PUPUH I
DHANDHANGGULA
www.alangalangkumitir.wordpress.com
DHANDHANGGULA
www.alangalangkumitir.wordpress.com
01
Bismillahirrahmantirrahim,  wong angripta atembang artati, anglengkara wong angapus gita, tan patut  lan yatmakane, dening wong mudha punggung, cumanthaka paksa kuwawi,  kewala sung paguywa, nira kang wus luhung, wonten janma linengkara dyah  susela warnanira ayu luwih, wasta Ken Tambangraras.
02
Tambangraras tansah  brangta kingking, kasaputan betaning manah bawa, lawase tilar kakunge,  anembang pangan turu, yrn raina anggung prihatin, raga anggung asmara,  angging den selamur, cihnawe wong among karsa, warna angling jiwa  tandhane prihatin, sinamun ing asmara.
03
Sampun lingsir,  Sangyang Swandagni meh sumurup tungganging ancala, ternalate samya sare,  Sangyang Arka sumurup, Tambangraras mangke ginupit, munggah ing  pagulingan, ing sakapat arum, asare kalih pawongan, kakungira kepi  ngeruwangi guling, ngipi pulang asmara.
04
Karagan-ragan  swapenaneni, angrok asmara apulang raras, rageming jro swapenane, kadya  duk uripipun, ing jro swapena apulang rasmi (hlm. 1), leliwatan den  tilar, meh prapta ing kayun, kagyat dening wong anggentang, sanglilire  gaguling den sungkemi, Tambangraras karuna.
05
Dennya anangis anjerit  kapati, awor lulu ting asmara nala, rageming jro swaapena, bantal teles  dening luh, penangise angler sundari, sesambat lir taluktak, tangise  ambarung, sinrang lan krosoking toya, panangise tan pindah swarane, oreg  anggepok parang.
06
Tan pindhah bremara  ngusweng sari, aneng tawang tangise raras, asor kang madu manise,  sesambatnya mlas ayun, amumpuni kang sarwa sari, tan pindah madu brata,  kalatya mangun yun, lawase dyah jrone pura, penangise katon langene jro  puri, duk jinatening tilam.
07
Pawongane iku matur  aris, paran marmane sang dyah karuna, ayun wruh ing darurane, suwapenane  tutur, gustinira babu Centhini, ing wau kaswapena, ngruwa ing atur,  teka ambantali asta, sraya ngayuh madya tur angaras pipi, marma nangis  karuna.
08
Tigang warsa kirang  kalih sasi, patilare babu gustinira, during katon ing pangipen, balik  duk uripipun, lamun lunga ing wengi kepi (hlm. 2), angirimi asmara, babu  watekipun, anging wau kaswapena, lelewane kaya saban duk aurip,  marmaningsun karuna.
09
Gustine mangke den  pituturi, sampun panjang pinreming wardaya, yekti luluh puwarane,  balikan sinalemur, depun tulus pamrataning ati, akewet wong dadi edan,  dening manah nglampus, sinamun ing brangta mreng Hyang, sinengker tan  birahi maring Hyang Widi, rena satitahing Hyang.
10
Meneng sang dyah  anuksma ing ati, amiarsa ature kawula, amicareng jro driyane, aris  wijiling wuwus, mengkonoa babu Centhini, polahe gustinira, kadya  amamungu, polahe brangta angarang, awak ingsun mangsa gagapa basuki,  angur matiyeng wana.
11
Lampusing manah atemah  brangti, arsa tilar sireng kawibawan, anggangge tambal karsane, Ni  Centhini winuwus, asalina bawa tah nini, lah lunga angrubiyah, sun tilar  bapebusun, ataki-taki, lampahsun, pepareb Ken Rubiyah Selabrangti, sun  lunga anglelana.
12
Cangcalane twas lan  anggung brangti, marteguh kesthi westining angga, lucita tinemu rehe,  marmane anggeng wuyung kagrahita ing manah rusit, ing mangsa murgedha  twan, kerwan ngangken tanu, apakara ing kawiryan, kewala santa  pangringing-ringing ati, marmarening antara.
13
Adan mintar sira  majing sasi, wus angganggya tambal tinambalan, mintar den cangking  kaskule, kalih tatiyangepun, nora etang yaya bibi, muwah kang wong  sakadang, donya nora ketung, lungane apekarasan, Selabrangta kesahing  tilar rarepi, lampahnya majang wulan.
14
Lepas lampahe Ni  Selabangti, anglampahi parang jurang sekan, nora kandheg ing lampahe,  larinya lon andayung, nora etang durgaming margi, marga tan kinabayan,  dening manah ngelampus, merak munya kidul kilen, panguwunge lir rena  amituturi, kadya ken awangsul.
15
Panjriting wana (hlm.  3) munya tri, Kidang Menjangan samya srang-srangan, Bantheng jejawen  rowange, mung Warak lawan Senuk, bal gedaba kelawan Bawi, ramya samya  subawa, ing pangidhepipun, yen wonge kadya anapa, lah bagya dingaren,  kampir teng riki, Selabrangti graita.
16
Ken Selabrangta  angling ing ati, aningali badhagan wurahan, nora gingsir ing manahe, lir  janma idhepipun, ing semune kadya mangsiti, byakta sira nambrana, ing  pangadhepipun, tan akarsa kira-kira, yen during wruh polahe sajrone ati,  kumambang karsaning Hyang.
17
Marga tumurun titisnya terbis, jenjrem kasrambing sewala, kaumukan dukut mure, prapteng walahar ageng, panimpangan  durgameng margi, galintungan ing sela, sinaput ing lumut, udaka adres  garuntal, parang rejeng ing tepi curing angringin, sek tuwuhing  cindhaga.
18
Kidul kile pagagan  sumyak swaraning tunggu tanduran, karungwa mandra jelungan, ramya  sinrenging wijung, tan pantara kukulan muni, parenhg lawan taluktak, lan  sorak aumung, kewran Ni Selabrangta, kang kaesti punika rasaning pati,  ing twas ngesthi durgama.
19
Riniring-niring datan  kariring, karungrungan arungrung tan kintar, amireng wong tanpa gawe,  mongmomg ing sipta ngungun, anggonitang anggeng prihatin, titir katiban  warsa, datan kena jinum, jumput panjrahing rudita, kelawen-lawe puspita  mwang kang sari, lali tan wringan maka.
20
Jurang sangkan tanjeg  aneng margi, Cemara geng-geng sumyak kanginan, Kungkang munya ngerung  arame, sih raina sumunuh, Yang Aruna nalika mijil, mega abang sumirat,  alangen dinulu, byakta jingga teturuta, tiningalan asawang wastra  manjethi, rinengga ing kanaka.
21
Saka matyan Yang Aruna  mijil, wayah bangun rarasing tumingal, manahe anggeng wirage, angimbuhi  atanu, rarasing twas anggeng akingkin, yaya upamakena (hlm. 4), warnane  dinulu, wijilira Yang Aruna, kadya netra inguga apulang rasmi, kataman  dening priya.
22
Sawijile saking desa  Wadi, anuju kaleka mangsat kappa, tanggal ing dalukartine, sinungsung  dening kang rum, pinerem mangke warnaning sari, mekar dangune lirang,  anjrah sekaripun, rinubung dening jarahan, amrik minging gandaning  jangga kasturi, mangeh Ni selabrangta.
23
Salangkah-langkah mandheg pan sarwi, tumingal maring langen kadriyan, amungun brangta rarase,  we raksa pada palu, mung Saryalata adan asemi, titir katibe warsa, kang  pepeteng alas gung, marga sumare sewengka, wuryane marga kadya angrujit  siti, inggar kadusing warsa.
24
Ara-ara lurak lir  jeladri, andedel tuwuhe kulampiyan, pacing anedheng sekare, Sembung awor  singgugu, puspa Limbak lan Sanggalangit, kaselan wraksa praba, dukut  merak agung, anerasah adan-adan, kakayone Wayha lawan Pedhali, lemah  lebak galintang.
25
Antya langene kang  aneng marga, panjrahing puspa tepining jurang, Srigadhing abra sekare,  Tanjung Cempaka wungu, munggeng ken sekar Tengguli, Bakung tatar awarsa,  anjrah sekaripun, Angrik lawan Mandhalika, sungsung guyup amilet lawan  Wedani, tinon yaya ing surat.
26
Pakis sata tinon  yayang tulis, alangu tuwuh tepining jurang, Seruni kuning rupane,  kelayan Pacar banyu, Kembag sore lan Gandasuli, tirnon abra asinang,  weneh rakta dadu, ana jingga teturutan, tiningalan asawang wastra  tinulis, tinon agawe rimang.
27
Anggeger punang  puspita ngrawit, Kanigara mekar kapawanan, Priyaka nedheng sekare, tino  asri alangu, puspa sinang anglaying bumi, kang sela semayana, awor  lumut-lumut, Bramara munya liweran, asrang amyang awor swaraning  Sengkuni, kadya ken araryana.
28
Pararyane antya tuhwa  ngrawit (hlm. 5), sauring angsana abra kang sekar, ruruh sumawur sarine,  lwir wasa kencana rum, pindha-pindha warnaning sari, lir langsi  langsing tilam, ing apulang luluh, sabpada ingsep sekar, pangrengihe  kadya sambate anjahi, sajroning pakasutan.
29
Ni Centhini mangke  angaturi, tan pantara ature kawula, Ni Nyai nedha areren, arsa ngremaken  suku, Ni Centhini angasih-asih, arsa nginoma toya, ika karsanipun, baya  tembelah lumampah, tanpa turu sawengi angesthi pati, mesem Ken  Selabrangta.
30
Sangken-sangken atut  iring-iring, pringga jro serambaning katernan, tan ana sabeng wuryane,  asanepa marga gung, pinimpangan resik aradin, tinetahing lumampah, sang  brangti alungguh, ing sela abning rejasa, mangu miyat satpada angringing  sari, sarining sara sijya.
31
Pandan rangkang ing  parang awingkis, pudhaknya nem weneh angudhadha, byakta wentis kumelab,  pangoling jangga lumung, amilet ing wirana denti, molah dening pawana,  la si embannya muwus, arerasan ing cipta osiking ati, mangeh Ni  Selabrangta.
32
Ararywan mangke Ni  selabrangti, alinggih ing sela sumayana, sarwasa denira reren, alinggih  amangun yun, madya anglih angrus angrawit, asindua ing sela, angimbuhi  ayu, pawongane atur sekar, ing karsane caraka pan amut brangti, sang  dyah asesumpinga.
33
Sang dyah asumping  sekar Warsiki, Gambir inganggit kelawan Noja, Wiraga munggeng gelunge,  tumurun maring banyu, dipun wawas warnanireki, mangeh Ni Selabrangta,  sekare den racut, ayu emane tan dermat, tanpa ngrasa sarira awit aurip,  baya leheng pejaha.
34
Alinggih mangke  tepining beji, mina mijil asrang aliweran, ana pa ing pangidhepe, mina  asrang aselur, asrang-srangan sang mina mijil, kadya yun anambrama, ing  pangisthinepun, Pakung amaraking sela,  delenya ngolong yen wonga ngaturi maring Ni Selabrangta.
35
Aliyangan ing parang  tumawing, respati (hlm. 6) sarya angapus sekar, menggep yen tipan  warnane, tenggeknya gelunging gadhung, wastra lungsir kang den waoni,  asindua ing sela, angimbuhi ayu, pantes yen agawe rimang, lesu lah wong  masayung aluwung brangti, mangsa inggua.
36
Kalaswan mangke Ni  Selabrangti, asare ing sela sumayana, sakeca denira reren, kasongan  andulu, tirta muncar ilinya wening, mijil saking patala, swaranya  kumrusuk, ririse ana ing tawang, angrerengih Bramaranya ngusyang sari,  lwir, kakung mriyembada.
37
Ambarung punang  kitiran muni, Derkuku munya sauran, kukila kadya asengseng, Kepudhang  munya celung, mincok ing pang ing tarurasim, Cukcak mreking wohan,  polahe ataliksik ing pang, sajalwestri ing tahen angarih-arih, lwir wong  arabi anyar.
38
Umyang gumuruh  swaraning paksi, Kapudhang kadya anabuh kendhang, Junggareret lwir  kangsine, Kukila kadya ngedung, paksi miyak kadya nuhling, Cucak kadya  ngamanak, Cabak kadya ketur, ingigelan ing Manyura, paksi Jalak amgalak  kadya guyoni, Cicica latah-latah.
39
Awurahan swaraning  Sengkuni, Srigunting kadya adarbe karya, polahe byakta kakre, paksi  asrang aselur, lwir kundangan pangidhepneki, myang angundang-undang,  Pencuk wus alungguh, Pelatuk asewagara, kadya mamut sulindhit  angeladeni, garba anapeng bangsa.
40
Asrang Kuthilang  Gelatik muni, kadya sawala wiring lan besan, murine kurang tukone, Jalak  lan paksi Jiung, umek ramya kadya jaksani, lwir akon agadhea, Bebeluk  marengut, kadya jogging palinggihan, paksi Johan miber kadya wong  apurik, lwir amedal pasilan.
41
Paksi Dhangdhang lawan  Gedhaweki, Rongkok Bondhol lawan kalinglingan, Puyuh Badhegul lan  Bethet, Punglor lawan Dalemok, Kakadhalan manuk maningting, cetah  urung-urungan (hlm. 7), Jejodhok lan Jangkung, swarane samya wurahan,  arak-arakan sata wana kang den iring, kadya asrah tamanan.
42
Geger gumuruh  swaraning paksi, kadya sawala ing panginuman, Bibidho ulung lan Dares,  alap-alap pitutur, paksi miyak ajerit-jerit, Minco asurak-surak, kadya  jaluk tulung, Cabak anabuh gendhongan, Sesikatan kadya wong asikep  rangin, kadya wong atetandang.
43
Kagyat awungu Ni  Selabrangti, amiarsa paksi awurahan, papunggung lengleng driyane, pan  wus washiling semu, paksi ika kadya ngruruhi, polahe brangta mring Yang,  prapteng gon aturu, angur aja ngelonaha, tekeng paran napsune den  kuranteni, kadya angucap mangkana.
44
Tumurun asris Ken  Selabrangti, arsa ngambil suci asembayang, ashalat ashar karsane, Ni  Centhini pan tumut, wus angambil er pangastuti, arsa tumut ashalat, ku  karsanepun, sampun ambabar mushalla, depun pasang ing sela gennya  ngastuti, sampun angangkat kamat.
45
Anjeneng sira anjum  pangesthi, kang madheping liyan sinangketan, tan menge ing liyan  tingale, kapti anunggal kahyun, wus abener pengadegneki, umadhep maring  kiblat, punika kang pardhu, kalbune madhep ing amar, wus rumasa yen  kinon nembah among, sembahira wangsulan.
46
Angangkat niyat Ni  selabrangti, kashdu taarudh ta’yin wus kuwyang, ing jro lekase sembahe,  pareng lan takbirepun, aksarasdha kang den parengi, cipta dhatenging  nama Allah ingkang agung, ihram maring kang sinembah, sampun mi’raj  semabahe datan kalingling, anging ananing purba.
47
Munajate sapocapan  iki, sakehning puji kawilang-wilang, punika pinakture, lisane dasih iku,  pan kinarya lara pan puji, singgih anebuting priyangga, ing  pralambinepun, iku sembah kang sinihan, lwir punapa marga ing tulupan  iki, denya muji anembah.
48
Denya jenenge ika tubaddil, apan tegese tubaddil ika, gaganten kandhih sembahe, kalimput ing (hlm.  siddhi luhung, dadya sirna sembahing dasih, lir sudama lan surya, ing  pralabinepun, sapandulon lawan arka, ing keleme sudama tan dadi rawi,  iku sembah utama.
  siddhi luhung, dadya sirna sembahing dasih, lir sudama lan surya, ing  pralabinepun, sapandulon lawan arka, ing keleme sudama tan dadi rawi,  iku sembah utama.
 siddhi luhung, dadya sirna sembahing dasih, lir sudama lan surya, ing  pralabinepun, sapandulon lawan arka, ing keleme sudama tan dadi rawi,  iku sembah utama.
  siddhi luhung, dadya sirna sembahing dasih, lir sudama lan surya, ing  pralabinepun, sapandulon lawan arka, ing keleme sudama tan dadi rawi,  iku sembah utama.49
Wiyose takbir saampun  kaesthi, amaca wajah Ni Selabrangta, den adhepaken kalbune, ing pangeran  kanga gung, kang akarya bumi lan langit, sunat wajah punika, patihah  kang pardhu, amiwiti nebut nama, ingkang murah ing dunya asih ing  mukmin, ing tembe ing akhirat.
50
Alhamdu iku sampun  kaesthi, sakehing puji katur ing Allah, pangeraning ngalam kabeh, kang  murah ing dunyeku, ingkang asih sakehing mukmin, ing tembe ing akhirat,  iya iku rat, ing biinjang hari kiamat, kang sinembah ingkang  pinalampahan sih, sakehing kang sinihan.
51
Singgahena dedalan  Kang rusit, tuduhena marga kang apadhang, den kadya ing dedalane,  kekasih tuwan iku, para nabi lan para wali, muwah para nabiya, away kang  kayeku, kawula kang pinurikan, wong dhalalat kawula tuwan bendoni, tan  tuwan tarimaha.
52
Wiyosing patihah  sampun kaesthi, amaca ayat Ni Selabrangta, sunat punika ayate, rukung  ika kang pardhu, mangke rukung Ni Selabrangti, angapesaken anggo polahe  anuhun, alpa lenggana maring Hyang, yen tan tulus apuranira Hyang Widi,  mangke tadhah mustaka.
53
Angangkat sirah Ni  selabrangti, lah tuwan uga kang amiarsa, dasih punika ature, asujud tan  asantun, anrehaken anggoteki, ingkang sapta prakara, den sartaken iku,  anggaota kang minulya, den srahaken lwir toya sekaring ardi, kewut  maring segara.
54
Angangkat sirah sarwi  alinggih, thumaninah ing linggihe ika, rena sukur satihahe, lan aprecaya  iku, kang asipat pangapureki, sujud ping kalih ika, kadya kang rumuhun,  anjeneng mimi rakaat, sampun jangkep kang kaping kalih, mangke atetah  awal.
55
Sunat abngadh punika  jenenge puniki, tahyat awal mangke kwruhana, tetiga mangke kathahe,  sunat abngadh puniku, yen kelalen asujud sahwi, kocap ing dalem surat,  den wruh jatinepun, lungguh tshyst lsn salawat, kang punika (hlm. 9) pan  kangken abngadhireki, jangkep tigang perkara.
56
Ajeneng malih arsa  miwiti, rakangate kang ing pungkur dhawak, kalih rajangat kathahe, ing  shalat ngasar iku, pan sekawan rekangatneki, sampun jangkep sekawan,  maka tahyat pardhu, nem prakara pardhuneka, linggih tahyat shalawat  kelawan tartib, niyat kelawan salam.
57
Ambuka salam Ni  Selabrangti, salam ingran pambuka shalat, pardhu kang munggeng kanane,  ngalekum wangenepun, sunat mangke salam kang keri, sampunira asalam,  amujeteng Hyang Agung, amaca tasbih lan donga, tan aseru dongane osiking  ati, ing sembah utama.
58
Wonten pangandika sang  dutadi, amarsa swaraning amujya, dening sanget swarane, sang dutadi  amuwus, away sira sanget mauji, mapan pangeranira, wus asedya ngerungu,  wruh osiking panarima, nora tuli asipat samingun basher, marmane kadya  ika.
59
Ni Centhini adan denya  takbir, twasnya lemut dening pancadriya, takon saolah bawane, den  lingling driyanepun, ushalline awali-wali, denya angangkat niyat, ing  patitisepun pareng tibane aksara, ing ihramane asuwe amijet ranti, iku  sembah utama.
60
Kang saweneh sembah  tan wreng westhi, alon mijil ing lisan kewala, tan wruh ing sunat  pardhune, rakangate datan wruh, sakaryane kacipteng ati, katon  gawang-gawangan, jrone baktinepun, kaya giage wusan, karsanepun  angayun-ayun kandhuri, ika den arsa-arsa.
61
Lawan sembahe ingkang  sepalih, ye ngabakti sapisan kewala, tan wruh ing ala becike, lisane  sasar susur, tata lapadz kang den kawruhi, suanat pardune ika, mapan  nora weruh, tan ayun atata kena, iya ingkang kena sembah cempaling,  marmane kadya ika.
62
Den warnanen polahe  sang brangti, Ni Selabrangta angayut karsa, tan den marmaken tuwuhe,  lumebet ing alas gung, tan atebah nimbok Centhini, pinaka rowangira,  tanseng (hlm. 10) wurinepun, angayut amegat tresna, amateken raga  sadurunge mati, kumambang karsaning Hyang.
63
Wrat meweh ing  parangnya arumpil, sela gung ika angapit marga, toyanya jog gumarenjeng,  tibeng parang semembur, winya wening lumutnya welis, ing pinggir  Mandhalika, arok Pacar banyu, paksi angundhadheng sela, wuluh lumung ing  parang lawan ampiji, Wilaja mangalasah.
64
Pring sadhapur  munggeng kanan keri, gesing dumudul lumung ing toya, Cindaga pundhaknya  ngure, akiswa aneng watu, Pakis ana ing tepi, kasongan wraksa praba,  sinomnya susunuh, danguning andong ambabar, Sanggakasa ing parang awor  Taluki, mayang lagya ambabar.
65
Wreksa ik angungkuli  margi, wrinya wurahan amangsa waohan, wut lutung ika rowange, arebut  mangsanepun, kang saweneh ing pang alinggih, amangsiti rowangnya, yen  ana wong rawuh, rowange wus samya prapta, Ni Centhini tuminggal mesemi  ing ati, sato aidhep janma.
66
Araryan mangke Ni  Selabrangti, sasoring puspita bra kang kembang, mrebuk wangi gandhane,  alinggih amangun yun, aliyangan ing parang asti, sarya munggel puspita,  panalemur wuyung, brangtane saya krasa, Selabrangta mandheg denya  ngringring sari, katon kanga sung brangta.
67
Suwe tah wau denya  alinggih, Ken selabrangta amangun ehal, ing guwa gennya areren, tapa  goling yen dalu, yen raina tan kena bukti, asru brangta maring Hyang,  angujareng napsu, wus lali ing jiwaraga, sampun leash sarirane den  larani, wus amindha kunarpa.
68
Angrupek idhep wus  amatitis, pucuking grana kang tininggalan, among den raksa napase, tan  sinungan kasurup, majing medal tan kena lali, pujinira tan pegat,  tapekur alungguh, ngalam sakawan den jajah, tan kalirup prenahe  sawiji-wiji, iku sembah kang madya.
69
Ngalam nasut ingkang  karihin, iya ngalame manusya, sarengat tata kramane (hlm. 11), pindho  ngalam Malakut, kang den tarik minging ing ati, madhep ing Hyang tan  luwar, kaping tiganepun, Jabarut wastane ngalam, iya iku alame roh kang  utami, pujinira tan pegat.
70
Ngalam laut ping  sekawaneki, mapan pasabanira kang wus man, wus lebur tata kramane, nora  na kang tinutur, jiwaraga nur kesthi, suh sirna tan wratmaka, tan ana  kaetung, sampun katilar ing tingal, ing jumeneng punika nora kakalih,  anging anane purba.
71
Sahing raga anirnaken  kapti, warnanira amindha kunarpa, among kari kaketege, Ni Centhini  andulu, dahat sira denya prihatin, gustine mati raga, tan wreng  polahepun, kari kaketege kewala, Ni Centhini gustine depun sungkemi,  asru denya karuna.
72
Anglilir mangke Ni  Selabrangti, amiarsa swaraning karuna, den awekaken astane, aris  wijiling wuwus, aywa nangis babu Centhini, lara apan kinarya, aja sira  wuwus, pan sinedya saking griya, Ni Centhini gustine depun aturi, Ni  Nyai lah mantuka.
73
Kadya ta wong nguyahi  jaldra, atur kawula ing pakanira, anedha tapa ing rame, anguninga wagtu,  depun teteping pangabekti, saolahe sarengat, punika den ketung,  alinggih ing arah wenang, batal haram den wicara den astiti, lampahe  ahlul iman.
74
Mapan wonten  panutaning istri, Pathimah putra Nabi Muhammad, punika tinut lampahe,  satya tuhu ing kakung, wus temahe estri alaki, winangun dening priya,  sampun kramanepun, kang rama nabi Suleman, kang ingaran wuryan punika  asmawi, tinilar dening priya.
75
Ni Selabrangta amuwus  aris, babu Centhini sira muliha, maring Wanamarta age, warahen  wangsaningsun, muwah maring ramebu kalih, lamun ingsun wus pejah, poma  depun katur, lan sira amardikaa, away melu lara mastapengsun bibi,  mantuka maring griya.
76
Nanging kang ketang  deningsun bibi, akewad sihe babu gustinira, duk gennya urip bangiwen,  akewed sihe maringsun, dadya ingsun arsa ngebakteni (hlm. 12), malar  duluren ing Hyang, babu away melu, mantuka maring wisma, angungsia wong  sakadangira bibi, pan sampun amardika.
77
Panjalukira ing sira  bibi, lamun ana ghalath ghapil ingwang, sun jaluk suka den akeh, muwah  malih sireku, lamun ana alpanireki, suka isun ing sira, iwuhing tumuwuh,  menawa kalangen pejah, den karungan ijab kabulira bibi, samya halal ba  halal.
78
Ni Centhini tumulya  nauri, wijiling sabda asru karuna, dening tan kedhep ature, punapa  penedepun, atilara pakanireki, tan satyeng pakanira paran marmanepun, Ni  Nyai dumeh punapa, gusti asih tur amemarahi ngil, tur asung paprdikan.
79
Nadyan lebur den kadya  warih, mangsa tilara ing pakanira, pan puniki tampakane, tinuting satya  ayu, ingkang sapa muruk ing ngilmi, ing aksara sakecap, maksud dadi  guru, sing murtad ing patakenan, sinung jajal dening Hyang sakawan iki,  aneng jroning neraka.
80
Linaleken ngilmune yen  mati, ingalapan dunyane kang halal, ping tiga cendhek nguruye, punika  dajalepun, sakawane besuk yen mati, aneng jroning neraka, manira  angrungu, sing murtad ing patakenan, Selabrangta padane sungkemi, lang  mangsa malecaha.
81
Ni Centhini sangsaya  sru ngiski, aptining amrih laksana, den lampusaken ragane, malebet ing  alas gung, yen alinggih sarwya adzikir, asru brangta nireng Hyang, adoh  paranepun, lampahe kalunta-lunta, Ni Centhini saenggen-enggen birahi,  Selabrangta neng guru.
82
Ni Centhini tumulya  ningali, babadan anyar angunggang jurang, tur sangkep tetandurane,  Kacang lan Tebu wulung, Tales cina lan kathah Uwi, winor lan Kapas  warsa, ing pinggiripun, pinangeran santen sara, tinaneman Suweg sudha  lan Kembili, ing pinggir Purwasata.
83
Papagan ka asri  angrawit, lor wetan Pantunlagya adandan, asangkep tetandurane, Jali  Jawalan Jagung, sinalisir lan Nangka wilis, Karuya payudara, ing  pinggiranepun  (hlm. 13), Tales Bakatal Balungka, lan Jajawut Kakara Bengung Kacipir, waspa Jagung Kastela.
84
Ni Centhini kacaryan  ing ati, tumingal warnane tetanduran, kulan parnahe wismane, lumaris  lampahepun, nora ketang Nimbok Centhini, dennya mawi wongwongan, dadya  sirandalu, dudkuh asri pinggir toya, tustheng manah ing paladadi,  Manggis Duren lan Bawang.
85
Palagantung buwahnya  adadi, dhukuhepun Ki Syeh Mangunarsa, amukti tetandurane, Poh gadhing  ngambang banyu, Langseb wungglon angulilingi, Pocang ababanjaran, Nangka  pakem agung, jirek kelawan tambangan, Dhuwet dhompyang Katela buwahnya  adadi, Manggis lawan Samepa.
86
Ni Centhini anakaken  kapti, aptining driya ayun wikana, mangke parnahe wismane, lumaris  lampahepun, karsanira Nimbok Centhini, mangke yun apapoyan, maring  gustinepun, saksana sira tumingal, masjid alit linepa sela endhani,  natar kederan toya.
87
Tuhwa resik sitinya  aradin, pinaragi sela kakarangan, linepa bata dhasare, kayoman dening  Gandul, pinageran winacak Suji, andong bang, lan Mayana cepuk, sekar  tinata dewata, binanjaran Nyuh denta angulilingi, Ni Centhini kacaryan.
88
Papacetan ika tuhu  ngerawit, jambangan cina rinaja wetha, ukir-ukiran umpakan, angsok lawan  Andol, munggeng keri sekar warsiki, kalaywan suminarsa, tuhu sri  anglangu, dhukuhe Syeh Mangunarsa, toya mijil tinalangan ampel gadhing,  tirta jinala tundha.
89
Nyuh denta awoh andhap  angrawit, kang kaselan ing Naga puspita, Kapuranyang keh wul kile,  sarinya gelar aruruh, tubing siti lwir wraksa rukmi, warsikya andhap  asekar, angebyaken rumrum, rinubung dening jalahan, antyan lungit  katiran jangga kasturi, amilet kawiletan.
90
Syeh Mangunarsa ika  aneng masjid, asembayang lawan santrinira, Ki Munthel wastane, sampunnya  shalat metu, ena linggih sireng (hlm. 14) surambi, sarya amaca surah,  Ki Munthel tumurun, anulya maring walahar, tininggalan ing jawi wonten  pawestri, Munthel tinatakenan.
91
Pasang tabik manira ki  santri, kawula Tanya ing pakanira, dhekeh punapa wastane, dene asri  dinulu, sapa sinten kang andarbeni, dening tuhu kawuryan, Ki Munthel  sumaur, singgih dhekah Wanantaka, Mangunarsa wastane ingkang palinggih,  wahid maksih taruna.
92
Ni Centhini anulya  awali, apatya matur maring gustinira, kalintang walang atine, mangke  serawuhepun, apepoyan ing gustineki, gusti wonten pagiryan, tuhu sri  alangu, singgih dhekah Wanantaka, masjid alit linepa sela cendhani,  natar kederan toya.
93
Kang andarbeni wau  neng masjid, asembahyang lawan santrinira, among wong roro rowange,  sampunya shalat metu, mangke linggih sireng surambi, dodotepun kacang  bang, kulambine alus, saemper kakung paduka, tasbij wulung ikete caweni  wilis, baya tah janma wirya.
94
Angaji swaranya rum  amanis, keh irine kakung pakanira, saking wuri lelewane, ing tindak  tandukepun, sesolahe pan angenteni, wadiyane puniku, ing panedhaningsun,  uliha gusti mangkana, Ni Centhini cinowel lambene anjerit, muga matia  bogak.
95
Ni Centhini mangke  angaturi, Ni Nyai daweg samya ararywan, tinilik panatarane, saking  panarkaningsung, sasamune rame ing budi, kyai santri punika , ing  panedhaningsun, dadya kadang kaliliran, baya pantes rowange sabaya pati,  mesem Ken Selabrangta.
96
Ken Slabrangta mangkya  ngecani, tumurun alon angowah sinjang, adan den cangking kaskule,  anandhang sebe wulung, kulambine caweni wilis, wus tinambal ing sutra,  anggangge salemut, wau tilasing awirya, Ni Centhini tambalan limar  ketangi, anandhang sabe pita.
97
Lumakwa lon astane den  kanthi, kadya semune asrah babadhan, wiring maring (hlm. 15) pangerane,  pan semune wong luhung, kang den telad de taki-taki, nora angumbar  tingal, warna indah ayu, menggap atasbih karuba, warna wenes wedana  asawang sasi, wau mentas kagranan.
98
Anjeneng mangke Ni  Selabrangti, tumurun alon anon waweca, lumayu angungsi rejeng, paksanya  ngungsi tuwuh, sinauting Taksaka aglis, lumaku angurepan, sang brangti  atulung, Taksaka malaywa tilar, Kongkang pejah sang brangti grahinteng  ati, leheng away tulunga.
99
Kalinge ing sariri  iki, wus pinasthi teka ingantaka, mangsa na tulunging tembe, mangsa  simpanging kahyun, nulya lengser Ni Selabrangti, sumengkeng sangu waspa,  adres wijiling luh, lagya nawang-nawang tingal, atekenan saradenta  mandheg anglih, arsa langening marga.
100
Dadya anon ing manuk  Maningting tumiling-tiling akirweng orang, waspada ing panyandhake,  kadya datan aluput, wus pinasthi baksananeki, on pejahing mina, tan  gingsir tinemu, saksana Maninting pejah, sinamber ing Alap-alap  patineki, Ni Brangta wruhing sipta.
101
Sayektinira ing karsa  jati, lengkep mapan dadya ing sukarsa, dadya saking kawijine, laris  denya lumaku, sumengka ing gegering wukir, anunggang sang kadiryan,  aluran kadulu, sekaring Tengguli wang wang, kadya tuduh wrat meweh Ni  Brangta kingking, anut marga sumengka.
102
Syeh Mangunarsa wonten  ing masjid, sampun wikan lamun adhatengan, ribiyan indah warnane,  sampun tumampeng semu, depun regep ing manah nepi, yen ana cobaning  Hyang, anedha pitulung, muga raksanen dening Hyang, santri Munthel  istingpare andhridhit, tumoning Selabrangta.
103
Selabrangta kandheg  lampahneki, tumingal Syeh Mangunarsa, dening amindha kakunge, amicoreng  jro kalbu, dadya emut sariraneki, yen kinarya tampakan, sing karya yan  tulus, angucap Ken (hlm. 16) Selabrangta, tan rubiyah yen maksih  angumbar liring, yen angrasa rumasa.
104
Dadya lampahe ika  lumaris, anjujug sira mara ing wisma, gipih sinangkraman dene,  Mangunarsa muwus, nehda mangke samya alinggih, sampun awet neng natar,  lamun sedya tulus, rubiyah angucap ing nala, Ki Syeh iku wuwuse malang  ateni, mambet bau anawang.
105
Aglis sira pan samya  alinggih, sampun sinung wau pamucangan, sarweca denira reren, Mangunarsa  amuwus, sabdanya rum mijil amanis, banggi wonten sihing Hyang, atamihan  luhung, angucap Ken selabrangta, tan wong luhung duraka maring Hyang  Widi, anggung-anggung ing raganya.
106
Santri Munthel ulate  sumirir, tumingal maring Ken Selabrangta, asru dening gagimbange, denya  lungguh tumungkul, depun celur wardayaneki, Mangunarsa wus wikan, Ki  Munthel dinulu, arengu pandulunira, santri Munthel wus wikan semuning  gusti, rerasan sarwi lunga.
107
Santri Munthel sun  warah sireki, away katungkul ing kapemesan, den wikan iya dudune, santri  Munthel ambeku, eh Kiyai kakeyan rincik, nora ila si rincang, luwih  atinepun, tan anggugoni basa, jaluhunge sihana pawetri, kang aja na  rumangsa.
108
Mangunarsa rarene den  sengi, mintar sira maring pagagan, ameta Kacang lan Gudhe, kalayan Tebu  wulung, Ni Tander mantas sira nini, ameta kakleman, mintar kang den  utus, ni Surentri sira danga, santri Munthel sira juwana Kembili, lah  sira semuguha.
109
Sampun samya mintar  aglis prapti, Ni Surestri wus denira adang, asangkep lah-olahane,  sampunnya saji sekul, Ni Surestri kang sesaji, toya mungguh ing  cunthang, ing sesajenepun, tan ana ta kena, jangan kacang sambel jae  lalab ranti, kuluban karayana.
110
Pelas (hlm. 17) pakem  lalaban Kemangi, pencak kacang lawan sambel sahang, tan kantun Kacambah  Gudhe, sampunnya tanduk sekul, Selabrangta sira ngecani, lamine Brangta  mring Hyang, tan amboga turu, Mangunarsa pan uninga, Ni Dreman wau sira  den wangsiti, ambeg wus ingalapan.
111
Suruping arka gumanti  wengi, Mngunarsa sira ashalat, samya sembahyang kabeh, Munthel angangkat  waktu, Mangunarsa sira bawani, sampun denira shalat, Ki Munthel  ingutus, undangen Syeh Anggungrimang, wartanana yen ana tetamu prapti,  ambaktaa tarebang.
112
Aglis lampahe Munthel  wus prapti, ing wismanira Syeh Anggungrimang, manira tuwan kinaken,  angundang ing sireju, ambaktaa tarebang gusti, rakanira dhatengan, adoh  sangkenepun, nenggih saking Wanamarta, wastanepun Ken Rubiyah  Selabrangti, ayu anom lumampah.
113
Ki Syeh Anggungrimang  angling aris, santri Munthel paran pedahira, sumireng dyah puwarane,  saking pangrengengingsun, lumampaha den kadya nabi, iku maksih ampungan,  si jajal anguru, Ki Munthel anurut sabda, inggih leres wus datan sepi,  nanging kirang punapa.
114
Anggungrimang mangkat  tan asari, aglis pajar maring garwanira, asajia boga jambe, mangke  serawuhepun, anggungrimang sampun alinggih, sarwi mangku tarebang,  karsane anggembyung, santri Munthel anarebang, den sangiri walisana  anjalerit, swaranya rum garuntal.
115
Anggungrimang solahe  respati, wong pawestri pan akeh gagiwang, tumingal ing lalewane, anglud  washiling tembung, sing gamelan tan de kiwuhi, wus utameng gamelan, duk  welakanepun, wasis angolahken raga, kulambine den lungsir surban  suithani, bunyu dening kalembak.
116
Anarebang swaranya rum  amanis, Rara Kadhiri pupuhing (hlm. 18) tembang, den enthen-enthen  swarane, asuluk campur bawor, swarane nyenyep aindri, lir linuman  kumkuma, wong entri angrungu, ayun anguyuh tan medal, Ni Centhini  istingpar sajrone ati, angrasa yen kagiwang.
117
Tarebange munya  ngelik-ngelik, Anggungrimang denira narebang, apatut lawan singire,  Munthel nembungi kedung, sulukepun pakid ginupit, tingkahe arta halal,  lawan toya wudhu, Mangunarsa anarebang, den singiri tutur jari swaranya  ris, Selabrangta kacaryan.
118
Ni Centhini aglis den  wangsiti, lah ta medalena petakonan, yen bener pangawikane, Ni Centhini  wus emut, wicarane den ati-ati , kwei santri punika, karsane dinunung,  angucap sajrone nala, kwai sun gudere padhas siji, mangke masalah iman.
119
Kyai santri sun atanya kaki, kaya ngapa ing mangke karsantan, ana angucap mangkene, Iman  lan Islam iku, kayangapa bedane kali, muwah kalamun tunggal, paran  karsanepun, kang Iman Islam punika, kadi pundit ing karsanira kya  santri, lah daweg ucapena.
120
Yen tunggal iku rukun  sawiji, Iman Islam kalihe punika, lwir bawang bang pralambine, punapa  karsanepun, yen bedaa nisbat punika, iku antara mangsa, wastane puniku,  bedane tunggal tan tunggal, yen tan wruha idhepe Syaikulbari, mangsih  angongka-ongka.
121
Santri Munthel  tumungkul nauri, Bok Rubiyah nedha ucapena, mundur manira ataken pan  dahat mudha punggung, asembawa tan wruh ing wangsit, nistha ambek  welaka, manira wong dhusun, katungkul adhangir sambrang, asembawa tan  wikan jatining wangsit, nistha ambek welaka.
122
Santri Munthel winardi  ing wangsit, kwei santri lah ucapakena, kang Iman Islam bedane, mwang  kadi rukunepun, ucapena sawiji-wiji, aja na kumalar, ing kawruh puniku,  lamun tan angewruhana, nora Islam dening dhastar lan kulambi, punika yen  tan wruha (hlm. 190).
123
Ki santri Munthel  lingira ris, Bok Rubiyah manira miarsa, Iman lan Islam bedane, zahir lan  bathin iku, ingkang Islam punika zahir, bathinepun ingucap, kang Iman  genepun, anuhun anut andika ing cegahe punika depun singgahi, anerahaken  sarira.
124
Bedane punika zahir  bathin, ingkang Iman lan Islam punika, lwir Bawang bang pralambine,  galih lan carmanepun, yen dinulu katon sawiji, yektieku perbeda, jro  jabanepun, amal mijil saking Iman, Ni Centhini wuwusira amisinggih, lan  nedha ucapana.
125
Rukune pun tah kadi  punendi, Iman Islam kekalihe ika, pira kathahe rukune, apa tegese rukun,  Santri Munthel mangke nauri, manira amiarsa, ing tegese rukun, punika  awak-awakan, iman iku pan nenem rukune singgih, Islam limang parkara.
126
Angandel ing Allah  kang karihin, yen ashipat purba tarwasama, ping kalih ing malekate, ping  tiga kitab luhung, ping sekawan utusan nabi, lawan dina wekasan, kaping  limanepun, ping nemnya ing untung ala, untung becik pasthi yen saking  Hyang Widi, iku pamanggih ingwang.
127
Yen wonten saking  salah sawiji, kang wus kocap kang enem perkara, kupur ilang agamane,  maka wong Islam iku, tanpa pedhah yen kalbeng kapir, anglampahana amal,  kadya toya metu, amale tan tinarima, dosa agung ing kupur nora madhani,  manira amiarsa.
128
Pan kang ingaran wedi  kekalih, kang karihin iku wedi dosa, lawan awedi kupure, wong am jenenge  iku, ana dene ingkang ping kalih, wong iku wedi dosa, wedi kupurepun,  iku tingkahe lumawah, ingaranan mukmin pasyik jenengneki, manira  amiarsa.
129
Lelima rukune Islam  iki, dhihin syahadat kalih kalimah, punika gene mujmale, pindho ashalat  iku, apuwasa ping tiganeki, Ramadhan kang minulya, zakat ping patepun,  maka genepe lulima, munggah haji yen ana sanguning margi, iku rukune  Islam.
130
Salah tunggal katilara  (hlm. 20) uni, mapan iku dadi randhanira, papa ageng wipalane, yen  kelampahan iku, mapan sinung ganjaran adi, pan wus ubayaning Hyang,  asung swarga iku, ing dasih anandhang Iman, Ni Centhini wuwusira  amisinggih, mangke manira Tanya.
131
Kadi pundi karsane  puniki, ingkang syahadat kalih kalimah, ki santri Munthel saure, Nora na  pangeraneku, anging Allah kang den sakseni, pindho Nabi Muhammad,  punika ingutus, singspa tan wruh ing Allah, ing Muhammad iku nora den  kawruhi, wong iku during Islam.
132
Mujmale tah kadi  punendi, syajhadat roro kanga ran mujmal, kang pumendi mupadhale, santri  Munthel sumaur, mupadhale nenggih einarni, mangripat tuhid iman Islam  gama, luhung, syahadat kalih kalimah, Ni Centhini tumungkul anuksmeng  ati, mindah Ki Mangunarsa.
133
Ni Centhini winardi  ing wangsit, Bok Rubiyah manira atanya, dusing wong wadon kathahe, kang  pinardhoken iku, pira kene mungguh pawestri, ing karsa pakanira, lah  nedha den ketung, akeh wong kang paksa bias, wateng junub tinakonan  angulati, tinon akulinteran.
134
Ucapena Nyai den  patitis, manira ayun ngawikanana, kang pinardhoken kathahe, yen tan wruh  wateng junub, sing karyane nora lestari, leir sato asembawa, polahe  womg iku, kaya martabat binatang, lwir maesesa rupane wong yen  liningling, lan lintang saking hewan.
135
Ni Centhini rengu  ulatneki, kwaai santri manira miarsa, kang pinardhoken kathahe, singgih  manira ngrungu, panlelima mungguh pawestri, kekalih ing wong lanang,  puniku kang pardhu, kayapa ing pakanira, santri Munthel wuwusira  amisinggih, lah nuli ucapena.
136
Kang rumiyin ehedh  wastaneki, kaping kalih janabat wastanya, woladat, kaping tigane, nipas  sekawenipun, lelimane benjing yen mati, mayit iku dinusan, pinika kang  pardhu, kakalih duse wong lanang,iya iku janabat kalawan mayit manira  amiarsa.
137
Santri Munthel atanya  (hlm. 21) amardi, Bok Rubiyah manira atanya, apardhu punapa tegese, Ni  Rubiyah sumaur, ingkang pardhu artine singgih, tsawab yen linampahan,  pakarti puniku, ginanjar dening pangeran, yen tinilar pardhu iku  andosani, tur sarwi sinikseng Hyang.
138
Ingkang sunah tah kadi  pundit, Bok Rubiyah karsa pakanira, lah ucapena den age, Ni Rubiyah  sumaur, ingkang sunah pamyarsa mami, tsawab yen kelampahan, pakarti  raharja, ginanjar dening pangeran, yen tinilar sunah nora ambayani,  manira amiarsa.
139
Ingkang harum tah kadi  punendi, Ni Rubiyah lah ta ucapena, manira yun wruh jatine, Ni Centhini  sumaur, ingkang haram manira manggih, tsawab yen sininggihan, utamaning  laku, ginanjar dening pangeran, yen ingambah haram iku andosani,  siniksa ing pangeran.
140
Ingkang makruh tah  kadi punendi, Bok Rubiyah nedha ucapena, manira yun wruh tegese, Ni  Rubiyah sumaur, ingkang makruh amnira manggih, tsawab yen sininggihan,  pakarti ginanjar dening pangeran, yen ingambah makruh iku tan andosani,  manira amiarsa.
141
Ingkang wenang tah  kadi punde, Bok Rubiyah nedha ucapena, manira yun wruh jatine, Ni  Centhini sumaur, ingkang wenang artine singgih, lan tsawab sininggahan,  pakarti puniku, yen ingambah pan mangkana, nora pala wenang iku tan  andosani, iku pangrunguningwang.
142
Ni Centhini atanya  gumanti, kwei santri manira atanya, janabat junub kalihe, punapa  bedanepun, ucapena depun patitis, muwah kelamun tunggal, paran  karsanepun, yaktine, iku pra beda, junuub iku tan patemon jalma kalih,  janabat sapanindran.
143
Kaya ngapa pangandohe  uni, kang junub iku limang prakara, ki santri sumaur age, pandohe kang  rumuhun, nora wenang shalat mwang kadi, anggarap ing mushahab, kaping  tiganepun, datan wenang ataliwah, sakawane tan wenang meneng ing masjid,  lima mider ing ka’bah.
144
Wenang sholat yen wus  den adusi, janabat wastane duse (hlm. 22) ika, junub kala during duse,  malih kang tanpa wudhu, pan lelima cegahe iki, dhihin tan wenang shalat,  huthbat ping ronepun, ping tiga anggarap mushhab, ping pat mider  Ka’batullah datan keni, ping lima nagging mushhap.
145
Hadast wastane uni,  kang janabat tan wudhu ika, lah ta tuturen den age, santri Munthel  semaur, kang janabat punika nenggih, inggaran hadats akbar, ingkang  tanpa wudhu, winastanan hadats ashngar, ingkang akbar amengku ing hadats  shangir, iku pamiarsengwang .
146
Ingkang ashngar datan  anyukupi, muwah tan lamun uwus janabat, den sartaken lan niyate, kalawan  toya wudhu, pan winenang niyat puniki, cihnane nora kacukupan, ingkang  toya wudhu, den sartaken lan janabat, nora wenang cihnane nora nyukupi,  maring hadats kang akbar.
147
Kadi punendi tah kwai  santri, kang janabat kang wajib dinusan, punika pira kathahe, santri  Munthel sumaur, Bok Rubiyah manira manggih, ingkang pardhu dinusan, ing  masalah adus, anal ah tigang parkara, Ni Rubiyah wuwusira amisinggih,  lan nedha ucapena.
148
Karihin iku khurujul  mani, lamun mijil datanpa kerana, ihtilam kaping pindhone, lamun angipi  iku, anekaken wetune mani, dadya pardhu dinusan, kaping tiganipun,  campuhing asmaragama, limang lintang hasyapad pardhu andusi, yen nora  tan dinusan.
149
Niyatepun tah kadi  punendi, dus janabat lanang mwang wanodya, kang niyat iku jatine, mapan  akeh kalurung, kadi pecuk asabeng warih, dening adus janabat, polahe  wong iku, awaler manireng sira, santri Munthel gepah denya anauri,  manira amiarsa.
150
Niyatepun nenggih  angalapi, tan wenang limang prakara, amrih saha sembahyange, punika  sedyanepun, dadya mijil sira ing jawi, ingaran juru basa, kang niyat  puniku, tansah ing hadharatullah, niyat iku dudu basa swara mijil, iku  jatining niyat.
151
Kadi pundi karsane  puniki, ing janabat (hlm. 23) mila pinasthika, punika paran karsane,  lawan manira ngerungu, ing istinja sinarawedi, iku kadi punapa, karsane  puniku, lah ta nedha ucapena, anauri ki santri wencana aris, manira  amiarsa.
152
Amet wudhu yen sampun  abresih, wong iku dening adus janabat, nadya sembahyang karsane, nenggih  manira ngerungu, ing istinja sinarawedi, asembahyang kipalah, boli  wastanepun, iku nedha pangapura, kang kalingling inana sarira jail,  parmataning istinja.
153
Pan iku istinja iku  sasuci, duk ametokaken najis ika, boli punika wastane, benduning Hyang  den ketung, adan uga pusakaneki, duk keneng pangrencana, mangan Huldeng  dangu, rumasa lamun wiwara, depun suci ing wewasuh zahir bathin, iku  marga sampurna.
154
Najis punapa wastane  iki, ing wong lanang yen adus janabat, pundit rupane najise, pan suci  mani iku, ing wanita pan halal kawin, mila pardhu dinusan, kaya  partinepun, kwai santri yen tan wruh, upamane adol lenga kari busik,  mesem Ken Selabrangta.
155
Mustakrim watane  puniku, mani gingsir pan saking sasana, campur parji arum gene,  shipating lali iku, mapan tunggal pusaka kalih, janabt lan istinja, adam  purwanipun, iku ashale lenggana, jinateken dening Hyang dusira iki,  dadya pardhu dinusun.
156
Yen tan nastiteken  puniki, nora antuk jeneging manusa, kebo sapi pepadhane, weneh manira  ngerungu, ing wanita nora andusi, uwus dening wong lanang, wuruke wong  kupur, ika karyanen paesan, kang ingaran Pathimah putra jeng Nabi, paran  dene dus janabat.
157
Atayamum tah kadi  pundit, punapa najis kang ingalapan, endi rupane najise, pan suci  angganepun, sampun adus depun lisahi, mwang kadi agaganda, kayapa  puniku, tan wenang teka sembahyang, santri Munthel mangke sira anauri  (hlm. 24), manira amiarsa.
158
Zulmat najise kang den  wasuwi, iya iku ashale langgana, sumuk tekeng reraine, tunggal  pusakanepun, ing istinja lan toyastuti, mwang kadi ing janabat, sing  wruh ngelmunepun, ingaran diruyah lima, jajalukesasutya kang den  sunduki, manira amiarsa.
159
Ken Selabrangta amuwus  aris, mangunarsa kang tinaken, kyai manira taken, ingkang iman puniku,  kayangapa ingucap dhihin, gumanti tohid ika, mangripat neng pungkur,  ingkang Islam tan den ucap, kok kilen mangripat den ucap dhihin, gumanti  tohid wuntat.
160
Iman Islam punika ing  wuri, kadi pundit karsa pakanira, wong roro paran karsane, Mnagunarsa  amuwus, Anggungrimang wau tinari, jawaben patakenan, dan aris amuwus,  dan alim mutangaliman, tan lenggan Anggungrimang anauri, wuwuse  Selabrangta.
161
Kol kileyan anenggih  puniki, mangripate dhihin ingucap, gumanti maring tohide, ayun wikan  karuhun, tunggaling Hyang nora kekalih, sampunnya tah ing tunggal, tohid  aranepun, den teguhaken ing nala, iya iku Iman arane kayeki, manira  amiarsa.
162
Kang Islam iku wus  aneng wuri, sampun sira anandhang ing Iman, tan lenggana ing pakone,  ashalat lan ashiyum, ing Ramdhan lan munggah haji, lan zakat lamun teka,  ing lampah puniku, iyeku ingaran Islam, Selabrangta wuwusira  amisinggih, mangke manira tanya.
163
Kol wetan paran  karsaneki, kang Iman mangke dhehin ingucap, gumanti maring tohide,  mangripat kang ing pungkur, Anggungrimang mangkya nauri, manira amiarsa,  kol wetan puniku, undhak-undhaking lumampah, ahlul Iman punika ingucap  dhehin, manira miarsa.
164
Mulane ingucap dhenin,  iku lampahe wong ahlul Iman, ayarengat iku lampahe, lampah syarengat  iku, rukun Islam den lampahi, marmanepun den ucap, Islam kang (hlm. 25)  karuhun, wus lampah wong ahlul Iman, iya iku karsane wong ati salim,  etang tsawab ganjaran.
165
Yen sampun lampah iku  aradin, lampah syarengat sampun karaksa, sakathahe pakiwuhe, mangripat  lampahepun, prapteng lampah wong ahli tohid, hakekat lampahira, anunggal  pandulu, tan etang ing jiwaraga, iya iku karsane wong ati mukmin, nora  etang ganjaran.
166
Kang ing pundi  kakewuhe iki, ing syarengat daweg ucapena, manira yun wruh jatine,  Anggungrimang amuwus, pakewuhe nenggih puniki, yen amrih ingutaman  ngagungaken ilmu, lampahe arsa kuncara, riyak kibir ilmune den gawe  hashil, iku wisaning lampah.
167
Nenggih puniku lampah  wong luwih, tansah ginaken ing jiwaraga, den soraken sarirane, tan ana  kang kaetung, lamun saking tirta satitis, denya noraken angga, ing  pralambinepun, tibaning windu anila, tiningalan ing warih katon jro  bumi, hakekating awiyat.
168
Kadi undi karsane  puniki, lintang ingaran windu anila, sudama mapan kayone, Anggungrimang  amuwus, nenggih lintang katon ing warih, ingaranan sudarma, dening ranu  surud, ingaranan windutara, lintang iku panalikanireng latri, manira  amiarsa.
169
Ni Centhini angalem  ing ati, anggungrimang putus ing aksara, ketareng semu basane,, lintang  panunjuningsun, sesolahe andudut ati, anom tur wicaksana, warnane  abagus, kang alaki tan asiha, welakaha kaya sun tohana pati, emut maca  istingpar.
170
Undhake malih tan kadi  pundi, manira tanya ing pakanira, kang prapta ing don lampahe,  Anggungrimang amuwus, Mangunarsa ika tinari, kakang sami atampa, ing  wuwus puniku, angucap Syeh Mangunarsa, Selabrangta patakenan den sauri,  manira amiarsa.
171
Anenggih ing wong ahli  tohid, akarem iku ing shipatullah, brastha ingkang saliyane (hlm. 26),  ingaran tsarik iku, tingaling wong kang ahli tohid, dening ahli  mangripat, tanpa tingal kawruh, amangeran lagi nora, iya iku ing  sirullah lungguhneki, iku wong karem ing dzat.
172
Wong tetiga ingkang  kekasih, Nabi Wali mukmin am, tan tunggal pelayarane, nora beda tinemu,  karem ing dzat mangke ing Nabi, wali karem ing shipat, wong am tah  sireku, pan karem ing apngalullah, sirna titis tingale kalimput ing sih,  kadi dok lagi nora.
173
Kadospundi karsane  puniki, ing wong urip nora mangeran, manawi salah tampane, akeh kang  wong kalurung, pangerane den dalih napi, weneh ngaku pangeran, kalih  kupur agung, gumuyu Syeh Mangunarsa, sabda guru sinamun kawijil, amoring  tatakrama.
174
Selabrangta winardi  ing wangsit, Bok Rubiyah manira atanya, wonten masalah mangkene,  turuning wong kang luhung, angluwihi ing pangabakti, ing wong bodho  punika, paran jatinipun, gumuyu ing nalanira, Selabrangta wuwusira  amisinggih, mesem Syeh Mangunarsa.
175
Selabrangta semune  alungit, manira kwai nenggih miarsa, ana angucap mangkene, sajoroning  turu iku, wonten uga ingkang atangi, sajrone meneng ika, ana kang  lumaku, ana bisu bisa ngucap, Mangunarsa wuwusira amisinggih, wuwuse  Selabrangta.
176
Anenggih turune wong  kang arip, mingraj reke ing paturunira, munajab ing patangine, kadi  pundi puniku, Mangunarsa sira nauri, iki tah Boh Rubiyah, wong luhung  kayeku, tan kena titirokena, lwir anangga toya kamumu supami, manira  amiarsa.
177
Parandene den tsarik,  dening maksih jenenging paningal, punika pinaka dohe, jatining tinggal  iku, ingaranan hijab nazari, iku tatebeng cahya, arane puniku, terusena  aja liwat, liwatena iku malih aja lalis, ika ecaning lampah.
178
Wonten masyasih  ingkang ginupit, Syeh Bayazid watane anuliya, kalintang kasutapane (hlm.  27), ing Yastam wismanepun, ajejuluk Sultan Aripin, tatkala pananira,  Syeh Bayazid iku, tan imut ing jiwaraga, sak ilinge tetep denya  angabakti, iku tuten ing lampah.
179
Syeh Mangunarsa atanya  aris, Bok Rubiyah manira atanya, sapa baya wong sanake, baya sampun  aguru, sasampune tunggal pinanggih, mesem Ken Selabrangta, pira  baranepun, yen antuk nugraning Hyang, kang tinedha tuduhena marga  singgih, anenuwiyeng lampah.
180
Ing kina nenggih  manira laki, apanangran Ki Syeh Amongraga, kajiteng smara dok rare,  kalintang marmatepun, atetuwi sanake estri. Dhateng Nayana ganda,  anglebeti hukum, winastan angrusak syara, lampahepun tan patut lawan  syarengi, linabuh ing Tunjung Bang.
181
Tetiga kathahe  sanakneki, jalu kekalih estri sanunggal, Ni Racangkapti wastane, wonten  sanake jalu, Jayengsari wastane uni, samya alit don tilar, dok lunga  anglangut, resake ing suka rejya, den tutuwi sanake nora kapanggih,  malah takyeng antaka.
182
Ki Mangunarsa meneng  tanpa ngling, waspa mijil deres saking locana, tan bisa megeng tresnane,  awekasan amuwus, nggih puniku kang sun ulati, punika sanakingwang,  marmane anglangut, sumaur Ken Selabrangta, panakanira ta gene kang den  rasani, dalu kalawan siyang.
183
Anggungrimang  ariningwang yayi, wartanana mangke rayinira, yen sampun pejah sanake,  Anggungrimang tumurun, waspanira kang den usapi, wau serawuhira, arine  rinangkul, mas mirah ingsun pangeran, sanakira Jayengrasmi sampun mati,  linabuh ing Tunjung Bang.
184
Anglelana sira den  ulati, apeparab Ki Syeh Amongraga, ngulati sira karsane, sing negara  dinunung, anging sira nora kepanggih, tekeng nayanaganda, anglebeti  hukum, winastan angrusak syara, lampahepun tan patut lawan syarengi,  linabuh ing Tunjung Bang.
185
Amiarsa mangke Rancang  (hlm. 28) kapti, winartanan yen sanake pejah, datan ana pangucape,  peteng tawase sumaput, lwir akasa ingkang ngerubuhi, wuwus tan kena  medal, supe tuwase surempuh, lali sireng marganira, Rancangkapti kadya  latah angekeli, kantun anuli pejah.
186
Anggungrimang  siranjrit kepati, tumingal maring garwane pejah, gupuh den rangkul  rayine, Ni Surastri papungun,aglis sira depun tingali, gustine lamun  pejah, niba saking salu, denya anangis alara, Anggungrimang rabine  tansah liningling, sarwi nangis alara.
187
Tetanggane gita padha  tangi,amiarsa swaraning karuna, samya ametu age-age, pilelewi papungun,  gupuh medal tapih kulambi, gita sarwi atanya, tangis paran iku, kang  wikan nulya papoyan, Ni Lelewa gustinira angemasi, lah ta mati kayapa.
188
Singgih sanake lanang  wus mati, tan bisa denya amegegng tresna, luluh dening kepatene, sakehe  kang angrungu, padha sira lara anangis, maning patinira, akeh kang  angungun, waneh ana tebah jaja, kang saweneh alara denira nangis,  emaning patinira.
189
Tetanggane kabeh pada  kapti, lanang wadon samya anglalawad, kang tangis mangke arame, kabeh  samya angungu, kang saweneh asaji warih, geger sapakarangan, tangise  gumuruh, rame padha abusekan, tan pantara dukuh pating jalerit,  swaraning wong karuna.
190
Wonten tah santri  atunggweng gagi, amitra tah lan Ni Rara Bingkak, ki santri rena wastane,  ing ranggwan denya turu, wus apanggih eca aguling, kaget ana karuna,  sanglilire salah tampa, gupuh medal ki santri tiba ing geni, sinaut ing  cemera.
191
Ni Rara Bingkak  tumurun aglis, gupuh-gupuh ki santri kejogan, den anciki cecengele,  angrenggeh ancak putung, kwai santri agya pinitik, muncar wedanira, kena  singepetung, sarira pulang ludira, merem-merem ki santri amindha sakit,  teka akulesedan (hlm. 290).
192
Ni Rara Bingkak  tumulya mulih, pelarasan ing twase sangsaya, angrungu tangis arame,  nangis asemu mangu, angrungoken swaraning tangis, baya iki si biyang,  kepareng ingamuk, anulya dening lumampah, tekeng wisma angling ta gene  kiyai, wus pejah tinangisan.
193
Wonten tetangga elet sakelir, dhudha kakalih randha sanunggal, dhidha Seladha wastane,  gita nulya tetulung, gupuh denya anyangking kodhi, lan kaki dhudha  Selaga, medla gawa alu, den dalih wonten durjana, rangdha loma gupuh  atapih kulambi, angidhit padahanan.
194
Agen-agen lumampah  karihin, anglancangi ki dhudha Seladha, angure-ure rambute , kopeke  gundhal-gandhul, bebokonge angumak-amik, gupuh denya lumampah, kang  tumon gumuyu, polahe ni randha loma, Ki selaka gumuyu atutup lathi,  tumpn ing randha loma.
195
Gupuh-gupuh  angungkab-ungkabi, karsanira karya atetamba, gupuh dadya tanpa rereh,  lelancing kandhigepun, pipisane anglud kuali, tangan katutup bentar,  wotah lenganepun, tumurun angijek wongwa, katak gubug den gecek dalih  sunthi, alu den dalih pala.
196
Ki Mangunarsa maksih  alinggih, nora wikan yen sanake pejah, winarah dening rarene, samya  anglawad gupuh, sapraptane nulya alinggih, lawan Ken Selabrangta, andulu  yang sang kantu, semone ana daduga saweneh semone ana aradin, wikan  jatining lampah.
197
Angres manahe Ken  Selabrangti, tumingal dhateng Ni Rancangdriya, wong anom ayu warnane,  kasanenan pandam murub, warnanira kadya aguling, waja kengis araras,  kincang alisepun, Anggungrimang nulya mulat, lwir wong mesem garwane  tansah den lingling, tur anangis alara.
198
Syeh Mangunarsa meneng  tanpa ngling, tumingal maring arine pejah, rinigep ing twas trenane,  angrupek idhepepun, tingal tunggal kang depun esthi, anancang ulat kang  lyan, kang parane ing dulu (hlm. 30), anane purba kewala, Mangunarsa  menggah nulya sira mati, kang tumingal karuna.
199
Ki santri Munthel lara  anangis, Ni Dareman ika gagulungan, den pala-pala jajane, angers  sasambatepun, Ni Surastri lara anangis, sesambatnya mlas arsa, adhuh  gustiningsun, sapa nggeningsun ngawula, gusti asih sadina amemarahi,  angapura ing mindha.
200
Ni Selabrangta meneng  tanpa ling, kaputungan manah tanpa ngucap, den regep ing jro kalbune,  ja’izing Hyang kadulu, sarirane den gawe dalil, wikan paraning tingal,  Selabrangta iku, kadya wong kaselamongan, Selabrangta tresnane sumengil  ati, dadya mijil karuna.
201
Angres nalane Ken  Selabrangti, Mangunarsa ingkang tinangisan, tan bisa ngeregep tresnane,  Mangunarsa riningsun, awungua ta sira yayi, sadina rong dinaa, deningsun  atemu, nora suda mata ingwang, Mangunarsa kabobohan bisa mati, sira  agawe tresnane.
202
Meneng anangis Ken  Selabrangti, anahen manah datanpa ngucap, dadya nangis jro kalbune, asru  panangisepun, Selabrangta bisa anangis, denya nangis alara, den  sambungi guyu, uyune suka satitah, pangangise ajrih gingsir ingkang  liring, malar tan katahtaa.
203
Liyep nalane kandhuhan  liring, tingaling dasih dadya suh sirna, luluh tekeng raragane, dadya  temahan lemut, jiwaraga datan kaesthi, dadya temah sun sirna, dening sih  Hyang Agung, yeku kang antuk nugraha, Selabrangta angres sira nulya  mati, NiCenthini anjola.
204
Ni Centhini aniba  kepati, denya anangis alara-lara, den pala-pala awake, sesambatnya mlas  ayun, awungua ni nyai gusti, endi ujarira, asih mararengsun, anusup  angayam alas, sun tuturi sun sindhep tulusa asih, tekeng ranggen atilar.
205
Ki santri Munthel  amituturi, sampun dinawa kang sampun pejah, mangsa dadia gesange,  titahing Hyang den ketung, sangketane tan owah gingsir, sampun kocap ing  (hlm. 31( Iman, angandel ing untung, balik yen asih ing tuwan, angulati  rowange kawelas asih, amenedi astana.
206
Sekamantyan Yang Aruna  mijil, wong anglawad wus samya prapta, sakathahe wong sanake, lanang  wadon wus rawuh, Anggungrimang kantu kepati, Munthel karya kaluwat,  lawan Ki Patutur, kalawan Ki martaduta, Ki Selaka Seladha Ki Pranakarti,  durma karya kaluwat.
PUPUH II
D U R M A
D U R M A
01
Tan kocapa Syeh  Mangunarsa, deningwang, wonten kocapa malih, Ki syeh Amongraga, sampun  aparipurna, datan tulus hokum uni, mapad widagda, tumimbul saking tasik.
02
Mapan sinungan nugraha  de Hyang sukma, linuwih saking mukmin, agambah gagana, lumaku luhur  toya, wus wikan sanake mati, acipta prapta, dhukuh Wanantaka glis.
03
Kang layon mapan  maksih dereng dinusan, Ki Amongraga prapti, kagyat kang tumingal, anulya  asembahyang, kalih rakangat sira glis wusing sung salam, kang mati urip  malih.
04
Karananing mangkana  jatining pejah, kawula mrih tresnanti, samya nglilir sira, Ken  Selabrangta wikan yen Syeh Amongraga prapti, mendhek anembah, angrangkul  pada kalih.
05
Anglukar gelung gelung  surya ngisuhi pada, ingusapan lan weni, lintang trenanira, Ki Amongraga  wikan, yen paraning tresnaneki, paningalira, tan kandheg johar jisim.
06
Dadya murjita sangdyah  kabwatan tresna, tan wayah idhepneki, Mnagunarsa sira, kelayan  Rancangdriya, pangling yen sanake uni, mapan ketilar, dok kalih samya  alit.
07
Selabrangta mujar  maring Mangunarsa, lawan Ni Rancangkapti, yeku sanakera, kagyat Ki  Mangunarsa, angrangkul pada anangis, Ni Rancangkarsa, anjerit denira  nangis.
08
Adhuh kaka sira  trenging netraningwang, wonghing wardaya mami, nora cipta kaka, sun temu  lawan sira, pan sira kawarta mati, aneng Tunjung Bang, kinaguh ing  jeladri.
09
Anggungrimang kantu  wus anglilir (hlm. 32) purna, kagyat denya ningali, garwanira gesang,  lawan ipene prapta, lwir sepena idhepneki, amuji ing Hyang, kang amisesa  bumi.
10
Ni Centhini bungah  gustinira gesang, Amongraga kang prapti, tuwin kang tumingal, pra samya  gagowokan, kadya dinulur ing Widi, Syeh Amongraga, tan minging  tingalneki.
11
Wus araga sarirane  ika, eloking Hyang kaaksi, Amongraga sira, ngecani ing manah,  tatakramanira luwih, pan waliyullah, ingeket dadya gurit.
12
Selabrangta tan pegat  birahinira, mangun laku tan gungsir, tapa brangtanira, wengi datanpa  nindra, raina datanpa bukti, tan kocapa, polahira kang prapti.
13
Kang kocapa kang kari  ing Wanamarta, anggeng brangta prihatin, sapatilare Ken Selabrangta ing  kina, den waca surate kari, anyuhi prana nora na kang kaesthi.
14
Ni Warsasih sampune  lepur trasnanira, neher sira agoling, kepi anakira, Ken Tambangraras  prapta, kagyat tumulya atangi, dadya kakaruna, asru denira nangis.
15
Ki Panurta atanya ing  garwanira, paran mamarnya nangis, NiWarsasih mujar, Ni Tambangraras  prapta, katon jro supena mami, dadya kagagas, asru denira nangis.
16
Raina tatas malah  mijil Yang Arka, sampun tah samya prapti, anak dharanira, muwah kang  wong jajahan, samya atatanya gipih, punapaa tah, denya nangis puniku.
17
Ki Panurta angucap ing  garwanira, tuturen ipeneki, Warsasih apajar, polahe Tambangraras,  prapta lawan lakineki, angrangkul pada mami.
18
Warnanira kaya wong  kinare anyar, kampuh gadhug rinukmi sinjang sarasah, sumping jabung  payodan, sinawung laptri kakalih, apatahlayang, seta rupanya ngerawit.
19
Samya linggih ing made  sakapat ika, kagyat ingsun antagi, malah tabuh lima, mijil SangHyang  Aruna, angungun ipenwang uni, sun samar-samar, maksih (hlm. 33) katon  ing uni.
20
Kaya ana maksih  sumandhing ingringwang, sapolah poleng uni, anglenggak atampel, asta Ken  Tambangraras, rawuha sun sesangeni, dhuh anakingwang, edan temen sun  iki.
21
Ki Panurta tansah  apitutur sira, tumon rabine brangti, aywa keh dinawa, wus titahing  pangeran, ewa mangkana sun iki, wus kawengkonan, maring sabrang segari.
22
Anakira wau prapteng  Nusa Jawa, angrereh tan kapanggih, lah sun kapakena, wus jangjining  Hyang sukma, dalile misesa bumi, muhal yen sira, akarya kayeki.
23
Anakira linglingen  karyanen tanda, yen kawisesa malih, Warsasih tan mujar, sarya ngusapi  waspa, angrungu wuwusing laki-laki, tresna meh sirna, nanging katon ing  ati.
24
Angka muksa bayangan  teka aniba, aturu kukub malih, byakta ngemasana, antaka idhepra, Ki  Panurta ngarih-arih, idhepan mirah, pitutur ingsun yayi.
25
Ni Sumbaling anguwel  atutur ipyan, adya ipyan, kadya wong amenyanyi, sarya ambengcangah,  bangiwen saptu ingwang, salah arsa sun angipi, lamun kaetang, gumuyu  dhawak mami.
26
Kang Centhini katon  teka kaya edan, met bunglon den susoni, sing tumingal latah, Ki Panurta  angucap, lah artinen ipeneki, matur tan bisa, angarti ipen kami.
27
Ki Panurta muwus  amantra kilase, Centhini denya gusti, mong mongane lunga, melu  saparaneki, antuk jenenge anggusti, wadon Turida, mesem angrungwa ing  ling.
28
Ki Panurta angucap ing  mantunira, undangen lakinireki, durung amiarsa ibune anggung brangti,  kandhehing ipe inguni, pituturingwang, kathah nora den tolih.
29
Ken Turida angucap  mantuk maring wismanira, lakinira kepanggih, alungguh ing tepas, maca  Kuda sranggara, Jayengsmara muwus aris, lah mareneya, pangeran gusti  mami.
30
Ken Turida araga  pitambuh (hlm. 34) sira, dadya amuwus aris, kaka sireng ngundang, denira  ramanira, bibinta anggeng akingking, tansah karuna, totonen ipeneki.
31
Jayengsmara amiarsa  yen ingundang, gupuh tumurun aris, arja kampuh jinga, nedhal sebe  sampiran, gadhung sinungket angrawit, anulya mintar, dhastar sambi  lumaris.
32
Nulya marek ing rama  alinggih agya, tandhane kurang guling, semu alum nitya, kadya wong  mendhem pala, anglalentreh nitya lindri, lwir anon wayang, jamusnya  ulatneki.
33
Ken Turida mesem  anglirik ing priya, kagagas poleng uni, ing jroning paprenan, Ki Panurta  angucap, anakingsun sira kaki, bisa ta sira, ingarti ipen kaki.
34
Ibunira uni dalu  aswapena, kakangira kang kepi, kadya pinanganten, sekar jabung payodan,  sinawung lan tri kakalih, apatah layang, seta rupanya ngerawit.
35
Arja kampuh gadhung  asinjang sarasah, kaya pa artineki, matur Jayengsmara, yen sembada lan  tuwan, arja dudu manahneki, ta sang prang ika, meranginapsuneki.
36
Tegese ijo iku maksih  agesang, Ni Malarsih anangis, anakingsun bapa, ulatana denira, rinangkul  putrane gipih, lan arinira, gaawanen aywa kari.
37
Jayengraga kang  pinangka rowangira, anjaluk sakeng ati, matur Jayengsmara, tan langgana  manira, lah yen tumeka ing pati, nanging riningwang, tumut angrarewangi.
38
Angur baya dheweke  kapok manira, dok angulati dhihin, sakidule alas asring kabora-bora,  tabete saenggohneki, tekeng wajah waturip.
39
Ing Kalanbret manira  alamng kana, maring Lebuasteki, maring wengkeringwang, ing Tenggalek meh  pejah, pun adhi ika mrani bok wlanjar, pngreka wastaneki.
40
Katuju ana sanak asih  maringwang, ika atalang pati, Gunung sumbi ika, watane wismanira, manira  angungsi urip, lintang marmanya, manira den kukuhi.
41
Dadya lunga manila  apela (hlm. 35) rasan, ing dalu kesah mami, prapta ing ngalangan, manira  ayun pejah, Ni Wirana nagunggahi, arsa gubela, uni manira pun adhi.
42
Saenggen manira sok  kabaya-baya, Ni Malarsih mangkya ngling, lah gawanen uga, pinangka  rowangira, lan pituturana kaki, saking Lungsir, angundang anak mami.
43
Santri Lungsir sampun  prapteng griyanenira, Jayengraga kepanggih, arsu denya ngucap, pakanira  ingundang, dening rama tuwan singgih, anulya ada, merek rama sang yoga.
44
Akampuh jingga sabuk  cindhe pathala, keris malela ngrawit, alandheyan cola, kaya wong topyang  bangsa, rasukan alus sulthani, binuyuk gandha, sekar Angkrek sasi.
45
Ni Ken Raras mesem  andhulu lakinya, abagus laki mami, serawuhing rama, alinggih jejer sira,  kelayan Ki jayengrasmi, aris angucap, mangke Ki Jayengrasmi.
46
Jayengraga manira  kinon wangsula, angulatana malih, lawan panakira, Ki Jayeraga mojar,  nora linyok ujar mami, yen dereng karya, kakang aywa ge mulih.
47
Dalihane si kakang age  muliha, kangening rabineki, mesem Jayengsmara, boli adhi pakara, akeh  panalamur brangti, tumungkul Jayengraga mesem anjawil.
48
Abibisik lah kakang  aywa papoyan, manawi miarseki, yayi pakanira, budine iku ala, lah ta  lunga binjing enjing, saksana serap, Yang ganti wengi.
49
Samya amit ing rama  mantuk ing wisma, Ken Turida prihatin, pan ayun tinilar, tansah ngusapi  waspa, den rusak paesireki, Ki Jayengsmara, mara angrih-arih.
50
Winangwang pangkon  sarwi ngilinglingan, dhuh jiwaningsun gusti, sanglwiring kusama, lah  katuna pangeran, aywa sira lara kaki, mung sinjangira, baktaken ing  kami.
51
Ingsun karya panglepur  lara pangeran, idhepen ujar mami, wetningsun kemengan, patudhuhireng  rama, parandene sun glis prapti, wadon Turida, idhep ujaring laki.
52
Ni Ken Raras mulih  sarwi apepayon, tumoning ipeneki (hlm. 36), anangis alara, sang kakung  angrerepa, katuwane awak mami, padha apriya, ingsung tan pathuk singgih.
53
Nora kaya mangke wus  dumduman ingwang, leheng rangdha mami, Jayengraga wikan, rabine esmu  ewa, dadya sinamun asweki, adodongengan, sarwi den bebanteni.
54
Bewek-bewek denira  agawe aswa, menjoco tur mandelik, Ni Ken Raras ewa, mulat ing lakinira,  tumurun sarwi anangis, mesem Ki Jayeng angrih-arih.
55
Ki Jayengraga bisa  ametning dyah, gitasmara gameki, puh kenya mamenang, jarik sutra  ingintar, kaya ngalapana urip, swara nyuh prana, den gewuh astaneki.
56
Sinambut ingemban  maring pagulingan, tan kawarna ing riki, polahe sang raras, muwah Ki  Jayengsmara, kocapa mangke kang injing, wus amit sira, ing ramanira  kalih.
57
Jayengsmara kelawan Ki  Jayengraga, asalin busana sri, samya kampuh jingga, lunga anglaya desa,  aglis lampahnya anuli, datan ambakta, panakawan sasiki.
58
Injang mintar saking  dhusun Wanamarta, kang kantun lara nagis, akeh kang kapapg, kapidulur  lumampah, sambawa rame atri, samya pepanthan, waneh angumbar liring.
59
Samberawa gumuruh  sarwi jajawat, maring Ki jayengrasmi, lawan Jayengraga, sawaneh ana  ngucap, pantes yen ambebarengi, meneh lungaa, yen sampun prapti mami.
60
Ni perawan angling iku  arinira, anut wuri ing kami, Ni Wulanjar mujar, Ri Rara anjejawat, nora  taha raganeki, maneh wong doha, denyaarep amateni.
61
Ni bok rangdha Bilar  angusek srinata, sarwi amuwus aris, iku pamanira, anut wuri ing  ringwang, baya adhatengan iki, sakarsanira, wong lanang sun turuti.
62
Nini kang maju milwa  jejawat, iku kaki nireki, sewala lang ingwang, sedalu ngukih prana,  nging kurang sranggara manis, dedimon lunga, ingure sun alaki.
63
Kang anyunyu tur kang  bisa ilmu donya, Jayengraga anolih (hlm. 37), mesem sarwi ngucap, tuwa  tan wruh ing wayah, manhe kaya dok uni, lakunya owah, untune kari siji.
64
Jayengsmara  apituturing wencana, rama amanis yayi, den yatno bencana, ing sarira  ika, den kalingling mulaneki, aywa ta sira, wuruk sudi karyeki.
65
Depuh wikan paraning  paningalira, nora ngulati marih, salwir katingalan, iku mangka paesan,  kabeh saking sang Hyang Widi, akarya alam, sakarsanira dadi.
66
Ingaring dalil akal  yayi ika, dadine jagat iki, nyata iku tandha, pracinaning kabisan, ing  Hyang sarya dumadi, iku ingaran tapadh dhal iku yayi.
67
Kang aduwe tandha den  wruh jatineki, ingaran dalil iki, mungguh budi akal, budi ingkang  grakita, pasthi ana kang akardi, iku ingaran, wiwaraning kang budi.
68
Ana dene dalil kang  ingaran Kuran, sabdanira Hyang Widi, ingkang sinuratan, mangsi lawan  dhaluwang, sing sapa maedo kapir, ing patang madhab, madhuleden wruh  yayi.
69
Sabdaning Hyang  kasurat mangsi dhaluwang, tan basa swara yayi, perihen ing lumampah,  tatakrama den wikan, dasar den patitis, adugeng lampah, den takeng  tamahneki.
70
Sajrone parimana wus  kajajagan, dening budi kang luwih, ika kang anjajag, kakang manira  nedha, yen tan mangkana yayi, dadya luluyang ambeke welakeki.
71
Akeh kang wong  kalurung tan tatakrama, ala den dalih becik, tan anut washiyat, tirane  kang mulya, sasar susur lampahneki, lawan parnesan, malih tan den owahi.
72
Kang saweneh katungkul  aja-jorongan, anggungaken ing dhiri, kajatmikan ilang, dening angaku  bisa, tan patuh ing syara singgih, kabura-bura, karunjang dening jurit.
73
Alon-alon lampahe Ki  Jayengsmara, lawan arinireki, ingari wus liwat, kesthi, sambi lumampah,  pitutur ing arineki, Ki Jayengraga, samarga amisinggih.
74
Kawarana kalangening  (hlm. 38) wanasrama, mungguh tepining margi, sampun tingling kilen  mangke Sang Yang Aruna, surem prabangkaraneki, wus kalamukan, alon  lampahe kalih.
75
Gerah alangu swaranya andesmara, pater swaranya aris, lwir madyaning dyah, kang kesisan calumpring.
76
Werah weneh jurang  perangnya lit asinggara, toyanya juging curing, asri swaranira, petung  lunung ing marga, gumerisik kang Wuluh gadhing, lwir madyaning dyah,  kang kesisan calumpring.
77
 Dadining  Andong pring samya ambabar, gandanya marbuk minging, lwir madya  kasisan, sinjang kokihing tilam, welahannya megat margi, tirta ulekan,  saking kedhung anjrihi.
78
Jayengsmara araryan  soring Angsoka, kuncara wastaneki, lawan Jayengraga, ngahub soring  kapidya, kaleson linggih, arsa nginuma, toyaneng dhandhanggendhis.
PUPUH III
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
01
Unggannya linggih ing  patiganing, suka kuncara lan arinira, Ki jayengraga wuwuse, kakang pundi  dinunung, sakecaning lampah puniki, sampun awirandongan, Jayengsmara  muwus, ana wong sanak manira, kang atapa ing ancala olah nepi, aran Syeh  Malangkarsa.
02
Punika yayi sun dunung  mangke, iku rowangingsun angumbara, dok ingsun ngaji bangiwen, kaliwat  pananepun, ing Paciran dhimin, ing mangke olah tapa, akeh sisyanepun,  menawi yayi miarsa, ing wartane si kakang inguni-uni, lah kaka  sinengeran.
03
Nora adoh yayi saking  riki, nora liwat lampah kalih rina, ing Ardi Palwa enggone, Ki  Jayengraga muwus, lah ta mintar saking riki, lengser Ki Jayengraga,  sumengka mangedul, kongang lurah pagagan, lebak-lebak ing gunung mujur  kapiring, tandur lagya adandan.
04
Sumengkeng gegeran  lampahnya nuli, katuju manggih ing panginepan, ing Sindureja wastane,  bale patemon agung, pinggir toya sitinya (hlm. 39) resik, tinaneman  Andong bang, lawan Andong dadu, Kayumas lan Parijata, Bayem sulah  sinelan Mayana wilis, ing natar Kayu neja.
05
Ki Jayengsamara  angling ing ati, baya mukti ponang agriya, katoryang pepatutane,  tumanduk karsanepun, arsa raryan Ki Jayengrasmi, kelayan arinira,  tanseng wurinepun, araryan ki Jayengsmara, teka linggih sesaka depun  lendohi, ismune wong kaleswan.
06
Kang manca randha nom  tur sugih, ken Tilarsa pan jejulukira, lintang susila budhine, anyar  kepaten kakung, katilaran putra kekalih, estri samya dewasa, warnanya  yu-ayu, awasa Ni Ken Suwarsa, kang wuragil awawasta NiKen Warsiki, lwir  widadari kinddran.
07
Asuwe datan ana wong  mijil, Ni Pucangan rasa ngambil toya, katuju medal angore, lampah kalih  pinjung, tandra kagyat anon wong linggih, sira Ni Ken Pucangan, wangsul  tur gumuyu, atakken rangdha Tilarsa, Ni Pucangan paran kang dera guyoni, teka jaba suka.
08
Ni Pucungan atur  poleng uni, kawula medal ing jaba, wonten wong kepanggih reren, bale  patemon agung, wong kekalih pelag suwarni, manira boya wikan, medal  kalih pinjung, tumurun rangdha Tilarsa, depun intip ing kikis Ki  Jayengrasmi, atut wonten dhatengan.
09
Anambut wastra jingga  sumampir, karsanira apa dhatengan, asta keri nyangking jambe, amucang  sarya metu, jayengsmara tumurun aglis, angadeg amadhapa, ni rangdha  andhulu, kalintang pandulunira, dinuk liring semune Ki Jayengrasmi, dulu  wong suwahara.
10
Ken Tilarsa den  lingiran aris, denya napa ramya manahira, rumaket anak basane, saking  pundi dinunung, anak ingsun nedha lumaris, awon lungguh ing jaba,  anginuma banyu, supados nyawa mucanga, anauri wencana Ki Jayengrasmi,  bibi manira nedha.
11
Den lirik mangke Ki  Jayengragi, iku nyawa tah sanak punapa, Ki jayengrasmi saure, sanak  manira dulur, nenggeih rowan kawelas asih, angres rangdha Tilarsa,  ngerengen wuwusepun, wau satekaning wisma, depun undang rarene nyawisa  warih, anggelara kelasa.
12
Ni rangdha tumulnya  ngancarani, lah ta nyawa sira alinggiha, sapuranira den akeh, nora  amanggih sekul, bibi nira nyawa wong miskin, tulus rangdha kasihan,  rarane den uwuh, lah anjaluk pamocangan, sampun sinung anulya depun  carani, lah nyawa amucanga.
13
Rarene mangke  wangsiti, Ni Pucangan sira jawadaha, lan amencaka nyarundeng, anambeleha  sawung, ana suwap ingsun kekalih, lawan dhendheng menjangan, kang  wewadhah sumbul, lan amathika kelapa, sun akarya sekul wudhuk lan  kabuli, lawan adhanga ketan.
14
Ni rangdha angling ing  anakneki, ibunira nyawa atamihan, lah akunen sanak angger, kakangira  wus adus, lah sungana, beboreh nini, sapanen kakangira, ken Rara  mintuhu, tumungkul asemu waspa, sarwi bakta dadah banten burat wangi,  lawan lisah jebadan.
15
Ni Ken Rara wau  metweng jawi, karsanira amundhur sekar, wong roro lawan arinira,  asinjang seta alus, kasemekan limar ketangi, awida jajebadan, arja  sengkang luru, akampuh sutra dewangga, anderangi paesan dhat ngayomi,  nenggih Ni Ken Suwarsa.
16
Ni Warsiki sira  sinjang wilis, arja kampuh rangdhi angrangrangan, lebeng kaot kakembene,  asumping Anggrek Menur, uleng-uleng sekar Melathi, asimsim memanisan,  jenarnya muda kung, cangget cenggeh paksa lanang, metweng jaba kalih  kakange den iring, byakta kembar lumampah.
17
Ki Jyengraga ika  ninggali, angga luka twas tanpa jamuga, amucang runtuh jambene, kewalik  gentalepun, panindane den singgih dhihin, mesem Jayengsmara, arine  dinulu, wikan lamun salah driya, Jayengraga wikan lamun den kawruhi, yen  ambek kamanusan.
18
Ni rangdha Tilarsa  papoyan glis, iku nyawa karo (hlm. 41) arinira, lintang dening pamujine,  sing anglamar tanpa yun, sapa baya kang depun anti, awet dadi pataka,  iku karsaningsun yen sih ayun alakiya, wong umbaran arsaa pan sun  turuti, mesem Ki Jayengraga.
19
Olah-olah wus mateng  sumaji, sampun surup Sang Yang Dewangkara, sampun masang sesandine,  sesaose wus rawuh, tiningalan tuhwa lep arsi, sekul mungguh ing panjang,  ing sesajenepun, tan ilang takona kena, wus sumaji sesajyan den  ancanari, lah nyawa adhahara.
20
Ken Rara karo  angeladeni, tansah ingarsa angraseng padam murub, wedanane asawang sasi,  kala mangsa Kartika, pupure den rembug, asumpang jabung payudan,  Jayengsmara atine den kuranteni, sarya ngesthi intingpar.
21
Ni Warsiki sireng  lulukoni, akampuh jingga sinurat ing mas, sata patra sasumpinge, saya  ngimbu ayu, Ni Warsiki sira ningali, mareng Ki Jayengraga, lwir thathit  ambarung, kena ing asmara nala, Jayengsmara arine tansah den liring,  wikan Ki Jayengraga.
22
Jayengraga celur  ulatneki, api nora ameke basaja, tumungkul sarya angliring, dadya perang  andulu, keneng guna kusuma rai, kepyaan Ki jayengraga, Ni Warsiki  kanyut, atine muksa bayangan, aglis manthuk ing wisma nibeng gaguling,  apipuyeng alara.
23
 Ni  Suwarsa pan wruh nayeng lungit, yen arinira angluh alara, smang marang  tetamune, aris denira muwus, lara paran ta sira yayi, sapa anambanan,  apalih dhedhukun, wikan yen hedhukun lanang, depun cewel arine anyewel  malih, rame agagulaten.
24
Sampunnya dhahar adan  aguling, Ki jayengsmara lan aranira, ni rangdha alon ujare, lah kaki  anakingsun wartanan denira kaki, marmanira nglelana, shaing wisma  maskun, sumaur Ki Jayengsmara, angulati wangsa manira pawestri, ical ing  pagugulingan.
25
Ing lungane sadyane  ruini, darmanira nora na uninga (hlm. 42), kesah kalih pawongane, sampun  manira susul, sing negara norakepanggih, angres rangdha Tilarsa,  ngerengen waranepun, lah ta nyawa asareya, mene dalu lah taawungua  malih, lah nyawa narebanga.
26
Areman ingsun angrungu  sangir, ing kina dok ramanira gesang, remen yen anggembyong sore,  lakinira den tutur, doking kuna dhatengan pekir, santri aperabatan,  Jayengsmara muwus, bibi paran kang rebat, Ni Tilarsa anutur wencana  manis, lah nyawa leresana.
27
Wajib titiga kang den  rasani, wijibina Allah lan Rasulullah, lan mukmin iku wajibe, mwang  muhalepun, lawan malih wenanga iki, ramanira angucap, wajibing Hyang  Agung, anane langgeng tan owah, sashipate tetep ing dzat datan gingsir,  iku wajib ing Allah.
28
Muhal ing Allah yen  kena mati, pepadha kelawan anak-anak, apesing Hyang muhal kabeh,  mengkana wenangepun, anging Allah nenggih puruki, purba misesa jagad,  angrusak amyangun, akarya sakarsanira, Jayengsmara wuwusira amisinggih,  bibi atut mengkana.
29
Ki santri nyawa  anewalani, nenggih iku wajib mungguh ing Hyang, andadekaken jagad kabeh,  muhal iku yen wurung, ing wenange dene lastari, kedadehaning jagad,  Jayengsmara muwus, salah bibi yen mangkana, wenanging Hyang den arani  wajibneki, dadya idhepe salah.
30
Ki Jayengraga amuwus  aris, akathah kakang wong kang mangkana, den ramji pangawikane, karane  akeh luput, pangucape tan mawi dalil, dadya angangka-angka, yayi  wancinepun, ing mindha nora kundur, jaman mangkin akeh kang wong jail  ilmi, mider amrih pasilan.
31
Wajibing rasul lah  kadi pundi, anakingsun nyawa ucapena, sapuranira den akeh, mwang kadi  pundi muhalepun, lawan malih wenange nabi, lah nedha ucapena, nyawa  anakingsun, lah wajibe mukmin pisan, mwang muhale lan wenange iki kaki,  sira amertanana.
32
Wajibing Rasul nenggih  puniki, amertaken sabdaning pangeran, abener (hlm, 43) ing wartane,  puniku kewajibepun, ana dene muhale Nabi, kelamun agoroha, wartane  puniku, muhal yen cidraa, ing jaize wenang sakit lan mati, bibi  pamiarsengwang.
33
Anan dene wajibe wong  mukmin, angestaken sabdaning pangeran, wartane utusan kabeh, pardhu  jenenge iku, lampahena ing zahir bathin, saolahe sarengat, punika den  ketung, muhale purba wasesa, ing jaize wenang rusak lawan mati, manira  amiarsa.
34
Ni rangdha ika papoyan  aglis, ing kina nyawa ana Rubiyah, wekasan ngucap mangkene, yen wong  amuwus, atanya ing sira tah nini, apatah Islam sira, para sauringsun,  angucapa Islam salah, Ni Rubiyah iku nora amisinggih, iku kadi punapa.
35
Ki Jayengsmara amuwus  aris, atut salah bibi yen mangkana, ingaran syak ing Islam, ngucap  insya’allahu, ing panggawe kang dereng yekti, kadya wong asembahyang,  bibi saminepun, hukum Islam tan mangkana, ing yektine hukume wus den  linggihi, dadya tan wenang syaka.
36
Ing salahe bibi kari  wuri, karsaning Hyang bibi nora wikan, ing polah iki jatine, punika  salehepun, Ni Bok rongdha mangkya nauri, nyawa maniran nedha, utamaning  laku, lah ta nyawa agulinga, Jayengsmara aglis, sinungan gaguling, lah  nyawa asareya.
37
Ni Warsiki dalu tanpa  guling, Jayengraga kacipta ing nala, katon spari polahe, tan kena  sinalamur, depun samun katon ing ati, kwir driya pinandam, tan kena  aturu, Jayengraga tan asiha, pasthi ingsun mati sedhih tanpa kanin, yen  sira tan asiha.
38
Sireping janmi pra  samya guling Jayengraga ika pinaranan, teka linggih ing sandhinge, aris  denira muwus, awungua kang Jayengraga, lah ta usadanana, kakang  laraningsun, sasat anguripi pejah, depun tulus sihira mara ing kami, Ki  Jayengraga.
39
Ki Jayengraga angling  ing ati, mangko tah (hlm. 44) baya ana bencana, mingsar-mingser asung  anggen, angling ing kalbuningsun, kaya apa tah ingsun iki, mandah weruha  si kakang, paran polahingsung, sedalan winarahan, jayengraga den tutuh  sariraneki, anging sun kapakena.
40
Dadya karsane mangkya  ngecani, lah mintara yayi maring wisma, tan angrasa yen ig kene, sang  rara nulya mantuk, Jyengraga tansah ing wuri, sarya kakanthen asta,  Jayengraga rawuh, sira mangking pagulingan, depun rangkul sang rara den  bisisiki, mangke ingsun papoyan.
41
Karana manira tan  arabi, dene manira adarbe lara, tan samnya lan wong akeh ingsun lama tan  payon, wus akrama tinilar estri, dene adarbe lara, ketang werangingsun,  nora jaya ing wanita, Jayengraga bisane sarya anangis, meneng sangdyah  karuna.
42
Sang rara ika amuwus  aris, lah ingsun iki wus pisakena, lamaren saking sukane, lamun binjang  wus temu, lah si biyang bisa nambani, yen nora tah beyaha, suk kawinen  besuk, sanadyan nora nukua, Jayengraga anyipta wuwusira amisinggih, ing  binjang lah sun lamar.
43
Jayengraga anuksma ing  ati, manira mangke agagujengan, anutur ing pawartane, kang wus tumakeng  laku, nenggih kina ika wong luwih, nora panggih syah wungga, yen ana  den dulu, den cekel astane kiwa, Jayengraga anyipta tunggaling urip,  dadya sang dyah kentaka.
44
Angres manahe Ki  Jayeragi, tumingal maring sang dyah kentaka, tan sipi wau welase, nora  panggih salulut, Jayengsmara kang den ajrihi, pan lintang sungkemira,  dhateng rekanipun, anendhal wastra sampiran, den ulesi ingapit-apit  gaguling, kenas Ki Jayengraga.
45
Mangkana malih Ki  Jayengrasmi, Ni Suwarsa cinipta ing nala, raras ing jro supenane, angipi  apulang yun, Jayengsmara katon ing wengi, ngerowangi sacumbana, Ni  Suwarsa lulut, kena ing asmara nala, karanepun (hlm. 45) anglilir-lilir  kepati, rarasing jro swapena.
46
Meh raina semu bang  Yang Rawi, Jayengsmara lan ki Jayengraga, arsa lumaris prayane, bibi  amit katengsun, muwah yayi katuna kalih, anedha panembrama, utang manira  gung, bibi mangsa kawelasa, anauri ni rangdha wencana manis, lah sampun  age lunga.
47
Anginepa nyawa den  alami, arinira karo kunen sanak, malar dadia kanthine, bibi nedha  katengsun, lah ing beijang manira wali, yen prapteng Ardipalwa, punika  yen kontung, dene mangsa alamia, anauri ni rangdha wancana aris, poma  nyawa balia.
48
Lah ni rara atangia  kalih, kakangira nyawa mangke lunga, dingaren sira mangkene, baya lara  nakingsun yen alara sun tetambani, kalih samya ngelong jiwa, paran kang  dera nglung, angelung tungtung manira, dera tangi eh bibi eca aguling,  dadya puwara lara.
49
Paran kang den  baktaken nini, kakangira nyawa sangonana, sap tangan sungana jambe, lan  dhastar sebe wungu, baktaken kakanta kalih, muwah dadahe pisan, lawan  burat arum, lisah loloh lan kalembak, amintuhu sang rara asemu tangis,  dhuh paran polahingwang.
50
Injang mintar saking  wismaneki, sang rara kari kantuk ing tilam, samya sungkawa polahe, samya  kamugeng kahyun, lwir kasebet pengawe sari, angga muksa bayanga, arine  amuwus, si kakang asmu karuna, nora wirang wong amoyang den tangisi,  sira uga pan iya.
51
Ni Tilaras lengleng  driyaneki, sing kang den cekel muksa ing tangan, semang dening tutamune,  anakepu den rangkul, Ni Suwarsa asemu tangis, ramanira tumingal, angres  sira dulu katuwon Ki Jayengsmara, kaningaya tan arsa ginawe kanthi,  anggur aja mampir.
52
Muwah sih malih Ni Ken  Warsiki, salunganira Ki Jayengraga, lengleng mangu tanpa gawe, tenunane  den pangku, Jayengraga kacipteng ati, lir melu katenuna, pan sasenteg  (hlm. 46) mangu, tumurun aucul tampar, dedalane kang lunga depun  tangisi, kepyan rangdha Tilarsa.
53
Ni Tilarsa waneh  kuntrang-kantring, milya semang tan kena ing pangan, tumon polahe anake,  sarirane den tutuh, telase Ki Jayengrasmi, ing wau sun gubela, sarywa  ngusap ing luh, suka cacadening jana, salungane ing wuri kari prihatin,  sun sidhep tan mangkana.
54
Ana parnah sanake  sawiji, karsanira mangke pinaranan, dhukun Robaka wastane, wingi ingsun  angrungu, arinira nenggih pan sepi, nora na kang apajar, yen lunga  andhukun, Ni Sukeling apepoyan, Ki Wahuda anenggih lara kepati, menawi  mangke prapta.
55
Ki rubuka ika aglis  prapti, tiningalan kakangira prepta, arsa medhuna karsane, nulya anapa  gupuh, kakang rangdha punapa kardi, amemarasi darya, kakang teka gupuh,  lah ta kakang alinggiha, anauri ni rangdha wencana aris, sarya ngusepi  waspa.
56
Ki Rubuka ariningsun  kaki, anakira Ni Suwarsa lara, asudanana den age, lan Ni Warsiki iku,  kantakane sadina iki, kaya wong kena guna, teka lengleng mangu, wingo  ongsun dhedhayohan, wong amoyang awasta Ki Jayengrasmi, lawan Ki  Jayengraga.
57
Ki Rubaka semu ujar  lungid, kakang rangdha kaya apa sira, denira among ing rame, saking  panarkaningsun, anakira sampun apanggih, lawan tetamunira, Jayengsmara  dangu, anging ingsun nora wikan, sun tarkaa manawa nora sayekti, mesem  Ni Bok Usada.
58
Nanging sih yayi Ki  Jayengrasmi, lintang ingsun dening aparcaya, yen sun dulu zhahire, wikan  ing bathinipun, sesolahe wong jatmika, tindak tandukepun, sumaur dhukun  Rubaka, aywa tungkul kabisan dadaya lingaling, dening amrih kandela.
59
Balike yayi Ki  Jayengragi, rare anom tur rada pathelang, katuring ulat guyune, saking  panrakaningsun, anakira Ni Ken Warsiki (hlm. 47), rowange urip tingal,  Rubuka amuwus, nora linyok ujaringwang, Ni Warsiki semune katoreng wadi,  polahe wani priya.
60
Kakange mangke den  papoyani, kakang rangdha manira saloka, ing wong estri wani wong len,  wonten salokanepun, anadene pinet pralambi Srandulu Wikridita, ing  salokanepun, asasiwo lawan macan, yen tungkula temahe den kadhemeki,  meneng rangdha Tilarsa.
61
Karane kakang ingwang  puniki, den bisa nenger ing nitya, andugeng twas samune, len sampun semu  baluru, semuning wong riningring-ringring, nora manggya wirang, ing  wong satya tuhu, wonten kang pinet saloka, salokane tirta sira amarasi,  awis kang wong mangkana.
62
Wonten anake wadon  sasiji, Ni Sukeling pan jajulukira, wus ana pepacangane, anging ginagat  wurung, jejalukan nora nekani, warange salah tampa, ika karsanepun,  menawa den gawe marga, kang den dalih semune tan den karsani, dadya  malih sangsaya.
63
Ki Rubaka angutus ing  Rabi, Ni Usada sira anglawada, lawan anakira mangke, lah mintara  rumuhun, ingsun mene kari ing wuri, lawaden anakira, Ni Warsiki angluh,  lan kakange Ni Suwarsa, karo iku anenggih lara kepati, mintar kang  ingujaran.
64
Sapraptane sira nulya  linggih, Ni Sukeling alon denya ngucap, uwa paran wiwitane, kakang  Suwarseng dangu, darunane yen lara brangti, Ni Tilarsa angucap, babo  anakingsun, adhatengan wong amoyang, wong kekalih awasta Ki Jayengrasmi,  lawan Ki Jayengraga.
65
Ni Sukeling  anglociteng ati, baya wingi wong kang liwat ika, kang asung semang  wirage, sawengi uni ketung, sesolahe kacipteng ati, penyananingsun ing  twas, sun sidhep andarung, weruha yen mampir griya, sun anginep ing kene  teka sawengi, baya lengleng katiga.
66
Kaliru lan wong liwat  wingi, lawan kang wong kalak ijo, akol asingkol (hlm. 48) polahe,  papacangane ketung, yen ujare Ni Ken Sukeling, ingsun den paksaa, dening  ramaningsun, manira mangsa gelema, den wadiyeng perahu ingsun lakoni,  angur rara wudua.
67
Saya angles larane  kepati, Ni Wursiki lawan Ni Suwarsa, wus lesah muksa cahane, Ni Bok  rangdha andhulu, ing anake anjerit kepati, lah babu anglilira, arinira  rawuh, lah ta nyawa suguhana, Ni Sukeling denya anangis kepati, lah  kakang ingsun teka.
68
Tetanggane kabeh samya  prapti, wong sakadang samya anglelawad, kang tangis umyang arame, samya  atanya gupuh, bibi paran den angluh iki, ariningsun alara, ni rangdha  amuwus, awirang yen sun tutura, lara mangke arinira ngluh kepati, meneng  atebah jaja.
69
Tandra rawuh ini  dhukun langkungi, glis akarya tulak karsanira, gupuh denya jumput jambe,  panadine den puluk, sekabehe nora na kari, lawan suruhe pisan, wetara  sagebung, lambene bintol sakajar, kaltengen ni dhukun tiga ing siti,  sinaut ing cemara.
70
Sapraptane Ki Rubaka  angutus ing rabi, Ni Suwarsa wau tiningalan, wus lesah ilang cahyane,  swapane kagugu, marmanira alara brangti, rarasing jro swapena, Ni  Warsikeng dangu, polahe den gugu, ing tilam kantu ketapil, marmane dadi  edan.
71
Ki Rubaka angutus ing  rabi, Ni Usada sira marenea, lah ta mantuka den age, ambilen ladingepun,  Ki Wauda asung wejani, pan asung lading waja, sore sun aturu, wus  mintar kang ingujaran, sampun sinung pangrupak depun tampani, dene  dhukun Rubana.
72
Mangkya nambut pawohan  tumuli, Jambe anom wus tinulis rajah, lawan Suruh temu rose, punika  karsanepun, Ki Rubaka sira angesthi, sarta osiking nala, kang muguh ing  suruh, Ni Usada semburane, wus den sembur kang angring nulya anglilir,  bungah rangdha Tilarsa.
73
Warnanen mangke Ki  Jayengrasmi, anglampahi parang jurang sengkang (hlm. 49), semu deduga  lampahe, sumengkeng gunung-gunung, parang pringga jurangnya ngerumpil,  liyep ponang wratmaka, dening lumut-lumut sela gung angapit marga,  pudhak mure lwir wentis kesisan tapih, amangun larasmara.
74
Amewehi langening kang  margi, padapaning jering kumelab kanginan, Angsoka sinom rumembe, lwir  jinem apulang yun, sekar bana yayahing tulis, tinon lwir kaswaraga,  kelasa baletung, wunya rateng abrang sinang, palisire jangga mekar amrik  mingging, tinon lir pakasutan.
75
Angsana sekarnya wra  ing siti, Mandhalika awok awilaten, arja Katirah warnane, padma Angrek  sitangsu, munggeng kanan anggulilingi, lawan Angrek setata, ing pinggire  enuh, pupusing lirang ambabar, jangga lumung lwir priya angol panepi,  jinem angklar sinjang.
76
Aer tambang tinalangan  Pring gadhing, sumyak swaraning tumibeng jurang, Kongkang munya ngerong  arane, kadya wong apengayun, awruhan kadya ngaruhi, yen wonga  anambrama, ing pangidhepepun, kagyat kang Pakung malesat, minangsa ing  Pakis amilat mudiding, mingser angungsi sela.
77
Sela sayana tepining  beji, sasoring angsana bra kang kembang, rum-rum sumawur sekare,  angurambang ing ranu, puspanya wra kintir ing warih, kampir ing sata  patra, genggeng-genggeng lumut-lumut, arjuna atur araras, sarya mangku  sedhih ika den kemuli, awedhak lumut antya.
78
Jangkung  tumeling-teling iang warih, anganti-anti surude toya, mina lit den prih  silibe, Kuntul mincok ing wetu, Pencuk ika ena miranti, mencok ing tahen  ragas, tumiling ing banyu, Cangak angancik ing tunggak, amrih angungak  deleg gimingsir, mina lit sumemburat.
79
Kitiran munya ing pang  aganti, awurahan paksi ingkang munya, derkuku ngungkung swarane,  sinerenging paksi Siung, Prenjak Cucak Umung gumanti, ramya anacar  wohan, paksi serang aselur, Gedhawa mencok ing epang, asasiwo angondhok  (hlm. 50) arebut bukti, kasidan ramya ing pang.
80
Poh Bembem ika jajar  lan Wuni, Poh Denta lawan Poh Mandhalika, Poh Ijo ika rowange, Jangkung  awur lan Kuntul, munggeng tengen arebut bukti, swaranya tambang-tambang,  mandra pan karungu, swaranya malu daluwang, anggurantal lawan swaraning  sundari, lwir mardangganing wayang.
81
Lamat-lamat kawuryan  arasmi, ing Ardipalwa kadugeng tingal, kaoton angungkul masjide, mari  panarganing tingal, kedhap-kedhap ngawe-awe ing sang prapti, kadya den  tumanduka.
82
Inggar manahe Ki  Jayengrasmi, tumingal mangke ing tetanduran, kitri asangkep warnane,  kitri ing pinggir ranu, morang dalan kang mujang ranti, perang ambabar  mayang, gandarnya mrik arum, pamedharing mayang mekar, kadya gelung  lukar sedhenge karasmin, ing jrone pakasutan.
83
Palagantung uwohnya  adadi, Manggis Pijaten kelawan Duren, Dresyana guyu rowange, Salak lawan  Kedhangsu, Nangka wulan Kecapi, angkatan abra sinang, sakare sumawur,  anggrek lawan puspa Japa, andho-adho arok lawan Gandasuli, Jambu wer isi  sata.
84
Alon-alon lampahe  lumaris, Jayengsmara lawan Jayengraga, wus prapti ing banjarane,  kalangenan dening dulu, upacaranipun aradin, warnane kang kusuma,  winuryan alangu, arjuna lawan Jamirah, Parijata awor lan Jangga kasturi,  amilet kamileten.
85
Patani antyan tuwha  ngerawit, atirab gambar kederan toya, kayu Cendhana watune, bata bang  benturepun, pinalisir Jangga kasturi, Jayengraga garjita, tumon  tulisepun, atulis khabar naraka, kang kasisih atulis kgabar suwargi,  Jayengraga kacaryan.
86
Masjid ageng  linepaangrawit, tundha tiga pinanjangan sirap, sela Cendhani banture,  kinikisan Pring wulung, ginelaran sayana ngerawit (hlm. 51), winancak  Suji kembang, resik natarepun, kasongan bujanggga puspa, apadhapa sekara  asenan asri, tinon kadya udayana.
87
Kaume kathah samya  nginderi, pan samya amangun tapa, Syeh Pariminta ing Bang Lor, Syeh  Modang munggeng Kedul, Unggyan Wetan Syeh Amongsari, Kilene Syeh  Amongkarsa, samya mangun laku, asru brangta nireng sukma, anom-anom  padha mangun sela murti, tan asih ing kadunyan.
88
Syeh Malangkarsa  wonten ing masjid, wikan lamun wong sanake prapta, sasungun bungah  manahe, denya sung salam asru, Malangkarsa sira ngaturi, sigra anjawat  tangan, arine den rangkul, sung bakti Ki Jayengsmara, asagata Syeh  Malangkarsa lingnya ris, daweg yayi katuran.
89
Alama yayi datan  kapanggih, sun sidhep yayi sira palastra, dening nora na wartane, lawas  nora ketemu, kaya na tri dasa warsi, dok anan ing Paciran, sring sun  ucap dalu, kangen ingsun maring sira, anauri wencana Ki Jayengrasmi,  kakang manira nedha.
90
Binakta mantuk Ki  Jayengrasmi, Ni Ulengan arinira prapta, kang sun cipteng twas lamine, Ni  Ulengan agupuh denya napa bagea yayi, aglis gelar kelasa, wus kinwan  alungguh, wus acaos pamucangan, sampun sinung manampan den acarani, lah  yayi amucanga.
91
Gupuh-gupuh arsa  anemani, Ni Ulengan arsa olah-olah, nora nganti ing rowange, marang  pawon agupuh, karsanira angambil kwali, dangdang kesandhung pecah, tugel  buyungepun, titiyange katrajang, cangkok kewang ginecek senggih kemiri,  Tales den dalih Bawang.
92
Aglis mulih angambil  reragi, Ni Ulengan ika garegelan, tandran merucul kopeke, bedhah  kakembenepun, kakopeke moler saguling, kaget Nimbok Uwaran, melayu  kasokan werak, angrarintih den antep ing Kalajengking, mesem (hlm. 52)  Ki Jayengraga.
93
Tetanggane samya  nguningani, yen arinira apan dhatengan, kakang abagus warnane, perawan  samya rawuh, lingsenira angrarewangi, sigra aucul tampar, Ni Wulanjar  kedul, raramanira atanya, endi Ni Wulanjar sira nini, si kakang  adhatengan.
94
Rarase amrih wau  kuntrang-kantring, metweng jaba dadak sangga uwang, kapincal iku polahe,  tan pegat manjing metu, Jayengraga den kulenceri, lelewa atanaga,  lingisnya angungsu, metwang jaba ragan-ragan, buyung wuluh den tabuh  pinatut gendhing, atembang samirana.
95
Olah-olahan sampun  sumaji, Ni Ulengan asru denya ngucap, angutus kenca bature, denya asaji  sakul, Ni ulengan asaji warih, sigra pra samya dhadar, sangkep ulamepun,  mangkana Ki Malangkarsa, tetamune nulya den acarani, lah yayi adhahara.
96
Syeh Malangkarsa ika  ngecani, selaminira amangun tapa, angirangi buka sare, tulus amangun  kahyun, anging lamn dhatengan prapti, ika ngecani manah, denya nyamar  laku, waged denya lamur lampah, ujub rija’ kibir sum’ah kang den jrihi,  asru wedining sukma.
97
Ki Jayengsmara angling  ing ati, si kakang iki ngecani manah, den singidaken lampahe, tindak  katoryang semu, sumenga ingkang den kiringi, yen tuhwane wikan, denya  muksmeng laku, tanpa yun kawantaraa, kang sawaneh lampahe kerana rai,  sampun denya adhahar.
98
Suruping arka samya  ngabakti, Syeh malangkarsa lan arinira ashalat maghrib watune, sampunya  shalat metu, Malangkarsa munggeng surambi, lawan Ki jayengsamara,  Malangkarsa muwus, yayi paran sadyanira, Jayengsmara sumaur wencara  manis, kakang karsamanira.
99
Deningsun kaka  sumengkeng angriki, angulati kakang sanakingwang, estri tan wikan  parane, anis kalaning dulu, pawongane kakang pawestri, ika rowange  kenas, wus manira ruruh, kedran (hlm. 53) luruh Jenggala, ing Kedhiri  kakang wus ulati, muwah ing Lebuasta.
100
Parandene kakang tan  kepanggih, karan manira dhateng ing tuwan, menawi wikan warnane, ingwong  dinal dinuk, Malangkarsa nulya nauri, yayengsun apapoyan, kina sun  angrungu, Rubiyah anom lumampah, kalih estri aparab Ken Selabrangti,  sangka aing Wanamarta.
101
Ing wanantaka  unggyaning mangkin, Syeh Mangunarsa wastane ika, anenggih kangken ipene,  kang apajar maringsun, Ki Syeh Modang wastane yayi, mangke uga pun  teka, wus sun undang wau, sun wartani yen dhatengan, Jayengsmara amuwus  anggegerehi, lan kakang pinaran.
102
Syeh Malangkarsa  anuwalani, injang-injang yayi pinaranan, pun kakang milwa andherek, ayun  wikana ingsun, ingyaktine warnane yayi, nengih lakine prapta, Rubiyah  puniku, awawasta Syeh Amongraga, nenggih kokum linabuh nora wikati, dok  aneng Akisganda.
103
Tan kena tirunen iku  yayi, polah iku sampun dumduman, tan gigndir kadadehane, mapan ing laku  ku, alayara segara keni, amegata arongan ngekepa Jayengku, yaktine maksa  padhaa, Jayengsmara tumungkul, angguwu wedi, kakang manira nedha.
104
Nadyan layara segara  keni, panggih puniku mangsa mangkiya, kang ora hal iku dene, ewuh ingsun  angrungu, kang ora hal tah iku yayi, lwir lelandhiping pedhang,  nugrahaning kawruh, mapan kang aran nugraha, kanugrahan iku yayi  anampani, kang tinampan nugraha.
105
Mapan kanugrahan iku  malih, dadu rasanira kang awenyah, kaloka arsa ing akeh, kanugrahan  puniku, nenggih uga welasaning sih kacane yen nugraha, ing  pralambinepun, kadya ngilo paesan, wewayangan kanugrahan sukmaneki, kang  angila nugraha.
106
Mapan semune angilo  yayi, asung wikan yayi kang sinihan, anjateni kakasihe, semune ngilo,  sinung wikan dera Hyang Widi, denya ngestoken niya, ing pangangkenepun,  angucapa (hlm. 54) kina, kinarsaken ora purbaneki, jenengeka dadora.
107
Patemun nenggih iya  syara yayi, kadyanggane toya sing ing tawa, akimpul uga karone, ing  pakumpule iku, nora kena ngaran jeladri, muwah ra nana tawa, anta  aranepun, anta yeku kanugrahan, Jayengsmara tumungkul anuksmeng ati,  kakang manira nedha.
108
Yen wus sirna anging  toya asin, kawinuhan asine segara, tawa sirna kajatene, asin jeladri  iku, kang jumeneng nora kekalih, nanging ingkang segara, kang sedya  purba agung, iku yayi depun awas, kang ingaran segara datanpa tepi, iku  yayi den awas.
109
Mangkana yayi cihnane  cermin, rupa jro paesan sampun sirna, mantep rupane dheweke, kang  sinihin kalimput, dadya jeneng rupa pribadi, limput tan nana wikan,  kedya doking dangu, samya wruh pribadinira, Jayengsmara sumungkem ing  pada kalih, lawan Ki Jayengraga.
110
Kalangening Ki Syeh  Modang prapti, wacananira, Syeh Malangkarsa, rawuh kabeh sakaume, Syeh  Pariminta rawuh, sakaume Syeh Amongsari, wikan lamun dhatengan,  ingacaran gapuh, yayi den mara ingarsa, asung bakti Syeh Modang Syeh  Amongsari, lawan Syeh Paraminta.
111
Syeh Modang mangke  lingira aris, manira kakang nenggih miarsa, ing Wanantaka wartamne,  wonten rubiyah rawuh, wastanepun Ken Selabrangti, anom yu lumampah, lan titiyangepun, pra samya anandhang bawa, pawongane awasta nimbok Cwnthini, wismane Wanamarta.
112
Ki Jayengsmara amuwus  aris, puniku kakang nenggih miarsa, ing Wanantaka wartane, wonten  rubiyah rawuh, wastane singgih, menawa ngalih aran, Selabrangta iku,  amuwus Ki Jayengraga, sabda gugul kakange den gagorohi, lah kakang  pinaranan.
113
Syeh Modang sira  amuwus aris, boya lawan manira miarsa, wonten kalih rina mengke,  anggeningsun arunggu, santri Munthel ingkang awerti, kangken sisihanira,  dening ipe (hlm. 55) nepun, awasta Syeh Mangunarsa, apepoyan yen arsa  akirim tulis, mara ing Wanamarta.
114
Syeh Malangkarsa  amuwus aris, lah ta yayi padha pinaranan, sitangsu sampun sumare, Ki  Jayengsmara muwus, lah anedha kakang sun iki, arsa tummut sedya, mangke  kaumepun, wus adan Syeh Malangkarsa, tandra rawuh Ki Munthel angemban  tulis, mara auluk salam.
115
Wus sinauran salamira  ris, denira mangke Syeh Malangkarsa, Syeh Modang ika wuwuse, inggih  tiyang puniku, kang ing uni, pan gepah sinambrama, wus samya alungguh,  ing ngarsane Malangkarsa, asagata Syeh Malangkarsa amanis, lah bagya  kang dhatengan.
116
Punapa yayi wontena  akardi, agung toya wismeng Wanantaka, prapta kalimbak ing kene, santri  Munthel sumaur, lah ki reke manira nenggih, dhateng ing Wanamarta,  ngemban tulisepun, anenggih Ken Selabrangta, asung warta ing wangsa  mring yaya bibi, ika wiyosing layang.
117
Lawas kinon mampir ing  riki, asung salam dhateng pakanira, kang pinanta penedhane, tuwan  kajana kasub, lamun tuwan amangsun singgih, putus awicaksana, nastiti  ing laku, nastiti ing laku, lah tuwan nedhakena, amongraga ina reke  kasewa sih, tuwan tuwan tatedha kena.
118
Syeh Malangkara  ngociteng ati, ingulatan sajrone wardaya, punapa baya samune, Syeh  Amongraga iku, santri Munthel mangke mring riki, angemban salam dunga,  pan ingsun dereng wruh, maring Ki Syeh Amongraga, Jayengsmara tagane wus den kawruhi, yen aneng Ardipalwa.
119
Syeh Malangkarsa  amuwus aris, wong punapa kang kadya manira, yen den priha ing sababe,  apungguh kurang ilmu, yen angucap nora sayekti, lwir yen lulut ing  deyah, ing waktu pan suwung, amung napsune sadina, aneng pawon angadhep  kopat Serabi, Lepet kelawan Jenang.
120
Balik Syeh amongraga  wong luwih, sampun antuk (hlm. 56) jatining lumampah, pan wus wukma  sapolahe, ika manira ngerungu, Amongraga kina ngelebeti, dok aneng  Akisganda, linabuh tumimbul ing lampah singgih, lamun asih amitra.
121
Syeh Pariminta den  kujiwati, iki sih tandhane wong kawasa, den alingi karamate, tan  kandheging riku, tanpa yus wiwaling, swarga, ing kramate kabotan  angrarebedi, yen selaya kangelan.
122
Karanepun ingkang wong  linuwih, datanpa yun kandheging karamat, anenggih laku silibe, wonten  pralambinepun, kadya liman sinung kesaktin, manjing mring wriwara, ning  jeromat alus, wus lega awake ika. Kari-kari sesek dening buntutneki,  manira amiarsa.
123
Lan tan manira iki ki  santri, ayun wikan tanduking nawala, ki Munthel ika saure, tan wonten  bangginepun, mangke sinung dera tampani, dening Syeh Malangkarsa,  nawalanira wus, den lirik Ki Jayengraga, sampun wikan anulya dera  tampani, dera Ki Jayengraga.
124
Wicana dening Ki  jayengraga, nawalanira Syeh amongraga, anyahi ati tanduke, punika  layangepun, suta tuwan pan Tambangraras, punika tur upiksa, ngerama  kalihepun, Tambangraras agesang, putra tuwan Amongraga sampun prapti,  wonten ing Wanantaka.
125
Muwah ariku Ki  Jayengraga, den agung pangapurane, sun lunga tan asung wruh, kakangira  Ki Amongraga, rarasing jro swapena, marmaningsun kaswapena, Jayengsmara  yen asih aywa tetuwi, lawan Ki Jayengraga.
126
Angrus manahe Ki  Jayengrasmi, amiarsa tanduking nawala, tan wruh dok mijil waspena,  wiyosing manah segul, waspanira tan pegal mijil, muwah Ki Jayengraga,  tan kena amuwus, sihira mring Selabrangta, layang tiba ing siti tan den  kawruhi, kantu Ki Jayengraga (hlm. 57).
127
Mangkana malih Ki  Jayengrasmi, kapotangan manah tanpa ngucap, tuminggal kantu arine,  anglilir denya kantu, Jayengraga rinangkul aglis, dening Ki Jayengsmara,  kalih manah segul, arsa sira nandhang bawa, arsa tapa aparab Syeh  Amongsari, lawan Syeh Amongraga.
128
Syeh Malangkarsa  angling ing ati, iki sih iwuhing wong lumampah, kewuhan dening tresnane,  tapane akeh kundur, Ki Syeh Modang den kujiwati, iki musuh digjaya,  Syeh Modang anuhun, wuwuse Syeh Pariminta, kang tinedha sih pitulunge  Hyang Widi, muga tulusa kena.
129
Wus sinambrama Ki  Munthel amit, Jayengsmara ika lon angucap, paman manira ataken, manira  wekas atur, aturena ing rama kalih, pan aneng Ardipalwa, dening boya  mantuk, wus amit anjawat tangan, santri Munthel karsane ika anuli,  lampahnya majang wulan.
130
Enengana Ki Syeh  Malangkapti, lan arinira Syeh Amongraras, Ki Munthel ika lampahe,  samarga kapirungu, atut lebak-lebak kapiraning, atut mujar acala, denira  lumaku kanginan kang wuluh wungwang, angulawang kadya pujining birai,  Ki Munthel anggrahita.
131
Wus raina mijil Sang  Yang Rawi, santri Munthel denira lumampah, angenak-enak lampahe, kongang  pradesanepun, atut lebek sabin kapiring, kongang ing Wanamarta, masjide  angungkul, kelawukan ampak-ampak, Pakis karendha lumarap kaduking  liring, kadya totonen ulat.
132
Warnanen mangke Ni Ken  Malarsih, saluganira Ki Jayengsmara de tutuh dening priyane, yen dalu  tanpa turu, yen raina aanggeng prihatin, lungane Jayengraga, angrasa  kaduhung, kadya ngemasana teka, Ki Panurta rabine den pituturi, lah edan  temahira.
133
Tambangraras wus  karuhun mati, Jayengrasmi lan si Jayengraga, mung sira tingali mangke,  nora sira pintuhu, ujaringsun ing sira nini, mangke nora angrasa, yen  sira kaluwung , matia Ki Jayengsmara, den abecik sun lunga sira ing  wuri, tan wung sira edan.
134
Balikan sira den  anampani, semuning Hyang yayi (hlm. 58) maring sira, ingalapan kekasihe,  iku sira den wruh, aywa tungkul ing renes yayi, tingalira den ana, aja  wit kalurung, den wikan kang amisesa, awakira sorena kelawan bakti,  malar kasatmataa.
135
Balik den rena  titahing Widi, rumasa yen kapiutangan, pinelenging kadadyane, pelagira  puniku, sinung budi amilih, nora sami lan hewan, yayi depun weruh,  ingkang amisesa jagad manusa sinung budi antya luwih, cihnane yen  sinihan.
136
Balik sira den asih  ing nabi, mertaken sabdaning pangeran, asung wruh ala becike, mapan  manusa iku, sinung kama dera Hyang Widi, kinon amiarsaa, pituturing  Rasul, sing tan aidhep ing warta, jinangjeken dadi isining Yomani, aneng  jrone naraka.
137
Tekaning budi nimaken  budi, amilih mangke kang sia-sia, ania-nia dheweke, paniku marmanepun,  yen manusa milih budi, wikana ing akhirat, agung siksanepun, tumpa-tumpa  ponang siksa, siksa kubur ping kalih siksa Yamani, aneng jro neraka.
138
Balik sira den  anglampahi, yen sinung lara dening pangeran, renahe ing satitahe, iku  ingsun angrungu, singgih ana sabdaning Widi, sing sapa sinung lara, ing  sadina iku, wawalese siksanera, anglampahi ing dhuh setahun iki, iku sun  amiarsa.
139
Karane nini ika wong  luwih, belai ingkang nyiwane margi, saya wuwuh biraine, punikasun  angrungu, ingkang mungguh sunate wali, ika anedha lara, nora yun  katungkul, ing renes lawan pakenak, yen katungkul minak aduh mring Hyang  Widi, tingalira warana.
140
Anadene sunate wong  mukmin, yen sinung lara dening pangeran, aywa apepoyan geme, asimpen  laranepun, ing sadina lawan sawengi, agung paganjarira, wikalane agung  sapa amartaken lara, ingaranan awewadul ing Hyang Widi, tan kapitujan  ing Hyang.
141
Nenggih sunat kang  mungguh ing Nabi, asih ing sajrone sengit ika, asengit sajrone sihe  (hlm. 59), ewuh ujar puniku, depun kena marinci, wuwuse Ki Panurta, ika  den katemu, tan kena yen pamesana, wuwus iku den kena dera nampani,  menawi temah sasar.
142
Marma ngres manahe  angrungwa ngling, Ni Malarsih tan ken anagucap, amiarsa pituture, adan  aucul gelung, padanira ngesapan weni, dahat kapiutangan, anarimeng  wuwus, nangis sauripun sembah, Ki Panurta bisa denya angeres twase  aningali, ing rabi anut karsa.
143
Winenehi linus tur den  ririh, Ki Panurta bisa denya nabda, sarwaya anglus ing remane, Ni  Malarsih anuhun, dahat asih mule tur wedi, tan arsa lenggahana,  anarimeng wuwus, dadya asrah jiwaraga, Ni Malarsih kadya tanpa darbe  kapti, anut karsaning priya.
144
Ni Malarsih wuwuse  amanis, santri lungsir bapa marenea, anjaluk suka den akeh, ulatana nak  ingsun, yen kepanggih Ki Jayengrasmi, lah mardikaa, ki santri Lungsir  amuwus, singgih kawula anedha, santri Lungsir teka ing jaba anangis,  kaetang kakangira.
145
Warnanen mangke ki  santri Lungsir, lampahira wus prapta ing awan, sampun kawingking desane,  lampahira andarung, anut lebak sabin kapiring, wratmaka geng ajembar,  anut ing marga gung, Ki Munthel katemeng liring, ana lingggih ing lirang  den lelendhehi, sarwa tumengeng lirang.
146
Satingalira Ki Lungsir  prapti, santri Munthel kepanggih ing marga, alinggih ing sela gene,  kangelan gen lumaku, asasendhen kasongan sari, dangune abra mekar,  langit kang dinulu, katon kang mubeng jagad, santri Munthel enenga awetu  puji, lwir rengihing bramara.
147
Ki Lungsir prapta den  takoni, kang pundi desa wanamarta, Ki Lungsir alon wuwuse, nenggih desa  kahayun, santri Munthel amardi malih, lah bapa sira wikan, pundi  parnahipun, wismane gueti Panurta, anauri Ki Lungsir Wencana (hlm. 60)  aris, nenggih gusti manira.
148
Suka manahe Ki Munthel  angling, yen mangkana bapa tuduhena, manira iki kiningken, ambakta  suratepun, Tambangraras atur upaksi, lamun wonten agesang, Amongraga  rawuh, ing mangke kirim nawala, asung warta ing sanak mwang yaya bibi,  yen wonten ing Wanantaka.
149
Suka manahe Ki Lungsir  angling, manira iki malih tetiyange, punika wangsanepun, wastanepun  nimbok Centhini, wonten baya agesang, Ki Munthel sumaur, kangken rubiyah  manira, santri Lungsir gupuh denya asung bakti, dhuh kakang  sanakingwang.
150
Binakta mantuk Ki  Munthel aglis, age matur ing gusti Panurta, samya gita sarawuhe, tumon  Ki Lungsir rawuh, tiningalan ambakta tulis, Ki Panurta anabda, surat  paran iku, Ki Lungsir nulya wot sekar, putra tuwan punika atur upaksi,  wonten ing wanantaka.
151
Kang kineken nenggih  womten jawi, singgih kangken sisiyan kawula, ing wau dening iene, Ki  Panurta amuwus, lah undangen bapa den aglis, mangke wus ingacaran,  santri Munthel rawuh, gupuh sira sinambrama, jawat tangan Ki Munthel  nulya alinggih, ngarsane Ki Panurta.
152
Winaca mangke dening  ki gusti, nawalanira Syeh Amongraga, singgih punika tanduke, punika  seratepun, suta tuwan sung salam bakti, katur ing bibi rama, kawula sung  weruh, yen atmaja tuwan gesang, putra tuwan Amongraga sampun prapti,  wonten ing Wanantaka.
153
Muwah ariku Ki  Jayengrasmi, lawan ariningsun Jayengraga, den agung pangapurane, dok  lunga tan asung wruh, kakangira katameng brangti, twasnya ing kakangira,  marmaningsun ngelampus, ing dalu ngong aswapena, Jayengsmara yen asih  aywa tetuwi, mara ing Wanantaka.
154
Enti bungahe Ni Ken  Malarsih, uwa bibi kabeh samya prapta, muwah jajahane kabeh, antya samya  nenungsung, rayi kaka mwang para wargi, paman mwang mitra kadang, Ni  Sumbaling (hlm. 61) rawuh, sesugun angrengen warta, Ken Turida kelawan  Ken Rarasati, lwir wraksa aking-kingan.
155
Ki Munthel ika amuwus aris, anenggih tah suta tuwan, Ki Jayengsmara wastane, kelawan, Jayengraga punika uni, wonten ing
Ardipalwa, kinaweling atur, maring tuwan lawan ing garwa, anglampahi aparab Syeh Amongsari, lawan Syeh Amongkarsa.
156
Ken Tunda lan Ken  Rarasati, sampunnya ngrengen swara mangkana, kalih samya ngembang luhe,  anom tinilar tengsun, muwah malih Ken Malarsih, kelawan Ki Panurta,  kalih samya segul, ketang inaning sarira, ingkang rare nom-noman amangun  brangti, isun tuwanggeng mendra.
157
Anulya jerit Ni Ken  Malarsih, tan bisa ngregep tresna alara, akeh kang dadi trenane, Ki  Panurta lingepun, lah kantuna yayi Malrsaih, sun lunga anglelana, arsa  tilar dhukuh, malarta yen kepanggia, Jayengsmara kelawan Jayengragi,  sira agawe brangta.
158
Ni Malrsih wuwuse  amanis, sun melu kakang saparanira, tan bisa kariyeng akeh, tan wurung  mati lutut, yen kantuna manireng riki, tan bisa angawula, kari  awakingsun, sun melu saparanira, den wadya ing paran ingsun emasi,  kakang sakarsanira.
159
Wus sinambrama Ki  Munthel amit, lampahira wus prapta ing awan, tan kawarnaa lampahe, Ki  Panurta kawuwus, akaliyanh Ni Ken Malarsih, tansah ing arsanira, tan  pegat amuhun, ketang ing wakeka sira, Ki Panurta amuwus sabdanya manis,  lah yayi age lunga.
160
Adan mintar Ki Panurta  aglis, Ni Malarsih lumampah ing arsa, sampun kawingking desane, aglis  denya lumaku, lampahira mangke anuli, Ki Panurta angucap, maring  garwanepun, lah yayi sesilioh aran, wastanepun Ki Syeh angrundhayajati,  punika wastaningwang.
161
Anadene wastanira  yayi, Ken Prihatin yayi parabira, aywa lali kamulane, arsa sumengkeng  gunung, karsaningsun yayi Prihatin (hlm. 62), ing wukir Muncar ika, ana  kang sun ruruh, ingsun aduwe wong sanak, kalih siki dok ingsun  amethelangi, duk lumaku angental.
162
Ken Prihatin wuwuse  amanis, lah anedha mangke pinaranan, manira yun wruh jatine, Angrundhaya  lingepun, nulya mintar seka ring riki, menawi tah panggia, lawan  sanakingsun, anengih padha wibawa, bagus anom pandhita partameng kawi,  tur bagus ing aksara.
163
Ki Carik Sutra  wastaning mangkin, papat rabine padha utama, tur anom-anom warnane,  punika karsaningsun, kang sun jujug mangke runihin, anglis denya  lumampah, jurangnya saterjang, lampahe katawing-tawing, parang rejeng  jurang ajro den lampahi, tan etang pringgabaya.
164
Batang kendel lampahe  lumaris, wana baya ingkang tinarejang, lepas tan kandheg lampahe, pan  kasaleking jawuh, lampahira Ni Ken Prihatin, pan satengahing wana, udan  awor lesus, tan manggih parerenan, Ni Prihatin liwat denya kawlas asih,  awlas Ki Arundhaya.
165
Yang Arka kuwung-kuwung andhani, kilat thatit reke aabarungan, kadhulug  munya wetan lor, papedhutnya sumaput, gebyar-gebyar kilatnya narik,  petenge alimunan, dhedhet awor lisus, pater mandra kidul kilen, sinauran  ing gerah saha girisi, mendhung acaladara.
166
Ingendi gening araryan  iki, apan nora manggih panginepan, ana wraksa rob godhonge, lan araryan  ing riku, lampahira yayi Prihatin, tatas tibaning warsa, wus ilang kang  jawuh tandra mijil Yang Aruna, wayahepun tengange liwat sadhidhik, lwir  butul kang akasa.
167
Sampunnya tulus  tibaning warsi, angundhaya saksana (hlm. 63) lumampah, tumurun ing  parang rejeng, nulya sumengking gunung, ajog-jogan sitining miring,  lunyu mentas kodanan, kadekan anjurung, warnanen denya lumampah,  aningali padesan sri angrawit, desane Carik Sutra.
168
Depun selek lampahira  aglis, ciptanira pan arsa araryan, sampun prapteng banjarane, asri  pagaganepun, tetaneman asri angrawit, kathah den ucapena, winurywan  alangu, Tales Bakatal Balungka, kang akitri samya naniram kang estri,  toyanya sasinggotan.
169
Rame swaraning atunggu  gagi, ana ngedung liyan kang gambangan, saweneh ana andugeng, rame kang  wong gumuyu, sawenehan ana kekawin, carita wewayangan, kang asegak  umung, ana weneh tetandhakan, kang saweneh ing ranggwan anebang suling,  wenenh acacangkriman.
170
Rare angon padhamaring  warih, dus maesa ngalap ulam, wenenh den giring sapine, kang sawenenh  amanggung, maring ranggwan atunggu gagi, kabeh sarowangira, padha lunga  adus, samya siram maring toya, kang saweneh rowange angajak mulih, samya  ngambil kaluban.
171
Ki Samursa kepanggih  ing gai, ngunduh jangan kelor lan kalintang, jur botor kacang lan Gudhe,  sampun angundhuh Kimpul, den tingali ana wong prapti, Ki Samursa anapa,  wong endi kadulu, samaur Ki Angundhaya, atatanya sedyaningsun maring  riki, kaki anilakrama.
172
Ingendi wastane dhekah  puniki, asri tinon tuhu raras, asangkep tetandurane, Ki Smursa amuwus  Argamuncar wastane iki, lah bapa sira wikan, pundi parnahe, wismane Ki  carik Sutra, Ki Samursa angucap sabdanya amanis, dhekahe ing Bang wetan.
173
Angrundhaya wuwuse  amanis, pundi marganing punang pagirywan, lerese teka ing akeh, lah  barenga katengsun, tunggal wisma elet sekelir, adan pareng lumampah,  Sumursa rumuruh, aglis prapteng sireng wisma, Ki Samursa aglis (hlm. 64)  malebet ing kori, matur yen adhatengan.
174
Carik Sutra dan  lingira aglis, maring para garwane sedaya, lah sajia woh den age, ana  tetamu rawuh, wus kacaran wau kang prapti, dok dhateng panataran, Carik  Sutra dulu, tan supe yen Ki Panurta, wus anjawat tangan dan pareng  alinggih, langkung samya kasmaran.
PUPUH IV
ASMARANDANA
ASMARANDANA
01
Enengena kang martami,  kocapo wadon Turida, akekalih samya brangtine, awasta Ken Wadon Raras,  warna sawang kunarpa, sarira acum akuru, tan pegata anggung kasmaran.
02
Alara-lara anangis,  Ken Raras lan Ken Turida, sapatilare nora lyan sasambatira, Jayengsmara  mulia, yen tan tulus sihireku, angur ingsun palastra.
03
Yen wikana suntutiti,  rabinira kari edan, langleng mangu ing daryane, Ken Turida anjerit sira,  nulya medal ing jaba, kadya kapanggih lan kakunge, uni wengi kaswapena.
04
Katon rowange aguling,  lalewane amet darya, kaya sumandhinga, mangko kadya ngemasana, lan  kakang tetuwia, Jayengsmara gustiningsun, selamine garwanira.
05
Swarane sang dyah wus  mati, denya asru sasambatnya, angelik mangke tangise, kakungira kang  sinambat, Jayengraga mantuka, sun sidhep nora anglapus padhaa dalem  Panurta.
06
Lagi teka laki mami,  kinon wali jajah desa, amegat wong laki mangko, akeh mangke den alara,  dalem Panurta uga, lungane nora weh weruh, sun melu saparanira.
07
Norana becike iki,  lanang wadon pada ala, saya katonton alane, wong tuwa kinarya paran,  megataken wong krama, baya nora konggang wangsul, lah tuliyen ingsun  kakang.
08
Asambat-sambat ing  laki, Jayengraga lah mantuka, baktanen kakang garwane, baya ta sira  palastra, kakang baktanen ingwang, aywa sira age mantuk, kakang antenana  marga.
09
Uni wengi sun angipi,  katon rowang sacumbara, kakang nora betah ingong, sapatilarira, kakang  angur baya matia, tanpa wekas awakingsun (hlm. 65), sumbalinga dadi  edan.
10
Ken Raras amuwus aris,  lah poya lunga ngelalana, Ken Turida amgling alon, wus sun alah tilar  wisma, lawan atilar dunya, nora kongang awakingsun, Jayengsmara lah  mulia.
11
Wus sumurup Sang Yang  Rawi, sidhem tejane kakaywan, samber Lelawa wayahe, muya katerna  ternika, pating kalerik swaranya, angesthi pejah sang ayu, nulya  amengaken lawang.
12
Karsane anyipta pati,  Ken Raras lan Ni Turida, lumaris mangke lampahe, sedlan awirandungan, Ni  Turida Ni Raras, tan wikan ing marganingsun, reren soring gandhayakan.
13
Sang dyah lampahe  lumaris, anuju ana geng ika, wus tengah wengi wayake, datan uninga  marga, saya kalunta-lunta, alon lampahe andarung, anuju siti kang  bentar.
14
Sing akeh lawan  durbiksa, pating jalerit swaranya, sang dyah nyipta mati karo, Ni Turida  mangke ngucap, lah ingsun patenana, kekalih lan ariningsun, dimoning  cinucuk dhangdhang.
PUPUH V
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
01
Larapati pan sampun  pinasthi, krama pati wus pasthen marganya, tan suwe, prapteng ayune,  memedi teka runtuh, nulya ngucap dhuh mambu wangi, wangi-wangi aenak,  daya temen ingsun, ana wong mara ing griya, ayu anom roro pra samya  pawestri, mangke sira sun mangsa.
02
Sun mangsane mangke  depun aglis, mandahane karo dening renyah, amoh tekan ing balunge,  angerik swaranepun, jatha gimbal rema angirid, netra abang sunirat, lwir  sarya dinulu, mijil saking kayu gurda, rengih-rengih cawete dinulu  jrihi, sarwya ngucap mangkana.
03
Adhuh mati sira wong  kekalih, pan sun mangsa sira Ni Turida, lumayua depun asru, sun arani ta  sira iki, gagecek nantang lalab, kaya sira iku bosen mangan sega iwak,  Ni Turida gumeter denira angling, lan bage untapena.
04
Ni Ken Raras gumeter  kepati, sumengeran mangke kadya pejah, kateteg tan kena rereh, tambuh  paraning dulu, pan kewuhan tan kena usik, angetak anggegilani (hlm. 66),  gedhene salumbung, rupane roro salewah, angrerengih swaraning pating  kurintih, aenak cengelira.
05
Enak temen gedhene  awangi, kehe batur minangsa, pinangan tekeng balunge, siji  bobohaningsun, thinethelan padha binukti, yatena wadon Turida, amangke  baya ingsun, tinekaken ing wekasan, kang sun tedha syukur matia ing  riki, lah ta mangsanen ingwang.
06
Lah mangsanen ingsun  depun aglis, teka kena ing sekarepira, urip tan kajamak akeh, sura  denawa muwus, tulusna karepmu iya amateni, syukur ingsun matia.
07
Nora lamun mengkanaa  mami, aywa maras babo atinira, pan sun raksa sira mangke, langkung wlas  atiningsun, aningali ing sira nini, denira kawlasarsa, jeneng  putuningsun, angucap wadon Turida, sinten baya kiyai wasta dikeki, asih  ing awakingwang.
08
Sura denawa mangke  sira ngling, sun kineken denira Hyang Sukma, anglalangi jagad kabeh,  marmaningsun tumurun, anuruni ing sira nini, denira kawalasarsa, paran  dera jaluk, sira sah saking sesana, anglampahi lara patisira nini,  angling wadon Turida.
09
Pan ingsun takon kaki  sejati, paran maram reke timurunan, apatah baya wedine, parandening  uriptengsun, aneseki ing jagad iki, tan jamak lan wong kathah, kiyai  wakiningsun, baya angur palastra, saman dening tan draman ingsun lakoni,  angling sura denawa.
10
Aywa mengkono babo nak  mami, iya ingsun kang amurweng sira, kang karya lelakon mangke, kang  sadya manireku, anglelana amrihing pati, lumampah kawlasarsa, angger  putuningsun, angucap wadon Turida, para iki tan tan kongang tinilar  laki, angur matiyeng wana.
11
Tresna temen sira  maring laki, Ni Turida babo putuningwang, arep tah panggia mangke, bula  si kaki ayun, apanggia manira iki, sura denawa (hlm. 67) ngucap, den  shabar sireku, babo teka lakonana, aja kondur ing lara kelawan pati,  ingsun nguncanging sira.
12
Sun papoyan ing sira  tah nini, bancanane babo lakona, lara pati lelakone ingsun babo andulur,  sedyanira Ni Rarasati, lakinira atapa, marmane tan mantuk, pan karem  brangta maring Hyang, apartapa ing Argasalah puniki, lah babo lakonana.
13
Ni Turida saure amanis, tah ingendi, kaki Argasalah,  ayun wikana parnahe, sura denawa muwus, kedul wetan saking ing riki,  iya sira den pujya, karanira iku, anglangut atilar wisma, lakinira atapa  andon anepi, abrangta tur tan muna.
14
Taha sira den tilara  nini, kewala lagi ambrangta lampah, anedya ing kasidane, Ni Turida  amuwus, yen mangkana manira amit, tuhwa sasabda tuwan, denawa amuwus,  iya babo lah mintara, ya ta mumbul denawa dedel pertiwi, anggayuh  antarriksa.
15
Ni Turida gagetun tan  sipi, lawan mangke Ni wadon Ken Raras, tansah ing wuri parnahe, sarwi  gameli pinjung, gegamelan tansah ing wuri, angling wadon Turida, babo  ariningsun, wus mintar sura denawa, Ni Ken Raras kumeter tan kena  angling, lah paran wau ika.
16
Nenggih yayi utusan  Hyang Widi, anggagila anyuba ing sira, yen temen lawan orane, dene  rondhun anglampus, amateken raganireki, karanya den gagila, pan laire  iku, lah mintara mumpung ainjang, Ni Ken Raras lampahe aniba tangi, dhuh  kakang mati ingwang.
17
Meh raina semu bang  Yang Rawi, mega abang tinon sumemburat, sumorot padhang cahyane, mega  abang sumembur, kintar dening Aruna mijil, ana abang sumirat, tatas  pajar sampun, ginggang saking ing aldaka, surya mubyar dinulu ngebeki  langit, sigra adan lumampah.
18
Ni Turida lampahe  lumaris, layan mangke Nibok Raras, nuju pangonan lampahe, rare ngon ika  agung, kanan (hlm. 68) keri samya kepanggih, Kebo Sapi agelar, Menda  mangsa agung, wadon Turida lumampah, rara sedaya samya marani, kawok  samya tumingal.
19
Padha ngucap wong endi  puniki, dene ayu medal saking wana, pawestri roro kathahe baya iki wong  langit lunga rangkat pantes won gik, samya na ing dedalan, lawan  kakungepun, lah payo padha pinaran, pinagetan wong akeh ing arsaneki,  lah padha tinakonan.
20
Ana rareng wus baleng  sawiji, bok penganten ingsun atatanya, ing pundi mangke wismane, dhateng  pundi wong ayu, sampun lunga ta sira yayi, gusti sampun idhepan, raden  ujar ingsun, balik wong ayu wangsul, Ni Turida mangke sira anauri, lah  edan temen sira.
21
Aja kudu sira bocah  iki, suminggaha mangke ingsun liwat, aja sasemon ing mangke, rare ngon  datan pa sung, aja liwat ta sira yayi, balik sira wangsul, gusti  ariningsun, ing binjang sun nanggap wayang, lah wangsul isun tuku limar  pathi, mesem wadon Turida.
22
Pinter temen rare  angon iki, aja juwet sira anjajawat, lah padha mireya mangke, rare angon  gumuyu, daya temen rare puniki, rabine atut wuntat, weneh kang sumaur,  ing pundi margane pasar, aneng wuri amindha kakungireki, padha gumuyu  suka.
23
Guyu ginuyu asemu  wedi, semu-semu samya atut wuntat, wus lepas mangke lampahe, rare angon  tumutur, asrang-srangan padha nututi, cili lah ta balia, babo  ariningsun, sapisan kapindho kena, lah ta cili idhepan ujarku iki, dhuh  emboke si rara.
24
Lepas lampahe wau lumaris,  Ni Turtida lawan Ni Ken Raras, tan kandheg mangke lampahe, rare angon  kabeh wangsul, kang saweneh ana tut wuri, Kebo Sapine iolang, Wedhus  Banyakepun, pan rare angon srang-srangan, Kebo Sapi ngon-ngonane ting  salebrang, rare ngon samya (hlm. 69) nolak.
25
 Samya  nulak tur paling gulintang, sarya nangis edi maring bapa, aramya mangke  tangise, ana ngalor angedul angedul, Ni Turida sampun lumaris, prapta  ing pringgabaya, awang-uwung iku, anuju ing padhukuhan, asri tinon  pomahan asri angrawit, tegale lurah-lurah.
26
Kang adarbe samya  andhedhangir, tandurane pan asri kawuryan, Bekatal Sumangka Gudhe,  Lambon lan Kacang wulung, Balungka asri lan Tales wangi, samya ramya  neng tegal, adhedhangir Timun, darbe karang kang tumingal, samya cingak  tumingal ana pawestri, kekalih yu lumampah.
27
Kae batur wong endi  puniku, semu anyar mangke katingalan, Ki Lengar mangke wuwuse, agi  tumoning wau, dhadhayuhan sapa puniki, semune maring wisma, santri Kobar  muwus, dhedhayuhan sapa ika, santri Ketur sujmaur anggegerehi, samya  mantuk sedaya.
28
Ni Turida lampahe  lumaris, sampun manjing mangke korinira, arsa araryan ing mangke,  anjujug bale kedul, teka linggih mangke ing panti, semene wong kangelan,  pasamohan agung, dhukuhe Ki Syeh Parajan, Ki Parajan ambalik mungkur  tan uning, santrine padha teka.
29
Pagenira mulih  injing-injing, padha mesem semunira, ki santri umatur age, wonten mangke  tetamu, wong kekalih samya pawestri, Ki Perajan angucap, nora wikan  ingsun, gupuh sira tiningalan, panti agung lah nyata ana tetami, mangke  alinggih sira.
30
Lah bagya mangke kang  tetami, pan ing pundi pinakanira, muwah kang jinujung mangke, lintang  panujuningsun, pantes temen wong dadi nyai, Ni Turida angucap, wong  ideran tengsun, arsa dhateng Argasalah, atataken marmane ingsun mampir,  arsa ataken marga.
31
Syeh Perajan mangke  anauri, aywa lunga emboke si rara, lah sun aku nyai dhewe, yen sira arsa  meringsun, alah sira kaesi-esi, lamun sira tulusa, dadi nyai ingsun,  lag karo padha sun alap, lah lungguha ing pati (hlm. 70) dadi nyai,  satrinira agelar.
32
Lah ta nyai iki,  anglelana cili kawlasarsa, leheng akramaa mangke, oliha lawan ingsun,  alinggiha dadia nyai, sandhang pangan tan kurang, babo ariningsun, lah  sirama mumpung injang, gagandaa asalin sinjang cangkring, kakemben,  sarasah.
33
Lah ta mara ariningsun  cili, lah adusa nulya gaganda, anulya muliha age, mara ing  wismaningsun, Ni Turida angling ing ati, wong iki nora waras, pan saya  delurung, Ken Raras mangke angucap, kurang syethan edane, anglamong iki,  pendah lakiyang sira.
34
Ni Turida angling jro  ati, katuwoning babo raganingwang, tan draman ing lelakone, wijile manah  segul, waspa mijil lantara pipi, tresnaningsun krama, katuwan  wakingsun, saenggon kasia-sia, yen mangke angur matia sun iki, anjerit  Ni wadon Raras.
35
Syeh Perajan mangke  muwus aris, lah menega cili yun idhepan, lah yayi muliha age, Ni Turida  amuwus, iya ranesun anauri, angucap lan wong lanang, paman wetingsun,  kapingin bisa agama, kaya ngipi alaki jumeneng nyai, Syeh Perajan asuka.
36
Ki Jungkarang gumuyu  kepati, juga kena padha giyak-giyak, santri Kobar suka mangke, santri  Kentrung angedung, santri Lengar anenabuhi, adhumprang-dhumprang  kenang-kening lenggak-lenggik, samya gumuyu suka.
37
Ni Turida mangke  angling aris, lah jawaben reke sual ingwang, sira arsa temune, yen estu  arsa maringsun, pan jawaben padha tumuli, raga kasrah ngawula, Syeh  Perajan muwus, lah ta cili wedalana, bage temen yen sira atakon ilmi,  lah payo wedalana.
38
Sadurunge ana bumi  langit, sira ingsun paman dok semana, ana ingendi dununge, jawaben sual  ingsun, lamun mati paman (hlm. 71) sireki, ingendi paranira, Perajan  amuwus, sun senggih nora mengkana, manthuk-manthuk santrine padha  tinari, meneng tan ana mujar.
39
Santri Lengar mangke  angaturi, yen andika mangke datan tresna, nedha dhateng amba mangke,  banggi sampun aguru, sualepun teka ngiwuhi, Ki Perajan angucap, tembene  angrungu, masalah ingkang mangkana, sun batange masalahe ni bok nyai,  manira miarsa.
40
Sadurunge ana bumi  langit, sira ingsun babo dok semana, ana ing cahya enggone, yen matiya  sireku, mulih-mulih ing bumi yayi, mulih dok kaya ora, iku sun angrungu,  kaya pa ing karsanira, iya iku jawaben sualireki, lah payo lunga nikah.
41
Ni Tirida mangke muwus  aris, ewuh paman ing panjawabira, asimpar lawan tegese, suwe panggya  tengsun, nora sotah panggih wong iki, panggiha lan wong sasar, Ken Raras  amuwus, nora liyok ujaringwang, Syeh Perajan dudu wong warasan iki,  edane anggaruntal.
42
Ni Turida mangke muwus  aris, lah kantun paman ingsun kesah, kariya nglamong ing akeh, Ki  Perajan amuwus, aja lunga ta sira yayi, nginepa den alawas, babo  ariningsun, Perajan cuwa kang manah, angedumel santrine den uring-uring,  santri tambuh dayanya.
43
Ni Turida kawuwusa  malih, sampun prapta sira ngalas wana, lewang-lewung lor kidule, prapta  ing wana agung, liyep twase tan ana kesthi, tansah widang-widingan,  lawan ariningsun, lumampah sarwi karuna, Ni Turida lakine den ucap  malih, lah ingendi genira.
44
Ni Ken Raras anangis  kepati, amiarsa kakange karuna, saya kagagas tresnane, kakangepun den  wuwus, Jayengraga ta sira gusti, lara pati larira, kakang gustiningsun,  papegen kawulanira, Jayengraga yen asih mara ing kami, dhuh kakang  ingsun pejah.
45
Teka dhimpuk aneng sor  waringin, Ni Turida akon arinira, den tenggek-tenggek eluhe,  sesambatnya (hlm. 72) mlas ayun, panangise anglir sundari, lwir pulung  kapipitan, swaranepun arum, pangrintih ning kang bremara, sesambate  sakecap angredhet ati, sasambat leir taluktak.
46
Jyengsmara kakang  gusti mami, ing pundi kae ing pamahira, manira papagen age, baya tan  angempelo, Jayengsmara ta sira gusti, lah ta endi jarira, asih  maringsun, anusup angayam alas, rabinira nora etang lara pati ing sira.
47
Delap temen manira  urip, Jyengsmara sun laki mring sira, sira meled kapacilu mangke, lah  kakang gustiningsun, yen tan sudi maringsun iki, den wehana sasmita,  bapa lakiningsun, lara sapatilarira, Dewi Raras tangise anjerit kepati,  dhuh kakang gustiningwang.
48
Ni Ken Raras asambat  ing laki, mangkeneya kakang garwanira, tan wande pejah ing akeh, lah  kakang gustiningsun, lah ta endi ubayeng uni, baya nora swapena, mati  temen ingsun, sasambat lir calapita, saya lepas tangise angundang  lining, kagyat kang aneng guwa.
49
Ni bok Indhang  Rarasati, kang atapa ambetar sarira, wus sapta warsa lamine, kagyat  amedal gupuh, saking guwa mangkya ningali, kagyat ana karuna, was  tingalepun, saksana mangke tumingal, wong kakalih anangis soring  waringin, anulya pinaranan.
50
Rema panjang pan  kinarya tapih, Ni Bok Indhang mangke Raras driya, pan maksih anom  warnane, sampun prapta ing nguyun, Ni Turida datan ningali, tuwin Ni  Dewi Raras, Ni Indhang amuwus, kagyat Ni wadon Turida, amiarsa ing swara  kadya papekil, nora na katingalan.
51
Ni Turida mangke atur  aris, sapa sinten mangke asung swara, nora na katingal mangke, Ni Bok  Indhang amuwus, iya ingsun babo puniki, langkung tan welasingwang, babo  anakingsun, tumingal ing brangtinira, iya ingsun Ni Bok Indhang  Rarasati, kagyat wadon Turida.
52
Ni Turida mangke muwus  aris, lamun tulus sihira maringwang, ayun wruha (hlm. 73) ing warnane,  Ni Indhang mangke muwus, estu sira yen wikan nini, jatining  rupaningwang, saksana kadulu, warnane Bok Indhang, Ni Turida wau kagyat  aningali, tumoning warnanira.
53
Sampun awas Ni Turida  angling, paran karsa mangke pakanira, Ni Indhang alon wuwuse, paran  marmaningsun dangu, padha nangis ana ing riki, lah paran karsanira,  anangis pan kawlasarsa, yen sun rungu kaya sinendhal kang ati, lah babo  pepoyana.
54
Ni Turida mangke muwus  aris, pan wawarta ing sapolahira, wong ilang manira mangke, tinilar  dening kakung, anging ingsun bingung ngulati, mara ing lakiningwang,  dening tan asung wruh, awisma ing Wanamarta, dok ing uni manira tan  etang pati, angling Ni Indhang Raras.
55
Nora kaya babo sira  nini, nora ketang lara patinira, atilar mukteng wismane, baya kurang  wong kakung, baya-baya lakinira, bagus temen warnanya, babo anakingsun,  liwat wlasingsun tumingal, Ni Turida alon denira nauri, bibi kadya  punapa.
56
Arep panggih temen  sireki, lawan kakungira akaliyan, Tirida alon wuwuse, bola bibi sihepun,  apanggiha lan laki mami, Ni Bok Indhang angucap, babo anakingsun,  kalingan bata sarimbag, lakinira atapa andon anepi, ana ing Argasalah.
57
Ni Turida mangke  amuwus aris, yen mangkana bibi nedha parnah, Ni Indhang alon wuwus, iya  babo sun jurung, kedul wetan pan saking riki, dhukuhe lakinira, babo  anakingsun, nanging ingsun apepoyan, bencanane awakira ana kari, lah  babo lakonana.
58
Yeng mangkana bibi  manira amit, anglampahi bibi wartanira, Ni Indhang alon wuwuse, den  yatna anakingsun, lakinira amitambuhi, tapane meneng ika, tan mujar  ambisu, den bisa sira ngawula, lah tedhanen ing sukma mulya kang asih,  aywa tungkul abrangta.
PUPUH VI
ASMARANDANA
ASMARANDANA
01
Sigra lampahe (hlm.  74) lumaris, Ni Indhanng sampun murcita, pan sampun prapteng wismane,  Ken Turida kang kocapa, prapta ing jurang pringga, parang munya  sumarung, kadya atuduh ing marga.
02
Wuluh wungwang lwir  sundari, sumarawang aneng tawang, kadya ken gancang lampahe, prapteng  geger lampahira, ing jurang wingit muwah, saksana tumulya rawuh, jurang  munya sumarawang.
03
Parang munya kadya  gendhing, parang pereng samya munya, udan awor barat gedhe, gardha rebah  kapraharan, gelape asauran, udan peteng sumaput, kagyat Ni wadon  Turida.
04
Ken Turida mangke  angling, arine kinon yatnaa, depun wruh ing bencanane, udan adres kaywan  sempal, gurba munya agalak, ing jurang pating saruwung, saweneh munya  angakak.
05
Peteng mendhung  jagadneki, pating jalerit swaranya, kagyat Ni Ken Raras manko, gumeter  kepatisira, uwangsa lit menga, angucap ing kakungepun, niba tangi  lampahira.
06
Ana ngalor ngidul iki,  bengung tan wuninga marga, kasadhung kuntal tibane, adhuh mati ingsun  kakang, aglis wadon Turida, anyandhak arinireku, adhuh mati ariningsun.
07
Rinangkul Ken Raras  aglis, adhuh mati ariningwang, baya mati sira mengko, Ni Turida lon  angucap, mangsa wurunga pejah, katuwone awak ingsun, angur matiya dok  jabang.
08
Tan wande ingsun  ngemasi, angur baya palastraa, apa kang peranti, mangke lah jasad sira,  matinya ing akeh marga, pejah adelap urip, wakingsun paran deranti  jasad.
09
Dadining ana sireki,  dok ana ing wong atuwa, ing kuna wong tuwa mengko, saenggenku  kawlasarsa, alit mila tan dreman, lelakuning awakingsun, dadining apa  dok kina.
10
Lagi sirna udan angin,  bencana gung akeh prapta, tan ana lan alit mangko, sumyar sumirat  tejane, sumawur ririsira, pethak tejane sumunu, sumirat neleni jagad  (hlm. 76).
11
Maletuk kang riris  alit, Ni Turida sampun dandan, Ken Raras kang tinon mangko, kadya rare  alit sira, muni kang pringgabaya, anut lebak lampahepun, wus lumaris  lampahira.
12
Lepas lampahe lumaris,  prapta ing jajahanira, Ken Turida mujar alon, kelawan Ni Dewi Raras,  anon ing padhukuhan, pucuking arga kadalu, babature babanjaran.
13
Waspada denya ningali,  banjaran asri kawuryan, angling Ni Turida mangko, angucap ing arinira,  ika dhukuh araras, lah yayi mampir ing riku, yayi padha atatanya.
14
Menawi yayi puniki,  ingkang aran Argasalah, Ken /raras winingsit alon, lah ta yayi adandana,  aja kaya wong apa, mesem yayi yen su dulu, manis lamun asayaga.
PUPUH VII
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
01
Sampun dandan Ni Ken  Raras angling, sarwi sira mangke awiraga, mesem Ken Turida mangke, adan  aowah gelung, wastanira kang den waoni, sarta lan sinjangira, kakemben  den kukuh, sesinome amadhapa, wong akuning satibane karya brangti, aglis  samya lumampah.
02
Ki Syeh Rasmi sampun  angawruhi, yen kang garwa wau ingkang prapta, mesem sajrone kalbune,  angesthi pati sampun, tingal kang lyan kang den alapi, den srahaken  mring sukma, amusthi pandulu, alinggih ing sela gagilang, Ki Syeh Rasmi  alinggih ing sela kelir, lwir dewaning asmara.
03
Kalih siki pandhita  kinawi, kusuma dwi wijiling atapa, digdaya wani larane, uwus prapta ing  suwung, surengrana wani ing pati, sakti kanthi lan sukma, tan kundur ing  laku, kawasa awasing sukma, maha bara bisa sira ngesthi pati, angandel  patinira.
04
Tan asuwe kang garwa  dan prapti, Ni Turida layan Dewi Raras, gupuh rinangkul lakine, anjerit  nulya kantu, sanglilire sasambatneki, dhuh kakang nora nyana, panggih  lan sireku, sedalan tan nyipta gesang, amung sira dina latri kang  kaesthi, dhuh kakang gustiningwang (hlm. 76).
05
Saya waspada denya  ningali, Ni Ken Raras lakine tan pejah, sangsaya asru tangise, lakinepun  den rangkul, pagenira meneng tan angling, sun senggih nora pejah,  katuwon wakingsun, anglelana ingsun tebah, nora ketang ing lara kelawan  pati, tresnaningsun ing sira.
06
 Tekeng  paran kepanggih alalis, lah ta endi kakang ujarira, anglilira kakang  raden pageira anglampus, mati paran teka alinggih, Ni Ken Raras angucap,  maring kakangepun, sira iku kaya paran, Ni Turida sumaur sarwya  anangis, wus mati kakangira.
07
Pagenira kakang sira  iki, sun ulati anjajah paningal, tan ketang wadonku, mangke tan bisa  ingsun kantun, lara pati ingsun lampahi, trenaningsun kaliwat, kakang  gustiningsun, anglilira tah pangeran, lah sapanen sakecap sun panageni,  dhuh kakang gustiningwang.
08
Amlas ati wong roro  anangis, kadya barung munya asauran, apatut lawan sambate, sasambat  kanti kantu, sang dyah kalih lwir amenyanyi, sarywa angronag rema, adhuh  gustiningsun, kae Raden Jayengsmara, sun ulati anglaya katemu mati,  kakang gawanen ingwang.
09
Kakang paran  polahingsun kari, Jayengsmara lah gawanen ingwang, aywa ganti dina  Raden, Dewi Raras amuwus, nora mati baya wong iki, anglampusaken tapa,  sun batang wong iku, kaketege sumamburat, Ni Turida lakine depun jiwiti,  lah kakang rerasana.
10
Iya bener yayi ujar  iki, ing pasthine ing tapa, ketara semu tejane, iling ing wingi tengsun,  wawekasane Ni Indhang uni, kang asih ing manira, Ni Turida Muwus, sun  bencanane si kakang, Ni Turida kakunge depun geruti, kakang rerasana.
11
Ni Ken Raras angling  ing jro ati, iya kakang payo binancana, dadimen gugur tapane, akeh  tenaganepun, wawekase si kaki uni, kang asih ing manira, Dewi (hlm. 77)  Raras muwus, sun bencanane si kakang, Ni Ken Raras lakine depun geruti,  lah kakang ngandikaa.
12
Ngandikaa kae gusti  mami, sun tukonesakecap sareyal, rong kecap rong reyal mangke, anglilira  sun bangun, wong bentoyeng kae puniki, bagus bisa atapa, wong  anglengkang-lengkung, lakiku iki wong wignya, aserangga lalewane wong  ambenthing, sakramanen manira.
13
Lah mara kakang ingsun  lisahi, ujar para kae jaluk wida, pantes para yen mangkene, dhadhanepun  den gerut, samandene tan kena angling, kewran Ni Dewi Raras, Ni Turida  muwus, wong lanang dinama-nama. Sakehane wong bagus akeh ngerasani, pan  sarwi cinakaran.
14
Ki Syeh Raras lawan Ki  Syeh Rasmi, enti wlase sireng rabinira, aningali ing polahe, arsa sira  amuwus, ki syeh Raras de kujiwati, dening arsa angucap, welas manahepun,  Ki Syeh Raras wus atapa, sasemune kakange ika den liring, mangke sira  angucap.
15
Nulya rinangkul  garwanireku, Ki Syeh Rasmi lawan Ki Syeh Raras, pan samya jola garawane,  mangke samya sasugun, tiningalan lakine angling, glis anglukar rema,  gelunge den wuwur, padanira ingusapan, Ni Turida lakine sungkemi,  angling sarywa karuna.
16
Ki Syeh Rasmi  angrangkul saryengling, mas ingsun cili pan ora nyana, yen sirayayi  mring akeh, garwanepun den rum-rum, jiwaningsun kusuma gusti, ingembanan  denrarempah, binekta ing pungkur, kakebonan parnahira, NiTurida lakine  depun garuti, kakang menawa tiba.
17
Sapraptane ing kebon  alinggih, Ki Syeh Rasmi kelayan kang garwa, Ni Turida suka twase, tansah  unjungan semu, Ni turida mangke sira ngling, kang rga ingujaran, dene  tan asung wruh, dening atilar maringwang, paran baya dosaningsun kakang  uni, den tilar tan awarta.
18
Ki Syeh Rasmi (hlm.  78) mangke anauri, wancanane mangke rabinira, sinamur-samur garwane,  wancana manis arum, nora sedya ingsun mas yayi, tilara maring sira,  gusti mirah ingsun, atapa amegat tresna, amateni raga sadurunge mati,  akarya kelakohan.
19
Ni Turida mangke  anauri, wencanane mangke lakinira, tur sarwi gitel pupune, kadya bara  wong bagus, ujar lamis ingsun arani, lah kakang papoyana, denira  anglangut, atilar maring manira, nora suka tinilar lan cidra mami, tur  sarwi cinakaran.
20
Cinakaran jajane Syeh  Rasmi, belur-belur tapake kanaka, pan rencem akeh tatune, cili sampun  tah asru, lah menenga ta sira yayi, pan bener saking sira, manira kang  dudu, ingsun yayi nora sadya, atilar sing sira manira yayi, pan bener  saking sira manira kang dudu, ingsun yayi nora sadya, atilar ing sira  manira yayi, lah payo yayi nindra.
21
Adelap kakang ingsun  mring sireki, Ni Turida tur sarwi karuna, kisek-kisek panangise, tan  etang patiningsun, anglelana tresna ing laki, delap maring wong priya,  meh mati katengsun, anusup angayam alas, angulati kakang mung sira  kaesthi, dhuh mirah ariningwang.
22
Sapa duwe bendara sih  ing laki, ayu anom satya maring priya, wong abaud rarasane, Ni turida  amuwus, kadya bara nagucap asih asih, wong lanang nora wirang, ningali  maringsun, wong lanang pantes pinancal, Ki Syeh Rasmi garwane den  arih-arih, ingemban sarwi ngrarempah.
23
Ki Syeh Rasmi mangke  kang winardi, sedhatenge mangke garwanira, tansah apulang sih mangke, Ni  Ken Raras zmuwus, lakinira tansah tinagih, winastan amaleca, sira  kakungepun, dening ana tah wong teka, nora nganti rerh angantiya wengi,  mesem kae Syeh Raras.
24
Ki Syeh Raras mangke  anauri, wancanane mangke rabinira, tur sarwi ingaras mangke, madyanepun  rinangkul, payodara tansah ing pipi, sang dyah sira lelewa, tansah adus  luh, wong lanang baya tan wirang, pan kakemben tansah ingkang den uculi,  baya aisi apa (hlm. 79).
25
Anelek mangke kang  apulang rasmi, Ki Syeh Raras lang Syeh Rasmi ika, lir madu manis  rerasane, wonten gantining wuwus, kusuma di winuwus, malih sira Syeh  Amongraga, lawan garwanepun, saicale wangsanira, meder-mider anglelana  griyaneki, lawan Ni Tambangraas.
26
Kala mangke dunung  Puluwesi, amongraga lawan garwanira, sapasa mangke lamine, adoh lor  lawan kedul, ing samodra parnahireki, sampun araga sukma, Amongraga iku,  tan awarnaa ing marga, sakesahe ing Wanantaka inguni, nulya prapteng  samodra.
27
Adhedhukuh samodra  sireki, saking sihe Hyang Kang Maha Mulya, tetiban asri wuryane, tinon  lir swarga mudhun, toya mijil asri awening, saking ing wrasaganda,  gandanepun arum, amadhapa sastra tunggal, sekar mirah asalaga sasutya  di, sarining sari sukma.
28
Antya muncar lwir woh  widadari, pan kencana godhongepun sutra, sutra bang lan wilis mangke,  sutra pethak lan dadu, sutra jingga lan sutra kuning, lwir swarga  katingalan, cengeng kang andulu, wedine ratna kumala, maligane sesaka  sinilih asih, emas lawan selaka.
29
Papajangane sinilih  asih, selaka mangke sasisih emas, kumala pan patagane, papethetane  agung, padha munya kintir ing angin, swarane lir gamelan, munya kadya  barung, tegane mungguh ing natar, yasa kambang ing taman ulame asri,  sekar ngebaki jagad.
30
Wus kaloka kanan lawan  keri, ing segar yen ana wong tapa, dhukuhe antyan warnane, iku wiyosing  catur, karsanira Syeh Amongraga, anenedha jro tapa, anedha sireku, ing  sukma kang Maha Mulya, tan pantara sakathahe dunya prapti, nyata  pitulunging Hyang.
31
Cengeng Ni Selabrangta  ningali, tumingal maring Syeh amongraga, lengleng tumingal manahe,  mangke saya kadulu, yen lakine luwih ing janmi, ya ta mangke Hyang  Sukma, kang asung puniku, kaluwihaning (hlm. 80) kawula, Amograga nyata  tumeka ing Widi, dening luwih ngakathah.
32
Amongraga mangke sira  angling, lah ta yayi akarya dadana, karyaa dalem ing akeh, saking  nugrahan agung, karsaning Hyang ingkang sejati, lsh ksrys pedadaran,  kelakohan tengsun, saksana keh prau layar, kana keri jung alayar  angenasi, samya amupu dana.
33
Kang alayar wus prapti  ing tepi, ageng alit baita alayar, den cangcang aneng tepine, tan ana  surudepun, dunya mintir samya ngusungi, weneh kang lunga teka, juragan  aselur, samya prapta mupu dana, sarwa sarwi sawarnane dunya adi, ramya  samya amet dana.
34
Lunga teka juragan  ngentasi, mupu dana emas lah selaka, picis lan pangangge akeh, lungsir  sinjang lan kampuh, datan pegat lir banyu mili, janture Amongraga,  alinggih sireku, ing made kambang-kambangan, Selabrangta ciptane kadya  neng swargi.
35
Wonten malih pandhita  winardi, saking sabrang mider angejawa, Ki ragarunting arane, amiarsa  wartenepun, ing segar parnahireki, mider-mider segara, sebatepun agung,  Ki Ragarunting angucap, mring santrine pan kabeh samya tinari, kayangapa  ing sira.
36
Kabeh-kabeh anakingsun  iki, sun takoni ana amiarsa, wartane pandhita mangke, saking  parengeningsun, kang atapa ing Puluwesi, nenggih anggelar dana, ing  pangrunguningsun, matur shabate sadaya, kasinggihan kyai wartanereki,  kawula amiarsa.
37
Shabate samya wau  ngaturi, iya poya padha pinaranan, amupu dana ing binjing, ingsun mangke  yun wruh, ing warnane sang wau tapi, nenggih ahlul dadana, manira yun  weruh, Ki Ragarunting angucap, kaya paran amupu dana sireki, kadanan  padha-padha.
38
Paran pedahe jebeng  sireki, mupu dana ing padha lumampah, kabotan brhala mangke, nora wikan  sireku, den titipi (hlm. 81) arane kaki, tuwas sira kabotan, ing  prelambinepun, lah padha rakita layar, tiyangira rakiten depun abecik,  babaren layarira.
39
Ora ingsun tah jebeng  puniki, apanggiha lawan kang dedana, arah sun jaluk danane, yen uga nora  ewuh, nyata tulus tapane luwih, lah ta poya dandana, kitab aywa kantun,  binakta ing sabatira, santri kumerab saweneh angrakit kelir, dan  alayar.
40
Nulya layar sira  Ragarunting, kedhap-kedhap layare kanginan, kadya sanjata lampahe, temur  adres tumurun, mendhung-mendhung layare alone kitiring angin, ombake  lilimbungan.
41
Kang mina teri gajah  umujil, lelumbungan katempuh ing umbak, lwir gunung tinon warnane,  umbaknya pan gumuruh, akun ageng lwir bedhil muni, toya jangkar alit  surak, swaranya kumrusuk, katerajang dening palwa, sumarung adresing  toya kang prapti, wus prapteng tepinira.
42
Amongraga sampun  ngudaneni, lamun ana pandhita kang prapta, papanggya mangke, mocoreng  jrone kalbu, nora suci pandhita ini, atine kaniaya, sadyaning maringsun,  sukur ta sira yen ala, kapanggiha ing sadyanira pribadi, mugi ulihan  salah.
43
Sanalika mapuwan kang  prapti, udan angin awor lan prhara, gumer swarane umbake, barat mubeng  lan lisus, segara rob umbake angerik, mumbul ing awng-awang, tibane  jumegur, lir gunung swaranya, kumarusuk umbaknya anempuh curing, wenenh  kadya gumita.
44
Lelumbungan umbake lir  wukir, alun gung gedhene sak omah, lir gerah mangke swaranw, swara  pating jelegur, Ragarunting kagyat tan sipi, palwa muluk wus sigar,  katempuh ing alun, kitabe pating palesat, layarepun tiyange pating  salebring, kitabe dadi sarah.
45
Ragarunting gugup  denira angling, santrinepun samya (hlm. 82) gagandholan, aja na atilar  mangke, aywa tingal perahu, amatiga sigareki, santrine ting kulayab,  adhuh mati ingsun, angadhuh asambat biyang, wus kasileb kang muncul  kasileb malih, ramya agugulungan.
46
Santri kathah tur  pating jalerit, ngaduh-adhuh babo ingsun pejah, Ki Ragarunting ujare,  aja na amimesuh, nora ilok ta kae santri, balikan den atampa, cobaning  Hyang Agung, santrine pating kurangkang, papisuhe santri kabeh ganti  muni, santri pating kurambang.
47
Sampun mentas wau  saking warih, sakesahe palwa kang sigar, Ki Ragarunting wuwuse, lawas  ingsun lelaku, durung nemu kang kadya iki, yen aran pancaroba, santrine  sumaur, kadi pundi ing karsa, shahabat agung sedya aganti angling,  mangko sih ulih dana.
48
Ragarunting angesthi  Hyang Widi, karsanira anedha nyang Hyang Sukma, dening kalangkung  sakire, amicara jro kalbu, baya sakti pandhita iki, semu mawi bencana,  tan pantara rawuh, sun tedha muga panggiha, wus rumasa kadayaningsun  iki, asru panangisira.
49
Baitane tan kintir ing  angin, limbak-limbak akambang-kambang, asru mangke panangise,  sesambatepun agung, ya ta ana juragan prapti, aglis nulya pinaran, awlas  manahepun, tan pantara nulya prapta, ing arsane Ki Ragarunting mangke  ngling, lah jeeng tulungana.
50
Gupuh lampahe juragan  prapti, sadyanira mangke atulunga, awelas tumingal mangke, sampun samya  sinambut, Ragarunting sampun alinggih, kalawan santrinira, tan an kang  kantun, santrinira padha mentas, ageng alit santrine samya rep mati,  muring-muring sadaya.
51
Ki Juragan mangke  anakoni, dhateng pundi mangke sadyanira, atemahan tah mangke,  Ragarunting sumaur, sadyaningsun mring Puluwesi, sun senggih lastaria,  nora nyana tengsun, ing lampah yen kabencana, ki nakodha sumaur wencana  manis, sampun kirang (hlm. 83) prayatna.
52
Manira mangkin atutur  jati, sampun kirang mangke panarima, yen sedayaa panggih mangke, awingit  semunepun, kang partapa ing Puluwesi, tan kena sembrana, manira  angrungu, punika ahlul dadana, ragasukma tekane nora na uning, kadya  dhukuh tatiban.
53
Ragarunting mangkya  anauri, marmaningsun jebeng ayun wikan, ing warta iku jatine, lah bapa  anakingsun, untapena ingsun puniki, den dadi kelakohan, nakodha amuwus,  pirang bara lamun kongang, adan mintar lampahe kasereg ing angin, lir  pindah jong angerap.
54
Sampun prapta ing  pinggiran mangkin, ki nokodha denira alayar, Ki Ragarunting wuwus, lah  bapa anakingsun, nora nyana yen ingsun urip, baya mangke agesang,  santrine sumaur, meh mati pan ingsun paman, aja naa sihira andut ajurit,  mesem kae nakodha.
55
Ki nakodha mangkya  sirangling, manirarsa amiyasa ulam, ana jaring manira mangke, Ki  Ragarunting muwus, sun tarima jebeng sireki, mangke sira lumampah,  kulambine alus, den iring ing santrinira, dhastar alus asemu wulung  angrawit, seserete toya mas.
56
Sampun prapta ing  banjaran asri, santri kathah tumon padha cingak, gawok katon pepadone,  eong amet dana agung, lanang wadon samya ngusungi, dnya tanpa pegatan,  lwir sumber dinulu, sutra bang lan sutra jenar, sutra wilis selaka emas  lan picis, tuwin raja kaputren.
57
Santrine ika pating  kalesik, lah ta payo batur mupu dana, sadya salina mangke, nulya samya  amupu, mupu dana samya salin, samya agirang-girang, bathik cangkring  agung, tuwin sarasah lan imar, cindhe sekar pethala lan natar wilis,  tuwin wiyosan jawa.
58
Ragrunting lengleng  aningali, ena jumblang pan jenger amulat, satindhak mangu lampahe,  kalintang tusthanepun, aningali kang sarwi sari, tingal sampun (hlm. 84)  kalingan, dening dunya agung, paningal sampun kaboyong, tandhane wong  tingale durung patitis, tingal dadi warana.
59
Ki Syeh Amongraga ika  alinggih, sampun wikan yen sira dhatengan, pandhita ala sedyane, pan  kinawruhan sampun, ing sadyane nora sayakti, pinarek lan kang garwa,  anyipta sireku, Amograga tan katingal, sing karsane dinulur dening Hyang  Widi, cihnane yen sinihan.
60
Ki Ragarunting ika  ngulati, ana ngendi baya kang awisma, ragane wus lunga mangke, tejanepun  wus suwung, santrinira samya nauri, ragane wus anuksma, pandhita  amuwus, santri padha ngulatana, Amongraga sira mesem aningali, tumoning  polahira.
61
Ragarunting wau dhahem  iki, mapan akeh ing sasmitanira, den prih mantuk karsane, awor lan  cengengepun, aningali ing dhukuh adi, lir aningali swarga, pan luwih  dinulu, emane kang wisma sunya, karsaningsun senggih kepanggih ngeriki,  Aongraga angucap.
62
Lah bagea kang  dhatengan prapti, alinggiha depun inggal, den tulus sihira mangke,  Ragarunting anjumbul, jolalatan sarywa awedi, ulate pandirangan,  santrine den uwuh, kabeh padha marenea, apa iki ana pa memedeni,  santrine padha prapta.
63
Sampun para salah  tampa yayi, alinggiha dira depun inggal, baya tan uninga mangke, yen  andhika wong luhung, Ragarunting mangkya nauri, manira nora wikan, ing  parnahireku, anedha sinungan wikan, Amongraga mangke sira wuwus aris,  estu sira wikana.
64
Kagyat sira aningali,  Ragarunting mangke tejanira, lwir pindah lalidhah mangke, adan mangke  alungguh, ing mendhapa saking Hyang Widi, arsa anjawat tangan, mangke  karsanepun, Amongraga mangke ngucap, lah ta aywa den wawa-wawa wong  ngarbi,mangu pandhita sabrang.
65
Paran karsa prapta  sireng riki, lan ing pundi (hlm. 85) kae wismanira, Ki Ragarunting  saure, ing sabrang wismaningsun, arsa panggih ing jenengneki, kasusra  yen kawas, amongraga muwus, idhepan ujaring jana, akeh kang wong idhepan  ujar tan yakti, manira wong duraka.
66
Amongraga mangkya  muwus aris, lah ta babo sira sesajia, rehining wong wirya mring akeh,  rabinira amuwus, tan adarbe kawula iki, saking pundi pinaka, kawula  anuhun, Ki Amongraga angucap, muga estu sinungana de Hyang Widi, yen  mangsa adhatengan.
67
Sanalika woh lan  sedhah prapti, nanyamikan sagunging dhaharan, tembako sarta genine,  tuwin ing sekulepun, wus samaji ing arsaneki, lawan kendhi perthala,  pangududan wuluh, ulame asri in pinggan, tan pantara dhatengan den  acarani, lah mangke amucanga.
68
Ragarunting kagyat  aningali, tumingal mangke sakehing boga, tambuh dok aneng arsane,  cengeng denya andulu, apertuwin sakehe santri, parnyata yen kawasa,  Amongraga iku, tandhane yen wliyullah, sakarsane tan angel denya  angesthi, pinasthi saking sukma.
69
Amongraga mangkya sira  angling, lah anedha mangke sami dhahar, lawan santrinira kabeh,  Ragarunting amuwus, sampun waneh mangke ningali, Amongraga angucap,  pamusthi pandulu, sasajen kabeh wus ilang, wus kapojok Ki Ragarunting  tan angling, krasa yen tan uman.
70
Ragarunting meneng  datan angling, pan kewuhan ing wancananira, angrasa tan pandon mangke,  tandhane yen kawulu, Amongraga nulya nauri, menawi mupu dana, samangsa sireku, amupu dana kang nulya, sampun kandheg aja siyang nadyan latri, Ragrunting angucap.
71
Kad pundi ing  karsanireki, datan arsa mangke jawat tangan, punapa mangke hukume,  raosing atiningsun, hukum surat manira manggih, mesem Ki Amongraga,  kaselek gumuyu, ujare kang durung (hlm. 86) wikan, wus kalahar lampahe  ahlul surambi, lampahe ahlul iman.
72
Punapa tegese sunat  iki, lamun sira mangke jawat tangan, paran dera cekel mangke, lan paran  kang kadulu, yen tan wruha jatine yayi, lir wedhus tingkahira, ing  prelambinepun, sasalaman yen wruha, tuwas wungkuk tan dadi selamireki,  ewuh rake agesang.
73
Ki Ragarunting mangke  nauri, inggih kakang ingukuman sunat, tsawab kalampahan, kocap ing dalil  iku, awit saking andika nabi, iku tata sarengat, lampah kang wus  masyhur, lampahe nabi panutan, ing pasthine kawula nora udani, kadi  saujarira.
74
Amongraga sira muwus  aris, dhehin endi sunat lawan tsawab, kang sunat paran tegese, aywa  tunggal ing laku, etang tsawab ganjaran singgih, Ragarunting angucap,  kayapa puniku, pan iku ujaring sastra, pundi tinut yen dedeha sastra  luwih tingkahe wong lumampah.
75
Amongraga mangke muwus  aris, marganingwang reke akeh saar, ngandelaken sastrane, nora kelawan  guru, yen kadhega ujaring tulis, pan iku tatakrama, lampahe wong luhung,  tan katungkul tatakrama, tingal tunggal kalinglingan raina wengi, ewuh  reke lumampah.
76
Ki Ragarunting datan  anuri, dhat kepyan ing panjawabira, dede tan pethuk kawruhe, punapa  marmanepun, karsa tuwan ingkang sejati, Ragarunting tinembang, tinug  kawruhepun, neggih yayi ananira, Ragarunting mangkya sira anauri, manira  amiarsa.
77
Ananingsun ingaran  puniki, kanyatan kudrating pangeran, manira miarsa mangke, amongraga  amuwus, durung rena manira yayi, iku ujaring akal, adoh dungkapepun, lah  tuha endi lan ingwang, lawan sira jawaben depun patitis, yen  parawruhing sukma.
78
Ragarunting mangkya  anauri, yen ing zhahir tuh apakanira, ing batin anom jatine, pasthi anom  sireku, Amongraga (hlm. 87) mangkya nauri, paran tegese tuha, kayapa  puniku, Ragarunting mangkya ngucap, ing atuha atuduhu mangke kang jati,  manira miarsa.
79
Kadi pundi ing  karsanireki, ing tegese kang tuha punika, atuduh ing bener mangke, tan  kena aran dudu, ing tuduh manira iki, Amongraga angucap, wus zhahir  puniku, endi kang bener punika, wong lumampah lawan ilmi kang sejati,  lah kae ucapena.
80
Nenggih reke ilmi  bener iki, tan sawala lawan dalil, ika ingaran jati tah mangke, wong  tuha kang satuhu, datan gingsir ing amarnahi, amnira amiarsa, yen  masalah iku, angucap Ki Amongraga, durung rena manira ujar puniki,  maksih ujar kalahar.
81
Undhage mangke kadi  puniki, ingwang tuha wau kang wus iya, Ki Ragarunting saure, udhage ujar  iku, kang wus nyata maring Hyang Widi, iku ujaring warta, Amongraga  muwus, lah ta paran ujuding Hyang, endi gone ananing Hyang ari kaki,  Ragarunting angucap.
82
Nora kena mangke sang  Hyang Widi, enggon warna muhal yen rupaa, sapa ngaran kupur mangke,  Amongraga gumuyu, kalingane kang awas iki, ingaranan wong sasar, wong  awas puniku, yen mangkana pan duraka, Ragarunting mangke sira anauri,  wikan lamun mangkana.
83
Amongraga mangkya  muwus aris, kayangapa karsa pakanira, ana ngucap mangkene, endi sukma  satuhu, padha mengko Allah sejati, kagyat pandhita sabrang, angrengen  pamuwus, kayapa ing karsanira, dudu ujar atakon Allah sejati, pan nora  warna rupa.
84
Sing sapa takon Allah  sejati, padha mengko wenang ingukuman, wenang sinambeleng mangke,  Amongraga gumuyu, latah-latah mangkya sarya ngling, nyata saujarira, ing  wang ahlul hukum alungguh ahlul sarengat, pangawrune tan liyan ing  papan tulis, lumaku tunggu sastra.
85
Ki Ragarunting nauri  aris (hlm. 88), sampun dinawa ujar punika, menawa kokum temahe,  Amongraga amuwus, nadyan mangke dhateng ing pati, mangsa wong  gumingsira, ing panemuningsun, lah endi ananing Hyang, padha menkon  jawaben den amatitis, aywa rasa rumasa.
86
Ki Ragarunting muwus  ing santri, mara kabeh cekelen den inggal, lah ingukumaken age, kelawan  rabinepun, lah wis ana aywana kari, santri kumrab sedaya, Ragarunting  muwus, lah ta cekelen den inggal, labuwan ing segara ta depun aglis,  dosane morang syara.
87
Santrine mangke tan  akena usik, tabetira ayun wruh tumandanga, pan kena syerik atine,  Ragarunting wus lumpuh. Lempe-lempe tan kena angling, mesem Syeh  Amongraga, tumon polahepun, tuwin Ni Ken Selabrangta, aningali santri  pejah keneng syerik, Ragarunting kacurnan.
88
Amongraga welas  aningali, para santri ingkang samya pejah, Ki ragarunting semune,  angrasa yen kaduwung, mingser-mingser denya alinggih, anedha pangapura,  iku karsanepun, Amongraga pan wus wikan, tan pantara anedha maring Hyang  Widi, muga waluya kena.
89
Ki Ragarunting tumulya  angling, lah anedha mangke pangapura, anedha sih tuwan mangke, kalih  panedhaningsun, uripena sakehe santri, sapa rowang manira, yen tan wulya  iku, angucapa Ki Amongraga, punaa manira anenulahi, luwih karsaning  sukma.
90
Punika wau  karsanireki, dudu ingsun kang akarya ala, tan adoh lan sarirane, pan ala  becik iku, pasthinira saking pribadi, pan iku karsanira, yayi  ujaringsun, Ki Ragarunting angucap, lah ing mangke manira anedha idzin,  lah mangke uripena.
91
Sanalika santri samya  ngelilir, Amongraga angucap mangkana, ki santri uripa kabeh, santri  samya papungun, padha wulya sakehe santri, Ragarunting asuka, tumon  santrinepun, liwat ing panedhaningwang, Ragarunting pan arsa kundhur  (hlm. 89) tumuli, anging karsa panedha.
92
Sun jaluke kae  rabinereki, manira reka arsa akrama, lawan rabinira mangke, tresna ing  manahingsun, aningali rabinireki, Amograga angucap, nora dana tengsun,  ana kang aduwe awak, Ragarunting anereng wuwuse singgih, mangsa tan  nglampahana.
93
Amongraga angucap ing  rabi, kayangapa yayi karsanira, jinaluk dening dhayohe, Selabrangta  anuhun, pan kewuhan karsanireki, kakang sakarsanira, kawula anuhun, yen  kenging pasthi lenggana, kang sun tedha matiyeng astaning gusti, punika  kang tinedha.
94
Amongraga mangke muwus  aris, datan arsa iku nglampahana, Ki ragarunting wuwuse, luwih ing  tuwan iku, wong pawetri darma nglampahi, yen tulus adedana, Amongraga  muwus, nora sadya dana garwa, lamun uga adana dunya sun iki, anut  sakarsanira.
95
Ragarunting mangke  nauri, lah ta kaki endi ujarira, akarya dana jatine, Amongraga amuwus,  ingkang rayi den pituturi, yayi aywa lenggana, den wruh ing pandulu,  idhepun pituturingwang, Selabrangta waspane depun usapi, kakang nora  lenggana.
96
Iya iku yayi sihing  Widi, den atampa yayi manahira, sihe Hyang dulunen angger, Selabrangta  muwus, waspa mijil lantaran pipi, anging nora lenggana, Amongraga  amuwus, lah yayi sira melua, maring sabrang akrama pandhita ngarbi,  prandening luwih ing Hyang.
97
Selabrangta sira nulya  mijil, atur pamit dhateng ingkang raka, tansah dinulu kakunge,  Amongraga sung semu, garwanira tansah den lingling, Selabrangta wus  tampa, wirasaning semu, Ragarunting wus pamitan, santri kumrab sabature  samya ngiring, sampun numpak ing palwa.
98
Amongraga pan kari  alinggih, amusthi sira ing tingalira, anyipta tan katon mangke, pan  sukma jatinepun (hlm. 90), dhukuh ilang tan ana kari, kabeh dadi segara,  dening karsanepun, garwane muksa sing palwa, Ragarunting kagyat denira  ningali, muksane Selabrangta.
99
Wus sinambut dening  kakangneki, Selabrangta binakta ngumbara, ing madya gantang parnahe,  Ragrunting winuwus, sampun kalep palwanireki nora na kari, lebur aneng  samodra.
100
Ragarunting ika pan  wus mati, katerajang dening umbak ika, muksa pan tambuh parane, swara  pating jelegur, lwir kang gunung guntur swareki, wenenh kang kadya  gerah, udan awor lesusu, derajate Amongraga, sakarsane dinulur dening  Hyang Widi, tandhane wong sampurna.
101
Amongraga kawarnaa  malih, sasirnane saking dhukuhira, tansah ngumbara lampahe, Selabrangta  tan kantun, pan ingemban tansah liningling, kakang pundi sinedya, nora  nyana ingsun, kakang kapanggih lan sira, Amongraga nauri wencana manis,  pirang sihing Hyang.
102
Sampun tumedhak sira  mring siti, Amongraga kalih ingkang garwa, ing guwa parnahe reren, ing  guwa Langse iku, parnahepun denya alinggih, tulus amangun tapa, kalih  garwanepun, wonten mangke wong tapa, jrone guwa awasta Ki Durmengbudi,  sawindu laminira.
103
Kagyat tumingal Ki  darmengbudi, dening murub cakraning gilingan, den dalih bencana mangke,  Amongraga amuwus, sampun wikan sajrine ati, yen ana wong atapa, ing jro  guwa iku, angucap sajrone nala, baya iki wong tapa asrah ing pati,  tapane wus tumeka.
104
Amongraga asung salam  aris, sampun sira wus sinauran, ngalekum salam saure, Durmengbudi  amuwus, lah anedha mangke kiyai, dunga saking andika, kawula anuhun,  angucap (hlm. 91) Ki Amongraga, pira baya yen ana sihe Hyang Widi, luwih  nugrahaning Hyang.
105
Sanalika guwa pan  asalin, satkalane Amongraga, lir kadya dalem warnane, Durmengbudi  papungun, aningali wismanireki, lali yen aneng guwa, dene warnanepun,  babature tundha-tundha, wawijilan toyane mijil awening, gandanepun  araras.
106
Ki Durmengbudi  nuksmeng jro ati, wong iki asmu abadan sukma, katoreng teja semune,  semunepun wus luhung, sakarsane iku lastari, tandhane badan sukma,  angrasa ye kantun, tan purun angungkulana, guwa salin kang warna.
107
Ki Durmengbudi  micoreng ati, mangke baya ana sihing sukma, katekan wong luhung mangke,  pumika karsanepun, ulih guru ingkang sejati, kaya bisa nyangkinga,  maring awakingsun, ing dunya raweng akhirat, Durmengbudi aguru  sadyanireki, Amongraga wus wikan.
108
Kaya apa karsanira  iki, kae jebeng manira atanya, yen sira ayun ing mangke, aguru  maringsun, pan kesasar karsanireki, aguru maraningwang, kalurung sireki,  Ki Durmengbudi angucap, nadyan sasar kawula nadya tut wuri, apataya yen  mangkana.
109
Pundi jebeng lah ta sun yaktera, lah mijil mangke saking guwa, miyanga segara age, yen uga  sira  purun, nyata sira yen anak mami, iku margane teka, manira angrungu, Ki  Durmengbudi angucap, pan sandika kawula mangke nglampahi, sigra mijil  sing guwa.
110
Sawedalira sing guwa  wingit, amongraga mangke sira ngucap, pan asung sipta anake, lah jebeng  anakingsun, tampanana sihing Hyang Widi, iku bagya cilaka, pawarah ngong  iku, sida tampa wurung tampa, lah ta payo ki jebeng depun atampi, iku  nugrahaning Hyang.
111
Mangkana mengke Ki  Durmengbudi, tan pantara malbeng samodra lwir pindah sawat lampahe, tan  katon dening alun, mung (hlm. 92) wuruke Mongraga kesthi, ana  kambang-kambangan, awor lawan alun, kadya alinggih ning taman,  Durmengbudi ciptane kadya wong ngipi, lwir pindah aneng swarga.
112
Amongraga mesem  aningali, ing anake yen sampu tumka, ingawe ping tiga mangke, prapta ing  ngarsanepun, Durmengbudi nulya ngabakti, amongraga lingira, bapa  anakingsun, wus muliha denira andon anetepi, mantuka wismanira.
113
Ki Durmengbudi mangkya  nauri, yen kinginga kawula lenggana, kawula ngelebur tapane, dening tan  wisma tengsun, yen mantuka kawula mangkin, ing pundi wismaningwang,  Amongraga muwus, lah jebeng sakarsanira, wus tumeka denira andon anepi,  lungguha aneng praja.
114
Perandeningsun lawan  sireki, wis atunggal saking karsaning Hyang, aywa pindho gawe mangke,  mapan ujaring ilmu, nora beda karsaning Widi, luwih ing tampanira,  sejatining pangawruh, tan ana lyan amolah, Durmengbudi mangkya sira  anauri, rama kawula nedha.
115
Lah ta poma anakingsun  kaki, depun wikan paraning paningal, sampun samat wekasane, pan ananing  Hyang Agung, nora esah lan sira kaki, lwir kadya wewayangan, lawan kang  angilo, polahe tansah pinolah, tan pra beda eneng usikira kaki, iku  saking Hyang Sukma.
116
Kabeh-kabeh jebeng  janma iki, pan sawiji mangke jatinira, kang amurba sakabehe, purbane ana  iku, rong parkara asalireki, iku sira den awas, Adam purwanepun, iku  wiwitane jasad, pan rohira roh idhapi wijilneki, iku sira den awas.
117
Ana dene solahira  kaki, sipat wau reke kawruhana, kang manjing ing dasih mangke, dok  pinanjingken iku, ngeroh idhapi wiwitaneki, pinanjingen ing rasa,  rarasing Hyang Agung, iku pan baboning eroh, nabi Adam pinaka nyawaning  jisim, iku pinangkanira.
118
Sesampune winejangan  jati, tan pantara anulya tur sembah, mundur saking ayunane, ingiden  lampahepun, nulya muksa saking ardi, lwir miber (hlm. 93) tanpa elar,  dening sihe guru, bisa ngambah gagana, tan asuwe anulya prapta sireki,  dhukuh segara sabrang.
119
Ing Palimbang denira  alinggih, sapraptane geger sanagar, nulya linggih ing masjide, lanan  wadon andulu, samya cingak kang aningali, praja sedhenge rusak,  wawelekpan agung, karusakan sanegara, sapraptane Ki Durmengbudi basuki,  wulya kadya tinamban.
120
Kang agering sore  waras enjing, kang agering injing sore waras, samya pakenak atine, pan  asru ta’dhimepun, sanegara mring Durmengbudi, sinegeg tan ingucap, liyan  kang tinutur, wonten janma kang winayang, Nusa Jawa parnahe anglaya  bumi, aran Ki Ragasmara.
121
Anglelana anganteni  pati, kaya bosen aneng dunya, tan arsa mukim enggene, sing tanah wus  dinunung, sorengrana tan ajrih pati, satya tuhu ing lampah, awas  tingalepun waspada jatining lampah, lampahepun tan kandeg ing papan  tulis, nastiti tur lumampah.
122
Kang saweneh ana  atetaki, tilar pangan turunira, den eber kalakohane, tan wikan yen  kalurung, amartamu tan den owahi, akeh wong kung gung lampah, akeh paksa  luhung, angangge tambal tinambal, paksa iya kulambi mayit den irid, tan  wikan yen duraka.
123
Wanci tengangi kang  Candrageni, Ragasmara denira lumampah, kumedhap-kedhap tejane, Amongraga  kawuwus, aneng guwa ngesahi, mintar saking jro guwa, mancur tejanepun,  sinenggih dede manusa, Ragasmara garjita sira ningali, esmunira  kapranan.
124
Selamine pan dereng  ningali, wong lumampah kang kadya punika, luwih mungguh pangerane,  Ragasmara amuwus, saking pundi tuwan puniki, Amongraga angucap, tanpa  wisma tengsun, aywa sira salah tampa, iya ingsun aparab Ki Amongraga,  pan sadya anglelana.
125
Lah anedha mangke  samya linggih, karsaningwang arsa pawong sanak, yen (hlm. 94) tuwan  sotaha mangke, pan awon sirnanepun, nulya sira sami alinggih, sasoring  wreksa gurda, linggih wong tatelu, satengahe wana wasa, pinggir marga  ing riku gening pepanggih, aliru pangawikan.
126
Ni Selabrangta ika  neng wuri, tan atebah kelawan kang raka, ika pinaka sabate, Ragasmara  andulu, pan kapincut manhireki, tuhu luwih ngakathah, pan ingsun andulu,  begjane Ki Amongraga, pawestrine ayu anom bekteng laki, gumawang  tejanira.
127
Ragasmara mangkya  angling aris, manira mangke arsa atanya, estri punapa parnahe, Amongraga  amuwus, rabiningsun ponang pawestri, rowang sun kawlas arsa, lakung  nisthaningsun, sun gawa ajajah desa, dadi banda sedalan angrarebedi,  pasthi yen dadi bandha.
128
Nenggih pangrungu  manira iki, pepaesan reke wong lumampah, yen sarta kundhang rabine,  baguse wong lumaku, yen atampa cobaning Widi, kabeh dadi nugraha, manira  angrungu, dedalan saking wanudya, bencanane mijil sing estri, sarta  lawan nugraha.
129
Ki Amongraga mangkya  nauri, anuhun sih mangke tutur tuwan, yen mujahadat nepsune, mapan wong  wadon iku, rong parkara panarineki, akeh dadi duraka, marga pawestreku,  kaping kalih mring kaswargan, anging akeh laku kundur sing pawestri,  nenggih pangrungungningwang.
130
Amongraga reke angling  malih, lah nedha linggih ing mendhapa, wong tetiga samya rereh, awon  inggih ing lebu, sarwi udud baguse linggih, sarwi mangke amucang,  Ragasmara muwus, inggih manira nedha, Ragasmar ciptane kadya angipi,  tustha ing manahira.
131
Sampunira reke pareng  linggih, Amongraga mangkya lon angucap, manira atanya mangke, apa arane  iku, aranana den amatitis, aywa na kumalamar, ing kawruh puniku, aywa na  mawi warana, sira ingsun pan tunggal jatinireki, lah mangke aranana  (hlm. 95).
132
Ragasmara mangke muwus  aris, kang pundi reke kang ingaranan, ing karsa andika mangke,  Amongraga amuwus, aranan mandhapa iki, dening tah teka ana, iku  karsanepun, kabeh iki kabeh ika, aranana sedhah woh tembako iki, lah  samya aranana.
133
Nenggih reke manira  amanggih, ingaranan mangke kudratullah tandhane sih iku mangke, iku  manira ngerungu, kayangapa karsanireki, Amongraga angucap, autu ujar  iku, endi tah enggone Allah, padha mangko jawaben den amatitis, aja rasa  rumasa.
134
Nenggih reke ananing Hyang Widi, pan parnahe ana gedong ratna, tigang parkara jatine, iku ingsun angrungu, Amongraga  angucap ari, nyata ing sabdanira, endi tuduhepun, lah tegese gedong  ratna, Ragasmara mangke sira anauri, manira miarsa.
135
Gih punikku  sasutyaning mukmin, ingaranan kakembanging jagad, kekasihe sukma reke,  Amongraga gumuyu, kapetukan karsanireki, rena panjawabira, pan larangan  iku, larangan ingsun lan sira, pan pinaka padadaraning pangesthi, pilih  ingwang wikana.
136
Tuhuwa endi sira lawan  mami, lah jawaben mangke den apadhang, den kena lawan tartibe, den kena  jatinepun, zhahir bathin lan sira mami, aywa tah sira tunggal, aywa  pisah iku, sakuthu yen tah awora, Ragasmara mangke sira anauri, manira  amiarsa.
137
Ragasmara angucap  sireki, pan ing jagad tuha pakanira, yen pinet mangke zhahire, jatinepun  puniku, nora beda lan mami, tunggal yen padha sukma, ananira iku, ing  idhep tuha andika, ilmu kawruh manira nututi, mesem Ki Amongraga.
138
Ragasmara pan  tinembang malih (hlm. 96), kadya pundi karsa pakanira, ana angucap  mangkene, ilmu lan kawruh iku, kaya apa bedane kaki, muwah lamung  tunggala, paran karsanepun, angucap Ki Ragasmara, nenggih mangke bebane  kawruh lan ilmi, manira amiarsa.
139
Nenggih rekekang  ingaran ilmi, ingkang manjing maring jiwaraga, kang endi rasa jatine,  nugraha jatinepun, pan manira mangke amanggih, iku jatining sastra,  manira angurungu, kayapa ing pakanira, Amongraga mangke sira anauri,  atut lamun mangkana.
140
Amongraga tusta  manahneki, tansah mesem jrone parmana, den entrog-entrog pupune, balik  tuwan puniku, pan alama manira iki, mider anjajah negara, pan durung  anemu, janma kadya andika, Ragasmara mangke anauri aris, mugi welasaning  Hyang.
141
Basa kawruh lan  punendi, manira mangke ayun wikana, ajtine punika mangke, Ragasmara  amuwus, pan ing kawruh lampah sejati, tingale ika tan lwar, maring kang  aluhur, wiyosing kang nama Allah, ilmu kawruh jatine nora kekalih,  manira amiarsa.
142
Prelambine ingkang  ilmu iki, kadya sekul mangke semunira, kang pinangan saanane, lawan  kwruh puniku, kang duweni sakehe bukti, amongraga lingira, bapa  ariningsun, rinangkul Ki Ragasmara, sanakingsun sadulur yayi sireki,  kakang manira anedha.
143
Ki Ragasmara mangke  sira ngling, manira kakang pan nora beda, pan kadya andika mangke, lawas  ingsun anglangut, dereng manggih kadya sireki, kakang kadi andika,  Amongraga muwus, pan ingsun kadya andika, banggi belih tunggala zhahir  lan batin, dunya roweng akhirat.
144
Anging tah yayi emani iki, engenira areren lan ingwang, nora na sangune mangke, resebe manah ingsung, nora kadya sarwya ambukti, rehe amuji ing Hyang, babaguse iku, sawabe kuwat angucap, Ragasmara tumulya wau nauri, kakang pundi pinaka.
145
Ingsun iki pan ayun  ambukti (hlm. 97), kaya priye yayi karsanira, Ki Ragasmara muwuse,  kakang atut pukulun, nora kongang manira iki, akarya padadaran, pan  dereng dinunung, angucap Ki Amongraga, nora beda ing sira kelawan mami,  lah sira angucapa.
146
Ragasmara mangke sira  angling, wus atampa idzining kang raka, dinulur ing sakarsane, moga  wontena iku, kamurahan saking Hyang Widi, si kakang arsa dhahar,  sanalikar rawuh, sarwane kang dhaharan, sekul pethak sumakta ulame asri,  semadya aneng arsa.
147
Ki Amongraga wau sirangling,  iya  iku yayi karsaningwang, payo same bukti mangke, Ragasmara amuwus, lah  anedha kawula wingking, nulya samya adhahar, kalih rencangepun, sigra  adan ajang-ajang, Selabrangta wau sira angladeni, nulya adan adhahar.
148
Eca manahe Amongraga,  lawan mangke sira Ragasmara, pan sarwya amuji mangke, Amongraga amuwus,  Ragasmara dinoking liring, nanging sampun atampa, Ragasmara iku, yayi  sampu kesamaran, tingkah iki den wikan jatining napi, kabeh anging  pangeran.
149
Yen langgenga mangkene  iki, tingkahira andadaring lampah, pasthi duraka temahe, kewala  kongangepun, tatkalane kaluwen yayi, yen sampu istipara, iku bagusepun,  sampun denira dhaharan, Selabrangta adan tinembang ing laki, kinon  ambukti sira.
150
Sampun dhahar Ni Ken Selabrangta, saya wuwuh wau  tingalira, kadulur Hyang Sukma mangke, Amongraga amuwus, karsaning wong  ngalapan bukti, sirna kabeh wus ilang, datan ana kantun, sapolahe  Ragasukma, waliyullah kakasihira, Hyang Widi tan kena tirokena.
151
Ki Ragasmara mangkya  lingnya ris, kawula kakang anedha warta, sunat lawan pardhu mangke,  kawula pan dereng wruh, dhihin pundi sunat lan wajib, lawan tegese  pisan, kang sunat puniku, lan tegese pardhu ika, Amongraga garwane  donoking (hlm. 98) liring, lah yayi saurana.
152
Aywa sira yayi salah  tampi, saurana yayi arinira, pan ingsun asaryan mangke, Selabrangta  amuwus, singgih kakang anedha idzin, sarta pangaja tuwan, kawula anuhun,  angucap Ni Selabrangta, patakenan Ragasmara den sauri, lan panjawabira.
153
Selabrangta wuwuse  amanis, manira yayi miarsa warta, wonten wirayat mangkene, sanakira  sadulur, zhahir watin tunggal sireki, ajar rasa arumasa, Selabrangta  muwus, nedha halal rakanira, lah ta mara sun adu ajurit, lan yayi  Ragasmara.
154
Ragasmara anauri aris,  lan anedha kawula wawenang, den agung pangapurane, Amongraga amuwus,  pindho karya yayi sireki, Ragasmara angucap, kawula anuhun, Ni  Selabrangta angucap, nenggih reke kang pardhu jumeneng dhihin, gumanti  sunat ika.
155
Ragasmara mangkya  anauri, ing tegese tah kakang punapa, kang pardhu ika tegese,  Selanbrangta amuwus, ing jatine mangke puniki, kang aran pardhu ika,  langgeng jatinepun, mapan nora kena owah, kang wus teka ing jatine ika  yai, manira amiarsa.
156
Karanepun syarengat  puniki, pinugeran tan kena lenggana, anglamapahi amar mangke, pan  pedhadepun agung, ingkang teka ing antep yayi, iku bakaling lampah,  manira angrungu, margane ngaran ganjaran, sasemune nastiteken amamahi,  mulane antuk tsawab.
157
Sadurunge teka lampah  iki, nora ana basa hukum tsawab, kang sunat iku tegesa, margane langgeng  iku, ananira ayayi puniki, sampune tekeng paran, ing laku puniku,  tandhane yen antuk tsawab, tansah mangasinung padhang kalbuneki, awas  jatining lampah.
158
Ragasmara mangke muwus  aris, kasinggihan kakang ujarira, manira ataken mangke, sunat lawan  pardhu iku, kadi pundi karsanereki, len ayun tunggalena, ing temah  puniku, angucap Ni Selabrangti, dening apa kang sampun tumeka jati, alon  Ki Amongraga (hlm. 99).
159
Yen uga yayi ingkang  wus jati, ing pasthine kena tunggalena, sampun telase pardhune, nora  aetang pardhu, lampahepun kang sampun jati, tansah anunggal karsa,  manira angrungu, tansah mangke ingayunan, ing kawruhe nora no daluwang  mangsi, dening wus olih tsawab.
160
Dadi tan etang waktu  puniki, dening waktu wus anunggal, tansah papaesan mangke, Ragasmara  amuwus, ayu temen bok kakang iki, luwih saking akathah, pan dereng  anemu, pawestri kaya si kakang, Amongraga gumuyu tur sarya angling, yayi  adaya pisan.
161
Lah ta mara yayi aywa  gingsir, depun mara sira mring ayunan, perang rame iki mangke,  Selabrangta amuwus, lah ta yayi andika iki, amundur wong punapa,  Amongraga muwus, semana denira aprang, mara-mara den padha mara sireki,  yayi sira den awas.
162
Wong adagang padha  ting saleri, padha mampir tumon dhukuh anyar, pan samya kagyat manahe,  lanang wadon aselur, tuha anom samya ningali, dhukuhe Amongraga, pan  samya papungun, dok kapan ana pagirywan, nora nyana manira kadya wong  ngipi, anglir dhukuh tatiban.
163
Selabrangta mangkya  sira angling, kayangapa yayi karsanira, sira angucap mangkene, sapa  aranireku, lah jawaben depun patitis, Ki Ragasmara ngucap, manira  angrungu, kanugrahan araningwang, Selabrangta mangke anauri aris, yayi  manira tanya.
164
Apa karane ananireki,  ingaran mangke kanugrahan, lan tegese mangke, Ragasmara amuwus, nenggih  kakang manira manggih, karane ingarana, kanugrhan iku, jatine yen  wewayangan, ing tegese kanyatahaning Hyang Widi, iku pamiarsengwang.
165
Selabrangta mangke  takon malih, kadya pundi ing karsa andika, wonten masalah mangkene,  sajrone kakung iku, tur pawestri jatine yayi, sajrone wanita, wonten  kakungepun, lah yayi den (hlm. 100) padhangena, anauri Ki Ragasmara  amanis, kakang manira nedha.
166
Ing pasthine ing wong  lanang iki, ing jasade ingaranan lanang, dening amurba estrine, sarta  lan tandhanepun, nanging mangke maksih pawestri, dening maksih kapurba,  dening erohepun, iku tah estri jasad, lir kurungan ananing jasad puniki,  kakang manira ngrengwa.
167
Sejatine ingkang  lanang iki, ananing roh mangke ingkang purba, amurba ing jasad mangke,  prandening nyawa iku, ingaranan maksih pawestri, dening sira kapurba,  ing estrine iku, dede satuhune lanang, satuhune kang lanang ananing  widi, arah dening amurba.
168
Wong pawestri tah kadi  punendi, ing jatine karsa pakanira, Ki Ragasmara saure, nora beda  puniku, ing jatine kang wong pawestri, tan beda lan wong lanang, manira  angrungu, manira kakang atanya, sapa sira pangeranira sejati, lah kakang  ucapena.
169
Lah jawaben kakang den  patitis, padha mengko aywa kumalamar, aywa atatebeng mangke,  Selabrangta amuwus, iya ingsun pangeran jati, dudu mangke manira,  pangeran puniku, ingsun sira tan pra beda, ing jatine pan nora nana  kakalih, suka Ki Amongraga.
170
Suka temen ingsun  yayi, anenonton yayi yudanira, perang gedhe iki mangke, sarwi sira guyu,  suka-suka sarwi ngeploki, padha wong surengrana, digbya ing laku,  mara-mara bendanana, sanegara wong aprang kadi iki, mangsa ingsun  manggiha.
171
Ragasmara gumuyu sarwi  ngling, samya suka lan sarowangira, tuwin Selabrangta mangke, Ragsmara  amuwus, lah ta sampun kakang puniki, punapa rinasanan, Amongraga muwus,  lah yayi padha mulimbang, Ragasmara sira mangke anauri, kakang manira  nedha.
172
Wonten mangke winama  ing kawi, wong anglangut mangke anglelana, ing Nusa Jawa parnahe, si  tanah wus dinunung, Lombok Patani mwang Kuti, Pasir Bali prang  Pelimbang, Madura (hlm. 101) dumunung, Surawesthi, Sedayu ing Giri lawan  Gresik, Galegang Pranaraga.
173
Pajang Mataram wus den  jajahi, ing Tambayat lawan ing Kajoran, Kudus lawan Demak mangke, padha  dumunung, ing Carebon sampun kawingking, tuwin mangke Jepara,  Ampeldenta iku, pradata wus den jajah, ing tategal Betawi Banten lan  Pathi, tuwin tanah saberang.
174
Jatiswara peparabe  mangkin, pan linuwih lalana tan wisma, pandhita taruna wancine, tur  satya tah ing laku, kalih sanakreki ing uni, iku samya pandhita, laksana  ing laku, dinulur dening Hyang Sukma, tan kawarna wonten satengahe  margi, tengahe wana wasa.
175
Madya latri lampahe  kinawi, Jatiswara denira lumampah ing brangti, dening angrengen swara,  marmane anglangut, nenggih wonten sanakira, anglelana aparab Syeh  Amongraga, iku ujaringswara.
176
Den ulati nora  kepanggih, kapan baya iku katemu, Ki Amongraga wastane, Amongraga  winuwus, natkalane liwat ing margi, katingal tejanira, Amongraga mancur,  kelawan Ki Ragasmara, jatiswara kagyat sira aningali, sinenggih dede  janma.
177
Amongraga tejane  nelehi, murub katong cakraning gilingan, gebyar-gebyar paulune,  Jatiswara tumanduk, saya awas tingalireki, adoh pan pinaranan, aglis  lampahepun, waspada lamun manusa, Jatiswara mangke sira nulya angling,  sampun auluk salam.
PUPUH VIII
A S M A R A D A N A
A S M A R A D A N A
01
Amongraga anauri,  mangke ngalekumussalam, sinungana rahmat mangke, adan apepanggih sira,  sigra anjawat tangan, ing marga parnaheriku, kelawan Ki Amongraga.
02
Kalih Ragasmara iki,  Ki amongraga angucap, sapa sinten wewangine, Ki Jatiswara angucap,  manira Jatiswara, wong ideran andon nglangut, (hlm. 102), sedya angulati  wangsa.
03
Aparab Ki Amongraga,  ujare tutur punika, Ki Amongraga wuwuse, sapa kang awarteng sira,  Jatiswara angucap, anenggih ujaring tutur, manusa winong dening Hyang.
04
Syeh amongraga  sirangling, ing pundi ta wismanira, muwah kang anedha kaki, Ki Jatiswara  angucap, tanpa wisma manira, Ki Amongraga gumuyu, katambetan yayi sira.
05
Nyata ujar puniki,  nyata kelamun manira, Ki Jatiswara wuwuse, tan wikan yen pakanira,  kekasihing Hyang Sukma, Ki Amongraga amuwus, yayi ingsun wong duraka.
06
Muhal iki tutur yayi,  yen uliha sih Hyang Sukma, wong kesasar ingsun mangko, lumakwa tan wruh  jatinya, manira mbek welaka, wus temu sira lan ingsun, lah ta paran  karsanira.
07
Ki Jatiswara nauri,  lamun tulus karsa tuwan, anedha sinampar mangko, wong kasihan mindha  ina, nora wikan ing krama, Syeh Amongraga amuwus, arum amanis sabdanya.
PUPUH IX
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
01
Tan kawasa mangke  ingsun iki, angakua babu maring sira, larangan puniku mangke, sapa atuha  iku, kang ingaku sapa puniki, anging Hyang Kang Wisesa, polahira iku,  kawula darma punapa, Jatiswara mangkya sira anauri, atut lamun mangkana.
02
Anging tah mangke  manira iki, yen sembada lawan karsa tuwan, pasthi tan samar ing mangke,  anut ujaring tutur, lamun tuwan sanak sejati, nadyan nora ngakua, manira  tan kundur, angucap Ki Amongraga, aneng sira manira darma punapi, kadya  lumbung pinanah.
03
Lah ta raryana mangke ing riki, lamun sira arsa pawong sanak, kelawan  manira mangke, eca ganti pamuwus, sapaguywan sira lan mami, sigra sira  sumimpang, saking marga agung, sanalika wonten taman, pinggir margi  ingarsa asri angrawit, kagyat Ki jatiswra.
04
Taman adi saking Hyang  Widi, pinggir marga tinwan asri raras, banjaran sangkep warnane (hlm.  103), tinon asri anglangut, puspa mekar tepining beji, gapurane araras,  murub warnanepun, bata bang lan bata petahk, sela ireng reneka buron  angrawit. Lwir gambar tiningalan.
05
Wrta sarine samya  babar gadhing, puspa jenar gandanya mrik sumyar, Gambir Melathi Rowange,  Menur lawan pring Kencur, Nagasari lawan Warsiki, Pucangnya babar  mayang, gandanya mrik arum, rinubung dening jarahan, amrik minging  Kumbangnya lwir gendhing muni, ambengengeng swaranya.
06
Toyanya mijil ngayengi  panti, puspa mekar gandanya araras, kintar samirana mangke, Jatiswara  papungu, sampunira samya alinggih, wonten ing made kambang, Jatiswara  muwus, saktine Ki Amongraga, Ragasmara sampun sira samya linggih, muwah  Ni Selabrangta.
07
Jatiswara angrasa yen  kari, aningali ing anane taman, tandhane yen luwih mangke, anging tah  karsaningsun, atatanya ujar sejati, lamun mangke kajawab, estu yen wong  luhung, Amongraga pan tinembang, kadi kiyai karsanireki, tuwan winastan  paran.
08
Amongraga gumuu  saryangling, nora wikan mangke manira, beda yen wong idhep mangke, tulus  ingsun balilu, Ragasmara wau tinari, yayi menawi wikan, sira ujar iku,  Ki Ragasmara angucap, yen wikan menawi kakang bok paksi, mesem Ni  Selabrangta.
09
Amongraga mangkya  anauri, lah tapayo yayi saurana, yen sira wruh jatine, Selabrangta  amuwus, tan lenggana karsaning laki, selabrangta angucap, manira  angrungu, nenggih mangke mangke kanugrahan, araningwang sejatine janma  iki, manira amiarsa.
10
Jatiswara angling ing  jro ati, wong puniki semune utama, katoreng semu basane, alungit  semunepun, wancanane akarya sandi, bisa karya prasanda, cihnane wong  luhung, masalah tibeng wanudya (hlm. 104), mundur ewuh wanacana ulih  nauri, menggah Ki Jatiswara.
11
Amongraga mangkya sira  angling, lah ta payo mangke saurana, wencanane estri mangke, sampun  kandheg sireku, awencana lan lestari iki, sampun rasa rumasa, yayi  sampun ewuh, bulata bisa manira, lah ta yayi sampun sampun warana  kajatin, Jatiswara angucap.
12
anging mangke manira  puniki, lah anedha mangke pangapura, karoseng dede kramane, Amongraga  amuwus, pindho karya pakanereki, kawilang wong agama, ing karsanireku,  bali paran karsanira, panjawabe wong estri kadya puniku, atut wau  mangkana.
13
Apa karane mangke  puniki, winastan wau kanugrahan, jatine manusa mangke, Selabrangta  amuwus, nenggih manira nenggih, karane ingaranan, kanugrahan iku,  jenenge yen wewayangan, Jatiswara mangkya sira anauri, atut lamun  mangkana.
14
Jatiswara mangke tanya  aris, kadi pundi mangke karsanira, wonten masalah mangkene, wekasing  Islam iku, kadi pundi karsanireki, tegese kupur ika, kayapa puniku,  angucap sajrone nala, Jatiswara yan uga anjawab sireki, nyata luwih  ngakathah.
15
Selabrangta mangkya  angling aris, nenggih mangke manira amiarsa, tegese kang Islam mangke,  tegese Islam iku, pasthi ka[ir manira manggih, tegese kapir ika, ika  Islam jatine, angucap Ki Jatiswara, kadi pundi Islame mwang kapirneki,  lah mangke angucapna.
16
Selabrangta mangke  anauri, nenggih mangke Islam punika, dening wus temu jatine, iku manira  ngrungu, ing kapire dene tan iling, lemut tan ana wikan, dening sih  Hyang Agung, kawibuwan sihing Sukma, upamane lir katrapan api, sirna tan  ana ngucap.
17
Jatiswara mangkya  takon malih, ing ungguhe manusa kang sirna, yen ilang endi parane,  Selabrangta amuwus *hlm. 105), nenggih mangke manira manggih, ananing  kanugrahan, kang purba puniku, jenenge yen wewayangan, dadya ananing  dasih puniki, mulih ing jatinira.
18
Ana dene enggene  puniki, sapa wruha sajrone panunggal, kang tunggal dhewene, iku manira  ngrungu, anging iya wikan pribadi, wikan ing dhewekira, tan kena  winuwus, prandene kang sampun nyata, ing lampahe tan kandheg ing papan  tulis, tan etang tatakrama.
19
Jatiswara anuksmeng  jro ati, mandahane kae Amongraga, rabine iki sehene, luwih ing wong  lumaku, ingakathah ahlul surambi, nyata lamun sampurna, amongraga iku,  ingsun mider anglelana, durung manggih ing wong kang kadya puniki, nyata  sinisihan ing Hyang.
20
Selabrangta mangkya  sira angling, pan manira kae amiarsa, wonten masalah mangkene, tegese  nabi iku, kadi pundi karsanereki, tegese isbat ika, paran karsanepun,  jawaben depun tetela, anauri Ki Jatiswara amanis, manira amiarsa.
21
Nenggih mangke tegese  kang napi, nyata reke sajrone kang isbat, kang jro napi tah reke, iku  manira ngrungu, pan tegese napi puniki, mesem Selabrangta, kayapa  puniku, lah anedha padhangena, Jatiswara anulya sira nauri, manira  amiarsa.
22
Ingkang napi anenggih  puniki, sejatine kang aneng paesan, kang isbat tunggal jatine, nora  liyan puniku, ing anane kang isbat jati, napi reke mangkana, manira  angrungu, sida tampa wurung tampa, kang atanggap sejatine napi iki, tan  kena ucapena.
23
Selabrangta mangkya  muwus aris, asung sipta maring kakungira, manira asryan mangke,  Amongraga amuwus, Ragasmara mangke tinuding, lah yayi gantenana,  kakangira iku, manira darma miarsa, Ragasmara mangya sira anauri, kakang  manira nedha.
24
Ragasmara mangke  amedali, masalahe reke pan larangan, papasthine masalahe, Jatiswara  (hlm. 106) tinembang, kaya priye karsanereki, wonten kang pawarta,  manira angrungu, sapa wong atuwanira, pira kehe wong atuha kang sejati,  lan mangke ucapena.
25
Jatiswara mangke  anauri, nenggih mangke wong atuwaningwang, tigang parkara kathahe, yen  ingkang zhahir iku, kang istoken raga puniki, kang awal Nabi Adam,  manira angrungu, ing batin Nabi Mushthagha, sampun kandheg ing kahanan  ari kaki, iku jatining sukma.
26
Wonten ujaring semu  puniki, sira ingsun anaking Cemara, pan putuning Asu mangke, iku  pangrunguningwang, kabeh-kabeh anaking Anjing, mesem Ki Amongraga,  Ragasmara muwus, sampun tah mangke winejang, Amongraga gumuyu tur sarya  angling, anake Asu belang.
27
Marganing ana sira  puniki, dening Asu belang pan tetiga, Ki Jatiswara wuwuse, atut ujar  puniku, sapa tampa semune wadi, dadi wadaning lampah, janma luhung, lir  kadya landheping pedhang, kang atanggap ing jati jatining ilmi, iku  pagurukena.
28
Sapa maca lalungit  puniki, depun kena kae tampanira, yen luput sasar temahe, angel ujar  puniku, nora nana ing papan tulis, iku bagya cilaka, pawarah ngong iku,  dudu ilmuning syarengat, Jatiswara mangkya sira angling aris, Amongraga  tinembang.
29
Manira mangke ataken  jati, lah anedha mangke sih pawarta, wonten masalah mangkene, punapa,  nyatanepun, ing anake Asu puniki, lamun nyata punapa, endi nyatanepun,  angucap Ki Amongraga, dening apa yen ora nyataa iki, Jatiswara angucap.
30
Apa karane katon  puniki, lamun nyata anaking Cemara, Amongraga tah saure, apa kang katon  iku, dudu iku ananing Anjing, kewala sih kurungan, ananira iku, yen sira  ayun wikana, ulatana sejatining
Asu iki, lah payo tututana.
31
Payo-payo rowang  ingsun iki, aja kari mapan sami muksa, anuksma tambuh parane, Jatiswara  pan mangu, anggraita sajrone ati (hlm. 107), nyata yen badan sukma, anane dinulur, Jatiswara pan angucap, kari paran yen ana sihing Hyang Widi, Jatiswara wus muksa.
32
Amongraga punika  kinawi, angumbara aneng Madegantang, awor jaladara mangke, Jatiswara wus  mumbul, lah ingendi parnahireki, ana layang-layang, awor lawan  mendhung, kang mendhung-mendhung ing sukma, gebyar-gebyar tejane kawula  luwih, awor padhanging andra.
33
Amongraga mesem  aningali, ana linggih saluhuring mega, kalawan sarorowange, Jatiswara  cinatur, ampun wikan parnahe mangkin, sigra nulya pinaran, Amongraga  muwus, saktine Ki Jatiswara, sampun prapta ing sapadha wong luwih, mesem  Ki Jatiswara.
34
Jatiswara mangkya sira  angling, lah ta payo ingsun ulatana, wus murca saking arsane, Amongraga  tan kantun, sareng muksa sarowangneki, Jatiswara neng guwa, mancur  tejanepun, Amongraga sampun wikan, nulya prapta ing arsa tumulya  linggih, angapa ujarira.
35
Jatiswara angling ing  jro ati, nyata sakti kae Amongraga, nora nana sasambate, anging sih  karsaningsun, sumbalinga dadi prajurit, mengke sun dadi toya, yen uga  sireku, wikan maring raganingwang, nyata luwih dudu rowange ajurit,  mundur dadi samodra.
PUPUH X
D U R M A
D U R M A
01
Amongraga ing mangke  sampun uninga, solahe den kawruhi, Amongraga sira, tambuh tekaning  palwa, suka-suka manahneki, kadya cangkrama, mangke Ki Amongraga.
02
Selabrangta kagyat  ningali samodra, Ragasmara sira ngling, duk kapan neng palwa, teka  nunggal baita, gawok ing manahireki, Ki Amongraga, wuwuh sukanireki.
03
Tahu ta tengsun ana  ing sagara, Jitiswara mangkya ngling, kewuhan ing yuda, Amongraga  punika, sun senggih kundura mangkin, Ki Amongraga anuging jurit.
04
Sagara rob umbake awor  prahara, umbak agung (hlm. 108) kang prapti, umbake limbungan, genge  sagunung ana, kadya kerah swaraneki, umbaknya piyak, Amongraga ningali.
05
Tansah mesem ing ati  Ki Amongraga, polahe den tingali, mring Ki Jatiswara, angaben yudanira,  sanalika wonten geni, amolar-molar, saomah angengneki.
06
Pan saya ageng  sagunung mangke gengnika, karsaning Amongraga, angesat sagara, sun  aduning kang toya, kelawan geni punika, geni wus mumbal, swara lwir  gereh muni.
07
Mumbal-mumbal kang  geni amangsa toya, mumbul ing luhur warih, endi ta anaa, geni amangsa  toya, luwihe Ki Amongraga, datan ginanthi dhandanggendhis.
PUPUH XI
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
01
Wonten masasyeh wau  ginupit, ahlul sastra amangun syarengat, ing Wanacandra wismane,  kalintang mantanepun, wong alinggih ahlun surambi, kinepun sinaroja,  sabatepun agung, amupu ing wong kasihan, bagus anom jatmika asih ing  santri lumaku lawan kundhang.
02
Asung pangan wong kang luwe iki, asung sandhang maring wong kawudan, adana weweh lamppahe, tur ambek wakca sadu, nora gingsirSumber: alangalangkumitir
 
 
 

Tidak ada komentar:
Posting Komentar