tumekaning pati, tan ketang toh taker marus, swami suta tan tinolih, mung patine kang katongton.
Рµρứђ ☻ 11
Milanipun tapaning prajurit punjul, ngungkuli tapaning resi, ta tapaking pakewuh, munggwing graning ngarsa wesi, sinembah madyeng palugon.
Рµρứђ ☻ 12
Lawan malih manawi amangun pupuh, mamrih ungguling ngajurit, den waspada pandukipun, bubukanira ing ngarsi, antuking marga kinaot.
Рµρứђ ☻ 13
Wiwitipun tarlen saking sarwa weruh, ingan ingering kang margi, ainartan setya rahayu, den panggah away gumingsir, antepana prapteng layon.
Рµρứђ ☻ 14
Ing ngayuda ywa keneng medaning kalbu, ing satemah bilaeni, yekti agung bekanipun, den apanggah ing palinggih, legawa ing palugon.
Рµρứђ ☻ 15
Nadyan ana jemparing maewu-ewu, yen sedya rahayu budi, dalah layu bul-umbul, banderanira tan sebit, milu rinekseng Hyang Manon.
Рµρứђ ☻ 16
Purwanipun prapteng tempuh ing ngapupuh, away kongsi andhingini, sanadyan nempuh rumuhun, yen wus tinetegan wajib, lumawana nora awon.
Рµρứђ ☻ 17
Tandukira aneng sangarsaning mungsuh, away anyaruwe wengis, rame susumbar kumruwuk, murih kapiyarseng aji, ingalema sang akatong.
Рµρứђ ☻ 18
Kang mengkono iku tingkah nora mungguh, menggah patraping prajurit, luwih maning pra panganjur, mamriha jejer utami, utamane neng palugon.
Рµρứђ ☻ 19
Senapati angagem jemparing luhung, neng paprangan silih ungkih, sarta tansah ababantu, awrate kang aneng ngarsi, rumeksa ywa kongsi kasor.
Рµρứђ ☻ 20
Paguting prang animakena pakewuh, saglaring mungsuh tan wigih, mangkono mungguhing Ratu, tan kewran anata baris, mamrih ayuning palugon.
Рµρứђ ☻ 21
Para mantri pinamakena ing pungkur, tan patya keh kang tinindhih, mung kang ngayap sang aprabu, kang samapta amiranti, tyas teteg angatos-atos.
Рµρứђ ☻ 22
Myang ngulatken prajurit kang samya magut, yen ana ingkang katitih, kengser kasrakating pupuh, Sri Naranata tumilu, matak wadyan mrih rumantos.
Рµρứђ ☻ 23
Lan prajurit kapalan kinen tutulung, biyantu ingkang kalindhih, ambanjel mring kang toh lampus, lamun mangkana sayekti, kontap kotamaning katong.
Рµρứђ ☻ 24
Tetep mantep tapa munggwing pucukipun, wukir warastra sayekti, saking sih mring pra tumuwuh, tan keguh tumekeng pati, labuh kang mantep prang popor.
Рµρứђ ☻ 25
Lawan sampun uninga sajatosipun, pruba waseseng dumadi, datan ana lara lampus, mung urip tan owah gingsir, langgeng anunggil Hyang Manon.
Рµρứђ ☻ 26
Lan lugiding sanjata sampun kaetung, ywa rumasa away lalis, ngandela mrang Hyang Agung, saestu laraping jemparing, tan kongsi prapta ing ngenggon.
Рµρứђ ☻ 27
Tumamaa ing angga kalis ing tatu, tuwin kang arsa mamati, tan kawasa karya lampus, ila-ila nguni-nguni, tuladan kang wus kalakon.
Рµρứђ ☻ 28
Sapa ingkang ing tyas arsa karya lampus, yaktyantuk gantungan pati, kang weh lara keneng rapuh, kabeh tingkahing ngaurip, yekti walesan kemawon.
Рµρứђ ☻ 29
Dene nistha madya utamaning wadu, kang samya pinangkat mantri, yeka yen janma karuhun, mangkana ingkang winarni, nisthaning mantri kacriyos.
Рµρứђ ☻ 30
Yen umangsah ing aprang mati rumuhun, wadyabanira maksih, kari neng paprangan campuh, madyaning kang para mantri, lamun angereni layon.
Рµρứђ ☻ 31
Utamane yena mati pareng gempur, sawadyane tumpes tapis, mangka kala ing dangu, nanging lamun jaman mangkin, para mantri tan kacriyos.
Рµρứђ ☻ 32
Milanipun caraning jaman rumuhun, kathah ingkang para mantri, mangsah prang pejah rumuhun, dene kang mangkana yekti, lamun tinulat pakewoh.
Рµρứђ ☻ 33
Wit wadyanya pindha kuthuk ting carangkuk, tinilar ing rena anis, apuwara tanpa tuju, lir kalidamar ing nagri, muhung tumindak sapakon.
Рµρứђ ☻ 34
Tanpa budi amardi dayaning kalbu, ing wekasan nguciwani, keh wuwulang duking dangu, kang samya kawrat ing tulis, amamarah mrih kinaot.
Рµρứђ ☻ 35
Bab ing nistha madya myang kotamanipun, para mantri lir ing ngarsi, kang manurat tan anggayuh, apawadan tan udani, mring kwehing kintaka kaot.
Рµρứђ ☻ 36
Mangkya lamun samya kapaudyen kayun, kaparenga nguningani, nistha utamaning idup, myang wrin purwaning dumadi, mring widada prating don.
Рµρứђ ☻ 37
Nupiksaa salwiring serat wuwuruk, lan nitia Nitisruti, ewadene tamtunipun, ya maksih ginuyweng janmi, dening kathahing punang wong.
Рµρứђ ☻ 38
Yektinipun pakewet kalangkung-langkung, buka tyase wong sabumi, ewuhaya ing panuju, badane pribadi tan wrin, saking rungsiting suraos.
Рµρứђ ☻ 39
Milanipun pinunggel wahyaning wuruk, ingkang karsa angawruhi, sasolah baweng tumuwuh, wit dening ingkang manggupit, korup ing karena wuron.
Рµρứђ ☻ 40
Ing wekasan kang dipun yektosi muhung, pratingkah kang datan yukti, wit dening dahat kalimput, mring pakartining dumadi, babagan nembah Hyang Manon.
Рµρứђ ☻ 41
Awit saking tan uninga dunungipun, ingkang wajib den astuti, wekasan nalangseng kalbu, narimah amung mamuji, datan pegat praptaning don.
Рµρứђ ☻ 42
Purna punang panulating supatrayu, tinengeran Srat Nitisruti, ing ri Sukra lek ping pitu, candra Sela Jimakir, Nir wiyasa srireng Manon, 1860.
Nuwun

Sumber: alangalangkumitir

2 komentar:

  1. pak, narawungngi dasandriya itu artinya apaan ya?? thanks

    boleh dishare ke email saya jzstrait@yahoo.com ya pak.. maturnuwun loh pakkk..

    BalasHapus
  2. Nuwun sewu, ini teksnya didapat darimana ya ? mohon infonya. terima kasih

    BalasHapus

Related Posts with Thumbnails