Gubahanipun L. VAN RIJCKEVORSEL  Directeur Normaalschool Muntilan Kabantu R.D.S. HADIWIDJANA Guru  Kweekschool Muntilan Pangecapan J.B. Wolters U.M. Groningen – Den Haag –  Weltervreden – 1925
Perangan Kang Kapisan Babad Jawa Wiwit Jaman Indhu tumekane Rusaking Karajan Majapahit Abad 2 utawa 3 – Abad 16
Beboeka.
Moenggoeh babading tanah Inḍija-wetan  ḍek doeroeng katekan bangsa Inḍoe, seprene lagi eṭiṭik banget kang woes  kawroehan. Malah wong Inḍoe ikoe bae ija doeroeng kasoemoeroepan terang  ḍek kapan tekane ing ken elan keprije kaanane ing kala  wiwit-wiwitane.Moeng bae woes jakin, en kemadjoean lan tata-soesilaning  wong Inḍija kene iki bibit-sekawite saka dajaning wong nḍoe kang asale  saka ing tanah Inḍoe sisih kidoel.Katjarita nalika taoen 261 sadoeroenge  taoen alanda ing Inḍoe-ngarep ana ratoe adjedoeloel Praboe Açoka,  djoemeneng nata ing negara Patalipoetra (ing sawetan Benares), lan  agamane Boeda. Kresane sang Praboe pradja tjilik-tjilik ing saoebenging  kono arep digoeloeng didadekake nagara sidji, kang geḍe lan sentosa.  Akire bisa kelakon, meh satanah Inḍoe-ngarep kabeh mloempoek, kinoewasan  ing ratoe sawidji. Moeng ing poentjit kidoel, wiwit saka saloring  Madras lan Mangalore, kraton-kratone presasat madeg ḍewe-ḍewe, ora pati  kewengkoe ing pradja-pradja tanah lor. Pradja-pradja sisih kidoel ikoe  maoe oega geḍe dajane toemraping kemadjoean lan tata-soesilaning  tanah-tanah ing sakoebenge. Dene kang djoemeneng ratoe: 1 Para Panḍawa  (Pandava) kang kotjap ing lajang Maha-bharata. 2 Darah Pallava (ajake  ing peketjapan Djawa: Malawa) kesoewoer wiwit atoesan taoen sadoeroenge  taoen Walanda nganti tekan abad 9, dene komboel-komboele wiwit ing  tengahing abad 6 tekan tengahing abad 8. Ing djaman ikoe titi-mangsa  adeging jejasan kang edi-edi, kajata: tjanḍi-tjanḍi jasane  Mahendra-warman (600-625). Ana wong Tjina agama Boeda djenenge  Hüen-Tsang njandra pradja Pallava ikoe soerasane nelakake jen tanahe lph  lan betjik pengolahe, wong-wonge paḍa poendjoel ing kawanterane,  setya-toehoe, roekoen lan ngoedi marang oenḍaking kawroeh.
Kang kendel lelajaran, nganti bisa gawe  koloni-koloni ana ing Indo-China, Malaka lan kapoeloan Soenḍa, ija para  bangsa ing Inḍoe sisih kidoel ikoe, loewih-loewih wong Pallava. Wiwit  satoes taoenan sadoeroenge taoen Walanda wis ana papan-papan sawetara  kang dienggoni wong Inḍoe, dene geḍe-geḍening emigratie ana ing  sadjroning abad 2 tekan 6, bokmenawa kegawa saka ing tanah Inḍoe kana  kakehen djiwane lan marga saka paperangan karo bangsa-bangsa ing sisih  elore.
Koloni sing geḍe-geḍe, jaikoe: Tjampa  ing Annam pasisir wetan. Kambodja, kaedegake ing taoen 435. Ing kono  dijasani tjanḍi-tjanḍi Brahma oetawa Boeda akeh banget. Koetei ing  Borneo-lor lan Soekadana ing Borneo-kidoel. Palembang (Çrivijaya)  Djawa-tengah
 
01 Perangan Kang Kapisan
Bab 1
Karajan Indhu ing Tanah Jawa Kulon
(wiwit abad 2 utawa 3)
Tekane ing tanah-tanah ikoe wong Inḍoe  anggawa agama (Boeda oetawa Brahma) lan kagoenan warna-warna, kajata  matja, noelis, mbaṭik, medel; bandjoer jasa tjanḍi-tjanḍi lan omah  apik-apik. Wong Priboemi diweroehake marang barang-pedagangan  warna-warna, jaikoe bangsa sanḍang-penganggo, bangsa gegaman, peni-peni  awowdjoed ontjen motiara, bekakas-bekakas lijane kang abakal gaḍing  oetawa emas, lan sapanoenggalane.
Çrivijaya ikoe terang jen kegolong kang  geḍe ḍewe, malah bokmenawa dadi baboning kawroeh lan kagoenan  toemraping tanah-tanah lijane kang kasboet ing ḍoewoer. Ana kang ngira  jen praboe Jayawarman, narendra ing Kambodja, kang miwiti jasa koeṭa lan  tjanḍi-tjanḍi Angkor, ikoe darahing ratoe ing Soematra.
Pradja-pradja maoe ing sekawit nganti soewe enggone nganggo agama Boeda.
Kang wus kasumurupan, karajane bangsa  Indhu ana ing Tanah Jawa, kang dhisik dhewe, diarani karajan  “Tarumanagara” (Tarum = tom. kaline jeneng Citarum).
Karajan iku mau dhek abad kaping 4 lan 5  wis ana, dene titi mangsaning adege ora kawruhan. Ratu ratune darah  Purnawarman. Mirit saka gambar gambar kembang tunjung kang ana ing watu  watu patilasan, darah Purnawarman iku padha nganggo agama Wisnu.
Ing tahun 414 ana Cina aran Fa Hien,  mulih saka enggone sujarah menyang patilasane Resi Budha, ing tanah  Indhu Ngarep mampir ing Tanah Jawa nganti 5 sasi. Ing cathetane ana kang  nerangake mangkene :
1.  Ing kono akeh wong ora duwe agama (wong Sundha), sarta ora   ana kang tunggal agama karo dhewekne: Budha.
2.  Bangsa Cina ora ana, awit ora kasebut ing cathetane.
3.  Barengane nunggang prahu saka Indhu  wong 200, ana sing  dedagangan, ana kang mung lelungan, karepe arep  padha     menyang Canton.
Yen mangkono dadi dalane dedagangan  saka tanah Indhu Ngarep menyang tanah Cina pancen ngliwati Tanah Jawa.  Ing Tahun 435 malah wis ana utusane Ratu Jawa Kulon menyang tanah Cina,  ngaturake pisungsung menyang Maharaja ing tanah Cina, minangka  tandhaning tetepungan sarta murih gampang lakuning dedagangan.
Karajan Tarumanagara mau ora  kasumurupan pirang tahun suwene lan kepriye rusake. Wong Indhu ana ing  kono ora ngowahake adat lan panguripane wong  bumi, awit pancen ora  gelem mulangi apa apa, lan wong bumi uga durung duwe akal niru  kapinterane wong Indhu.
Ewa dene meksa ana kaundhakaning kawruhe, yaiku mbatik lan nyoga jarit.
 
02 Perangan Kang Kapisan
Bab 2
Karajan Indhu ing Jawa Tengah (abad kaping 6)
Mirit saka:
1.  Cathetane bangsa Cina.
2.  Unining tulisan tulisan kang ana ing watu watu lan candhi.
3. Cathetane sawijining wong Arab, wis  bisa kasumurupan sathithik sathithik mungguh kaananing wong Indhu ana  ing Tanah Jawa Tengah dhek jaman samono.
Nalika wiwitane  abad kang kanem ana  wong Indhu anyar teka ing Tanah Jawa Kulon. Ana ing kono padha kena ing  lelara, mulane banjur padha nglereg mangetan, menyang Tanah Jawa Tengah.
Wong Jawa wektu samono, isih kari  banget kapinterane, yen ditandhing karo wong Indhu kang lagi neneka mau;  mulane banjur dadi sor-sorane. Wong Indhu banjur ngadegake karajan ing  Jepara.  Omah omah padunungane wong Jawa, ya wis memper karo omah omahe  wong jaman saiki, apayon atep utawa eduk lan wis nganggo kepang. Enggone  dedagangan lelawanan karo wong Cina; barang dedagangane kayata: emas,  salaka, gading lan liya liyane. Cina cina ngarani nagara iku Kalinga,  besuke, ya diarani: Jawa. Karajan mau saya suwe saya gedhe, malah nganti  mbawahake karajan cilik cilik 28 (wolu likur). Wong Cina uga nyebutake  asmane sawijining ratu putri: Sima; dikandakake becik banget enggone  nyekel pangrehing praja (tahun 674). Tulisaning watu kang ana cirine  tahun 732, dadi kang tuwa dhewe, katemu ana sacedhake Magelang,  nyebutake, manawa ana ratu kang jumeneng, jejuluk Prabu Sannaha,  karajane gedhe, kang klebu jajahane yaiku tanah tanah Kedhu,  Ngayogyakarta, Surakarta lan bokmenawa Tanah Jawa Wetan uga klebu dadi  wewengkone karajan iku.
Mirit caritane, karajan kang kasebut  iku tata tentrem banget kaya kang kasebut ing tulisan kang katemu ana  ing patilasan: Nadyan wong wong padha turu ana ing dalan dalan, ora  sumelang, yen ana begal utawa bebaya liyane. Mirit kandhane sawijining  wong Arab, dhek tengah tengahane abad kang kaping sanga, ratu ing Tanah  Jawa wis mbawahake tanah Kedah ing Malaka (pamelikan timah).
Karajan ing dhuwur iki sakawit ora  kawruhan jenenge, nanging banjur ana karangan kang katulis ing watu kang  titi mangsane tahun 919, nyebutake karajan Jawa ing Mataram. Jembar  jajahane, mungguha saiki tekan Kedhu, Ngayogyakarta, Surakarta; manglore  tekan sagara; mangetane tekan tanah tanah ing Tanah Jawa Wetan  sawatara. Kuthane karan : Mendhangkamulan.
Wong Arab ngandhakake, ana ratu Jawa  mbedhah karajan Khamer (Indhu Buri). Sing kasebut iki ayake iya karajan  Mataram mau. Kajaba Khamer, karajan Jawa iya wis mbawahake pulo pulo  akeh. Pulo pulo iku mawa gunung geni. Karajan Jawa mau sugih emas lan  bumbu craken. Wong Arab iya akeh kang lelawanan dedagangan.
Sabakdane tahun 928 ora ana katrangan  apa apa ing bab kaanane karajan Mataram. Kang kacarita banjur ing Tanah  Jawa Wetan. Ayake bae karajan Mataram mau rusak dening panjebluge gunung  Merapi (Merbabu), dene wonge kang akeh padha ngungsi mangetan. Ing abad  17 karajan Mataram banjur madeg maneh, gedhe lan panguwasane irib  iriban karo karajan Mataram kuna.
Agamane wong Indhu sing padha ngejawa  rupa rupa. Ana ing tanah wutah getihe dhewe ing kunane wong Indhu  ngedhep marang Brahma, Wisnu lan Syiwah, iya iku kang kaaranan Trimurti.  Kejaba saka iku uga nembah marang dewa akeh liya liyane, kayata:  Ganesya, putrane Bethari Durga.
Manut piwulange agama Indhu pamerange manungsa dadi patang golongan, yaiku:
- para Brahmana           (bangsa pandhita).
- para Satriya                (bangsa luhur).
- para Wesya                 (bangsa kriya).
- para Syudra                (bangsa wong cilik).
Piwulange agama lan padatane wong Indhu  kaemot ing layang kang misuwur, jenenge Wedha. Kira kira 500 tahun  sadurunge wiwitane tahun Kristen, ing tanah Indhu ana sawijining darah  luhur peparab Syakya Muni, Gautama utawa Budha. Mungguh piwulange geseh  banget karo agamane wong Indhu mau. Resi Budha ninggal marang kadonyan,  asesirik lan mulang muruk marang wong. Kajaba ora nembah dewa dewa,  piwulange: sarehne wong iku mungguhing kamanungsane padha bae, dadine  ora kena diperang patang golongan. Para Brahmana Indhu mesthi bae ora  seneng pikire, mulane kerep ana pasulayan gedhe. Ana ing tanah Indhu  wong Budha mau banjur peperangan karo wong agama Indhu. Wusana bangsa  Budha kalah lan banjur ngili menyang Ceylon sisih kidul, Indu Buri,  Thibet, Cina, Jepang. Mungguh wong agama Indhu iku pangedêpe ora padha.  Ana sing banget olehe memundhi marang Syiwah yaiku para Syiwaiet (ing  Tanah Jawa Tengah); ana sing banget pangedêpe marang Wisynu, yaiku para  Wisynuiet (ing Tanah Jawa Kulon). Kajaba saka iku uga akeh wong agama  Budha, nanging ana ing Tanah Jawa agama agama iku bisa rukun, malah sok  dicampur bae. Petilasane agama Indhu mau saikine akeh banget, kayata:
-  Candhi candhi ing plato Dieng (Syiwah), iku bokmenawa yasane ratu darah Sanjaya.
-  Candhi ing Kalasan ana titi mangsane tahun 778, ayake iki candhi tuwa dhewe (Budha), yasane ratu darah Syailendra.
-  Candhi Budha kang misuwur dhewe, yaiku Barabudhur lan endut.
-  Candhi Prambanan (Syiwah). Ing sacedhake Prambanan ana  candhi campuran Budha lan Syiwah.
 
03 Perangan Kang Kapisan
Bab 3
Karajan Ing Tanah Jawa Wetan
(wiwitane abad 10 – tahun 1220)
Ing dhuwur wus kasebutake yen Tanah  Jawa Wetan, kabawah karajan Indhu ing Mataram;  nanging wong Indhu kang  manggon ana ing Tanah Jawa Wetan ora pati akeh, yen katimbang karo kang  manggon ing Tanah Jawa Tengah (Kedhu). Marga saka iku wong Indhu kudu  kumpul karo wong bumi, prasasat tunggal dadi sabangsa. Ing wiwitane abad  10 ana pepatihing karajan Tanah Jawa Tengah aran Empu Sindhok lolos  mangetan. Let sawatara tahun empu Sindhok mau jumeneng ratu ing Tanah  Jawa Wetan, karajane ing Kauripan (Paresidhenan Surabaya sisih kidul).
Ambawahake: Surabaya, Pasuruwan,  Kedhiri, Bali bok manawa iya kabawah. Enggone jumeneng ratu tekan tahun  944 lan iya jejuluk Nata ing Mataram. Nata ing Mataram mau banget  pangedêpe marang agama Budha. Empu Sindhok misuwur wasis enggone ngereh  praja. Ana cathetan kang muni mangkene: “Awit saka suwening enggone  jumeneng ratu, marcapada katon tentrem; wulu wetuning bumi nganti turah  turah ora karuhan kehe.”
Ing tahun 1010 Erlangga tetep jumeneng  ratu, banjur nerusake enggone mangun paprangan lan ngelar jajahan. Ing  tahun 1037 enggone paprangan wis rampung, negara reja, para kawula padha  tentrem. Dene karatone iya ana ing Kauripan. Sang Prabu Erlangga ora  kesupen marang kabecikaning para pandhita lan para tapa, kang gedhe  pitulungane nalika panjenengane lagi kasrakat.
Minangka pamalesing kabecikane para  pandhita, Sang Nata yasa pasraman apik banget, dumunung ing sikile  gunung Penanggungan. Pasraman mau kinubeng ing patamanan kang luwih  dening asri, lan rerenggane sarwa peni sarta endah. Saka edine, nganti  misuwur ing manca praja, saben dina aselur wong kang padha sujarah  mrono.
Pangadilane Sang Nata jejeg. Wong desa  kang nrajang angger angger nagara padha kapatrapan paukuman utawa  didhendha. Kecu, maling, sapanunggalane kapatrapan ukum pati. Sang Prabu  enggone nindakake paprentahan dibantu ing priyagung 4, padha oleh asil  saka pametuning lemah lenggahe.
Saka enggone manggalih marang tetanen  yaiku pagaweyaning kawula kang akeh, Sang Nata yasa bendungan gedhe ana  ing kali Brantas. Sang Nata uga menggalih banget marang panggaotan lan  dedagangan. Kutha Tuban nalika samono panggonan sudagar, oleh biyantu  akeh banget saka Sang Prabu murih majuning dedagangan lan lelayaran.
Sang Nata yen sinewaka lenggah dhampar  (palenggahan cendhek pesagi), ngagem agem ageman sarwa sutra, remane  diukel lan ngagem cênela. Yen miyos nitih dwipangga utawa rata, diarak  prajurit 700. Punggawa lan kawula kang kapethuk tindake Sang Nata banjur  padha sumungkem ing lemah (ndhodhok ngapurancang?). Para kawula padha  ngore rambut, enggone bebedan tekan ing wates dhadha. Omahe kalebu asri,  nganggo payon gendheng kuning utawa abang. Wong lara padha ora tetamba  mung nyuwun pitulunganing para dewa bae, utawa marang Budha. Wong wong  padha seneng praon lan lelungan turut gunung, akeh kang nunggang tandhu  utawa joli. Dhek samono wong wong iya wis padha bisa njoget, gamelane  suling, kendhang lan gambang.
Karsane Sang Prabu besuk ing sapengkere  kang gumanti jumeneng Nata putrane loro pisan, mulane kratone banjur  diparo: Jenggala (sabageyaning: Surabaya sarta Pasuruwan) lan Kedhiri.
Dene kang minangka watese: pager tembok  kang sinebut “Pinggir Raksa”, wiwit saka puncaking Gunung Kawi,  mangisor, nurut kali Leksa banjur urut ing branglore kali Brantas saka  wetan mangulon tekan ing desa kang saiki aran “Juga”, nuli munggah  mangidul, teruse kira kira nganti tumeka ing pasisir. Gugur gugurane  tembok iku saiki isih ana tilase, kayata ing sacedhaking kali Leksa,  sakulon lan sakiduling kali Brantas, ing watesing afd. Malang lan  Blitar.
Mungguhing babad Jawa jumenenge Prabu  Erlangga kaanggep minangka pepadhang sajroning pepeteng, awit rada akeh  caritane kang kasumurupan. Kawruh kasusastran wis dhuwur. Layang layange  ing jaman iku tekane ing jaman saiki isih misuwur becik lan dadi  teturutaning crita crita wayang. Layang layang mau basane diarani: Jawa  Kuna, kayata:
1. Layang Mahabarata
2. Layang Ramayana lan Arjuna Wiwaha.
Karajan Jenggala ora lestari gedhe,  awit pecah pecah dadi karajan cilik cilik, marga saka diwaris marang  putraning Nata; yaiku praja Jenggala (Jenggala anyar); Tumapel utawa  Singasari lan Urawan. Karajan cilik cilik kang cedhak wates Kedhiri or  suwe banjur ngumpul melu Kedhiri, liyane isih terus madeg dhewe nganti  tekan abad 13. Kerajan Kedhiri (Daha, Panjalu) mungguha saiki mbawahake  paresidhenan Kedhiri, saperangane Pasuruwan lan Madiyun. Kuthane ana ing  kutha Kedhiri saiki. Karajan mau bisa dadi kuncara. Ing wektu iku  kasusastran Jawa dhuwur banget, nalika jamane Jayabaya (abad 12)  ngluwihi kang uwis uwis lan tumekane jaman saiki isih sinebut luhur,  durung ana kang madhani.
Ing tahun 1104 ing kedhaton ana  pujangga jenenge: Triguna utawa Managocna. Pujangga iku sing nganggit  layang Sumanasantaka lan Kresnayana. Raden putra utawa Panji kang  kacarita ing dongeng kae, bokmenawa iya ratu ing Daha, kang jejuluk  Prabu Kamesywara I. Jumeneng ana wiwitane abad kang kaping 12. Garwane  kekasih ratu Kirana (Candra Kirana) putrane ratu Jenggala. Ing mangsa  iki ana pujangga jenenge Empu Dharmaja nganggit layang Smaradhana. Raden  Panji nganti saiki tansah kacarita ana lakone wayang gedhog lan wayang  topeng. Pujanggane Jayabaya aran Empu Sedah lan Empu Panuluh. Empu Sedah  ing tahun Saka 1079 (= 1157) methik saperanganing layang Mahabarata,  dianggit lan didhapur cara Jawa, dijenengake layang Bharata Yudha. Wong  Jawa ing wektu iku wis pinter, wong Indhu kesilep, karajan Indhu wis  dadi karajan Jawa.
 
04 Perangan Kang Kapisan
Bab 4
Ken Angrok Nelukake Karajan Karajan Cilik (1220 – 1247)
Ing tahun 1222 ana ratu ing Tumapel utawa Singasari, jenenge Ken Angrok.
Critane Ken Angrok iki saka layang  Pararaton. Ketemune layang iki ana ing Bali dhek tahun 1891. Ken Angrok  lair ana ing sacedhake Tumapel (Singasari), asal wong tani lumrah bae.  Ken Angrok kacarita bagus rupane lan bisa nenarik katresnaning wong,  nanging banget kareme marang pangaji aji lan wani marang penggawe luput.  Ing sawijining dina ana Brahmana ketemu karo dhewekne, kandha yen  dhewekne titising Wisnu. Anggone kandha mangkono iku, awit Brahmana mau  ngerti yen Ken Angrok iku wong kang gedhe karepe lan kenceng budine.  Brahmana banjur golek dalan bisane Ken Angrok kacedhak karo adipati ing  kono, Sang Tunggul Ametung. Ora antara suwe kelakon Ken Angrok  kaabdekake. Bareng wis mangkono, Ken Angrok banjur tansah golek dalan  kapriye enggone bisa ngendhih Sang Adipati, nggenteni jumeneng.  Ketemuning nalar Ken Angrok banjur ndandakake keris becik marang Empu  Gandring. Sawise keris dadi, katon becik temenan, nganti mitrane Ken  Angrok aran Keboijo kepencut kepengin nganggo, banjur nembung nyilih:  oleh. Saka senenge, keris mau saben dina dianggo sarta dipamer pamerake,  dikandhakake duweke dhewe. Bareng wis sawatara dina Ken Angrok banjur  nyolong kerise dhewe kang lagi disilih ing mitrane mau dianggo nyidra  Sang Adipati. Kelakon seda, keris ditinggal ing sandhinge layon.  Urusaning prakara: mitrane Ken Angrok sing kena ing dakwa, diputus ukum  pati. Ken Angrok banjur bisa oleh Sang putri randaning Tunggul Ametung  lan gumanti madeg adipati: Sang Putri asmane Ken Dhedhes.
Sasuwene dicekel Ken Angrok negarane  tata, reja, wong cilik banget sungkeme. Sawise mbedhah karajan cilik  cilik ing Jenggala, Ken Angrok banjur emoh kebawah Kedhiri, malah ing  tahun 1222 mbedhah praja Kedhiri nganti kelakon menang, Ratu ing Kedhiri  Prabu Kertajaya seda nggantung sabalane kang padha tuhu. Kedhiri banjur  ditanduri adipati kabawah Singasari. Bareng para ratu darah Empu  Sindhok wis kalah kabeh karo Ken Angrok, Ken Angrok banjur jumeneng Ratu  gedhe, jejuluk Prabu Rejasa, yaiku kang nurunake para ratu ing  Majapait.
Kacarita Sang Retna Dhedhes nalika  sedane adipati Tunggul Ametung wis ambobot. Bareng wis tekan mangsane,  Sang Retna mbabar putra kakung, diparingi peparab Raden Anusapati. Wiwit  timur nganti diwasa Sang Pangeran ora ngerti yen satemene dudu putrane  Prabu Rejasa, nanging rumangsa yen ora ditresnani ing Sang Prabu, beda  banget karo rayi rayine. Ing sawijining dina Anusapati kelair marang  ibune mangkene: “Ibu, punapa, dene Kangjeng rama punika teka boten remen  dhateng kula?” Sang Retna banget trenyuhing galih mireng atur sasambate  kang putra, wasana banjur keprojol pangandikane; kang putra dicritani  lelakone wiwitan tekan wekasan. Anusapati banget ing pangungune,  sanalika banjur duwe sedya males ukum, nanging isih sinamun ing semu.  Keris yasane Empu Gandring disuwun, pawatane mung kepingin banget  anganggo. Kang ibu lamba ing galih, keris diparingake.
Anusapati banjur nimbali abdine  kekasih, diparingi keris mau lan diweruhake ing wewadine. Bengine Sang  Prabu seda kaprajaya ing duratmaka. Layone Sang Prabu dicandhi ana ing  Kagenengan (cedhak Malang). Anusapati nggenteni jumeneng Nata. Anusapati  jumeneng ora suwe, awit Raden Tohjaya ngerti yen Anusapati kang nyedani  ramane, mulane sumedya males ukum lan iya kelakon. Tohjaya jumeneng  Nata, nanging iya ora suwe. Tohjaya utusan mantrine aran Lembu Ampal,  didhawuhi nyirnakake kalilipe loro, yaiku: Ranggawuni, putrane  Anusapati, lan nakdulure kang aran Narasingamurti; yen ora bisa kelakon,  Lembu Ampal dhewe bakal kena ukum pati.
Dumadakan ana sawijining Brahmana kang  welas marang raden loro, banjur wewarah saperlune. Satriya loro banjur  ndhelik ana ing panggonane Panji Patipati. Lembu Ampal nggoleki raden  loro ora ketemu, banjur ora wani mulih, ngungsi marang Panji Patipati.  Bareng ana ing kono mbalik ngiloni raden loro, malah ngrembugi para  punggawa kang ora cocog karo Tohjaya diajak ngraman, wasana kelakon,  Sang Prabu nganti nemahi seda.
Ranggawuni jumeneng Nata ajejuluk Syri  Wisynuwardhana nganti nakdhereke Narasinga. Nganti tekan ing seda  priyagung loro mau rukun banget, nganti dibasakake: “Kaya Wisynu lan  kang raka Bathara Endra”. Karatone mundhak gedhe pulih kaya dhek jamane  Prabu Erlangga, malah jajahane wuwuh Madura. Sang Nata seda ing tahun  1268, layone diobong kaya adat, awune sing separo dicandhi ana ing  Weleri, ditumpangi reca Syiwah, sing separo dipethak ana candhi Jago  (Tumpang) nganggo reca Budha. Dadi tetela ing wektu iku agama Syiwah  karo Budha campur.
 
05 Perangan Kang Kapisan
Bab 5
Jumenenge Kartanagara ing Tumapel (1268 – 1292)
Ratu Singasari kang Kaping V, jumeneng  mekasi. Sasedane Syri Wisynuwardhana pangeran pati jumeneng Nata,  ajejuluk Prabu Kartanagara. Sang Prabu manggalih marang kawruh kagunan,  lan kasusastran, lan iya manggalih marang undhaking jajahan, nanging  kurang ngatos atos, lan kersa ngunjuk nganti dadi wuru. Ana nayakaning  praja aran Banyak Widhe utama Arya Wiraraja, tepung becik lan  Jayakatwang, adipati ing Daha. Satriya iku ora sungkem marang ratune,  malah wis sekuthon karo Jayakatwang, arep mbalela. Dumadakan ana  punggawa kang matur prakara iku, nanging Sang Prabu ora menggalih,  Wiraraja malah diangkat dadi adipati ana ing Madura.
Pepatihe Sang Nata aran Raganatha  rumeksa banget marang ratune, nganti sok wani ngaturi penget marang Sang  Prabu ing bab kang ora bener, nanging Sang Prabu ora rena ing galih,  ora nimbangi rumeksaning patih setya iku, malah banjur milih patih liya  kang bisa ngladeni karsane. Patih wredha diundur, winisuda dadi: nayaka  pradata, dadi wis ora campur karo prakara pangreh praja. Patih anyar  senenge mung ngalem marang ratune lan ngladosi unjuk unjukan.
Ana utusan saka ratu agung ing nagara  Cina (Chubilai) dhawuh supaya Prabu Kartanagara nyalirani dhewe utawa  wakilsuwana marang nagara Cina perlu caos bekti (tahun 1289). Sang Prabu  duka banget. Bathuking Cina utusan digambari pasemon kang ora apik,  nelakake dukane Sang Prabu. Bareng tekan ing nagara Cina patrape ratu  Jawa kang mangkono iku mau njalari dukane ratu binathara ing Cina, Ing  tahun1292 ana prajurit gedhe saka ing Cina arep ngukum ing kuwanene wong  Jawa. Wiraraja sasuwene ana ing Madura isih ngrungok ngrungokake apa  kang kalakon ana ing Singasari, lan iya weruh uga yen ing wektu iku  prajurit Singasari dilurugake menyang Sumatra. Wiraraja ngajani  Jayakatwang akon nangguh mbedhah Singasari, mumpung nagara lagi kesisan  bala. Jayakatwang ngleksanani, lan Singasari kelakon bedhah. Ratu lan  patihe katungkep ing mungsuh isih terus unjuk unjukan bae (wuru), mulane  ora rekasa pinurih sedane.
Raden Wijaya, wayahe Narasinga, nuli  umangsah ngetog kaprawiran mbelani nagara lan ratune, nanging wis  kaslepek karoban wong Daha, mulane banjur kepeksa ngoncati, mung kari  nggawa bala 12, genti genti nggendhong Sang Putri garwane Raden Wijaya,  putrane Prabu Kartanagara. Lampahe Raden Wijaya sasentanane nusup  angayam alas. Kalebu wilangan 12 iku ana satriyane loro, putrane  Wiraraja, duwe atur marang  Gustine supaya ngungsi menyang Madura. Sang  Pangeran maune ora karsa, nanging suwe suwe nuruti. Ana ing Madura  ditampani kalawan becik. Rembuge Wiraraja, Raden Wijaya diaturi suwita  menyang Daha. Wiraraja sing arep nglantarake. Yen wis kelakon suwita  Raden Wijaya diaturi nyetitekake para punggawa ing Daha, sapa sing  kendel utawa jirih, tuhu utawa lamis. Yen wis antara suwe diaturi nyuwun  tanah tanah Trik, dibabada banjur dienggonana. Raden Wijaya nurut ing  pitudhuh, lan iya kelakon suwita ing Daha. Kacarita pasuwitane kanggep  banget, amarga saka pintere nuju karsa, lan saka pintere olah gegaman;  wong sa Daha ora ana sing bisa ngalahake. Kabeh piwulange Wiraraja  ditindakake, dilalah Sang Prabu teka dhangan bae, malah bareng tanah  Trik wis dibabad, Raden Wijaya nyuwun manggon ing kono iya dililani.  Kacarita nalika babade tanah Trik mau, ana wong kang methik woh maja  dipangan, nanging rasane pait. Awit saka iku desa ingkono mau banjur  dijenengake Majapait. Bareng Raden Wijaya wis manggon ing Majapait,  rumangsa wis wayahe tata tata males ukum, ngrusak kraton Daha, ananging  Wiraraja akon sabar dhisik, awit isih ngenteni prajurit saka nagara Cina  kang arep ngukum wong Singasari. Karepe Wiraraja arep ngrewangi Cina  bae dhisik, besuke arep mbalik mungsuh Cina. Wiraraja banjur boyong  sakulawargane lan saprajurite menyang Majapait ngumpul dadi siji karo  Raden Wijaya.
 
06 Perangan Kang Kapisan
Bab 6
Karajan Melayu Ing Bab 5 ana critane
Prabu Kartanagara enggone anjangka undhaking jajahane.
Ana ing tanah Sumatra kelakon bisa oleh  jajahan. Ing ngisor iki crita sathithik tumraping karajan karajan ing  tanah Melayu. Kacarita ratu ing Funan, kira kira ing sajroning abad 3  ngelar jajahan, ngelun tanah Sumatra, Jawa lan liya liyane, ayake ratu  iku kang yasa reca reca ing tanah Pasemah. Ing abad kapitu ana  golonganing para pangeran saka ing Indhu Buri, padha manggon ing sakiwa  tengening Palembang, banjur ngedegake nagara gedhe, jenenge karajan  çrivijaya (= Syriwijaya, sinebut ing bangsa Cina nagara: Sambotsai).  Ratu ratune padha darah Warman, isih dumunung sanak karo darah  Purnawarman ing Tanah Jawa dhek abad 4 – 5, apadene darah Mulawarman ing  Kutai lan Borneo dhek watara tahun 400. Nagara çrivijaya jajahane kira  kira Sumatra sisih kidul lan tengah, Malaka, Kamboja lan malah tekan  Tanah Jawa. Ing tahun 686 ratu agung ing negara çrivijaya nglurugi Tanah  Jawa, awit Tanah Jawa ora tuhu pangedhêpe marang çrivijaya. Sajroning  abad 10 prajurit Jawa genti nglurugi çrivijaya, menang, nanging ora suwe  çrivijaya bisa kombul maneh. Praja iku ajeg enggone nglakokake utusan  marang Narendra ing Cina. Ing sajroning abad 12 lan 13 nagara gedhe  çrivijaya pecah dadi karajan cilik cilik. Darah Warman jumeneng ana ing  tanah kang sinebut tanah: “Melayu” yaiku saikine Jambi. Rehning pasisire  tanah Melayu kono akeh rerusuh, wonge akeh kang padha ngungsi marang  tanah pagunungan kang loh, ana ing kono padha dedhukuh. Bareng Tanah  Jawa gedhe panguwasane, Prabu Kartanagara (1268 – 1292) kalakon bisa  ngrusak kutha Pasei, lan ngejegi Jambi, Palembang, Riouw sarta kutha  kutha akeh ing Borneo apadene pulo pulo ing Moloko. Ing saantaraning  tahun 1275 lan 1293 wong Jawa nglurugi tanah pagunungan Jambi mau yaiku  tanah kang besuke aran Menangkabau. Lurugan iku diarani: Pamalayu. Ing  tahun 1268 Prabu Kartanagara angganjar reca marang ratu ing Dharmmaçraya  (Darmasraya) uga dumunung ing tanah Jambi, ing saikine ora adoh karo  Sungai Lansat. Karajan iku ing besuke kalebu jajahan Majapait, rajane  darah Warman jejuluk Tribuwana (Mauliwarman) kagungan garwa bangsa  Melayu, kang putrine (putrane putri) ayake dai garwane Raden Wijaya  biyen. Sang Raja Tribhuwana melu karo bangsa Jawa nglurugi tanah Padhang  Hulu. Miturut carita Melayu, lurugan mau ora oleh gawe, mung marga saka  klebu ing gelar, kalah enggone adu kebo, mulane kuthane banjur jeneng  Menangkabau iku. Ana raja wewengkone karajan Dharmmaçraya jejuluk  Adityawarman nagarane ing Malayupura, kang ing tahun 1347 wus merdika,  ambawa pribadhi, iku nglurugi Menangkabau, nanging ora nganti dadi  perang, malah banjur diangkat dadi raja ing kono, awit pancen dianggep  bangsa Melayu. Jumenenge ana ing Menangkabau wiwit tahun 1347 tekan  1375, kecrita ing kawicaksanane lan pintere nyekel praja.
Tumeka saprene Sang Adityawarman sarta  nayakane loro kang aran Papatih Sabatang lan Kyai Katumanggungan isih  dipundhi pundhi marang bangsa Menangkabau. Sapungkure Sang Aditya wis  ora ana raja ing Menangkabau kang kecrita. Negarane pecah pecah, ing  saiki isih akeh titike, mungguh ing kaluhuraning para raja Jawa asal  Indhu, ana ing tanah Menangkabau kono, luwih luwih tumraping basa lan  sastrane. Darah raja raja kuna ing Menangkabau mau enteke durung lawas,  kang pungkas pungkasan putri, sedane lagi saiki bae.
Ing tahun 1377 kutha Sanbotsai ing  tanah Palembang rinusak ing balane Prabu Ayamwuruk. Kang kuwasa ing  tanah Palembang kasebut jeneng Arya Damar nurunake Raden Patah (+/-  tahun 1500). Awit saka ambruking karaton Majapait, Palembang iya katut  apes, besuke kalah karo Banten. Kaluhuraning Tanah Jawa ana ing Sumatra  sisih kidul kono tumekane dina iki uga iya isih akeh tilas tilase.
 
07 Perangan Kang Kapisan
Bab 7
Perang Cina lan Adege Karajan Majapait (1292)
Ing tengah tengahane tahun 1292  Maharaja Choebilai sida ngangkatake wadya bala menyang ing Tanah Jawa  perlu arep ngukum Prabu Kartanagara. Ana ing pacekan (Surabaya) prau  Jawa kalah, nuli bala Cina arep nglurugi9 Daha, kang dikira panggonane  Kartanagara (kang nalika iku wis seda). Kacarita Raden Wijaya dhek jaman  samono wus wiwit mbalela marang Jayakatwang ratu ing Daha. Sarehne duwe  pangarep arep bisaa ditulungi ing Cina numpes ratu ing Daha, mulane  Raden Wijaya banjur gawe gelar ethok ethok arep teluk marang senapati  Cina. Kabeneran ora let suwe Majapait, panggonane Raden Widjaya ditempuh  ing wong Daha, Raden Wijaya entuk pitulungane wong Cina bisa menang.  Wasana ing tahun 1293 kutha Daha dikepung ing balane Shih Pih lan Raden  Wijaya, Daha bedhah, ratune kacekel, peni peni raja peni dijarah rayah,  Raden Wijaya nulungi putri putri, putrane Prabu Kartanagara digawa oncad  menyang Majapait. Ora antara suwe, marga saka akale Wiraraja, Raden  Wijaya bisa ngusir prajurit Cina. Wondene prajurit mau, senadyan kesusu  susu meksa isih bisa anggawa barang rayahan, pengaji mas satengah yuta  tail lan tawanan wong satus saka Daha. Raden Wijaya banjur jumeneng   Nata ing Majapait, jejuluk Kertarejasa Jayawardhana utawa Brawijaya I  (tahun 1294 – 1309).
Sawise jumeneng Nata, Sang Prabu  anggeganjar marang sakabehing kawula kang maune labuh, marang  panjenengane. Wiraraja dibagehi tanah Lumajang saurute. Putrine  Kartanagara papat pisan dadi garwane Sang Prabu, lan isi ana garwa  paminggir siji saka tanah Melayu aran Sri Indresywari. Saka garwa  paminggir iki Sang Prabu kagungan putra R. Kaligemet, kang besuke  nggentos kaprabon, ajejuluk Jayanegara, saka Prameswari Sang Prabu  peputra putri loro. Ing tahun 1295 R. Kalagemet lagi yuswa sataun wis  diangkat dadi pangeran pati lan dadi ratu ing Kedhiri, ibune kang  ngembani nyekel praja Kedhiri. Ing nalika panjenengane Prabu Kertarejasa  Jayawardhana iku, Tanah Jawa karo Cina becik maneh, perdagangane gedhe,  wong Cina teka ing Tanah Jawa nggawa mas, salaka, merjan, sutra biru,  sutra kembang kembangan, bala pecah lan dandanan wesi. Saka ing Tanah  Jawa, Cina kulak: beras, kopi kapri, rami, bumbon craken luwih luwih  mrica, barang barang mas utawa salaka, bangsa dandanan kuningan utawa  tembaga, tenunan kapas lan sutra, welirang, gading, cula warak, kayu  warna warna, manuk jakatuwa lan barang nam naman.
Ing Tanah Jawa ing wektu iku akeh  palabuhan rame, kayata: Tuban, Sedayu; Canggu. Nalika jamane ratu iki  ing bawah karaton Majapait kena dibasakake ungsum kraman. Para satriya  kang melu lara lapa dhek jamane Raden Wijaya saiki ora oleh ati, awit  Sang Prabu mung anggega aturing nayakane kang aran Mahapati, wasana para  satriya mau banjur genti genti padha ngraman, nanging temahan asor  jurite. Ing tahun 1328 Sang Prabu seda, dicidra ing dukun kang didhawuhi  ambedhel salirane. Sasedane Prabu Jayanegara kang gumanti sadhereke  putri, kang sesilih Bhreng Kauripan banjur jejuluk Jayawisynuwardhani.  Sang nata dewi krama oleh satriya, kekasih Kartawardhana, misuwur  pinter, sregep lan jejeg penggalihe. Sang Pangeran diangkat dadi  panggedhening jaksa lan oleh lungguh bumi Singasari sawewengkone.  Gajahmada dadi warangkaning ratu. Karepe Gajahmada arep nungkulake  satanah Jawa kabeh lan pulo pulo sakiwatengene. Ora let suwe yaiku tahun  1334 Sumbawa lan Bali bedhah banjur kabawah marang Majapait, mangka  Bali nalika samana wis mbawahake Lombok, Madura, Blambangan lan Selebes  sabageyan. Senapatining prajurit kang ngelar jajahan ing sajabaning Jawa  aran Nala. Ing tahun 1334 Sang Raja putri mbabar miyos kakung diparabi  Ayam Wuruk, kang banjur dijumenengake Nata, nanging isih diembani kang  ibu nganti tekan tahun 1350.
 
08 Perangan Kang Kapisan
Bab 8
Ayam Wuruk, Syri Rajasanagara,
Ratu kang kaping IV ing Majapait (tahun 1350 – 1389)
Awit saking gedhene lelabuhane Patih  Gajahmada, nagara Majapait saya suwe saya misuwur kuwasane. Prabu Ayam  Wuruk tetep jumeneng ratu agung binathara ngereh sapepadhaning ratu.  Sang Nata krama oleh nakdhereke piyambak kang wewangi Retna Susumnadewi.  Para santanane padha ginadhuhan tanah dhewe dhewe ing samurwate. Dene  kuwajibane para santana utawa adipati mau ing mangsa kang wus  ditamtokake kudu ngadhep ing panjenengane Nata, mulane kabeh padha duwe  dalem becik becik ana ing Majapait, muwuhi asrining nagara. Ing jaman  iku ana pujangga kraton aran “Prapanca” (Budha). Ing tahun 1365 pujangga  iki nganggit layang kang aran Nagarakertagama. Ana maneh pujangga aran  Empu Tantular nganggit layang Arjunawiwaha. Majapait ing wektu iku emeh  mbawahake satanah Indhiya Wetan kabeh, kayata: Tanah Jawa Wetan lan  Tengah, Sumatra, wiwit Lampung tekan Acih (Perlak), Borneo  (Banjarmasin), Selebes (Banggawai, Salaiya, Bantaiyan), Flores  (Larantuka), Sumbawa (Dompo), saparoning Malaka lan sabageyaning Nieuw  Guinea.
Tanah Sundha ora ditelukake. Kang  jumeneng ratu ana ing tanah Sundha mau ajejuluk Prabu Wangi, putrane  putri dilamar Prabu Ayam Wuruk iya dicaosake, ananging Prabu Wangi  banjur pasulayan karo Patih Gajahmada, nganti dadi perang. Prabu Wangi  seda ing paprangan lan akeh punggawane kang mati ana paprangan; ewadene  tanah Sundha ora dibawah Majapait, isih madeg dhewe ing sateruse.
Ing Jaman samono paro ajar utawa  pandhita (agama Budha utawa Syiwah) melu nindakake paprentahan nagara,  mulane padha diparingi lungguh bumi dhewe dhewe kang diarani bumi:  Pradikan. Padesan ing sakubenging candhi utawa padhepokaning para  pandhita lumrahe uga dadi bumi pradikan, wonge diwajibake jaga lan  ngopeni candhi padhepokan mau. Kawula liyane padha kena pajeg prapuluhan  (saprapuluhing pametuning bumine), lan kena ing pagaweyan gugur gunung  lan sapepadhane. Pajeg rajakaya, pajeg panggaotan lan tambangan ing  wektu samono iya wis ana. Pametoning praja gedhe banget, perlu kanggo  ragad perang lan kanggo kapraboning Sang Nata sarta kanggo yeyasan  nagara, kayata: kraton, gedhong gedhong, pasanggrahan pasanggrahan lan  liya liyane.
Ing nagara Majapait wis akeh omah kang  becik becik, payone sirap, dene omah kang lumrah padha apager gedheg,  ananging ing jero racake ana pethine watu kang santosa perlu kanggo  nyimpen barange kang pangaji. Wong wong dhek jaman samono padha doyan  nginang,  senengane padha tuku bala pecah saka juragan Cina, pambayare  nganggo dhuwit sing diarani Kepeng. Wong lanang padha ngore rambut, wong  wadon gelungan kondhe. Wiwit enom wong wong padha nganggo gegaman  keris, lan gegaman iku kerep diempakake. Wong yen mati jisime diobong,  yen sing mati iku bangsa luhur utawa wong sugih bojo bojone (randha  randhane) padha melu obong. Ora adoh saka nagara ana papan kanggo adu  adu kewan utawa uwong utawa kanggo karameyan liya liyane. Papan iku  arane “Bubat”. Sang Nata kerep lelana tinggal nagara, ing Blambangan  saurute iya tau dirawuhi.
Prakara perdagangan iya dadi gedhe  banget, awit saka majuning lelayaran kagawa saka kehing nagara nagara  kang kabawah ing Majapait sing kelet letan sagara. Bab kagunan, kayata:  ngukir ukir sapepadhane, kombule ing Tanah Jawa Wetan dhek pungkasane  abad kang katelulas, lan ing wiwitane abad kang pat belas, mung bae  panggawene reca reca kang apik apik iku nganggo tuntunaning wong Indhu  utawa nurun kagunan Indhu. Cekaking carita: Nalika panjenengane Prabu  Ayam Wuruk iku, Majapait lagi unggul unggule, samubarang lagi sarwa  onjo. Prabu Ayam Wuruk tilar putra kakung miyos saka selir asma “Bhre  Wirabhumi” jumeneng Nata ana ing bageyan kang wetan. Dene kang nggenteni  keprabon Majapait putra mantune Sang Nata, ajejuluk Wikramawardhana  (tahun 1389 – 1400). Ing tahun 1400 Sang Prabu seleh keprabon, kersane  arep mandhita, ananging sapengkere Sang nata, putra lan sentanane padha  rebutan nggenteni keprabon. Prabu Wikramawardhana banjur kapeksa kundur  jumeneng ratu maneh nganti tekan tahun 1428. Sajroning jumeneng sing  keri iki Sang Prabu nerusake merangi santanane kang wus kabanjur ngraman  nalika Sang Prabu jengkar saka kraton. Rehning perang iki nganti suwe  dadi nganakake kapitunan akeh lan karusakan gedhe, awit teluk telukan  ing tanah sabrang banjur padha wani mbangkang wus ora gelem kabawah  Majapait. Tataning kawula iya banjur rusak. Prakara paten pinaten wis  dadi lumrah. Akeh wong main lan adu jago totohane gedheni. Ing tahun  1428 – 1447 kang jumeneng nata ratu putri jejuluk Retna Dewi Suhita,  putrane Prabu Wikramawardhana saka garwa paminggir. Teruse banjur banjur  Prabu Kertawijaya (1447 – 1452) lan maneh Prabu Bhra Hiyang  Purwawisyesa (1456 – 1466), Pandan Salas (1446 – 1468), banjur Prabu  Bhrawijaya V (1468 – 1478). Mungguh babade ratu ratu kang wekasan iki  ora terang, mulane ora disebutake. Ana ratu ing nagara Keling (salor  wetane Kedhiri, sakidul kulone Surabaya) jejuluk Prabu Ranawijaya  Giridrawardhana ngelar jajahan nelukake Jenggala, Kedhiri lan uga  mbedhah Majapait (tahun 1478). Bedhahe Majapait iku kuthane ora dirusak,  awit ing tahun 1521 lan 1541 nagara Majapait isih kecrita kutha kang  gedhe. Suwe suwe kutha Majapait dadi rusak, awit wong wonge kang ora  seneng kaereh ing kraton liya, padha genti genti ninggal negarane,  nglereg  marang tanah Bali. Saiki Majapait mung kari patilasan bae,  awujud pager bata tilas mubeng lan tilas gapura (Candhi Tikus, Bajang  Ratu). Isih sajroning jaman Majapait, agama Islam wis mlebu saka  sathithik, saya suwe saya bisa ngalahake dayaning agama Indhu ana ing  Jawa Wetan.
Mungguh kaananing tanah Sundha ing  wektu iku ora pati kasumurupan. Sawise krajan Tarumanagara dhek abad 4  lan 5, mung ana kang kacarita krajan Sundha ing tahun 1030 nagarane kira  kira ing Cibadhak. Enggone ora ana wong manca kang mlebu mrono, marga  saka kehing bajag kang padha nganggu gawe ing sauruting pasisir. Ing  Priyangan sisih wetan ana krajane aran Galuh, kang ngadegake ayake ratu  aran Pusaka, ratu liyane jejuluk Wastukencana lan Prabu Wang(g)i. ing  tahun 1433 Sang Ratu Dewa iya Raja Purana, ngadegake kutha anyar aran  Pakuan (Batutulis). Karajan iki aran Pajajaran. Tulisan kang ana ing  watu kono nerangake manawa Sang Prabu yasa segaran. Pajajaran semune  krajan rada gedhe lan ngerehake Cirebon barang.
Perangan Kang Kaping Pindho Babad Tanah  Jawa Wiwit Adege Karajan Karajan Islam lan Tekane Bangsa Europa  tumekane Gempale Karajan Mataram lan Ambruke Vereenig de Oost indische  Compagenie (VOC) tahun 1500 – 1799.
 
09 Perangan Kang Kaping Pindho
Bab 1
Karajan Demak lan Karajan Pajang +/- tahun 1500 – 1582
Wiwitane ing Tanah Jawa ana agama Islam ing antarane tahun 1400 – 1425.
Ing tahun 1292 ing tanah Perlak ing  pulo Sumatra wis ana wong Islam; ing tahun 1300 ana wong Islam manggon  Samudra Pasei. Ing pungkasane abad kang ping 14 ing Malaka iya wis ana  wong Islam.Tekane padha saka Gujarat. Saka Malaka kono agama Islam  mencar marang Tanah Jawa, tanah Cina, Indhiya Buri lan Indhiya Ngarep.  Kang mencarake agama Islam ing Tanah Jawa dhisike yaiku sudagar Jawa  saka Tuban lan Gresik, kang padha dedagangan ing Malaka, padha sinau  agama Islam, dadine Islam terkadhang sok kepeksa. Sudagar sudagar jawa  mau padha bali marang Tanah Jawa Wetan, sudagar Indhu lan Persi uga ana  sing teka ing kono lan nuli mencarake agama Islam marang wong wong. Sing  misuwur yaiku: Maulana Malik Ibrahim (wong Persi?), seda ana ing Gresik  ing tahun 1419, nganti saiki pasareane isih.
Bareng kuwasane karaton Majapait saya  suwe saya suda, para bupati ing pasisir rumangsa gedhe panguwasane, wani  nglakoni sakarep karep. Para bupati mau lumrahe wis padha Islam wiwit  tumapaking abad kaping 16 (tahun 1500 – 1525), Jalaran saka iku kerep  bae perang karo para raja agama Indhu kang manggon ing tengahing Tanah  Jawa.
Miturut carita: Sang Prabu Kertawijaya  ing Majapait iku wis tau krama karo putri saka ing Cempa (tanah Indhiya  Buri). Putri mau kapernah ibu alit karo Raden Rahmat utawa Sunan Ngampel  (sacedhake Surabaya). Sunan Ngampel kagungan putra kakung siji, asma  Sunan Bonang, lan putra putri siji, asma Nyai Gedhe Malaka. Nyai Gedhe  Malaka iku marasepuhe Raden Patah utawa Panembahan Jimbun, yaiku kang  sinebut: Sultan Demak kang kapisan.
Sunan Ngampel lan Sunan Bonang iku dadi  panunggalane para wali. Para wali mau kang misuwur: Sunan Giri (sakidul  Gresik), ana ing kono yasa kedhaton lan mesjid; Ki Pandan Arang (ing  Semarang) lan Sunan Kali Jaga (ing Demak). Ing tahun 1458 ing Demak wis  ana mesjid becik.
Padha padha bupati ing pasisir pati  Unus iku kang kuwasa dhewe. Pati Unus uga kasebut Pangeran Sabrang Lor.  Iku putrane Raden Patah utawa Panembahan Jimbun. Ing tahun 1511 Pati  Unus mbedhah Jepara, Ing tahun 1513 nglurugi Malaka. Enggone tata tata  arep nglurug mau nganti pitung tahun lawase. Lan bisa nglumpukake prau  kehe nganti sangang puluh lan prajurit 12.000, apadene mriyem pirang  pirang. Nanging panempuhe bangsa Portegis ing Malaka nggegirisi, nganti  Pati Unus kapeksa bali lan ora oleh gawe. Pati Unus ing tahun 1518 uga  ngalahake Majapait nanging Majapait dhek samana pancen wis ora gedhe.  Kuthane ora dirusak, mung pusaka kraton banjur digawa menyang Demak  sarta Pati Unus ngaku nggenteni ratu Majapait.
Ing tahun 1521 Pati Unus seda isih enem  lan ora tinggal putra. Kang gumanti rayi let siji yaiku Raden  Trenggana, jalaran rayine tumuli: Pangeran Sekar Seda Lepen, wis  disedani putrane raden Trenggana, kang aran Pangeran Mukmin. Sajroning  jumenenge Sultan Trenggana (tahun 1521 – 1550) karaton Demak kuwasa  banget, nguwasani Tanah Jawa Kulon, ngereh kutha kutha ing pasisir lor  lan uga mbawahake jajahan Majapait, sarta karaton Supit Urang (Tumapel)  uga banjur kaprentah ing Demak. Dene Blambangan iku bawah Bali.  Pelabuhan bawah Demak akeh sing rame, kayata: Jepara, Tuban, Gresik lan  Jaratan. Gresik lan Jaratan iku sing rame dhewe, wong kang manggon ing  kono luwih 23.000. Ing tahun 1546 Sunan Gunung Jati kalawan Sultan  Trenggana arep mbedhah Pasuruwan. Kutha Pasuruwan banjur kinepung ing  wadya bala, nanging durung nganti bedhah, pangepunge diwurungake,  jalaran Sultan Trenggana seda cinidra dening sawijining punakawan  santana, kang mentas didukani. Putrane Sultan Trenggana akeh. Putra  putrine padha krama oleh priyayi gedhe gedhe. Ana sing krama oleh bupati  ing Pajang, kang asma: Adiwijaya, yaiku Mas Krebet, Ki Jaka Tingkir  utawa Panji Mas. Putrane Sultan Trenggana loro: Pangeran Mukmin utawa  Sunan Prawata, lan Pangeran Timur, kang ing besuke dadi adipati ing  Madura. Sunan Prawata iku kang nyedani Pangeran Sekar Seda Lepen. Ing  semu putrane Pangeran Sekar Seda Lepen kang asma Arya Panangsang arep  malesake sedane kang rama. Sakawit Arya Panangsang nyedani Pangeran  Mukmin sagarwane, nuli putra mantune Sultan Trenggana, ora oleh gawe,  malah Arya Panangsang bareng dipapagake perang, kalah nemahi pati.  Adiwijaya banjur nguwasani Tanah Jawa: amboyong pusaka kraton menyang  Pajang lan nuli dijumenengake Sultan dening Sunan Giri. Nalika Adiwijaya  jumeneng ratu ana ing Pajang, blambangan lan Panarukan kabawah ratu  agama Syiwah ing Blambangan, kang uga mbawahake Bali lan Sumbawa (tahun  1575). Jajahan jajahan ing Pajang kaprentah ing pangeran (adipati)  yaiku: Surabaya, Tuban, Pati, Demak, Pemalang (Tegal), Purbaya  (Madiyun), Blitar (Kedhiri), Selarong (Banyumas), Krapyak (Kedhu sisih  kidul kulon, sakulone bengawan Sala.
Ana ing tanah Pasundhan karaton Pajang  meh ora duwe panguwasa, jalaran ing tahun +/- 1568 tanah Banten  dimerdikakake dening Hasanuddin, dadi tanah kasultanan.
 
10 Perangan Kang Kaping Pindho
Bab 2
Karajan Mataram Nalika Jumenenge Senapati
(tahun 1582 – 1601)
Ana wong linuwih sinebut Kyai Gedhe  Pamanahan, asale mung wong lumrah bae. Jalaran saka akeh lelabuhane  marang Sultan Pajang, banjur didadekake patinggi ing Mataram. Nalika iku  tanah Mataram durung reja lan Pasar Gedhe, padunungane Kyai Pamanahan  mau isih awujud desa.
Putrane Kyai Gedhe Pamanahan kang asma  Sutawijaya utawa Raden Bagus, utawa Pangeran gabehi Loring Pasar iku  dipundhut putra angkat dening Sultan Pajang lan nganti diwasa tansah na  ing kraton  , dadi mitrane Pangeran Pati yaiku Pangeran Banawa. Ing  tahun 1575 Sutawijaya gumanti kang  rama ana ing Mataram, oleh jejuluk  Senapati Ing Ngalaga Sahidin Panatagama.
Panembahan Senapati (Sutawijaya) mau  banget ing pangarahe supaya bisa jumeneng ratu. Ing sasi Mulud ora  ngadhep marang Pajang, lan Pasar Gedhe didadekake beteng, ndadekake  kuwatire Sultan Adiwijaya. Kelakon ora suwe banjur peperangan, Adiwijaya  kalah lan ing tahun 1582 seda jalaran karacun. Pangeran Banawa ora wani  nglawan Senapati. Senapati banjur ngaku jumeneng Sultan, sarta  pusakaning kraton kaelih marang Mataram. Senapati ngerehake Mataram ing  tahun 1586 – 1601. Jajahan jajahan karaton Pajang kang wis kasebut  ndhuwur kaerehake ing Mataram kanthi ngrekasa banget. Senapati kepeksa  kudu kerep perang, kayata: perang karo Panaraga, Madiyun, Pasuruwan lan  luwih luwih karo Blambangan. Ewadene Blambangan iku ora bisa kalah babar  pisan. Karo Senapati memitran. Banten arep ditelukake, nanging ora bisa  kalakon. Galuh pineksa kareh Mataram. Ing nalika iku akeh kutha kutha  pelabuhan kang rame, padha ditekani wong Portegis, ora lawas wong  Walanda iya padha nekani ing kono. Dedagangane mrica, pala, cengkeh,  kapas lan barang barang liyane akeh, nanging bab kawruh lan kagunan ora  pati diperduli. Ing tahun 1601 Senapati seda, kang gumanti putra Mas  Jolang. Pasareyan Senapati nunggal kang rama ana ing Pasar Gedhe sarta  padha pinundi pundhi.
 
11 Perangan Kang Kaping Pindho
Bab 3
Karajan Banten lan Cirebon wiwit jumenenge
Sunan Gunung Jati (+/- tahun 1527) tumeka
Sedane maulana Mohamad (tahun 1596)
Ing wiwitane abad kang ping 16 ing  Tanah Jawa Kulon ana nagara aran Pajajaran, Kutha aran  akuan. Kutha  pelabuhan iya duwe, yaiku Banten lan Sundha Kalapa, nanging dedagangane  urung rame. Awit saka Malaka ing tahun 1511 kacekel ing bangsa Portegis,  para sudagar Islam padha dedagangan ana ing pasisire lor Tanah Jawa  Kulon. Ing Banten nuli ana pedagangan gedhe, dagangane mrica. Ing nalika  iku ana wong Pasei (Sumatra), agamane Islam, teka ing Tanah Jawa Kulon  merangi ratu ing Pejajaran nganggo prajurit saka ing Demak. Wong Pasei  mau ing tembene aran Sunan Gunung Jati, maune bok menawa aran Faletehan.  Iku ipene Raden Trenggana. Marga saka pitulungane Raden Trenggana ing  tahun 1527 bisa mbedhah Sundha Kalapa (Jayakarta utawa Jakarta) lan  Cirebon. Ing tahun 1552 Sunan Gunung Jati ing Banten digenteni kang  putra Hasanuddin. Dene putra liyane kang asma Pangeran Pasarean, iku  kang nurunake para Sultan ing Cirebon. Faletehan seda ing tahun 1570 ana  ing Cirebon lan disarekake ana ing punthuk Gunung Jati. Kutha Pakuan  bedhahe sawise tahun 1570. Para wong ing Tanah Jawa Kulon banjur dipeksa  manjing agama Islam. Nalika Faletehan seda kang jumeneng Sultan ing  Cirebon Panembahan Batu, yaiku buyute Faletehan mau. Hasanuddin iku  krama oleh putrine Pangeran Trenggana. Bareng Pangeran Trenggana seda,  karaton Banten banjur madeg dhewe (tahun 1568). Hasanuddin uga nelukake  Lampung, sarta raja Indrapura ngaturake putrane putri minangka garwa.
Kutha Banten dadi rame lan pelabuhane  gedhe. Ananging kutha urut pasisir ana 750 M, dene ujure marang dharatan  +/- 1600 M. Prau prau bisa lumebu ing kutha metu ing kali kang nrajang  kutha mau; saiki kaline wis waled, jalaran wedhi. Kutha mau kang sasisih  dipageri lan ana gerdhu gerdhune panggonan prajurit jaga tuwin  panggonan mriyem.
Hasanuddin seda ing tahun 1570, banjur kasarekake ing Sabakingking. Kang gumanti kaprabon Pangeran Yusup.
Nalika iku wong Banten yen nandur pari  lumrahe ana ing pategalan (ladhang). Sawise dieneni parine banjur ora  ditanduri maneh, wong wonge banjur golek panggonan liya digawe ladhang,  yen wus panen iya diberakake maneh, enggone nanduri iya kaya kang wis  mau. Sing kaya mangkono iku tumraping lemahe mesthi bae ora becik.  Bareng Pangeran Yusup jumeneng Sultan, wong wong padha didhawuhi  sesawah. Jalaran saka iku wong tani iya kapeksa milih panggonan sing  tetep, ora pijer ngolah ngalih, iku njalari anane desa desa.
Pangeran Yusup uga dhawuh yasa bendungan lan susukan susukan perlu kanggo ngelebi sawah.
Sing mbedhah kutha Pakuan iku iya  Pangeran Yusup. Ratu ing Pakuan seda, para luhur ing kono kapeksa mlebu  Islam. Saweneh ana sing ngungsi marang pagunungan ing Banten Kidul; wong  Beduwi iku turune wong wong sing padha ngungsi mau. Pangeran Yusup  lumrahe karan Pangeran Pasareyan (tunggal jeneng karo kang paman ing  Cirebon). Ing sasedane Pangeran Yusup, Pangeran Jepara utawa Pangeran  Arya anjaluk jumeneng Sultan, nanging ora bisa kelakon, jalaran saka  setyane Mangkubumi (Patih) ing Banten marang Pangeran Yusup. Kang  gumanti Pangeran Yusup, putra kang sisilih Maulana Mohamad. Nalika iku  yuswane lagi 9 tahun, mulane nganggo diembani ing Mangkubumi.
Sing marentah kutha Jakarta sebutan  Pangeran, dhisike Ratu Bagus Angke lan tumurun marang utra. Kutha mau  kinubeng ing pager, ing jerone pager ana mesjide omah gedhe sing  didalemi sang Pangeran, alun alun lan pasar. Iku mau kabeh dumunung ing  pusering kutha. Dagangane ora pati rame kaya ing Banten. Tanah tanah  sakubenge kutha isih kebak buron alas.
Cirebon iku uga ngreka daya bisane  mardika saka Banten. Sultan Cirebon mbawahake saperangane tanah  Priyangan. Watese kang wetan Banyumas, kang kulon Cimanuk (Citarum),.  Bareng sepuhe, Pangeran Mohamad ditresnani ing kawula, jalaran saka  mursid lan wasis. Sang papatih Jayanagara banget setya marang ratune.  Nalika iku Sultan Mohamad diaturi nglurugi Palembang dening Pangeran  Mas, wayahe Sunan Prawata, Sandyan patihe malangi, nanging Sultan  Mohamad ngrujuki; kalakon ing tahun 1596 Palembang dilurugi. Wadyabala  ing Banten wis ngira bakal menang, dumadakan nalika Sultan Mohamad  pinuju  dhahar, kataman ing mimis, ndadekake sedane. Sedane mau digawe  wadi, mung wadyabala diundangi bali marang Banten. Bareng layon arep  disarekake, ing kono wong wong lagi ngerti yen Sultan seda, lan ing  wektu iku uga Pangeran Abulmafachir dijumenengake Sultan, nanging  yuswane lagi sawatara sasi, mulane pamarentahing nagara kacekel ing  Mangkubumi, maneh dibantoni ing Nyai Emban Rangkung, kang jalaran saka  wicaksanane karan: Ratu Putri Ing Banten. Ing pungkasane abad kang ping  16 Banten iku dadi kutha pedagangan kang rame dhewe ing saTanah Jawa.
Wong manca kang ana ing kono: wong  Persi, wong Indhu saka Gujarat, wong Turki, Arab, ortegis, Melayu lan  wong Keling. Wong wong ngamanca mau lumrahe ngingu batur tukon lan juru  basa. Luwih luwih wong Cina, ing Banten akeh banget. Bangsa Cina  manggone ana sajabaning temboking kutha, lan omahe apik apik.  Panggaotane wong manca padha kulak mrica. Sing nganakake dhuwit timbel  (keteng, gobang) ing Banten iya wong wong ngamanca mau. Dhuwit timbel  1.00 pengajine +/- 20 sen. Pangan ing Banten murah banget, dhuwit 20 sen  bae tumraping wong ngamanca, wis turah turah. Hawane ing kutha ora  becik, jalaran kali Banten ing biyene becik, banjur dadi cethek lan  reged. Dalan dalan padha kurugan ing wedhi, omah omahe isih gedheg, mung  senthonge pasimpenan wis tembok. Para priyayi padha duwe pakarangan isi  wit krambil, sangarepe omah ana pendhapane lan ing pojoking latar sok  ana langgare. Kejaba mesjid gedhe lan pamulangan, ing Banten mung ana  omah gedhong siji, yaiku omahe Syahbandar. Kajaba para luhur, wong kang  ngibadah ing Banten ora akeh. Para luhur padha ngagem sarung sutra,  (terkadhang sinulam ing benang emas) serban lan keris, kenakane diingu  dawa, wajane dipasahi lan tinretes ing mas utawa disisigi.
Ngageme sepatu utawa selop mung yen ana  ing daleme bae. Pandereke ana sing ngampil wadhah kinang, kendhi,  payung, lampit lan tumbak. Para luhur mau (para punggawa) padha milu  ngereh praja. Ing mangsa perang para prajurit oleh kere, sandhangan lan  pangan. Para punggawa mau padha ngingu batur tukon akeh. Ing Banten sing  nyambut gawe temenan mung para batur tukon, wong cilik liyane meh ora  nyambut gawe, mulane padha ora kacukupan. Yen ana wong ora bisa mbayar  utange, iku banjur dadi batur tukon saanak bojone. Wong kemalingan ing  Banten akeh; maling kang kacekel, kena nuli dipateni. Wong kang dosa  pati, kena nebus dosane sarana mbayar dhendha marang Sultane. Yen ana  wong lanang mati, Sultan wenang mundhut anak bojone wong mau. Jalaran  saka iku akeh wong isih kenomen padha omah omah. Kuwasane Sultan Banten  gedhe banget, nanging prakara nagara lumrahe dirembug karo para luhur;  pangrembuge wayah bengi ana ing alun alun. Para luhur mau kang kuwasa  banget Mangkubumi (patih), laksamana (panggedhene prau lautan) lan  senapati.
Ing jaman samana kaanane kutha kutha ing Tanah Jawa kurang luwih iya memper karo kutha Banten iku.
 
12 Perangan Kang Kaping Pindho
Bab 4
Wong Portegis lan Sepanyol (tahun 1513)
Wiwit jaman Rum mula wong Asia iku wis  wiwit lawanan dedagangan lan wong Europa. Dagangan saka Asia Wetan,  kayata: Tanah Indhu, Cina, apadene kapulowan Moloko digawa ing kafilah,  metu ing Afganistan, Persi, Syrie (Sam), banjur menyang Egypte (Mesir),  jujuge ing Alexandrie. Dagangan mau saka kono banjur dikirimake menyang  kutha kutha pelabuhan ing sapinggire Sagara Tengah, kayata: Rum, Venetie  lan Genua; banjur disebarake ing nagara liya ing Europa. Lakune kafilah  saka Hindustan ngrekasa banget, jalaran ana ing dalan kesuwen, mangka  kerep diadhang ing begal. Marga saka iku pametune tanah Asia ana ing  Europa dadi larang banget, samono uga bumbon saka kapulowan Moloko.
Bareng wong Turki melu melu gawe  kasusahaning kafilah mau, bangsa bangsa Europa liyane banjur arep mbudi  akal bisane oleh dagangan saka tanah Asia dhewe ora nganggo metu  dharatan, dadi arep ngambah sagara bae. Nalika abad kang kaping 15 ing  tanah Europa wus ana bangsa kang kendel banget lelayaran, yaiku bangsa  Portegis.
Bangsa iku enggone lelayaran saya suwe  saya mangidul, nganti nemu pulo lan tanah pirang pirang enggon, wasana  pasisire tanah Afrika kang sisih lor kulon wus kawruhan kabeh. Ing tahun  1486 ana nakoda bangsa Portegis aran Bartholomeus Dias, bisa tekan ing  pongole buwana Afrika kang sisih kidul dhewe.
Ing Tahun 1498 kelakon ana nakoda Portegis aran Vasco de Gama tekan ing Kalikut kutha ing tanah Indhu.
Wong Portegis nuli miwiti lelawanan  dedagangan lan wong Indhu, lan nenelukake kutha pelabuhan kang rame rame  ing tanah Indhu kono. d’Albuquerque kang wus katetepake jumeneng Prabu  anom ing Asia nuli ngumpulake prau perang kanggo merangi kutha kutha  pelabuhan; Goa, Ormus lan Malaka genti genti dikalahake. Iya jamane  d’Alburquerque (tahun 1509 – 1515), iku mumbul mumbule wong Portegis  nguwasani tanah tanah pasisir ing Samodra Indhiya tekan Macao.
Bareng wong Portegis wis bisa manggon  lan duwe panguwasa ana ing Malaka, ing tahun 1513 nuli nakoda aran  d’abreu, layar menyang Moloko. Lakune nganggo mampir mampir, kayata:  menyang Gresik. Ing wektu samono Gresik wis dadi kutha padagangan gedhe,  wong wonge wis Islam. Wong Portegis mau ana ing Tanah Jawa Tengah lan  Wetan sasat tansah dimungsuh bae, mung ana ing Panarukan bisa mimitran  lan wong bumi, jalaran wong ing kono isih mardika, durung Islam lan  durung kaereh marang Demak. Rehne wong Portegis ana ing Tanah Jawa  Tengah lan Wetan tansah ngrekasa banget, mulane banjur ana kang nyoba  arep lelawanan dedagangan lan Banten. Ing sakawit ana ing Banten  ditampani becik, nanging nuli wong Portegis lan wong Banten kerep  cecongkrahan, jalaran padha dene ora percayane. Wasana enggone  dedagangan wong Portegis kang dipeng ana ing Moloko lan pulo Timur.  Nalika wong Portegis teka ana ing tanah Indhiya kang anggedheni laku  dagang ing kepulowan Moloko bangsa Jawa, nanging bareng Malaka bedhah,  wong Jawa kadhesuk soko kono lan saka kapulowan Moloko, banjur karingkes  pasabane, kang anggedheni genti wong Portegis, malah ing tahun 1522 ing  Ternate wis didegi beteng, sarta wong Portegis wis prajangjian  lelawanan dedagangan ijen ijenan (monopolie) lan Sultan ing kono. Ing  tembene kang dadi dhok dhokane wong Portegis ing Ambon lan Bandha. Ana  ing pulo pulo Moloko lan ing pulo pulo Sundha Cilik sisih wetan wong  Portegis padha mencarake agama Kristen.
Bareng wong Portegis nemu dalane  menyang tanah Indhiya, wong Sepanyol iya banjur arep nyoba uga menyang  tanah Indhiya dhewe. Wong Genua aran Christophorus Columbus layar saka  Sepanyol mangulon atas asmane Sang nata ing Sepanyol. Saka panemune Chr.  Columbus wus tetela yen jagad iku bunder kepleng, dadi yen saka  Sepanyol terus layar mangulon mesthi banjur tekan ing jagad sisih wetan  yaiku enggone tanah Indhiya. Yen saka Indhiya diterusake mangulon bae,  mesthi banjur bali tekan ing Sepanyol maneh. Ing tahun 1492 kelakon Chr.  Columbus nemu kepulowan kang diarani kapulowan Indhiya, jalaran  pametune akeh empere lan tanah Indhiya, nanging ora antara suwe tetela  yen kepulowan mau dudu Indhiya, mulane mung banjur diarani kepulowan  Indhiya Kulon. Mungguh satemene kepulowan Indhiya Kulon iku wewengkone  buwana Amerika. Saking kepengine marang kauntungan lan misuwuring  jeneng, banjur akeh bae wong Sepanyol kang napak dalane Chr. Columbus  padha layar mangulon ketug ing Amerika. Sawise buwana Amerika kawruhan,  nuli ana wong Portegis kang aran Magelhaen kang nedya menyang Indhiya  metu Amerika atas asmane ratu Sepanyol. Mangkate Magelhaen sakancane  wong Sepanyol ing tahun 1519 lakune nurut pasisire Amerika sisih kidul,  njedul supitan ing saantarane pongol Amerika kang kidul dhewe lan pulo  Vuurland, saka kono terus ngalor ngulon nrajang Samodra gedhe, anjog ing  kapulowan Filipina.
Wong Sepanyol nuli layar menyang  Moloko, anjog ing Tidore. Sultan Tidore bungah banget, awit bakal oleh  lengganan bangsa Europa, mangka nalika d’Abreu teka ing Ambon diajak  lengganan ora gelem, geleme mung karo Sultan Ternate.
Sarehne wong Sepanyol, kancane  Magelhaen, kalah santosa karo wong Portegis, mulane bareng dimungsuh,  banjur kapeksa mlayu menyang Jilolo, saka kono terus layar mangulon,  nutugake enggone ngubengi bumi, tekane ing Sepanyol maneh tahun 1522.  Iya wong Sepanyol kang dipanggedheni Magelhaen iku kang ngubengi bumi  sapisan.
Wong Portegis bareng sumurup ana wong  Sepanyol teka, banget panase, ngudi, lungane wong  Sepanyol saka tanah  Indhiya, dadi bangsa loro mau padha memungsuhan. Nanging ing tahun 1529  padha bedhami, jalaran watesing jajahan dipastekake dening Kangjeng  Paus.
Wiwit tahun 1542 bangsa Sepanyol neluk  nelukake pulo pulo Filipina. Jeneng Filipina iku kapirit asmane ratu ing  Sepanyol (Filips II). Lan ana ing pulo pulo mau banjur padha mencarake  agama Kristen.
 
13 Perangan Kang Kaping Pindho
Bab 5
Tekane Wong Walanda ( tahun 1596)
Ing abad kang kaping 15 ing  nagara  Walanda bab misaya iwak maju banget ( iwak haring).  Iwake didol  sumrambah ing tanah Europa. Jalaran saka iku lelayarane prau prau momot  barang dadi rame. Prau prau momotan mau kejaba momot iwak, uga nggawa  barang barang liyane, kayata: mertega, keju lan laken saka Nederland  didol menyang Europa sisih lor lan kidul. Soko Portegal wong Walanda  kulak anggur lan uyah; saka tanah tanah sapinggire Sagara Wetan gandum  lan kayu, lan saka Inggris wulu wedhus. Awit saka iku kabeh lelayarane  prau prau momotan ing satanah Europa kacekel ing tangane bangsa Walanda.  Ing wiwitane abad kang ping 16 Kutha Lissabon dadi pusering padagangan  kang saka ing tanah Indhiya. Kang mencarake dagangan mau menyang tanah  tanah liyane saperangan gedhe iya bangsa Walanda. Iku kabeh njalari wong  Walanda banjur dadi sugih, wong kang maune mung ngepalani prau prau  momotan, banjur dadi nakoda utawa sudagar.
Ing pungkasane abad 16 wong Walanda  banget pangudine marang ada ada anyar lan banget kepengine marang  lelakon lelakon kang durung tau dilakoni, luwih luwih bareng krungu  critane lelayaran marang Indhiya saka wong wong Walanda kang maune  manggon ing Portegal. Apa maneh ing nalika iku akeh sudagar sudagar saka  Nederland Kidul (Antwerpen) padha ngalih mangalor. Kuwasane karajan  Sepanyol tansah suda, perang karo bangsa Walanda lan Inggris kerep  kalah. Dedagangan ing Lissabon tumrape bangsa Walanda banjur diengel  engel amarga wiwit ing tahun 1580 Lissabon kebawah Sepanyol. Jalaran  saka sebab sebab ing ndhuwur mau kabeh, bangsa Walanda kenceng tekade  arep lelayaran menyang tanah Indhiya dhewe, bathine mesthi bakal luwih  akeh, awit bisa kulak dedagangan saka ing panggonane asal. Wiwitane  nyoba lelayaran metu lor ngubengi buwana Asia, perlune nyingkiri bangsa  Sepanyol, yaiku mungsuhe. Sarehne layar metu lor iku terang yen rekasa  banget, istingarah ora bisa kelakon tekan tanah Indhiya, nuli wong  Walanda arep nekad metu kidul nurut pesisire buwana Afrika kaya wong  Portegis. Cacahing prau kang arep mangkat ana 4, kang ngepalani aran  Cornelis de Houtman iku wis bisa oleh katrangan dalane menyang Indhiya  ana ing Lissabon. Dene kang dadi lelurahing jurumudhi wong pinter ing  ngelmu bumi aran Pieter Keyzer. Ing tanggal 2 April tahun 1595 padha  mancal saka dharatan, lakune ana ing dalan ngrekasa banget, nanging  tanggal 23 Juni 1596 kelakon tumeka ing Banten.
Satekane ing palabuhan Banten praune  wong Walanda dirubung ing prau cilik cilik padha nawakake wowohan lan  dodolan warna warna. Ora suwe ing dhek kebak wong Jawa, Arab, Cina,  Keling lan Turki padha nawakake dedagangan. Wong Walanda medhun menyang  dharatan; ing kono wis ana cawisan omah kanggo bukak toko. Sawuse tekan  dharatan banjur dodolan lan kulak dedagangan kang diimpi impi, yaiku  mrica. Nanging bareng padha rerembugan banjur padha pasulayan. Wong  Portegis weruh kang mangkono iku nuli ngreka daya supaya wong Walanda  disengiti ing wong Banten. Apamaneh Cornelis de Houtman iku wani kasar  karo Mangkubumi ing Banten, lan sarehning wong Banten kuwatir bok manawa  kutha Banten bakal ditibani mimis saka ing praune wong Walanda,  Cornelis de Houtman sakancane 8 dicekel lan dilebokake ing kunjara.  Cornelis de Houtman lan kancane 8 pisan mau iya nuli luwar, nanging  sarana ditebus. Bareng wong Portegis mbabangus maneh marang wong Banten,  wong Walanda banjur ninggal Banten, awit uga weruh yen ora bakal bisa  oleh dedagangan ana ing kono. Wong Walanda banjur layar mangetan urut  pasisir loring Tanah Jawa nganti tekan Bali. Saka kono banjur bali  menyang nagara Walanda urut pasisire Tanah Jawa kang sisih kidul.
Tekane ing nagara Walanda praune kang  maune papat mung kari telu, wong kang maune 248 mung kari 89. Lan barang  dagangan sing digawa apadene bathine mung sathithik banget. Nanging  sedyane kang gedhe iku wis kaleksanan, iya iku saiki dalan kang menyang  tanah Indhiya wis kawruhan. Nalika tahun 1598 ana prau Walanda maneh  teka ing Banten, kang manggedheni Yacob van Neck. Sarehne van Neck mau  wong kang alus bebudene ora kasar kaya de Houtman, dadi wong Walanda  ditampani kalawan becik, dipek atine kenaa dijaluki tulung yen ana  nepsune wong Portegis, malah van Neck oleh palilah katemu lan sang timur  Abulmafachir ratu ing Banten lan van Neck ngaturi tinggalan tuwung mas.  Wong Walanda enggal bae oleh dedagangan mrica akeh. Wiwit ing nalika  iku akeh prau prau Walanda kang teka ing Moloko kulak mrica, pala lan  cengkeh. Dhok dhokane prau kang menyang tanah Indhiya iku ing Banten,  dalasan prau kang saka ing Moloko, sanadyan wus kebak dagangan, kang  mesthi iya nganggo mampir. Suwe suwe pelabuhan ing Banten saya rame  dening prau Walanda kang teka lunga ing kono. Ing wektu iku Sepanyol lan  Portegis wiwit ngêdheng enggone perang karo bangsa Walanda ing tanah  Indhiya.
Andreas Furtadho de Mendoca nggawa prau  30 saka Goa layar menyang tanah Indhiya, arep dhedawuh marang para  panggedhe ing sakehing kutha plabuhan nglarangi nampa wong Walanda;  sakehing wong Walanda kang wus ana ing kono kudu ditundhung. Ing tahun  1601 ana prau Walanda teka ing supitan Sundha, kang manggedheni Wolphert  Harmens, ana ing dalan Wolpert Harmens wis oleh pawarta yen Banten  dikepung ing balane Furtadho perlu nglungakake wong Walanda lan meksa  marang Pangeran ing Banten ora kena ngayomi sakehing Walanda. Sandyan  praune Harmens mung lima, nanging nekad nempuh praune wong Sepanyol.  Salungane wong Sepanyol saka ing Banten, Harmens mlebu ing plabuhan  munggah menyang kutha.
Ora antara suwe ana prau Walanda teka  maneh, panggedhene aran Yacob van Heemskerck enggal bae oleh dedagangan,  praune kang lima wis kebak, nuli dilakokake bali menyang nagara  Walanda, dene prau sakarine banjur layar menyang Gresik. Ana ing Gresik  kono Heemskerck sawise kebak praune banjur bali menyang nagara Walanda.  Ing wektu iku para sudagar Inggris iya wis padha bathon nglakokake prau  menyang tanah Indhiya. Ing tahun 1602 ana prau Inggris teka ing plabuhan  Banten nggawa layang lan pisungsung saka ratune. Wong Inggris ditampani  kalawan becik, dadi gampang nggone golek dagangan, sarta banjur  kaidinan ngedegake kantor.
 
14 Perangan Kang Kaping Pindho
Bab 6
Adege Vereennidge Oost Indische Compagnie (V.O.C.) ( tahun 1602)
Praune wong Walanda kang padha layar  menyang tanah Indhiya iku duweke maskape maskape cilik. Sanadyan kang  nduweni tunggal bangsa lan kabeh padha tulung tulungan yen ana  bebayaning dalan, ewa dene mungguh enggone dedagangan ora pisan bisa  rukun, malah padha jor joran murih bisa oleh dagangan akeh. Bareng  paprentahan luhur ing negara Walanda nguningani prakara iku banjur  kagungan sumelang. Saka karsane paprentahan luhur maskape Walanda mau  didadekake siji aran Vereennidge Oost Indische Compagnie (V.O.C.),  yaiku: Pakumpulan dedagangan ing tanah Indhiya Wetan, adege nalika  tanggal 20 Maret 1602. VOC. mau diparingi wewenang dedagangan ing  sawetane Kaap de Goede Hoop tekan ing supitan Magelhaens, dene maskape  utawa sudagar liya ora kena melu melu dedagangan ing kono (monopolie).  Wewenang panunggalane ing dhuwur iku: VOC. kena nganakake prajangjian  atas asmaning Staten Generaal karo sakehing nagara klebu jajahane.  Kajaba iku Compagnie kena nganakake prajurit, gawe beteng, gawe dhuwit  lan netepake Gouverneur lan punggawa liyane. Sakehing punggawa kudu  sumpah kasusetyane marang Straten Generaal lan pangrehing Compagnie. Ing  sabisa bisa VOC, kudu melu nglawan mungsuhe nagara Walanda. Pawitane  Compagnie iku olehe adol layang andhil, siji sijine andhil ora mesthi  padha regane, ana kang f10.000 ana kang f50. Dene kang kena tuku andhil  mau iya sadhengah wong, ora lawas VOC wus oleh pawitan f6.500.00. Ing  sakawit warga pangreh (Bewindhebber) ing tanah Walanda ana 73, nanging  ora lawas mung ditetepake 60.
Para Bewindhebber mau akeh kauntungane,  kayata: saben ana prau teka saka tanah Indhiya mesthi oleh bageyan 1%  ne ajining momotane prau, mulane pangkat Bewindhebber mau dadi  pepenginan. Bewindhebber iku ana 17 kang pinilih kuwajiban nyekel  paprentahan Compagnie ing saben dinane.
Pangrehe Compagnie iku aran “Heren XVII, Directeuren utawa Mayores”.
Saben 10 tahun para Bewindhebber kudu  aweh katrangan pelapuran (verslag) bab panyekeling paprentahan marang  Straten Generaal lan para aandeelhouder.
Prau praune Compagnie kang dhisik dhewe  mangkat menyang tanah Indhiya dipanggedheni Van Waerwijck, angkate ing  tahun 1602 uga. Sakehing lojine maskape maskape lawas banjur didadekake  lojine VOC.
Loji utawa factorij iku wujud kantor  diubengi ing gudhang gudhang lan omahe para punggawa. Mungguh perlune  loji mau kanggo tandhon dagangan.
Dagangan mau diklumpukake ngenteni tekane prau prau.
Factorij iku terkadhang kinubeng ing  beteng tembok utawa tanggul, nanging kang mangkono iku ora mesthi, awit  para ratu bangsa bumi kerep ora marengake. Kehing factorij saya wuwuh,  nanging terkadhang yen arep ngadegake factorij anyar iku nganggo ngesur  ngalahake wong Portegis dhisik, kayata: nalika tahun 1603 ana ing  Banten, ora lawas ing Gresik, Johor, Patani, Makasar lan Jepara iya  dianani factorij. Factorij ing Patani perlune kanggo lelawanan karo  negara Cina, Jepang lan Indhiya Buri, awit dikira ngolehake kauntungan  akeh, nanging jebul ora. Karo Ceylon lan Aceh Compagnie iya lelawanan  dedagangan, nanging sakawit mung sathithik pakolehe.
Dagangan tanah Indhiya kang ngolehake  kauntungan akeh iya iku bumbu craken, mulane VOC. kepengin banget mengku  kapulowan Moloko, kang iku para nakoda padha diwangsit, supaya  merlokake ngudi bisane nekem kepulowan bumbon craken mau, yen ora kena  dilusi sarana prajangjian iya kanthi wasesa. Ing saenggon enggon angger  Compagnie bisa becik karo ratu bangsa bumi mesthi banjur nganakake  prajangjian bisane lengganan ajeg (monopolie). Pulo Ambon (cengkeh) iku  pulo kang dhisik dhewe dadi duweking Compagnie. Ora suwe saka kecekele  pulo Ambon ing kuwasane VOC. pulo Bandha Nera (pala) lan Bacan iya  banjur kena diregem.
Marga enggone menang perang iku, laku  dagang bumbu craken katekem ing kuwasane Compagnie, sabab ana ing endi  endi, angger tanah wus kaayoman mesthi dilarangi lelawanan dedagangan  karo bangsa liya kajaba mung karo VOC. dhewe sarta regane dagangan  dipasthi (monopolie). Para aandeelhoudere VOC. ing tahun 1610 didumi  bathi 75%, wujud dhuwit utawa pala, kena milih ing sakarepe, nuli  diedumi maneh 50%, dadi sataun bae tampane para aandeelhouder gunggung  kumpul 132,5% Nanging kauntungan samono iku mungguhing satemene  kauntungan ing dalem 8 tahun, awit adege VOC. wus ana 8 tahun, mangka  lagi mbayar anakan sapisan iku. Ing tahun 1611 para aandeelhouder tampa  maneh 30%, nanging tumekane tahun 1619 wis ora oleh maneh. Wong wong  padha ora rujuk, yen pambayaring anakan jag jog ora ajeg kaya mangkono  iku, terkadhang akeh banget, terkadhang pirang pirang tahun nyet adhem  bae. Mulane sabakdane tahun 1625 pambayare dipranata, ing sabisa bisa  diajegake. Racake pambayaring anakan marang aandeelhouder mau ing saben  tahun 18%. Kajaba panyekeling dhuwit, cacading paprentahane Compagnie,  isih ana maneh, yaiku enggone kukuh ngencengi tindaking monopolie,  nganti akeh warga VOC. kang metu saka pakempalan.
Ana sajabaning nagara Walanda, Compagnie uga duwe mungsuh kang nyumelangi:
1. Bangsa Inggris, iku ing tahun 1600 wis nganakake Oost Indische
Compagnie, sarta ana ing Banten lan  Moloko wis duwe kantor akeh. Ing saenggon enggon bangsa Inggris tansah  mbudi daya bisane      ngesur wong Walanda, mung bae enggone mungsuh ora  wani      ngedheng, awit mundhak ngadekake gesreking      prentah  Walanda lan Inggris.
2. Ing wektu samono VOC. tansah merangi  wong Sepanyol lan Portegis, awit tanah Walanda peperangan lan bangsa  loro mau ana  ing Europa.
VOC. lelawanan dagang karo bangsa Cina  sarta Jepang. Ing tahun 1608 ana prau Compagnie loro layar menyang  Jepang. Ana ing kono Compagnie diidini dedagangan lan ngadegake loji.
Saka rembuge Frankrijk sarta Inggris,  sanadyan Walanda lan Sepanyol ora sida bedhami, nanging ing tahun 1609  meksa leren anggone perang, padha seleh gegaman ing dalem 12 tahun.  Prakara tanah Indhiya katemtokake ing prajangjian, yen wong Walanda  lestari kena ndarbeni jajahan enggone ngrebut wong Sepanyol sarta  Portegis, nanging siji sijining bangsa ora kena dedagangan ana ing  jajahan kang wus dijegi ing liyan ing wektu awiting seleh gegaman.  Mungguh ing atase tanah Indhiya awiting seleh gegaman iku kang mesthi  kurang luwih let sataun karo ing Europa, awit tanah Indhiya nganggo  ngenteni udhuning dhawuh. Ana ing Indhiya ketara banget, yen wong  Sepanyol ora nganggep bedhami seleh gegaman iku; dadi VOC. kepeksa  tansah tata tata nyentosani wadyabala lan samekta gegamaning perang.
Bangsa Inggris lan Portegis sok dibiyantoni ing wong bumi, merangi marang wong Walanda.
VOC. iku enggone ngregani bumbon craken  saka kepulowan Moloko murah banget, dagangane wong bumi dhewe dilarang  larang. Tindak kaya mangkono iku ndadekake karugiane bangsa bumi, wasana  banjur padha dagang colongan lelawanan lan wong Portegis, Inggris utawa  Jawa. Compagnie muring banget; kebon kebon pala lan cengkeh akeh kang  dibabati minangka paukumaning wong pribumi. Wong Bandha banget muringe,  wuwuh wuwuh dibombong wong Inggris. Admiral Verhoeff, utusane VOC.  dicidra dipateni.
Wasana ing tahun 1609 pulo Bandha malah banjur kena didadekake jajahan VOC.
Marga saka pakewuh warna warna iku VOC.  duwe panemu yen pangrehe kudu kukuh, dikuwasani wong suwiji. Nganti  tumekane wektu semono, siji sijining loji ana pangrehe dhewe, para  pangreh ora merduli marang pangrehe loji liyane. Wiwit tanggal 1  September tahun 1609 sakehing kantor lan eskader (kapal kapal perang)  ing tanah Indhiya dikuwasani ing panggedhe suwiji, jenenge Gouverneur  Generaal (GG.). Gouverneur Generaal kang kawitan yaiku Pieter Both. GG.  mau didhawuhi niti priksa kelakuwan, gaweyan lan uripe para punggawa.  GG. iku panyekele paprentahan nganggo dibiyantu ing punggawa liya,  jenenge Raad van Indie.
Cacahe warganing Raad van Indie sanga,  kang lima tansah dadi kanthining GG., kang papat aran “Lid” mirunggan,  padha dadi gouvernour ana ing papan liya, enggone melu parepatan mung  yen ana rembug sing perlu perlu banget.
Pamutusing prakara kang perlu perlu GG.  kudu njaluk rembuge Raad van Indie; wondene GG. dadi pangareping  parepatan. Yen parepatan ora bisa mutusi, putusane GG. dhewe wus kanggep  apsah. GG. iku uga dadi senapatining prajurit Dharatan lan lautan.
Pamanggene Tuwan P. Both ana ing Ambon.  Ana ing Moloko P. Both klakon bisa nggedhekake panguwasa, gawe  kapitunane wong Sepanyol lan Portegis.
Ing tahun 1613 P. Both bali menyang  tanah Walanda nanging ana pasisire pulo Mauritus praune Kerem, P. Both  dadi lan tiwase. G. Reynst jumeneng gumanti GG. kapilih ing para  Bewindhebber, ing tahun 1615 digenteni L. Real.
Dhek samono VOC. lagi karepotan awit  wong Inggris saya katon enggone mungsuh VOC. Ana ing Banten panguwasane  wong Inggris tansah mundhak.
Yan Pieterszoon Coen, Liding Raad van  Indie banget sumelange bok manawa jajahan VOC. bakal direbut ing wong  Inggris. Ing tahun 1616 wong Inggris ngejegi pulo Run, jajahane VOC. ing  Moloko. Ing nalika iku JP. Coen atetepake nguwasani sakehing prakarane  VOC. ing Tanah Jawa. Coen enggal tumandang merangi wong Inggris. Kang  iku ndadekake banget panase wong Inggris sarta Pangeran Ranamenggala ing  Banten. Bareng ing tahun 1618 ana kabar yen loji ing Jepara dirusak  dening kawulane Panembahan Mataram, lan tetela banget, wong Inggris,  wong Banten lan wong Mataram ayon nedya numpes wong Walanda, JP. Coen  nuli ngalih saka Banten menyang Jakarta, loji ing kono didadekake  beteng. Ora lawas JP. Coen ditetepake dadi Gouverneur Generaal, tahun  1619. Ing tahun iku wong Inggris lan Walanda enggone memungsuhan padha  dene ngedheng. Kantore wong Inggris kang adhep adhepan betenge wong  Walanda ing sapinggire kali Ciliwung iya nuli disentosani. Kapale wong  Walanda siji dibeskup Sir Thomas Dale, panggedhening eskader Inggris.
Coen sandika njaluk baline, nanging  wong Inggris malah mangsuli sugal. Beteng Inggris enggal ditempuh,  nganti kena obong, tahun 1618. Ora antara lawas beteng Walanda dikepung  ing mungsuh.
VOC. karepotan banget, marga kekurangan  prau lan obat mimis. Wong Jakarta ora ana kang gelem dadi kuline; malah  wong Jakarta nempuh beteng Walanda, eskader Inggris gedhe ana segara  dipethukake prau Walanda, perange dedreg, wasana kesaput ing wengi.  Esuke JP Coen ora wani methukake prau Inggris maneh; putusaning rembug  arep menyang Moloko njaluk bantu lan njupuk obat mimis. JP. Coen weling  wanti wanti marang Van den Broecke. Yen ana kapepete kepeksa nungkul,  nungkula marang wong Inggris, aja nganti nungkul marang wong Jakarta  utawa Banten. Kacarita wong Inggris wus prajangjian lan wong Banten,  nedya nempuh beteng ing Jakarta. Pangeran Jakarta, Wijaya Krama, gela  banget, dene ora diajak rembugan ing wong Banten, nuli golek akal bisane  ngrebut beteng dhewe.
P. van den Broecke disuwuni bojana minangka pratandhaning pamitran.
P.v.d. Broecke kanthi punggawa pitu  kalebu ing gelar, banjur cinekel lan  kinunjara. Van Raay sing nggenteni  Van den Broecke dijaluki tebusan, ora mituruti. Wasana wong Inggris lan  Van den Broecke dhewe aweh weruh marang wong Walanda supaya masrahna  beteng. Van Raay kendhak atine, nedya nungkul, wekasan ana jalaran kang  murungake sedyane Van Raay saandhahane. Wong Banten ora aweh, yen beteng  Jakarta tumiba ing wong Inggris.
Pangeran Jakarta ditungkeb, jajahane  kagamblokake marang Banten. Rehning wong Banten crah karo wong Inggris,  eskader Inggris mundur saka Jakarta. Beteng Walanda dikepung ing wong  Banten. Bareng wong Walanda ngerti yen bakal bisa uwal saka ing bebaya,  banjur tumandang nyentosani beteng maneh. Bareng wis rampung wong  Walanda padha bungah bungah nganakake bujana, beteng Jakarta dijenengi  Batawi (tahun 1619). Bareng lungane JP.  Coen wis oleh patang sasi  banjur bali nggawa prau nembelas. Prajurit kang ngepung beteng ditempuh  bubar, kutha Jakarta digempur. Coen nuli menyang Banten, wong Banten  rumangsa ora kuwagang nglawan P. van den Brocke sakancane diulungake.  Sarehne v. d. Broecke lan van Raay dianggep kaluputan enggone netepi  wajibe, mulane tampa paukuman abot saka JP. Coen. Tanah Jakarta banjur  diaku ing VOC, JP Coen enggal mbangun Kutha Batawi, dipernata lan  direjakake. Ing sacedhake palabuhan didokoki omah, jenenge “Kasteel” ing  kono dununging paprentahane VOC. ing satanah Indhiya. Ing sarampunge  prang Jakarta, Coen nedya males marang wong Inggris. Nanging ing tahun  1620 kabar saka Europa yen para panggedhene VOC. ing tanah Walanda rukun  karo Compagnie Inggris. Kang iku ing tanah Indhiya uga Walanda karo  Inggris iya kudu rujuk.
Wosing prajangjian mangkene: Siji  sijining Compagnie nganggo pawitan dhewe dhewe sarta kena sudagaran ing  satanah Indhiya, nanging prajangjian monopolie kang mau mau  dilestarekake. Kulake kudu bebarengan, oleh olehane diparo. mung ing  pulo pulo Moloko wong Inggris oleh sapratelone. Prakara perang dadi  tetanggungane Raad van Defensie, kang dadi wargane wong Walanda lan  Inggris genti genten saben sasi.
JP. Coen banget ora senenge dene ana  pranatan kaya mangkono iku, awit wong Inggris ora wenang oleh jajahane  VOC, Wong Inggris rumangsa disengiti wong Walanda, mulane ing saoleh  oleh rekadaya bisane males marang VOC. Walanda. Nalika wong Bandha  mogok, kang ngojok ojoki wong Inggris. Sarehne ana Raad van Defensie  warga Inggris ora pati sarujuk ngukum marang kraman mau, JP. Coen banjur  pratela yen wong Bandha kang wenang ndarbeni iya mung wong Walanda. JP.  Coen nuli mangkat menyang Bandha, wong bumi diwisesa, dipateni utawa  dibuwang menyang Tanah Jawa. Pulo pulo Bandha didum marang para Walanda  tilas punggawane Compagnie, nanging diwajibake nandur pala, lan pametune  kudu didol marang VOC. Tindak sawenang wenang iku dadi cacade JP. Coen.  Ing wiwitane tahun 1623 JP. Coen lereh marga saka panjaluke dhewe. Kang  gumanti jumeneng GG. saka panudinge Coen iya iku P. de Carpentier.  Durung nganti sasasi enggone dadi GG., de Carpentier wis nemu reribet,  gesrek lan wong Inggris.
Ana ing Ambon wong Jepang bebauning  wong Inggris kacekel ing wong Walanda. Bareng ditliti tliti, wong Jepang  mau blaka yen wong Inggris wis padha sumpah sumpahan sapunggawane  Jepang nedya numpes wong Walanda lan ngrebut beteng Victoria. Tinemuning  papriksan wong Inggris 9 wong Jepang 9 lan wong Portegis siji padha  ngakoni, yen pancen duwe niyat kaya ature wong Jepang mau. Nuli diukum  kisas.
Karampungane pangreh Walanda ing Ambon  njalari crahing VOC. lan Compagnie Inggris. Wong Inggris ing pulo Moloko  padha lunga, ngejegi pulo Lagundi ana ing supitan Sundha, nanging  sarehne akeh kang mati utawa lara, banjur padha ngumpul ing Betawi. Ora  antara lawas wong Inggris ana ing Betawi ora bisa rukun karo wong  Walanda, nuli padha lunga menyang Banten.
Wiwit adege kutha Betawi tansah  dibeciki: Coen wis ngadegake pamulangan sarta murih ajuning dagangan,  njupuki wong Cina saka Banten; kejaba iku Betawi uga dianani pangreh  kutha kang ngiras nyekel pangadilan.
Carpentier wiwit nganakake pajeg dhuwit  kanggo mbecikake tindhaking piwulang sarta pangadilan lan maneh gawe  yeyasan kanggo mitulungi marang bocah Walanda kang lola.
 
15 Perangan Kang Kaping Pindho
Bab 7
Karajan Mataram Nalika Mumbul Mumbule
1586 – 1601
Panembahan Senapati
1601 – 1613
Mas Jolang, Panembahan Seda Krapyak 1609 – 1614 GG. Both
1613 – 1645
Sultan Agung (R. Rangsang, Cakrakusuma) 1619 – 1623 GG. JP. Coen
1623 – 1627 GG. De Carpertier
1627 – 1629 GG. JP Coen
1636 – 1645 GG. Van Diemen
Sadurunge Panembahan Senapati seda wis  tinggal weling, yen kang putra penenggah, Mas Jolang kang kalilan  nampani warisan kraton Mataram, dene putrane pembayun, Pangeran Puger  nrima jumeneng adipati ing Demak, nanging Pangeran Puger besuke ngraman,  wasana asor. Kejaba perang lan kang raka, Mas Jolang uga perang karo  para adipati ing Bang Wetan.
Ing tahun 1613 Sang Panembahan seda. Sarehne sedane mentas lelangen menyang Krapyak, nuli katelah nama Panembahan Seda Krapyak.
Sasedane Panembahan Seda Krapyak kang  gumanti jumeneng nata Raden Mas Rangsang, ajejuluk Prabu Pandhita  Cakrakusuma. Nalika jumenenge Kangjeng Sultan lagi yuswa 22 tahun; ewa  semono wis kinurmatan ing para kawula. Pangastane paprentahan piyambak  bae, mung kala kala mundhut rembuge wong kang pinitaya, lan putusaning  rembug banjur didhawuhake marang para panggedhening nagara.
Sang Prabu bagus sembada dedeg  piyadege, tingale wajar “memper mripating singa” pangagemane presaja,  nyampinge bathik wernane putih lan biru (ayake parang rusak), mekuthane  putih (matak?). Yen siniwaka, lenggahe ana ing dhampar cendhana kaapit  apit ing pot pot kekembangan. Dhampar mau dununge ana ing bangsal kang  ajrambah jobin, dawa ambaning jrambah kira kira 3 meter. Para kang seba  nyadhong dhawuh, ngubengi bangsal mau, kehe kira kira 300 utawa 400,  kabeh padha sila makidupuh tanpa nganggo lemek, lan ora ana kang udut  utawa nginang. Sinewaka kaya mangkono mau ing dalem saminggu kaping  pindho utawa luwih, para abdi dalem kang ora ngadhep nalika pinuju  sinewaka, utawa kang duwe laku ora patut, padha kagantungan paukuman  abot. Dadi uripe para priyagung ing Karta iku ora merdika kaya adipati  ing sajabaning Karta. Para adipati mau akeh kang sawenang, anggugu ing  sakarepe dhewe, wong cilik kang rekasa, padha dipeksa ngestokake pajeg  akeh.
Kersane Sultan Agung Tanah Jawa iki  kabeh kareha marang Mataram, senadyan bakal perang kang nganti suwe  utawa ngetokake wragad akeh iya bakal ditemah, mung angger bisa kelakon.  Mungguh mungsuhe ana telu yaiku: para ratu ing Bang Wetan lan Madura,  ratu ing Banten sarta Kumpeni.
Dene Cirebon wis nungkul marang  Mataram, wiwit tahun 1619. Nalika tahun 1615 Kangjeng Sultan nelukake  Lumajang, Malang lan panggonan sawatara maneh. Sawise iku Surabaya,  Pasuruwan, Tuban, Wirasaba (Majaagung), Japan (Majakerta), Lasem,  Brondong, Arisbaya (Majaagung) lan Sumenep, banjur prajangjian ngumpul  dadi siji, perlu bebarengan nempuh Mataram. Nanging perange kasoran. Ing  tahun 1617 Sultan Agung mbedhah Pasuruwan, ing tahun 1618 Pajang, lan  ing tahun 1619 Tuban. Pangepunge kutha Surabaya ing tahun 1622 ora oleh  gawe, nanging bareng ing tahun 1623 Madura kena dikalahake, Sultan Agung  ngajati mbedhah Surabaya maneh.
Nalika iku Sultan Agung manggih akal,  ora adoh saka cawangane kali Brantas, kali Surabaya dibendung. Banyu  sethithik kang isih mili menyang Surabaya dibuwangi bathang lan  bosokaning tetuwuhan, amrih wong Surabaya padha ketaman ing lelara.  Jalaran saka reka iku wong Surabaya kepeksa nungkul, awit alane banyu  mau, miturut crita, wonge Surabaya kang kehe 50 60.000 iku mung kari  1.000. Wasana Tanah Jawa Wetan lan Tanah Jawa Tengah dadi kaereh ing  Mataram. Ing tahun 1625 Kangjeng Sultan banjur ajejuluk Susuhunan.
Tepunge VOC. karo Mataram iku molah malih. Ing wiwitane padha becik.
Sultan Agung nerusake prajangjiane kang  rama, yaiku: VOC. kena ngedegake loji ana ing Jepara. Nalika iku Sultan  Agung ngandika karo utusaning Compagnie: “Aku sumurup, yen tumekamu ing  kene ora nedya nelukake Tanah Jawa”. Enggone Walanda manggon ing Jepara  iku mung supaya bisa ngirimake beras. Nanging ing prakara iku wong  Walanda tansah digawe pakewuh dening Baureksa, bupati ing Kendhal. Malah  baureksa lan bupati liyane padha ngreka daya, amrih wong Walanda aja  menyang Karta sapatemon karo Sang Prabu.
Awit saka iku VOC. lan para bupati  padha congkrah. Ing sawijining dina Baureksa nukup wong Walanda, ana  sawatara kang dipateni lan ana pitulas kang dikunjara. Nalika iku Coen  dhawuh ngobong Jepara, iya klakon kobong saperangan (tahun 1618). Ing  wektu semono Sultan Agung lagi perang ana ing Bang Wetan lan ora  menggalih apa kang klakon ing Jepara.
Bareng Coen ing tahun 1619 yasa kutha  Betawi, lan Jakarta wis katekem ing tangane bangsa Walanda, sultan Agung  muring banget marang VOC. Ora antara lawas dhawuh nglarangi adol beras  marang Compagnie, amarga Coen wani wani aweh mriyem marang wong  Surabaya. Sanadyan mengkonoa meksa ora dadi perang, awit sapisan Sultan  Agung nedya golek reka bisane wong Walanda ngakoni yen kebawah Mataram,  nganggo sarana kang alus, lan ping pindhone samangsa dadi perang wong  Walanda kuwatir yen banjur ora bisa oleh beras babar pisan. Nalika  Sultan Agung ngajak Walanda bebarengan mbedhah Banten, wong Walanda ora  gelem, awit VOC, ora pracaya marang wong Mataram, marga Walanda wis  ngrebut layang, kang surasane: “Sultan Agung bakal mbedhah Banten,  sawuse iku banjur ngalahake Betawi”. Banten lan Mataram iku tansah  memungsuhan, nanging Sultan Agung ora bisa ngalahake, jalaran nalika iku  praune wong Jawa ora sepiraa kehe lan mlaku dharat dalane angel banget.  Ing Tanah Jawa Kulon kang teluk marang Mataram mung ing Sumedhang  (Priyangan) lan Cirebon. Nalika JP. Coen jumeneng GG. kang kapindhone  ing tahun 1628, ana utusan saka Mataram menyang Compagnie duwe panjaluk  mangkene: Sapisan Panembahan enggone arep nempuh Banten mundhut tulung  marang Compagnie, kapindhone JP. Coen didhawuhi utusan menyang Mataram  ngaturake bulu bekti. Panjaluk iku mau loro lorone ora dituruti. Ing  sasi Agustus wayah bengi kasteel ing Betawi ditempuh ing bala Mataram  saka pelabuhan. Ing dharatan ana baris gedhe kang ngepung kutha Betawi.  Mangka cacahing prajurit Compagnie mung 3.800. Nuli JP. Coen tekad  tekadan nempuh, prajurit Jawa bubar, malah banjur kepeksa mundur, awit  wis ngancik mangsa udan tur nganggo kekurangan pangan. Ing sasi April  tahun 1629 ana utusan saka Mataram aran Warga ketemu GG. JP. Coen,  jarene perlu rembugan arep bedhami. JP. Coen wis ngerti yen Warga iku  satemene telik, banjur terus dicekel. Bareng ditakoni, prasaja yen wong  Mataram wis nglakokake wadyabala maneh lan murih aja nganti kekurangan  pangan kaya kang uwis, ing Tegal wis disedhiyani tandhon beras. JP. Coen  terus dhawuh ngobongi tandhon beras mau. Wusana bareng prajurit Mataram  teka ing wewengkon Betawi enggal bae enggone kentekan pangan. Wadyabala  Mataram wiwit gawe laren nganti ketug sacedhake kutha, JP. Coen nuli  dhawuh ngrusak laren mau. Sarehne bala Mataram uga ketrajang lelara,  wusana kepeksa mundur. Wiwit ing wektu iku karajan Mataram wis ora wani  nempuh marang kutha Betawi. Ewa dene Sultan Agung sabisa bisa tansah  ngarah gawe kapitunane Compagnie, kayata wong Mataram dilarangi dagang  beras menyang Betawi, mangka Compagnie butuh banget.
Utusan saka Betawi menyang Karta padha  dicekel, sarta direngkuh abdi telukan, malah saweneh ana kang dipateni.  Bareng sabedhahe kutha Malaka tahun 1641, wong Jawa ora kena dagang  beras ana ing kono, dipeksa dagang menyang pelabuhan Betawi. Senadyan  Sultan Agung durung karsa rukun, ewa dene kawula Mataram diidini  lelawanan dedagangan maneh lan Compagnie ing Betawi. Wasana ing tahun  1646 Sultan Agung seda, wiwit ing wektu iku Mataram banjur rukun bae lan  Compagnie.
Karsane Sultan Agung arep ngerehake  Tanah Jawa kabeh iku wis akeh kelakone, nanging perang mau ndadekake  karusakan ing Tanah Jawa.
Nalika utusane VOC. ing tahun 1613  padha menyang Karta, para utusan padha eram ndeleng kehing wong ing  kutha kutha, kehing beras pari apa dene kehing wit witan tuwin  tetanduran kang metu kasile, nanging bareng antara limalas tahun maneh,  akeh tanah tanah kang ora kadunungan wong, panggonan panggonan kang  katrajang ing prang padha nandang paceklik lan kaambah ing pageblug.  Mulane mengkono, marga Sultan Agung iku nggone arep nggayuh karsane iku  nganggo sarana kang nggegirisi, kayata: kabeh kawula kudu melu perang,  durung nganti perang wong wong mau wis akeh kang tiwas ana ing dalan.  Gampang yen mung arep bisa ngira ngira kehing prajurit kang dilurugake,  yen ngelingi pangepunge kutha Betawi kang ping pindhone.
Nalika iku ana prajurit 80.000 lan sing  bali menyang Mataram durung ana seprapate. Nalika nglurug Madura,  kehing prajurit nganti 160.000.
Yen ana wong sabangsa kalah perange,  kerep kelakon wong kabeh mau kapeksa ninggal tanahe. Nalika bedhahe  Madura, kutha kutha lan desa desa ing kono meh kabeh dirusak, para  ratune dipateni, wonge cilik ana 40.000 kang dipeksa ngalih menyang  Gresik lan Jaratan, jalaran ing kutha loro mau, marga saka perang kang  uwis uwis meh ora kadunungan ing wong.
Adipati ing Sumedhang kapeksa urun bala  akeh banget, nganti ing negarane (Priyangan) meh entek wonge. Sakalahe  Wirasaba bupatine kablenegake ing banyu nganti tumeka ing pati, lan wong  cilik diboyongi menyang Banyumas. Sultan Agung iku ora ngajeni  nyawaning wong, nalika campuhe wadyabala Mataram ana ing Surabaya iku  wong Mataram kang mati 40.000 lan Kangjeng Sultan iya ayem bae,  pangandikane: tanah Mataram isih sugih wong.
Jalaran kang mangkono mau wong cilik  padha ora bisa nggarap sawah, regane beras saya larang lan wonge saya  ora kacukupan. wuwuh wuwuh kaambah ing pagering, mulane ing tahun 1618  lan 1626 akeh padesan ing Tanah Jawa kang wonge mung kari 1/3, kang 2/3  padha mati. Wragad perang iku iya ora sethithik, lan sing kudu nganakake  iya wong cilik, Sultan Agung ora kagungan welas marang mungsuh, malah  senapati lan prajurite dhewe iya sok kapatrapan paukuman kang ora  murwat, yaiku yen perange kalah.
Miturut crita, saundure wadyabala saka  Betawi, Sultan Agung dhawuh mateni wong 4.000; wong samono mau kalebu  para garwane baureksa, kang tiwas ana ing peprangan.
Nalika perang Mataram JP. Coen wis  kraos gerah, nanging meksa nyenapati ing perang, dadi kasengka banget.  Wasana ing tanggal 20 September 1629 gerahe banget dadakan, nganti dadi  lan tiwase.
Wis tetela banget yen tujune Compagnie  nganti seprono mung murih ajuning dedagangane. Sarehne kang dikukuhi  banget pranatan monopolie, mulane kudu bisa mbalekake panempuhe wong  Europa liyane. Bisane kelakon, mung yen prajurite dharatan lan lautan  sentosa, perlu kanggo ngukuhi kantor kantor ing Betawi, lan uga kanggo  nanggulang ardane Mataram. Coen iku kena diarani wong pinunjul, katandha  nalikane adege Betawi bisa ngundurake ardaning mungsuh nganti kaping  pindho (Inggris lan Mataram) senadyan tansah karoban lawan, tindake ana  ing Moloko tetep diarani siya, ewadene meksa klebu wong ambek sudira ing  pakewuh lan ora wegahan.
Enggone nglabuhi tanah wutah rahe tanpa pamrih nganti tekan ing pati.
Sasedane GG. JP. Coen kang gumanti J. Specx (tahun 1629 – 1632) tumuli H.  Brouwer 9tahun 1632 – 1636).
Wiwit adege A. van Diemen dadi GG., Compagnie ngancik ndedel dedele, awit van Diemen pancen GG. kang cakep ing bab sakabehe.
Dhek samana VOC. perang maneh lan mungsuhe lawas yaiku bangsa Portegis.
Ing tahun 1638 jajahane wong Portegis  ing Ceylon karebut ing senapatining VOC. banjur Compagnie diidini  ngadegake beteng lan nindakake monopolie dagangan manis jangan. Ora  antara suwe beteng Malaka, kang kalebu sentosa banget, kinepung wakul  lan diperangi bala VOC. Nganti suwe wong Portegis panggah. Ing tahun  1641 senapati Walanda Caerteku dhawuh ngrangsang beteng, wasana bedhah.  Ing ngatase wong Portegis ilange kutha Malaka iku kerugian gedhe banget.  Sarehne banjur uga kelangan jajahan ing pasisire tlatah Coromandel lan  Malabar, wong Portegal prasasat tanpa panguwasa ana ing tanah Asia.  Nalika bedhami ing tahun 1641 wong Portegis dipeksa nuruti bae.
Mungguh ing ngatase Compagnie, bisa  oleh kutha Malaka kauntungan gedhe, awit ndadekake wedine para ratu  bangsa bumi kabeh. Padagangane Malaka ngalih menyang Betawi. Nalika  jamane GG. van Diemen kutha ing Betawi digedhekake lan dibecikake.  Jiwane 9.000, wong Walanda 3.000 luwih. Ing  sajabane kutha wiwit akeh  pasanggrahane para gedhe. Ing sajroning kutha wong laku dagang maju  banget. Kacarita karajan Mataram ing wektu iku banjur rukun bae lan  Compagnie. Ing tahun 1646 VOC. prajangjian karo  Mataram (nalika  jumenenge Mangkurat I). Ing saben tahun Compagnie kudu nglakokake utusan  menyang Mataram. Wong Jawa kena dedagangan ing sadhengah panggonan  kejaba ing Moloko. VOC. lan Mataram padha dene ora kena ngrewangi  mungsuhe. Ing sabakdane tahun 1629 kerep bae Banten memungsuhan lan  Betawi, marga wong Banten ambubrah monopoliening VOC. karo wong Moloko.  Pelabuhan Banten kerep banget dibarisi ing prau perang Walanda, dadi  kutha Banten padagangane mati. Ing tahun 1645 Banten gawe prajangjian  lan VOC. Dadi tetela yen panguwasane Compagnie tansah mundhak gedhe.
GG. van Diemen arep nggedhekake padagangan ing tanah Cina lan Jepang.
Ing tahun 1642 ana wong Walanda, aran  Abel Tasman njajah ngetan nemu pulo pulo anyar ing wewengkone Australia  iya iku Nieuw Zeeland lan Van Diemensland (saiki aran Tasmania). Tanah  Australia diarani Nieuw Holland.
Nalika jaman Sultan Agung ana owah owahan bab umuring tahun.
Kang dienggo tumekane jaman iku diarani  tahun Saka, umure kaya dene tahun Christen ((+/- 365 dina) wiwite tahun  nalika tahun christen wis tekan angka 78.
Wiwit tahun Saka 1555 (= 8 Juli 1633)  umure disalini manut lakuning rembulan ( 1 tahun = 355 dina) dicocogake  karo tahun Arab kang dhek samono wis tekan angka 1.043. Tumekaning saiki  kabeh mau isih dipacak ana almenak, kayata: 1 Januari 1925 = 5  Jumadilakir Dal Windu Sengara 1855 (Jawa) = 5 Jumadilakir 1343 (Arab).
 
16 Perangan Kang Kaping Pindho
Bab 8
Kraman ing Moloko (1650 – 1653)
Mataram Jamane Amangkurat I lan Amangkurat II.
Kraman Trunajaya.
Perang Banten.
1645 – 1677 Mangkurat I 1650 – 1653 GG. Reiners
1677 – 1703 Mangkurat II 1653 – 1678 GG. Maetsuyker
1678 – 1681 GG. Rijklof van Goens
1681 – 1684 GG. Speelman
Dhek jamane GG. van Diemens VOC. ana  ing pulo pulo Moloko nemu reribet, marga saka anane monopolie, tanah  Moloko suda banget karaharjane, wong bumi padha ngrekasa uripe. Wong  cilik ora gelem netepi prajangjiane monopolie, padha laku dagang  colongan. Punggawane VOC. nyirep kraman kanthi tindak keras. Nuli wong  Moloko dibiyantu ing Sultan Ternate, mulane saya ndadra. Wasana GG. van  Diemens tumindak dhewe, tindake keras nanging ndalan, temahan kraman  bisa mendhak. Ing nalika jamane GG. Reiners (tahun 1650 – 1653) ing  Ternate lan Ambon ana kraman maneh kang marga saka pangojok ojoke wong  Makasar. Wong bumi padha nggrundel ora trima, awit A. de Vlaming,  Gouverneur ing kapulowan Moloko dhawuh mbabadi tanduran bumbu craken  kang dianggep turah, murih ora  ngedhunake regane dagangan. Yen wong  bumi ora nuruti, prajurit VOC. lelayaran mrana ngrampungi pasulayan  kanthi wasesa (hongi). Enggone nyirep kraman A. de Vlaming kanthi  kekerasan, akeh wong kang dipateni utawa  dibuwang . Wasana pulo pulo  akeh kang suwung.
Wiwit ing wektu iku dikenakake nandur  cengkeh mung wong ing Ambon lan pulo pulo cilik sisih wetan, kang kena  nandur pala mung wong ing Bandha.
Amarga saka anane planggeran mau wong bumi akeh kang padha kemlaratan.
Wasana ora ana sranane kanggo mbangkang maneh.
Bareng Moloko wis tentrem, nalika kang  jumeneng GG. Maetsuycker VOC.  merangi Makasar. Hasanudin, ratu ing  Makasar tansah nulungi wong bumi ing Moloko. Manehe VOC. ora oleh idin  ngadegake loji ana ing karajan Makasar. Enggone memungsuhan VOC. lan  Hasanudin nganti ambal kaping telu. Wekasane ing tahun 1667 Cornelis  Speelman didhawuhi nandangi Hasanudin. Aru Palaka ratu ing palaka mbantu  Compagnie, jalaran karajane direbut kagamblokake marang Makasar, rama  lan eyange Aru Palaka kapatenan ing Ratu Makasar. Putusaning perang  Hasanudin kapeksa nganggep prajangjiane VOC. tahun 1667. Miturut jenenge  papan prajangjian mau diarani prajangjian ing Bonggaya.
Bedhahe Makasar iku ing atase VOC. akeh  banget pakolehe, awit iku dadi  hedhasaring panguwasa ana ing Celebes  sarta pamengkune marang sakabehing pulo pulo ing Moloko. Minangka  ganjaran Aru Palaka didadekake ratu ing Bone. Surasane prajangjian ing  Bonggaya prakara warna warna, kayata: Makasar lan Goa ngakoni  pangayomane VOC. apa dene Flores lan  Sumbawa mari dadi jajahane  Makasar. Bangsa manca kang kena dedagangan ing Moloko mung VOC. bae.  Wong Makasar kudu nglereni enggone lelawanan dedagangan lan Moloko.
Sasedane Sultan Agung ing Mataram  tansah ana kraman utawa perang,  ndadekake gempaling karajan. Kang  misuwur iya iku kramane Trunajaya, sebabe mangkene:
1. Pangeran Arya Prabu Adi Mataram kang  nggenteni Sultan Agung,     jejuluk  Sunan Mangkurat I, kapinteran lan  kekencenganing karsa  ora mantra mantra timbang lan kang rama. Sarehne  wegah memungsuhan lan  Compagnie, ing tahun 1646 lan 1652 prajangjian  pamitran lan VOC. Surasane prajangjian 1652 ana kang nyebutake bab tapel  watese  jajahaning Compagnie sisih wetan, iya iku kali Citarum.     Ing  tanah Mataram akeh para gedhe kang nggrundel ora narima marang tindake  Mangkurat mau.
2. Sunan Mangkurat ala banget pangrehe  praja, jalaran ketungkul mbujeng marang kamukten nganti nukulake  panggalih siya. Para kawula gedhe cilik ora ana kang njenjem uripe,  jalaran saka siyane Sang Prabu. Nalika jumeneng anyar anyaran nenumpesi  mitrane kang rama  akeh. Saking kalulute marang pakareman kang nistha  nganti wentala      mutahake getihe wong kang tanpa dosa. Kaya dene  nalika garwane kekasih seda, nuli dhawuh nyekel wong wadon 100 dikurung  ing pasareyan nganti mati kaliren.
3. Ing Madura ana sawijining Pangeran  kang duwe tekad arep ngraman, manggedheni para gedhe ing Mataram lan  Madura, merangi Mangkurat.
Pangeran mau wayahe Cakraningrat I ing  Sampang saking amuyan, jenenge Trunajaya. Senadyan Trunajaya ora nduweni  waris kadipaten, ewa dene garah jumeneng adipati ing Madura. Nalika  kang paman jumeneng adipati, jejuluk Cakraningrat II gampang bae  Trunajaya enggone ngelun wong Madura, awit  sang adipati tansah ana ing  Mataram bae. Ing tahun 1674 kraman wis ngrebda banget. Trunajaya dibantu  ing wong Makasar kang padha lunga saka tanahe dhewe ngalambrang, gawene  mbebajak. Tanah Jawa Wetan enggal ditelukake. Bareng kraman saya  mengulon, Mangkurat I saya kuwatir, nuli mundhut pitulungane Compagnie.  Prentah ing Betawi kang sakawit mangu mangu, nanging bareng saya krasa  kapitunan enggone dedagangan marga saka panggawening kraman, ing  wasanane gelem tetulung. Ing kawitane prajurit Walanda kerep bisa  mbalekake kraman saka sawenehing panggonan, nanging saya suwe saya  cabar, kraman saya maju, tanah pasisir lor lan Tanah Jawa Tengah pasisir  wetan wis katekem ing kraman, Trunajaya banjur akadhaton ing Kedhiri.  Prentah ing Betawi wiwit anggraita yen pananggulanging kraman Trunajaya  kudu ditumeni. Ing tahun 1677 ana wadyabala Compagnie menyang Jepara,  disenapateni Cornelis Speelman. Dhisike Trunajaya arep dirukun, nanging  ora gelem. C Speelman nuli prajangjian: lan Sunan Mangkurat I,  surasaning prajangjian: Compagnie bakal mitulungi Mangkurat, nanging  njaluk liru ragading perang, undhaking jajahan, lan wewenang ing prakara  dedagangan. C. Speelman banjur wiwit merangi kraman, nanging mung bisa  ngejegi Surabaya, dene jajahane Trunajaya saya mundhak, malah wis bisa  nggepuk Karta, kutha karajaning Mataram. Upacaraning kraton diboyong  menyang Kedhiri. Sunan Mangkurat kengser, tindak mangulon didherekake  ing Sang Pangeran Adipati Anom.
Mungguh kramane Kangjeng Sunan mau  nedya ketemu panggedhening Compagnie ing Jepara, nanging ana ing dalan  seda (tahun 1677) kasarekake ing Tegal Arum. Nganti saprene Mangkurat I  isih katelah nama Sunan Mangkurat Tegal Arum. Sasedane Sunan Mangkurat I  Sang Pangeran Adipati Anom gumanti jumeneng nata, jejuluk Sunan  Mangkurat II, nanging sasat ora jumeneng ratu, awit kang nganggep mung  para kawula kang nderekake, malah kang rayi Sang Pangeran Puger, kang  ana Mataram iya ngaku jumeneng Sunan. Sunan Mangkurat II banjur tindak  menyang Jepara, mundhut tulung marang Compagnie, ngestokake dhawuhe kang  rama. C. Speelman saguh mitulungi, nanging nganggo prajangji.
Wosing prajangjian Jepara :
VOC. nganggep ratu marang Mangkurat II  VOC. kena dedagangan ing satanah Mataram, kena nglebokake dedagangan ora  wenang dijaluki beya.
Jajahan VOC. mangidul tekan segara,  mangetan tekan Cimanuk, apadene kutha Semarang sawewengkone. GG.  Maetsuycker lan keh kehing para Liding Raad van Indie ora rujuk karo  kareping para Bewindhebber, pangrehing VOC. ana ing tanah Walanda; aliya  saka iku Trunajaya wis kegedhen panguwasane, mangka Sunan Mangkurat II  wus prasasat tanpa daya, wuwuh wuwuh prentah ing Betawi lagi karepotan  ora bisa oleh  pitulungan saka nagara Walanda, tur nemu pakewuh karo  Banten.
Ing tahun 1678 GG. Maetsuycker seda  digenteni Rijkloff van Goens. Priyagung iku nemeni enggone nandangi  Banten. Rijkloff lan Speelman padha sabiyantu ngrampungi kraman  Trunajaya, aja nganti kedhisikan ditempuh wong Banten.
Rijkloff van Goens banjur ngutus  wadyabala gedhe menyang Tanah Jawa Tengah nglurugi Trunajaya. Trunajaya  iya metukake, nanging suwe suwe keplayu marang Kedhiri. Kedhiri nuli  dibedhah klawan rekasa, nanging Trunajaya oncat ngungsi marang  pagunungan salore gunung Kelut.
Kapitan Ambon aran Jonker kautus ing  Kangjeng Susuhunan ngelut playune Trunajaya. Dalan dalan sakubenge  pandhelikane Trunajaya dijaga prajurit, wusana Trunajaya nungkul.  Kangjeng Susuhunan arep priksa marang Trunajaya nanging bareng  disowanake ing ngarsane, nuli diperjaya ing Sang Prabu piyambak (tahun  1680). Senadyan ing tahun 1652 wis ditemtokake yen Cisedane kang dadi  tapel watese Banten lan jajahan VOC., ewa dene wong Banten iya ora wedi  njejarah, mbegal ing sawetane Cisedane. Ing tahun 1656 kelakon dadi  perang nganti tumeka tahun 1659. Ing salebaring perang mau VOC. meksa  durung rukun karo Banten. Ing wektu samono kang jumeneng ing Banten  Sultan Agung Abul Fatah utawa Tirtayasa. Sang Prabu pancen ratu peng  pengan, kang diudi mumbuling negara lan undhaking jajahan, mulane sengit  banget marang Compagnie, awit digalih ngalang alangi pangelaring  jajahan. Saka pambudidayane Sultan Agung kelakon kutha Banten bisa reja  lan rame. Wong Inggris, Denmarken lan Prasman padha oleh idin dedagangan  ana ing Banten. Nalika kraman Trunajaya Sultan Agung ora gelem nganggep  ratu marang Mangkurat II lan mitulungi marang Makasar mungsuhe VOC.
Pangarep arepe yen prajurit VOC., suda  banget, wong Walanda banjur gampang kalahe karo Banten. Ing sesirepe  kraman mau rehne GG. Spellman wis mangerti sedyane Sultan Agung yaiku  arep enggal merangi Betawi, mulane banjur tata tata. Kabeneran banget  ing atase VOC. ing tahun 1682 ing Banten ana geger, jalaran Sang  Pangeran Adipati Anom Abdul Kahar (banjur jejuluk Sultan Haji) lan  rayine Sang Pangeran Purbaya rebut kalenggahan Pangeran pati, iya iku  biyantu kang rama ngasta paprentahaning negara. Sultan Haji rekasa  banget, awit Sultan Agung mbiyantu Purbaya, nuli Sultan Haji njaluk  tulung marang VOC., kang saguh arep nulungi, jangji wong Walanda ing  Banten oleh monopolie. Sultan Agung banjur keplayu dioyak ing prajurit  Compagnie. Bareng kecekel dikunjara ana ing Betawi nganti tekan ing  sedane (tahun 1692). Wose prajangjian ing tahun 1684 wong Inggris lunga  saka Banten, nuli ngalih menyang Bengkulen. Kejaba iku VOC. wenang melu  ngrembug ruwet rentenging nagara ing Banten. Wiwit ing jaman iku Cirebon  uga melu ngaub marang VOC.
 
17 Perangan Kang Kaping Pindho
Bab 9
Mataram Nalika Perang Rebut Kaprabon
Kang Sapisan (tahun 1704 – 1708)
lan Kapindho (tahun 1719 – 1723)
1703 – 1704 (1708)
Sunan Mas, Mangkurat III 1691 – 1704 GG. van Outhoorn
1704 1719
Pangeran Puger, Pakubuwana I 1705 – 1706 GG. van Horn
1719 -1727
Prabu Mangkurat IV
Kang anjalari perang rebut kaprabon  kang sapisan iya iku congkrahe Sunan Mas karo Pangeran Puger, apa dene  era eru marga saka panggawene Untung Surapati.
Untung Surapai iku batur tukon saka ing  Bali, wis dadi prajurit ing Betawi, diunggahake dadi Litnan manggedheni  prajurit Bali sagolongan. Nalika perang Banten Untung minggat ndherek  Sultan Agung ing Banten, salebaring perang nuli nggawa kancane sawatara  klambrangan ana ing bawah Priyangan, gawene njarah rayah. Bareng dioyak  ing prajurit VOC. Untung Surapati sakancane Bali mlayu mangetan nyuwun  pangauban marang Sunan Mataram. Senadyan Untung Surapati mungsuhing  VOC., ana ing Kartasura ditampani becik malah dadi andhel andhel GG.  Champhuys nuli utusan Mayoor Taak menyang Kartasura perlu nyekel Untung  Surapati lan nagih utange Marang marang VOC. Nalika prajurit Walanda  teka ing kutha, wong Jawa lan wong Bali wis perang dhewekan. Sasuwene  ing paperangan geger gegeran, Mayoor Tak di kroyok ing gegaman, prajurit  70 kang mati. Untung Surapati sakancane bablas mlayu mangetan.
Ana ing Pasuruwan Untung Surapati  ngedegake karajan. Untung Surapati jumeneng adipati jejuluk Wiranagara  jajahane saya jembar, nenelukake ing sakiwa tengene malah nganti tekan  ing Kedhiri, Sarehne Untung Surapati saya ndadra, Mangkurat II minta  sraya marang VOC. nanging GG. van Outhoorn durung mituruti. Nalika  semana ing saTanah Jawa akeh sekaitan nglawan wong Walanda. Sawenehing  panggonan disebari layang nyalawadi kang ngemu rasa ngojok ojoki numpes  wong “kapir”.
Akeh priyagung Banten lan Mataram sing padha mbiyantu sekaitan iku.
Malah ana wong Melayu saka Sumatra aran  Ibnu Iskandar kang melu dadi penuntune sekaitan mau, nglurugi Betawi  nggawa prau akeh. Bareng konangan ing Walanda banjur ditempuh rusak  bebarisaning prau. Prakara iku njalari enggone VOC. ora gelem ngrewangi  Mangkurat II. Ing tahun 1703 Mangkurat II seda, kang gumanti jumeneng,  Sunan Mas utawa Mangkurat III; marga saka cacading sampeyan, uga katelah  asma Sunan Kencet.
Sunan Mas congkrah lan pamane Pangeran  Puger, mungguh kang dadi jalarane iya saka siyane Kangjeng Sunan. Sunan  Mas iku pancen misuwur siya lan sawenang wenang tindake. Pangeran Puger  lolos saka Kartasura, tindak menyang Semarang mundhut pitulungan  Compagnie. Sunan Mas wis rambah rambah kirim layang menyang Betawi,  mundhut balining pamane, nanging ora direwes, awit parentah ngerti yen  Sunan Mas sekutu lan Untung Surapati nedya nglawan Compagnie. Parentah  Betawi uga ora gelem nganggep Sunan marang Mangkurat III; kang dianggep  malah Pangeran Puger, awit Sang Pangeran ana ing Semarang uga wis  kaangkat Sunan dening para priyagung akeh, jejuluk Sunan Paku Buwana.
Anane perang rebut kaprabon iku wiwit ing tahun 1704, tekan tahun 1708.
Marga saka pitulungane VOC. Paku Buwana  bisa lestari jumeneng ratu, nanging miturut perjanjian ing tahun 1705  jajahane VOC. dielar mangetan, watese sisih lor Cilosari, ing sisih  kidul Cidhonan ing Cilacap. Sunan Mataram wis ora duweni wewenang ing  atase tanah Sumenep lan Pamekasan.
VOC. diwenangke kena sediya prajurit  ing Kartasura maneh. Nalika Kartasura ditekani wadyabala Walanda, Sunan  Mas lolos mangetan mundhut pitulungan marang Untung Surapati. Ing tahun  1706 prajurit VOC. kang disenapateni Knol nempuh ing Bangil, yaiku  betenge Untung Surapati kang santosa dhewe. Ing Bangil bedhah, nanging  Untung Surapati ora kecekel, mung bae amarga ketaton ora antara lawas  mati. Ing tahun 1707 ana prajurit VOC. nglurug mangetan maneh merangi  para anake Untung Surapai kang mbiyantu Sunan Mas. Ing tahun 1708 Sunan  Mas asrah bongkokan marang Knol, nuli kakendhang menyang Ceylon. Ing  tahun 1719 Paku Buwana I seda, njalari perang rebut kaprabon kang  kapindho. Para sadhereke Sunan anyar Prabu Mangkurat IV padha merekake  nganti nganakake perang. VOC. mitulungi marang Mangkurat IV. Para  panganjure kraman padha dibuwang menyang Ceylon utawa menyang jajahan  Compagnie ing Afrika sisih kidul (Kaapkolonie).
 
18 Perangan Kang Kaping Pindho
Bab 10
Kaanane VOC Wiwit Tengahe Abad 17
Tumekane Tengahe Abad 18
Nalika J. Maetsuycker madeg dadi Gouverneur Generaal
(tahun 1653 – 1678) jajahan darbeke Compagnie wis rada akeh.
Betawi lan wewengkone, wiwit tahun 1619  Kutha Malaka lan wewengkone, tahun 1641 Ambon, Kepulowan Bandha,  Makasar, tahun 1667 Punto de Gale lan Legombo ing Ceylon, tahun 1658  Tlatah tlatahane pasisir Coro9mandel, lan Malabar, tahun 1661 Kejaba iku  VOC. iya duwe kantor ing pasisire sunglon Persi, ing  Benggala, Siyem,  Formosa lan Decima. Saking jembaring jajahan lan kehing kauntungan VOC.  bisa sugih lan kuwasa.
Para aandeelhouder wis akeh banget  bathine, ngungkuli bathen kang wis katemtokake, iya iku 12,5%. Ing tahun  1642 bageyaning Bathi nganti mundhak tekan 50%, VOC. dadi ndedel, ing  saantarane tahun 1630 lan tahun 1650 bisa tikel 3 utawa 4. Kauntungane  VOC. iku jalaran saka pranatan monopolie. Marga saka monopolie mau VOC.  bisa kulak murah lan yen dodolan dilarang larangake.
Upama bumbu craken: pangulake pala  sa”pun” terkadhang mung 7,5 sen, pangedole 3,5 rupiyah. Pangulake  cengkeh sa “pun” 20 sen, pangedole sok 10 rupiyah.
Pangrehing VOC. (Bewindhebber) ing  tanah Walanda kang diarah mung ngencengake pranatan monopolie, ora susah  njembarake jajahan. VOC. kudu ngedegake loji loji maneh, awit VOC. kudu  mung salugu dedagangan. Balik pangrehing VOC. ing Betawi karepe  ngendhokake monopolie. Wong bumi kerep disuwunake idin GG. Coen lan van  Diemen prakara kamardikaning dedagangan, nanging para Bewindhebber ora  mituruti. Punggawane VOC. akeh kang wong asor lan ala, wuwuh wuwuh  blanjane ana ing tanah Indhiya mung sathithik. Blanja kawitan (asisten =  carik) mung 10 rupiyah, banjur mundhak 55 rupiyah (koopman) lan 75  rupiyah (opperkoopman) ing sasasine.
Blanja sathithik mau tampane nganggo  dicowok umpamane kanggo tetanggungan. Kang mangkono iku njalari para  penggawa padha dagang peteng utawa dagang colongan. Ananging sarehne  dagangan VOC. nalika semana gedhe banget lan bathine dudu sebaene dai  prakara klerune pranatan monopolie apa dene tindake para punggawa sing  ora bener isih samun durung pati ketara. Ing kawitane abad kang ping 18  jajahane VOC. akeh banget, apa maneh ana ing Tanah Jawa. Jajahan lan  panguwasane karajan Banten lan Mataram saya kalong kalong.
Betawi, Krawang tekan kali Indramayu,  Priyangan tekan segara kidul; Semarang lan wewengkone (tahun 1677),  Cirebon wus ngaub marang VOC.  Tapel watese jajahan Banten sisih wetan  Cisedane. Jajahan VOC. mangetan tekan Cilosari lan Cidhonan (tahun  1705). Ing tahun 1659 VOC. prajangjian karo Sultan ing Palembang, oleh  idin ngedegake beteng ing bawahe. Ing tahun 1667 VOC. ngedegake loji ana  ing Padhang. Sawise prajurit Walanda mitulungi marang para kawulane  ratu Aceh, kang jajahane dhek maune ketug ing Indrapura (Sultan Iskandar  Muda), VOC. ora mung katon gedhe panguwasane nanging iya katon sugih.  Kutha Betawi saya suwe saya gedhe lan asri, nganti diarani “Ratuning  kutha ing bumi sisih wetan”. Dadi ing jaman iku VOC. kaya kaya lagi  mumbul mumbule.
Mungguh ing satemene senadyan gelare  kuwasa lan sugih banget, VOC. wis mundur, ngalamat arep bobrok.  Kasugihane saya kalong, malah terkadhang terkadhang uga nganti tuna,  nanging kejaba para Bewindhebber ora ana kang ngerti, awit digawe wadi  banget. Para Bewindhebber enggone aweh dividend (anakaning andhil)  marang para aandeelhouder isih ajeg akeh. Dadi saya suwe bandhane VOC.  saya suda. Mungguh karepe para Bewindhebber enggone ngrendhem wadi mau,  supaya VOC. diaranana isih sugih lestaria diandel aja nganti kepaten  ubed. Wasana ing tengahing abad 18, VOC. wis katandhegan utang 3 yuta.
Kang dadi jalaran sudane kasugihan VOC. warna warna, kayata:
1. Kehing wragad VOC. kanggo peperangn, tansah kapeksa sediya      prajurit lan prau perang akeh.
2. Rehne jajahan saya jembar, punggawa saya mundhak akeh,      anjalari undhaking wragad.
3. kauntungan laku dagang wis ora kaya  wis ora kaya dhek abad      kang kepungkur, awit akeh punggawa VOC. lan  wong bumi padha laku dagang peteng utawa dagang colongan, VOC. enggone  mblanjani punggawane kesethithiken, dadi punggawane  mau kepeksa golek  kauntungan liya sarana dagang  peteng.  Dene wong bumi enggone dagang  colongan lelawanan wong   Inggris utawa bangsa manca liyane. Marga saka   alaking VOC. enggone nindakake monopolie, wong bumi padha gelem nerak  prajangjiane monopolie. Rehne wong bumi wis dadi mlarat marga saka  pamering VOC. lan punggawane karajan Jawa, barang pedagangan saka Europa  mung sathirhik payune.
4. VOC. enggone dedagangan ana ing Europa kerep tuna banget,  marga dijori ing bangsa Inggris lan Prasman.
Rekane para Bewindhebber enggone arep  nututi kapitunane serana ngencengake tindaking monopolie lan nglarangi  dagang peteng. Ewa dene sanadyan dagang peteng iku dilarangi banget  kanthi ukuman abot, meksa saya ndadra, awit VOC. ora ngundhaki blanjane  punggawane, lan pangulake barang dedagangan kemurahen. Ana reka dayane  VOC. kang sakawit ndadekake kauntunganing VOC, dhewe lan bangsa bumi,  yaiku enggone nganakake wulu wetu liya, kayata: nila, lawe, secang  (kanggo pulas). Kang akeh banget pametune yaiku kopi. GG. Zwaardekroon  ngudi banget marang ajuning tanduran kopi mau (tahun 1718 – 1725).
Wiwit VOC. dagang kopi iku maune saka  rembuge P. van den Broecke, nalika isih ana ing Mokka (jajahan Arab).  Saya suwe kopi mau ana ing Europa saya payu. VOC. enggone kirim kopi  weton Mokka menyang Amsterdam ing sataun taune nganti 300.000 pun.  Bareng wong Turki ngengel engel wetuning dagangan kopi, VOC. nuli nyoba  nandur dhewe ana ing Tanah Jawa (tahun 1706). GG. Zwaardekroon  prajangjian lan wong bumi dikon nandur kopi, pametone saben sadhacin  bakal dituku 15 ringgit. Wong bumi seneng atine dene pituwase memper,  mulane iya saya maju panggarape, Tanah Jawa saya akeh pametune. Nanging  suwening suwe VOC. saya sawenang wenang, regane kopi didhunake nganti 1  dhacin mung diajeni 5 ringgit. Wong bumi banjur suda kamajuwane, wit  kopi akeh kang ditegori.
Ing tahun 1721 Parentah ing Betawi meh  bae kabilaen, marga saka panggawene Pieter Elberfeld,  iya iku  sawijining Walanda pranakan Jerman lan Jawa. Pieter Elberfeld mau duwe  sedya arep ngraman jalaran nalika patine bapakne saperanganing warisane  dadi meliking Parentah. Pieter Elberfeld banjur ngirup bala dibantu wong  Jawa, aran Kartadriya andhel andhele Untung Surapati. Ana bangsa  mutihan kang ngojok ngojoki wong sarana andum jimat. Karepe Pieter  Elberfeld sakehing Walanda bakal ditumpes, dinane ditemtokake tanggal 1  Januari 1722. Bareng ndungkap tumekaning wektune, Parentah Betawi lagi  bae oleh warta. Pieter Elberfeld sakancane enggal ditukup; sawuse ngaku  banjur dipateni siya siya. Endhase Pieter Elberfeld dikethok, ditanjir  ana ing regole pekarangane dhewe, omahe dirombak, pomahane disangarake  ora kena dienggoni ing wong. Dhawuhe Parentah katulis ing watu, tumekane  saiki isih tetep mengkono.
 
19 Perangan Kang Kaping Pindho
Bab 11
Panguja ngujane Wong Betawi Marang Cina,
lan Pengramane Wong Cina.
Mas Garendi didadekake Ratu Penglawane Paku Buwana II.
Pambelane Mangkubumi lan RM Said
lan Pecahing Nagara.Perang Banten.
Mas Garendi (wayahe Mangkurat III) utawa Sunan Kuning, Mangkurat V. Mangkubumi, Pangeran Mas Said 1727 – 1749
Paku Buwana II 1725 – 1729
M. de Haan
1755 Hamengku Buwana I 1749 – 1788
Paku Buwana III. 1637 – 1639
A. Valckenier
1757 Mangku Nagara   1743 -1750
G. van Imhoff
1750 – 1761
J. Mossel
Ing wiwitane abad kang kaping 18 Betawi  akeh banget Cinane. Ora antara suwe wong Cina mau akeh sing angguran;  ing kutha Betawi lan wewengkone kerep ana rerusuh. Ing saadege Betawi  akeh wong Cina kang diboyongi saka Banten menyang Betawi kanggo  ngrejakake kutha, awit wong Cina mau sregep lan pinter gegaweyan.  Sesanggane dientengake, supaya Cina liyane padha kepengin gelem manggon  ing kono. Wasana ing wiwitane abad 18 duga duga ing sajroning kutha bae  ana jiwa Cina 60.000 lan ing wewengkon Betawi 40.000. Dene kang dadi  pangupa jiwane, nenukang, adol gula, teh, nganti akeh kang bisa dadi  sugih. Ewa dene suwe suwe ing Betawi saya akeh Cina kang ora duwe  panggaotan, gawene mung ngemis, malah ora sethithik kang gelem nindakake  kadurjanan. Kang ndadekake ora trimane wong Cina iya iku:
1.  Dhawuhe GG. van Swol (tahun 1713 –  1718) bab reganing  teh Cina.  Tekane Cina saka ing negarane padha  numpang prau kang momot teh didol marang VOC. Bareng para Bewindhebber  rumangsa ora pati akeh kauntungane enggone dagang teh, GG. mau banjur  namtokake yen teh weton negara Cina, kang maune diajeni 60 rupiyah ing  sadhacine, ing sabanjure bakal diregani 40  rupiyah. Temahan nuli ora  ana prau momot teh teka ing Betawi.   Saka  pangudining GG. Zwaardekroon  wiwit ing tahun 1722 ana prau momot teh   maneh teka ing Betawi.
2.  Ing tahun 1706 wis ana angger  nglarangi wong Cina teka ing Betawi tanpa panggaotan. Wiwit tahun 1722  Parentah dhawuh nggawa Cina kang tanpa panggaotan, menyang Ceylon,  Bandha utawa Kaap de Goede Hoop. Mung kang duwe layang pratandha idining  Prentah, kena lestari manggon ing Tanah Jawa.
Ewa dene ing Betawi ing Betawi ora  entek entek Cinane kang angguran sarta gawe rerusuh. Wusana ing tahun  1740 GG. Valckenier nemtokake putusan: sakehing Cina kang sakira  nyumelangi, senadyan duwe layang pratandha, kudu dicekel kalebokake ing  kunjaran, perlu katiti priksa. Cina mau yen ora duwe panggaotan kudu  digawa menyang Ceylon, diwenehi pagaweyan nggarap kebon manis jangan.  Para punggawa kang nindakake dhawuh mau, padha golek kasil, senadyan  Cina sugih padha diancam arep dikirimake menyang Ceylon, supaya metu  besele.
Wekasan dikabarake yen kareping Parentah nedya numpes Cina kabeh.
Cina padha muring kamoran wedi, akeh  kang lunga saka kutha, klambrangan gawe rerusuh malah nganti wani nempuh  kutha. Wong Walanda saya giris bareng krungu warta yen kraman  sajabaning kutha sekaitan karo kang ana ing jeron kutha, pratandhane  dene padha tandho gegaman lan nyingkirake anak bojone; besuk yen ana  omah kobong Cina jaban kutha lan jeron kutha bakal bebarengan nempuh.  Dumadakan sawijining dina ana omah kobong temenan. Bangsaning Walanda  arahan dibantu para matrus sarta saradadu apa dene wong Jawa lan batur  tukon banjur padha tumandang ngiras males ukum marang pangrusake Cina.
Genining omah kang kobong diubal ubal,  sakehing Cina kang ora bisa oncat padha dipateni, barang darbeke dijarah  rayah. Nganti saminggu suwene mung mangkono bae kaanane. Omah kang  kobong ana 600, Cina kang dipateni kira kira 10.000. Nguninani pangrusak  kang nggegirisi iku, Prentah ing Betawi kendêl bae. Para prajurit melu  gawe rusuh ora dilarangi. Malah nalika lagi ana era eru iku GG.  Valckenier dhawuh mateni sakehing Cina kang ana ing pakunjaran. Ing  satentreming kutha Parentah ngondhangake pangapura marang Cina, kang  gelem masrahake gegaman. Akeh kang gelem manut, nuli diwenehi panggonan  ing jaban kutha dadi sakampung.
Cina kang padha oncat saka Betawi lan  Cina ing liya panggonan, ngumpul dadi baris gedhe, ngepung kutha  Semarang. Sunan Paku Buwana II mbiyantu marang Cina, awit digalih Cina  bakal bisa nglungake Walanda, lan banjur dhawuh nempuh beteng Walanda  ing Kartasura.
Para opsir ana ing kono padha dipateni, saradadhune dipeksa manjing Islam.
Ing sawuse wong Walanda ing Semarang  oleh bantu saka Betawi, wong Cina keplayu. Wong Madura uga mbiyantu  marang VOC. Dhek samana Sunan Mataram sumelang yen bakal tampa piwalese  VOC. mulane enggal enggone minta pangaksama. Para priyagung Jawa kang  sengit marang Walanda lestari mbiyantu Cina, dadi mungsuh ratune dhewe.  Kartasura ditempuh, Paku Buwana II kengsêr. Banjur Mas Garendi, wayahe  Sunan Mas kajumenengake ratu, ajejuluk Mangkurat V, nanging katekane  sinebut Sunan Kuning. Parentah Betawi nuli nglakokake bala menyang  Kartasura.
Kabeneran kraman Jawa ecrah lan kraman  Cina, dadi gampang enggone nungkulake. Mas Garendi dibuwang. Kratone  Paku Buwana II banjur dielih menyang desa Sala, kang nuli dijenengake  Surakarta Adiningrat. Pulo Madura lan Tanah Jawa pasisir lor banjur  dipasrahake marang VOC. Surasane prajangjian ing tahun 1743 mangkene:  Sunan Paku Buwana ngakeni yen enggone lestari ngrenggani kaprabon iku  mung saka kawelasane VOC.
Bareng Cakraningrat ing Madura tampa  dhawuh yen negarane dipasrahake marang VOC., banget ing pambangkange,  malah ngejegi tanah Madura sisih kulon, lan tlatah tlatah ing Tanah Jawa  Wetan. Temahan diperangi ing VOC.
Ora lawas Cakraningrat kecekel,  dibuwang menyang Kaap de Goede Hoop. Putrane diangkat bupati dening VOC.  ngereh Madura kang kulon. Tanah wewengkoning Betawi nalika ana kraman  banget karusakan. Dhek samana kang jumeneng Gouverneur Generaal Baron  Van Imhogg (tahun 1743 – 1750) iya iku priyagung kang sregep lan cakep  ing gawe. Saka pangudine Van Imhoff tanahe bisa reja maneh. Nalika tahun  1744 Van Imhoff pepriksa menyang wewengkoning Betawi nganti ketug  pagunungan.
Sawusing papriksa, kersane GG. Van  Imhoff, tanah tanah kang bera arep disewakake utawa digadhekake, kareben  metu kasile. Wong kang nggadhe utawa nyewa tanah bakal oleh wewenang  sarta pangayoman saka Parentah, nanging wulu wetune kudu didol marang  VOC., regane ditemtokake ing Parentah. Van Imhoff dhewe nuladhani,  mbobak tanah ing sukune gunung Salak, sarta ing kono ngedhegake  pasanggrahan dijenengi Buitenzorg (tahun 1744). Para Bewindhebber nuli  aweh lulusan yen Buitenzorg katetepake dadi pasanggrahane para  Gouverneur Generaal.
Kajaba saka iku Van Imhoff nekakake  wong saka nagara Walanda kang pancen baku tani. Banjur pranatan kang  ndadekake kapitunane wong Jawa disuwak, yaiku yen pametune kebon kopi  kakeyan, kebon mau dibabadi amrih undhaking regane kopi. Tindak mangkono  iku dilarangi, nuli GG. Van Imhoff nemtokake keh sathithiking kopi kang  dadi laden marang VOC. Van Imhoff sawise njajah Tanah Jawa Tengah sarta  Wetan, nuli ngarang layang palapuran kang maedahi banget ingatase  Parentah. Ing ngisor iki kacarita bab perang lan reribede VOC. sarta  Mataram kang marga saka kurang wewekane tindake Van Imhoff. Nalika GG.  Van Imhoff ana ing Surakarta ing wektu samono Pangeran Mangkubumi lagi  seserikan karo kang raka Kangjeng Sunan. Saka kersane Van Imhoff arep  ngelingake marang Sang Pangeran nganti kewetu serenge ana ing pasamuan,  andadekake banget serike Pangeran Mangkubumi, awit rumangsa bener, kok  malah disrengeni. Ing saundure saka pasamuan Sang Pangeran trus lolos  saka nagara, ngimpun bala sarta banjur gandheng karo Raden Mas Said,  kang ing wektu iku wis madeg kraman uga.
Priyagung sakarone wis sekutu ngraman marang Sunan Paku Buwana II.
Ing tahun 1749 kraman durung kena  disirep, banjur Kangjeng Sunan seda, iku saya andadekake kisruhing  nagara. Nalika Paku Buwana II isih gerah, Van Hogendorp, Gouverneur ing  pasisir lor, ditimbali, dingendikani bab oreging nagara. Dadining rembug  karajan Surakarta dipasrahake babar pisan marang VOC. Dadi ing satemene  wiwit tahun 1749 para ratu Jawa wis ora kagungan bumi. Sanadyan saka  karsane kang rama Pangeran Adipati Anom wis ora duwe wenang marang  karajan Surakarta, nanging Sang Pangeran meksa kajumenengake nata dening  Van Hogendorp, mung bae enggone jumeneng mengku nagara dumunung  anggadhuh. Para priyagung ing Surakarta akeh kang mrekitik atine bareng  ngerti yen tanah Surakarta dadi darbeking VOC., banjur padha mbalik  ngiloni Pangeran Mangkubumi.
Sadurunge Pangeran Adipati Anom  jumeneng Paku Buwana III, Mangkubumi wis ngaku jumeneng ratu ing  Banaran. Sarehne Pangeran Mangkubumi kumpul lan RM. Said, dadi santosa  banget, nganti bisa ngelun luwih saparone Mataram. Paku Buwana III ora  kagungan wragad sarta prajurit ora bisa lumawan perang, dadi anane mung  mangsa bodhoa marang VOC. Perange kraman lan Compagnie genti unggul  genti kasoran, wusana ing tahun 1751 Pangeran Mangkubumi bisa ngalahake  Compagnie ing sacedhake kali Bagawanta.
De Clerq senapatining prajurit, mati.  Sabakdane iku Sang Pangeran ngalakokake bala mengalor nelukake  Pekalongan malah meh nglojok jajahan Compagnie. Parentah ing Betawi  sumelang banget, nuli nyantosani prajurit, wasana Mangkubumi kepeksa  mundur, mubet ing wewengkone Mataram maneh. Ora antara lawas Pangeran  Mangkubumi ecrah lan RM. Said nganti padha peperangan dhewekan, awit RM  Said duwe pamelik arep jumeneng Sunan dhewe.
Prakara iku ndadekake kamayarane VOC.  ewa dene Parentah iya meksa rada wegah; utawa maneh sarehne ngeman  rusaking nagara lan wong cilik, mulane GG. Mossel rujuk lan karepe Van  Hogendorp, para panggedhening kraman arep dirukun bae, dicuwilake tanah  Mataram. Ing tahun 1754 GG. Mossel tindak menyang Semarang katemu lan  Kangjeng Sunan, perlu rembugan enggone arep merang karajan Mataram. Paku  Buwana manut bae, awit ora ana kang diendelake. Kelakon Van Hogendorp  bisa rembugan lan priyagung sakarone ing kraman, nanging ora kedadeyan.  Kang gumanti Governeur Harting iku bisa angon mangsa. Sarehne Mangkubumi  lan RM. Said tansah memungsuhan, mangka RM. Said kegedhen panjaluk,  mulane tumrape Harting gampang bae enggone bedhami karo Mangkubumi.
Ing tahun 1755 Sang Pangeran Mangkubumi  bedhami lan Compagnie sarta Kangjeng Sunan ing Giyanti. Putusing  bedhami Sang Pangeran kajumenengake ratu ngereh saparoning karajan  Mataram, nanging kudu netepi prajangjian kuwajibane marang Compagnie.  Sang Pangeran Mangkubumi banjur jumeneng ratu akadaton ing Ngayogyakarta  Adiningrat jejuluk Sultan Hamengku Buwana I, Senapati Ing Ngalaga  Abdulrahman Sayidin Panatagama Kalipattulah. Wiyosane malem Rebo Pon  kaping 27 Ruwah windu Sengara tahun 1641 sinangkalan ”Janma Karya  Wayanging Rat” utawa kaping lima malem 6 Agustus 1717.
Mungguh luhuring panggalihane Sang  Prabu dicritakake ing layang Rajaputra, mengkene : ” Brataning galih  sang nata, tansah olah jayeng jurit, atiti prana niskara, sura mbeg  putus mikatsih, muja suraning dasih, pinrih samya gregetipun, sura  asmarêng laga, memthek kang wus wiradi, sinakyun dinadar boga busana.  Sinuksma gung bala tantra, panglembanira ngenting, kongas ing prabawa  nata, murba prabaning memanis, mawenes ing prajasri, asri rasning rum  arum, sumiram warteng wadya, warata esthining dasih, srah susetya rena  lir manggih suwarga.
Warga gung gambira samya, sumyak  tejaning nayadi, adining kawirotaman, tumameng karya narpati, ketang  sihnya Sang aji, lumrah kang bala wadyagung, galaking para muka, tanah  ing liyan nagari, myang ing manca kekes samya mestu deya”. Ing layang  Rajaputra kono uga nyebutake kresanane Sang Prabu: dahar sega pulen  wangi, jangan loncom tanpa santen, bubuk dhele lan tempe gedhe ginoreng.
Kang minangka dhaharan (panganan):  ketan enten enten, lemper iwak pitik, ketan kolak gedhang raja. Dadi  mung sarwa gampang, tur murah lan mirasa. Tanah wewengkone praja  Kasultanan dhek semana ora dadi siji kaya saiki, jalaran lemah lenggahe  ing Surakarta lan Ngayogyakarta padha pating plencat lan ora silah.
Wewengkoning karajan karo karone kena kabedakake dadi telung warna:
1. Negara yaiku kutha karajan;
2. Negara Gung, tanah sakiwa tengene negara, lan
3. Manca negara.
Kanggo lumrah lemah lungguhe para  punggawa iku ana ing negara gung, ana siji loro kang ana ing manca  negara. Tanah manca negara mau dipenggedheni bupati kang banjur kena  sanggan pajeg pabandaran (strandgelden), tanah Kejawan mung kari:
I. Kutha Surakarta lan Ngayogyakarta
II. Negara gung iya iku:
1. Mataram = Ngayogyakarta,
2. Pajang = Surakarta sisih kidul kulon,
3. Sukawati = Surakarta sisih  lor wetan,
4. Bagelen,
5. Kedhu,
6. Bumi Gedhe = Surakarta sisih lor kulon, lan
III. Manca Negara, yaiku Banyumas, Mediyun, Kedhiri, Japan =
Surabaya sisih kidul kulon, Jipang = Rembang sisih kidul
wetan, Grobogan lan tanah cilik cilik liya sawatara.
Murih dhamange ing buku Klepu,  panggawene ana ing desa Klepu dhek tanggal 26 September 1757. nanging  buku iku ilang, mulane banjur ndadak gawe maneh ana ing Semarang ( 2  Nopember 1773). Kamot ing layang kang dijenengake ”Semarangsche Legger”.  Sajroning paprentahane Sultan Swarga, Ngayogyakarta dadi karta raharja,  nganti karusakane nalika paprangan wis pulih ora ana labete. Tumekaning  seda, Sinuwun Hamengku Buwana I lestari becik karo Kompeni. Bangsa Jawa  ngluhurake banget karo panjenengane lan ngalem marang kasetyan lan  kasudirane, nanging marga sugenge iku kerep ngrekaos, banjur rada nemahi  watek brangasan sethithik. Kerep banget pradondi prakara wates karo  karaton Surakarta. Dene lereme marga ananing wates anyar ing tahun 1773.  Tangkebe karo Pangeran Mangkunegara, yaiku putrane mantu, rada kurang  becik.
Luwih luwih wiwit tahun 1763 saploke  Kangjeng Sultan mindhokake putrane (Kangjeng Ratu Bendara) karo Kangjeng  Pangeran, banjur kerep banget padha ejeg ingejegan rebutan bawah nganti  angel pisah pisahane, marga prakara enggone padha pasrahan punggawa  kang padha aliyan bendara, banjur padha perang maneh.
Kejaba iku Pangeran Mangku Negara ora  saged ngapura marang Sultan Hamengku Buwana I, marga garwane dipundhut  bali mau. Dene Kangjeng Sultan ndakwa, yen Pangeran Mangku Negara gawe  rusuh ana ing bawah Kasultanan.
Kangjeng Susuhunan ing Surakarta ngeloni Pangeran Mangku Negara.
Perange iku nganti tekan tahun 1777.  Wiwit tahun iku tangkepe Sultan Swarga marang Kangjeng Sunan lan  Pangeran Mangku Negara katon becik. Kacarita RM. Said isih mbajurake  perange, nanging suwe suwe ora bisa lawan, awit dibut prajurit VOC. lan  balane Sultan Hamengku Buwana. Bareng kapepet ing tahun 1757 gelem  bedhami ana ing Salatiga; putusane RM. Said kacuwilake karajan  Surakarta, kajumenengake Pangeran Adipati, jejuluk Mangku Negara, ngereh  tanah Keduwang lan Wanagiri, nanging iya nganggo prajangji mbangun  miturut VOC. Nalika VOC. lagi nengah nengahi perang lan kraman  Surakarta, yaiku tahun 1750, ing Banten ana kraman uga; mungguh kang  dadi jalarane mangkene: Wiwit ing tahun 1733 kang jumeneng ing Banten  Zeinul Arifin. Iku pangalihane ora kukuh, nganti kena kena diepak ing  garwane trah Arab, asma Sarifah Fatimah.
Karepe Fatimah arep makolehake  kaponakane asma Sarif Abdullah, kang wus kapundhut mantu sarta kaangkat  Pangeran dening Sultan Zeinul Arifin.
Nadyan katemtokake sarembug lan  Compagnie, yen kawenangake gumanti jumeneng ratu, putrane Kangjeng  Sultan kang wus kaangkat Pangeran Gusti, ewa dene Sarifah Fatimah or  gumingsir. Saka pangojok ojok lan wewadule Fatimah, Sultan ing Banten  nganti kalimput, duwe panjaluk marang Van Imhoff supaya Sarif Abdullah  kenaa kajumenengake Adipati Anom, dene Pangeran Gusti bakal kalorot.  Bareng Pangeran Gusti krungu pawarta kang mengkono iku, enggal enggal  nyuwun pangeyuban menyang Betawi.
Saking pintere Fatimah lan sumelange  VOC. bok menawa bakal kepeksa perangan maneh yen ora nurutana karsane  Sultan Banten lan Fatimah, murih katentremaning nagara Sang Pangeran  Gusti disingkirake menyang Ceylon. Let satahun Sultan Banten kaya kaya  gerah engetan klenjit klenjit arep owah, Sarifah Fatimah age age njaluk  lerehe marang Van Imhoff. GG. Van Imhoff mituruti, Sultan Banten malah  dibuwang menyang Ambon, ora lawas seda ana ing kono, nanging Compagnie  bakal ngayomi. Sakendhange Sultan ing Banten, kang ngereh negara Fatimah  kabantu ing Sarif Abdullah.
Sarehne pangrehe sawenang wenang, tur  wong Banten kang dipanggedheni Ki Tapa lan Ratu Bagus, emoh diratoni ing  priyagung kang dudu darah Banten, dadi ora suwe banjur ana kraman.  Compagnie tetulung nguruni prajurit, nanging kalah, awit kraman pancen  santosa. Nalika nedheng nedhenge  geger gegeran ing Banten iku GG. Van  Imhoff seda. Saka pamanggihe GG. Mossel, Sarifah Fatimah utawa Sarif  Abdullah pancen ora nduweni wajib jumeneng ratu, mulane Pangeran Gusti  bakal dikondurake dibiyantu VOC. bisane jumeneng Sultan. Ing tahun 1750  Fatimah lan Sarif Abdullah kecekel kabeh sarta banjur dikendhang.  Pangeran Arya Adi Santika, kang rayi Sultan Zeinul Arifin katetepake  dadi Sultan, ajejuluk: Abdul Maali Mohamad Wasiul Halimin, nanging  nalika jumeneng iku nganggo prajangjian yen anggone jumeneng mung  nggadhuh, malah tanah Lampung banjur dadi darbeking VOC. Prakara iku  isih ndadekake kraman maneh: Ki Tapa  lan sagolongane wong Banten, kang  ora gelem rujuk lan wong Walanda, ora tarima. Pangeran Bagus Buang  diangkat jumeneng ratu, merangi Arya Adi Santika, Pangeran Gusti lan  VOC., nanging suwe suwe Ki Tapa kalah. Ing tahun 1753 ing Banten wis  tentrem. Pangeran Arya Adi Santika seleh keprabon marang Pangeran Gusti  kang banjur ajejuluk Abu’n Natsar Mohamad Arif Zeinul Acekin. Ratu anyar  iku nalika jumenenge iya nganggo nganyarake prajanji kaya dene  prajanjine Sultan Adi Santika lan VOC.
 
20 Perangan Kang Kaping Pindho
Bab 12
Kaanane VOC. Ngarepake Ambruke
(tahun 1757 – 1800)
Ing sasirepe kraman Mataram lan Banten,  ing Tanah Jawa banjur dadi tentrem, kang durung mung ing Blambangan,  amarga saka panggawene wong ing Bali lan turune Untung Surapati. Sarehne  ing wektu iku wus ana wong Inggris kang dedagangan ing kono, VOC.  sumelang yen tanah Bang Wetan bakal dirukun, mulane banjur nglurugake  bala mrono. Wiwit ing tahun 1772 Blambangan iya sirep.
Dadi saTanah Jawa ing jaman iku wis  wiwit raharja lan kelakon kawengku ing Compagnie kabeh. VOC. wis  prasasat maharaja, sakehing mungsuhe padha dipunthes, kira kira wis ora  bakal mbebayani, ora abot sanggane. Nanging mungguh sranane kang kanggo  munthes iku ing jaman wekas wekasan wis dudu kasentosaning wadya bala  thok, nanging uga nganggo akal kajuligan, mratandhani yen VOC. entek  kekuwatane, kaya kang dicritakake ing ngisor iki.
Sabakdane jaman peperangan ing Tanah  Jawa, saya suwe saya katon yen Compagnie bakal ambruk. GG. Mossel 9tahun  1750 – 1761) lan Van der Parra (tahun 1761 – 1775), apadene para GG.  kang padha gumanti yaiku Van Riemsdijk (tahun 1775 – 1777), De  Klerk  (tahun 1777 – 1780) padha mbudi daya ngentekake akal, murih tuluse VOC.,  nanging ngrekasane tanpa pituwas, Compagnie wis ora kena digendholi.
Nalika semana ing Tanah Jawa malah  wiwit raharja, awit wis ora ana peperangan, sarta Compagnie tansah njaga  murih bisane tansah memitran karo Kangjeng Sunan ing Kejawan. Sanadyan  tindake para ratu Jawa kerep ndadekake kapitunane wong cilik, nanging  Compagnie trima meneng, awit pancen ora ngrembug marang begja cilakane  wong bumi. Yen kadhang kala Surakarta lan Ngayogyakarta padha gesrek  prakara watesing nagara, VOC. iya ora gelem melu melu.
Jajahan ing sajabane Tanah Jawa ing  wektu iku VOC. iya ora pati bisa ngrembug, wasana suda kuwasane. Ana ing  Indhu Ngarep kuwasane wong Inggris saya gedhe. Malah ana ing Benggala  kuwasane ngungkuli VOC.
Kerep bae wong Walanda lan wong Inggris  ana ing kono padha grejegan, malah terkadhang nganti dadi perang.  Sarehne VOC. kalah kuwasa, wasana kantor kantore ing Benggala kudu  nganggo diawat awati ing wong Inggris. Ana ing Ceylon VOC. kerep sulaya  karo raja ing Kandhi prakara padagangan manis jangan lan pandumaning  bebathen, nanging rahayu isih bisa terus panguwasane. Ana ing Persi VOC.  ora bisa terus dedagangan.  Padagangan ing Sumatra pasisir kulon lan  wetan ora bisa ngolehake kauntungan kang memper marang VOC., samono uga  padagangan ing Borneo. Ana ing kapulowan MOLOKO VOC. iya isih lestari  oleh dagangan craken, nanging saya katon yen suda suda.
Sarehne Compagnie kaya mangkono kaanane, ora lawas mesthi bakal ambruk.
Kebarengan tanah Walanda banjur perang  lan Inggris, iku kang nyengkakake ambruke VOC., awit VOC, wis ora bisa  ngukuhi jajahan ing Asia, marga saka kuranging prajurit, mangka ora bisa  oleh bantu saka nagara Walanda.
Kantor kantor ing Indhu Ngarep tiba ing  tangane wong Inggris. Jajahan ing Sumatra pasisir wetan kulon kena  direbut ora nganggo bisa lawan.
Kaanane VOC. ing nagara Walanda luwih  rekasa lan ing tanah Indhiya. Prau prau kang saka Indhiya akeh kang  padha dirampas dening wong Inggris. Saking kekesing ati nganti ora ana  prau dagang kang wani mingsed saka pelabuhan. Dadi laku dagang mandeg  babar pisan. ing Betawi ora ana prau teka anggawa prajurit, gegaman  utawa dhuwit, utawa njupuk dagangan, nganti sakehing gudang gudang padha  ambruk, mulane yen ana prau saka negara liya kang gelem kulak dagangan  murah murahan bae. Parentah ing Betawi wis rumangsa bungah. Nganti  telung tahun lawase tanah Indhiya enggone karibedan mangkono iku, wasana  ing tahun 1784 perange Walanda leren. Miturut prajangjiane bedhami:  Compagnie ora kena mbanjurake bedhami monopolie ing tanah Indhu, wong  Inggris ora kena dilarangi enggone dagang layar ana ing kono. Ing  sabakdane perang VOC. saya katon ngrekasane, ing tahun 1791 kecupetan 96  yuta, mangka arep golek utangan wis ora ana kang ngendel. Mangkono iku  kaanane VOC. nalika nagara Walanda lagi jaman dahuru, wiwit tahun 1795  nagara Walanda banjur kecekel ing para kraman ing Frankrijk, mangka  nagara Frankrijk mungsuhan karo Inggris. Awit saka iku tanah Walanda iya  melu mungsuhan karo negara Inggris. Kacarita Willem V, Stadhouder ing  tanah Walanda ing sajroning jaman dahuru mau sumingkir menyang tanah  Inggris. Dene VOC. saka panemune Willem V luwih becik dititipna dhisik  menyang wong Inggris supaya aja kecekel ing para kraman Walanda, awit  yen wis kecekel ing para kraman bisa uga direbut ing krajan Inggris  (Layang saka Kew.), nanging panimbang iku ora digugu, mulane VOC. sida  diperangi karajan Inggris. Wiwit tahun 1796 jajahane VOC. meh kabeh,  kejaba Tanah Jawa lan Ternate, klakon direbut Inggris. Wasana ing tahun  1799 VOC. ambruk, dibubarake, barang darbeke diliyer ing Parentah  Walanda kang lagi tetep anyar.
Perangan Kang Kathelu Babad Jawa Wiwit Ambruke VOC. Tumeka Saprene (tahun 1800 – 1924).
 
21 Perangan Kang Kathelu
Bab 1
Tanah Indhiya Wiwit Adege Bataafsche Republiek
Tumekane Jaman Daendels
Jumenenge GG. Overstarten (1796)
1800 – 1801, Siberg, Wiese lan Daendels  (tahun 1808 – 1811)  Ing saambruke VOC., tanah Indhiya kacekel ing  Parentah Praja Walanda (Bataafsche Republiek), nanging mungguh pranatane  peprentahan wiwitane ora owah, sakehing punggawa dilestarekake pangkate  lawas, mung bae salin bendarane, yaiku Parentah Praja Walanda.
Ing jaman iku Parentah Walanda duwe  karep mbeciki pangrehing tanah Indhiya; mung bae mungguh ing rekane isih  rekasa, awit ing Bataafsche Republiek panemune para pinter padha geseh.  Ana Sarjana loro maune padha panggedhening Compagnie, nanging karepe  nglestarekake monopolie lan parokane VOC. liyane, punggawaning negara  uga ngiras dadi sudagar. Sijine aran Van Hogendorp kang maune dadi  Gezaghebber ing Tanah Jawa Wetan, duwe karep misahake paprentahan lan  dagang, apa dene duwe karep nyuwak monopolie . Sesanggan peksan lan  gugur gunung arep dimareni.
Van Hogendorp uga banget nyuwun marang  Parentah Walanda, supaya peprentahaning tanah Indhiya bisa becik,  pangadilan bisaa sabenere, apa dene supaya wong Pribumi diparingana  lemah dhewe dhewe (individueel groundbezit). Parentah Walanda banjur  nganakake Commisie, kang dipatah gawe rancangan mungguh ing paprentahan  tanah Indhiya. Wasana ing tahun 1805 panemune Van Hogendorp dianggep ing  Parentah Walanda. Mung bae wong kang diutus supaya anindakake  peprentahan mau, ora bisa tekan ing tanah Indhiya, nuli didhawuhi mulih,  awit bab owahing peprentahan ing tanah Walanda.
Kacarita ing tanah Walanda wiwit tahun  1806 Bataafsche Republiek salin dadi karajan, kang jumeneng rate  Lodewijk Napoleon, sadhereke Keizer Napoleon ing Frankrijk. Mangka Sang  Keizer banget sumelange yen tanah Indhiya bakal direbut ing karajan  Inggris, mulane Lodewijk Napoleon kepeksa netepake Gouverneur General  kang awatak Senapati, miturut dhawuhe Keizer Napoleon, Kang dipilih Mr.  H. Daendels. Mungguh kaanane tanah Indhiya ing nalika iku kalebu  raharja. GG. Van Over Straten njaga banget marang Tanah Jawa, Betawi  disentosani. Kalakon wong Inggris nempuh Betawi nganging kena  dibalekake. Lakuning tetanen ing Tanah Jawa kalebu sempulur, kang akeh  pametu kopi lan tebu. Sarehne isih nengah nengah jaman perang dadi wulu  wetune Tanah Jawa, yaiku: kopi, gula, kapas, lsp. ora kena dikirimake  menyang nagara Walanda, nanging malah kebeneran, awit dagangan Tanah  Jawa banjur dikulak bangsa liya (Denemarken, Amerika) ana ing tanah  Indhiya kene, dadi sing padha bathi para sudagar ing tanah Indhiya  dhewe, dudu sudagar ing nagara Walanda. Tanggal 1 Januari 1808, Daendels  rawuh ing Tanah Jawa. Miturut unining kakancingane Daendels mau kabawah  marang Minister van Kolonien, nanging sarehne lagi nengah nengahi  perang, lan Tanah Jawa tansah dinganglangi wong Inggris, dadi Daendels  prasasat madeg dhewe. Sanadyan Gouverneur Generaal iku mesthine kudu  nganggo rembuge Raad van Indie, nanging yen prakara perang, Daendels ora  gelem taren marang Raad van Indie, kang digugu mung karepe dhewe, malah  dalasan prakara paprentahan angger sing wis dikarepake iya kudu klakon.  Dadi panguwasane Daendels prasasat tanpa wangenan. Saking kencenging  kekarepan lan kawicaksanane, sajrone dadi Gouverneur Generaal ing dalem 3  tahun, wis akeh lelabuhane, mung kuciwane sok kurang welasan.
Ing sajumenenge Daendels enggal merlokake pananggulanging mungsuh ana ing Tanah Jawa.
Kehing prajurit diundhaki sarta diajari  temenan. Sarehne ora bisa oleh kiriman prajurit bangsa Walanda, banjur  golek wong pribumi kang gelem angkil, sakehing batur tukon kang sakira  kuwat, angger gelem dadi saradadhu, banjur dimerdikakake. Daendels  kenceng banget panyekele paprentahan miltair, nanging uga nyembadani  panyuwune saradadhu, dadi ora kaya jaman VOC. Sarehne ora bisa oleh  pitulungan saka tanah Walanda, apa kabutuhaning prajurit ing Tanah Jawa  dianakake dhewe, kayata: pabrik gegaman ing Surabaya, pabrik meriyem ing  Semarang, rumah sakit saprabote, sekolahan kadet (magang opsir). Kajaba  iku ing Surabaya didegi beteng lan ing Betawi disentosani banget.
Sarehne Parentah ing tanah Indhiya ora  duwe eskader, kersane Daendels arep yasa dhewe ing sakuwasane. Ora  antara lawas tanah Indhiya wis duwe prau 45, senadyan cilik nanging  kukuh kukuh lan rikat lakune. Dene prau prau mau gunane kang gedhe  digawe merangi bajag. Sarehne wis ana eskader, kersane Daendels arep  gawe pelabuhan perang kang sentosa, kang dipilih: sunglon Meeuwenbasi  (Cimajang).
Bareng wis suwe panggarape lan toh pati  akeh, mangka ora maju pagaweyane, banjur ngalih sunglon Merak, kang  arep didadekake pelabuhan, nanging meksa ora kedadeyan, marga saka  kangelaning panggarape. Dene pelabuhan kang sida dadi, yaiku pelabuhan  ing Surabaya. Mungguh panggarape sakehing pelabuhan mau iya srana  nindakake gugur gunung, pagaweyan tanpa bayaran.
Dalan gedhe saka Anyer tekan Panarukan,  kang tumekane saiki isih aran Daendels, iku perlune pancen kanggo  anggampangake enggone ngukuhi Tanah Jawa, apa dene uga anggampangake bab  lelakuning dagangan.
Dalan gedhe mau kena kanggo tandha  seksi kekencenganing karsa lan kakerasaning GG. Daendels, ing atase  dalan 600 pal (+/- 1.000 km) rampung ing dalem setahun, kang maune lakon  40 dina banjur kena dilakoni ing dalem 6,5 dina. Panggawene dalan mau  uga srana nindakake gugur gunung.
Sarehne dalan iku lakune urut pasisir,  nrajang rawa rawa lan ana kang urut paperenging gunung, dadi panggawene  rekasa banget, wong kang mati tanpa wilangan, ewa dene Tuwan Daendels  ora keguh, dalan meksa dirampungake.
Marga saka anane dalan Daendels, kutha  kutha akeh kang dadi reja, awit gampang bisane lelawanan dagang lan  papan liyane. Wulu wetuning padesan gampang panggawane menyang kutha  kutha. Ing sauruting dalan iku saben let sapos didegi papan palerenan,  ngiras endheg endhegan kreta post, perlu salin jaran. Dadi sanadyan  dalan Daendels iku ngrekasa panggarape lan toh jiwa akeh, nanging kurup  lan paedahe.
Para Gouverneur Generaal sadurunge  Daendels ora bisa nyirnakake tindak kaculikaning para punggawa, nanging  saking kenceng lan kerase Daendels kang mangkono mau bisa sirna.  Daendels ngerti yen culikane para punggawa, marga kurang cukuping  blanja. Para punggawa padha diundhaki blanjane, nanging iya mung banjur  mligi nampani blanja thok, ora bisa oleh bledug kaya maune. Supaya  gampang enggone mriksa lebu wetuning dhuwit Daendels nganakake Algemeene  Rekenkamer (kantor pangetungan lebu wetuning dhuwit). Ing sakawit para  punggawa bangsa Walanda utawa bangsa Pribumi padha bisa nindakake gugur  gunung, kanggo kabutuhane dhewe, nanging wiwit jamane Daendels kang  mangkono mau babar pisan ora kena. Bayaran saka Parentah menyang wong  cilik kang sakawit nganggo lumantar marang punggawa bangsa Pribumi; iku  ndadekake banget kapitunaning wong cilik.
Bareng Daendels ngerti, pranatan  lantaran iku disowak, tampane dhuwit wong cilik terusan saka Gupermen.  Yen ana punggawa kang meksa isih culika, abot banget ukumane, apese  didhendha akeh, munggahe maneh marang dicopot, malah terkadhang bisa  ukum kisis. Wiwit kawitan mula tanah tanah kang kacekel ing Walanda  padha diwajibake ngladekake wulu wetu kanthi pepulih murah murahan  (Contingenten stelsel). Pranatan kang kaya mangkono iku ngrekasa banget  ing atase wong Pribumi, ewa dene nalika jaman Daendels isih diabotake  maneh.
Jembaring kebon kopi kang ditikeli lan  pepulihing dhuwit minangka pituwasing penandur diudhunake. Manut  pranatan lawas kopi  sadhacin diregani 4,5 ringgit, manut pranataning  Daendels diudhunake dadi 4 ringgit. Kajaba iku Daendels uga gawe  pranatan bab panggarape alas pejaten. Murih becike koffie culture lan  boschwezen banjur dianani Inspecteur Generaal. Bangsaning blandhong,  oleh kemayaran uripe; kasangsarane dimayarake srana dicadhongi beras lan  uyah, kejaba iku ora kena dikerigake gugur gunung, mangkono uga wong  kang anggarap kebon kopi.
Tumekane jaman Daendels para punggawa  bangsa Europa lan Pribumi isih gedhe banget panguwasane, dadi Parentah  agung ora pati Dhamang sumurupe marang ruwet rentenging negara, wasana  para panggedhe akeh kang sawenang wenang tindake; ndadekake  kasangsaraning kawula cilik. Akale Daendels arep nyuda panguwasaning  para gedhe lan punggawa mau.
Gupermen ing Tanah Jawa pasisir lor  disowak, awit Gupermen iku kegedhen banget panguwasane nganti kena gawe  ada dhewe, dadi pangrehing nagara iya sakarepe dhewe. Jajahan Gouverneur  nuli diperang dadi 9 Landdrostambt (paresidhenan), kapanggedhene ing  Landdrost (residhen). Panyekele paprentahan para residhen mau mung manut  dhawuh saka Parentah luhur. Dene kang nglantarake dhawuhing Parentah  marang kawula lestari para Bupati dadi rumangsane wong cilik isih kaereh  ing panggedhene dhewe.
Kaanane owah owahan kang kaya mangkono  iku para Bupati lan para panggedhe bangsa Europa wis ora wenang netepake  punggawa andhahane maneh; sanadyan punggawa cilik kang netepake iya  Gouverneur Generaal.
Para residhen ing Ngayogyakarta lan  Surakarta ing maune kabawah Gouverneur pasisir lor, sawusing rombakan  banjur macung kaparentah marang Parentah ing Betawi dhewe. Dadi wiwit  ing wektu iku sakehing punggawa nglumpuk menyang Betawi kabeh dicekel  ing Parentah Agung piyambak. Ada ada mau banjur diarani Centralisatie  van Bestuur.
Nalika jaman Compagnie ora ana pradata  bangsa bumi kang prayoga manut adat lan tata carane bangsa bumi dhewe.  Daendels banjur nganakake pradatan pradatan vredegericht, Landraad.
Kang dadi Lid Vredegericht para pangulu  lan para punggawa bangsa Pribumi, nanging mung kena ngadili prakara  remeh remehan. Kajaba iku sing siji sijining Landrostambt dianani  Landgericht, kang dadi lide para punggawa bangsa Pribumi, nanging  dipanggedheni Landdrost akanthi Secretaris bangsa Europa. Aliya saka iku  ing Semarang lan Surabaya dianani Landraad; yaiku pradatan kang wenang  mutusi prakara sing gedhe gedhe, kayata: rajapati.
Wong kang ora nrimakake putusaning  pradata cilik cilik iya kena munggah njaluk adil marang Landraad.  Pradatane bangsa Europa lan bangsa manca liyane, ing wektu iku uga  dibecikake, dene kang mutusi prakarane bangsa militair (prajurit) kang  perlu perlu yaiku Hooge Milataire Vierschaar ing Betawi. Nalika jamane  VOC., ora ana kamardikaning agama, kang diwenangake mardika mung agama  Protestant. Sanadyan wong Katholiek kena dadi punggawane VOC., nanging  agama Kristen Katholiek ing Indhiya ora oleh kamardikan; bareng  sajumenenge GG. Daendels, sakehing agama dimardikakake kabeh. Nalika  jaman GG. Daendels, hawa ing Betawi ala banget, jalaran muarane kali  Ciliwung waled dadi cethek, kapepetan wedhi; ing sakiwa tengening kutha  banjur akeh rawane, wasana kutha Betawi kerep katrajang ing pageblug.  Daendels banjur dhawuh ngurugi jagang jagang lan yasa kalen kalen kanggo  ngesat kutha anjugrugi baluwarti, supaya sajroning kutha bisa oleh  angin saka sagara, malah sakehing bangsa Europa padha didhawuhi ngedohi  pasisir.
 
22 Perangan Kang Kathelu
Bab 2
Karajan Jawa nalika Pangrehe GG. Daendels
Tanah Indhiya direbut Inggris (Tahun 1811)
Para Gouverneur Generaal kang wis wis  racake padha ngemong semu ngempek ngempek marang para ratu bangsa  Pribumi, supaya aja diewuh ewuhi enggone laku dagang, karo maneh ing  sabisa bisa padha nyingkiri perang; nanging yen Daendels ora, awit  pancen watak keras lan kurang duga duga ingatase karo ratu. Tindake  Daendels kang mangkono iku ndadekake kurang senenge para ratu marang  Kangjeng Gupermen. Ora antara lawas GG. Daendels banjur congkrah karo  Sultan ing Banten, prakara enggone gawe dalan gedhe lan pelabuhan ing  sunglob Meewenbaai. Sultan Banten wus mituruti pamundhute GG. Daendels,  ngladekake kuli gugur gunung kehe 1.500 nggarap pelabuhan, nanging padha  mati kabeh, jalaran kajaba pegaweyane rekasa, hawane ing kono pancen  ala banget. Karsane Sultan Banten wis aja njaluki maneh, nanging  Daendels meksa isih njaluk bau kuli 1.000 ing sadinane. Kangjeng Sultan  ora mituruti. Kyai Patih didakwa ngojok ojoki Sri Sultan supaya  mbangkanga mangeran Parentah Gupermen, mulane dijaluk menyang Betawi  arep diadili GG. Daendeles. Wong Banten nepsu banget oleh dhawuh saka  Daendels mengkono mau. Commandant Du Puy, yaiku utusan kang ndhawuhake  timbalane Daendels menyang Banten mau dirampok ing akeh, tumeka ing  pati. Bareng Daendels mireng banjur nyalirani tindak menyang Banten  mbekta prajurit 1.000. Kutha Banten digempur, kratone dijarah rayah.  Kyai Patih kapikut banjur didrel.
Sultan Banten dikendhang menyang Ambon.  Esuke kaondhangake yen karajan Banten wis dadi darbeke Gupermen, mung  kang saperangan digadhuhake marang sang Adipati Anom, diangkat sebutan  Sultan. Nalika Daendels dadi Gouverneur Generaal anyar anyaran ing  Cirebon mentas era eru, malah nganti dirawuhi Daendels iya durung sirep  babar pisan. Saka panggalihe Daendels, ing Cirebon ora bisa tentrem yen  durung dicekel ing Gupermen, wasana banjur katentokake bae yen Cirebon  dadi tanah Gupermen. Jajahan Cirebon kidul, Limbangan (Sukapura, Galuh)  direh ing residhent. Jajahan Cirebon lor (paresidhenan Cirebon saiki)  kagadhuhake marang Sultan telu, kang kuwasane mung kaya panguwasane  punggawa.
Wong cilik kapasthekake enggone  ngladekake wulu wetu marang Kangjeng Gupermen. Kajaba iku kono uga  banjur kadhawuhake nandur kopi.
Ora lawas Sultan kang sepuh katon arep mbangkang, iku banjur terus dicopot bae marang Dendels.
Sarehne Compagnie nyingkiri prakara  kang magepokan karo pangreh Ngayogyakarta lan Surakarta, dadi para  residhent ngemong lan nglumuhi banget, yen sowan menyang kraton iya  manut apa tata carane kono. Bareng jamane Daendels ana dhawuh pangkat  residhent ing Surakarta lan Ngayogyakarta diganti sesebutan minister,  lan ana ing kono dadi sulihing Gupermen, wis ora wajib nganggo tata  krama kaya uwis uwis tumraping para ratu. Mulane Daendels dhawuh kang  mangkono, awit para ratu Jawa padha ngesorake banget marang residhent,  mangka pamanggihe Daendels ratu Jawa kudu ngretos yen ratu Walanda lan  Gupermen iku kuwasa, pantes diajenana, sesulihe ora kena disorake (tahun  1808).
Ora lawas Sultan Ngayogyakarta lan  Surakarta padha derdah perkara watesing negara. Sultan Ngayogyakarta  rada mempeng, nganti ngundhaki kehing wadya bala. Daendels rada sumelang  yen prakara iku nganakake bebaya gedhe. Wuwuh wuwuh Sultan  Ngayogyakarta kagungan karsa mundhut kalenggahane Pangeran Adipati Anom,  bakal diparingake marang putra mantu. Daendels nuli menyang  Ngayogyakarta mbekta prajurit sagelar sapapan. Kangjeng Sultan Hamengku  Buwana II dilerehi, Sang Adipati Anom dijumenengake ratu, apangkat  Pangeran Raja (prins Regent). Saka panuwune Sang Pangeran, kang rama  isih lestari ana ing kedhaton, sesebutan Sultan Sepuh. Sawuse iku  Daendels nganakake Commisie, kang dipatah netepake watesing karajan  Ngayogyakarta lan Surakarta. Wasana sawenehing jajahan ana kang  didadekake tanah Gupermen. wit saka kaya kang kacritakake ing dhuwur iku  kabeh, terang banget yen pangrehe GG. Daendels ngentekake dhuwit,  mangka tanah Indhiya ora bisa oleh pitulungan saka nagara Walanda.,  malah Parentah Walanda kekurangan Dhuwit dhewe. Wasana rekane GG.  Daendels murih bisane oleh dhuwit, ngedol tanah Gupermen marang wong  partikelir. Nganti tumekane saiki isih ana tanah partikelir kang durung  ditebusi. Reka liyane maneh:
a. meksa wong partikelir dikon ngutangi dhuwit,
b. majegake dagangan candu,
c. nganakake monopolie beras.
Miturut anane pranatan monopolie iku,  saanane beras kudu mbatheni. Lan maneh GG. Daendels nganakake dhuwit  kertas, mangka Gupermen ora duwe tanggungan sing kanggo nebusi. Mesthi  bae ajine dhuwit kertas iku ana ing pedagangan suda banget. Ewa dene  Gupermen anggone ambebayari iya nganggo dhuwit kertas mau diturutake apa  anane bae. GG. Daendels ora pati merlokake marang pulo pulo liyane  sajabaning Tanah Jawa. Mulane ing sajrone jaman perang Napoleon, akeh  jajahan kang direbut ing Inggris. Pangrehe Daendels kaya kang kacetha  ing ngarep mau mesthi iya akeh paedahe, mung bae kekerasen tindake  marang punggawa, wasana ing tahun 1811 Daendels bali menyang negara  Walanda digenteni Janssens. Janssens mau satemene mung kepeksa enggone  gelem dadi Gouverneur Generaal, jalaran tanah Indhiya kekurangan dhuwit  lan para ratu bangsa Pribumi isih padha muring marang Gupermen, marga  saka tindake Daendels. Ora antara suwe Betawi ketekan mungsuh wong  Inggris; kang nyenapateni Lord Minto Gouverneur Generaal ing Indhu. Wong  Walanda karoban lawan, Janssens keplayu menyang Semarang. Para ratu  Jawa dijaluki bantu, nanging prajurit saka kejawan ora kena diendelake  ing gawe, malah Sultan Ngayogyakarta mbalik ngiloni Inggris. Wasana ing  Tuntang kepeksa nungkul kanthi prajangjian tahun 1811.
1. Satanah Jawa dadi duweke wong Inggris,
2. Sakabehing prajurit dianggep tawanan,
3. Wong Inggris ora gelem ngakoni utange Parentah ing Betawi, ing
sajroning tanah Walanda dadi golonganing Frankrijk.
4. Sakehing punggawa kang gelem ngenger marang OIC. Inggris,
dilestarekake ing kalungguhane.
Sarampunge prajangjian Tanah Jawa dadi jajahane Oost Indische Compagnie Inggris.
 
23 Perangan Kang Kathelu
Bab 3
Pangrehe L.G. Raffles
Fendall masrahake tanah Indhiya marang Parentah Walanda.
1787 – 1820
Paku Buwana IV.
(Sinuwun Bagus) 1812 – 1814
Hamengku Buwana III
1814 – 1822
Hamengku Buwana IV.
(Sunan Jarot)
1814 – 1820
Diembani Paku Alam I 1813 Paku Alam I
(Pangeran Nata Kusuma)
Tanah Indhiya miturut dhawuhe Lord  Minto, diperang dadi 4 Gupermenan, yaiku Malaka, Sumatra pasisir kulon,  Moloko, Tanah Jawa lan wewengkone. Gouvernement Tanah Jawa lan  wewengkone kang ngerehake Litenant Gouverneur (wakile Gouverneur  Generaal) Thomas Stamford Raffles, kabantu ing Adviseerende Raad, lide  ana telu yaiku: Gillespie, wong Inggris, Cranssen lan Muntinghe, wong  Walanda. Raffles ngrembug banget marang prakara ing karajan karajan  Jawa, nemtokake wewenang Parentah Inggris tumrap karajan karajan mau.  Nalika Tanah Jawa kabawah Inggris, ing Banten isi dahuru bae, jalaran  Sultan sing ditetepake Daendels ora disujudi ing kawulane. Ing tahun  1813 Sultan Banten dirukun karo Raffles, kablanja 10.000 ringgit  setahun, nanging jajahan Banten dijaluk. Mengkono uga Sultan Cirebon  tetepane Daendels iya mung diblanja tahunan, tanahe dadi duweking  Gupermen Inggris. Nalika kang nyekel Tanah Jawa ganti Parentah Inggris,  Ngayogyakarta wis salin kang jumeneng Sultan Hamengku Buwana II (Sultan  Sepuh), kang dilerehi Daendels, ngesur keprabone Sultan Raja. Sultan  Sepuh mau ing sakawit ngrewangi wong Inggris anggone ngluangake wong  Walanda, nanging olehe tetulung mau mung kanggo sarana ngarah bisane  tetep jumeneng Sultan maneh, dadi ora pisan marga saka tresnane marang  Parentah Inggris; sajatine malah sengit uga. Sultan sepuh ngudi banget  marang pulihe kuwasaning keprabon kang wis disuda suda marang Daendles  biyen.
Ora lawas Crawfurd ngerti yen Sunan  Sala iya nedya mungsuh Parentah Inggris. Raffles tumuli teka nggawa  wadya bala, Sultan Sepuh dibuwang menyang pulo Pinang (tahun 1812).  Sultan Raja ditetepake maneh jejuluk Hamengku Buwana III, nanging  jajahane kang saperangan dijaluk Parentah Inggris sarta bandhane Sultan  Sepuh kurang luwih f 2 yuta, dianggep dadi barang jarahan. Nalika  pembedhahe kraton Ngayogyakarta, wong Inggris oleh pitulungan Pangeran  Nata Kusuma. Minangka ganjarane Sang Pangeran dijumenengake Pangeran  mardika, ngereh tanah Kemuning Kulon Praga, jejuluk Pangeran Adipati  Paku Alam. Saka kersane Raffles, Sang Pangeran kudu ngingu prajurit 100  iji kanggo mbiyantu Parentah Inggris. Nalika pambedhahe Ngayogyakarta,  Raffles oleh katrangan, yen Sunan Sala pancen wis sekutu karo  Ngayogyakarta nedya nglawan Parentah Inggris. Raffles nuli menyang  Surakarta nggawa wadya bala lan katrangan kang tinemu, Sunan Sala  kepeksa manut marang prajangjiane Raffles. Jajahan Surakarta kayata:  saperangan tanah Kedhu kang isih kabawah Sala, banjur dadi melike  Gupermen Inggris kehing prajurit dielongi, mung kari prajurit kang  kanggo kaprabon bae, pranatan ngladekake wulu wetu ing tanah kejawan  disuwak, pabeyan seketeng diliyer marang Gupermen.
Para raja ing sajabaning Tanah Jawa,  uga disuda panguwasane dening Raffles, kayata: Bali, Banjarmasin, Borneo  Kulon, Palembang, Madura, Pulo Bangka lan Biliton, sarehne ana pametune  timah, banjur didadekake tanah Gupermen, mari dadi jajahan Palembang.  Mungguh sedyane LG. Raffles arep ngelun jajahan, mung Selebes kang ora  klakon. Raja Bone, kukuh banget nggone anggegegi panguwasane. Wis nganti  sawatara rambahan Raffles nglakokake gegaman menyang Selebes, nanging  ora oleh gawe.
Bareng Tanah Jawa dicekel Raffles banjur diperang dadi 18 Paresidhenan.
Pranatan gugur gunung, laden wulu wetu  lan kuwajibaning cilik pundhutaning prentah, ing sabisa bisa disuwak,  wong cilik mung dijaluk pajeg “landrente”.
Keh sathithiking pajeg manut lemahe,  yen loh, pajege nganti saparone pametu. Yen cengkar terkadhang mung  seprapate. Gugur Gunung kang lestari mung nggarap kreteg, lan dalan  dalan. Wong Pribumi kang didhawuhi nandur kopi laden mung  ing Priyangan  sarta wong kang nyambut gawe ing alas pejaten isih diterusake padatan  lawas.
Raffles uga arep ngilangi anane batur tukon lan pamujangan (pandelingschap).
Wiwit tahun 1812, wong ngingu batur  tukon nganggo dijaluki pajeg. Wiwit tahun 1814 ora kena dol tinuku batur  tukon. Polisi ora diwenangake ngukum batur tukon kang mung marga  panjaluking bendarane. Marga ananing pranatan mau suda banget kehing  batur tukon, malah pamujangan wis dilarang babar pisan.
Nalika jamane Daendels pradatan ing  Tanah Indhiya wis dibecikake, nanging saka panemune Raffles meksa durung  nyukupi. Ing siji sijining paresidhenan nuli dianani Landraad, kejaba  iku Raffles isih nganakake pradatan ubengan, yaiku pradatan kang ora  mathok pamanggone, ngalih ngalih marani papan kang perlu diparani (Raad  sambang). Prekarane bangsa Europa engone ngadili ana ing Raad van  Justitie: Betawi, Semarang, utawa Surabaya. Raffles iku pangrehe ngentek  entekake dhuwit akeh. Rekane enggone golek dhuwit srana nganakake pajeg  lan adol tanah tanah kaya Daendels. Tanah kang didol menyang wong  partikelir iku iya bener ngolehake dhuwit, nanging pakolehe katimbang  karo pitunane ora mantra mantar timbang, awit besuke tumeka saiki  enggone nebusi kangelan banget, jalaran ajine dadi yutan yutan. Srana  kang prayoga kanggo ngiseni kas negara, yaiku monopolie dagangan uyah.  Kang sakawit uyah iku dipajegi wong Cina, ndadekake kapitunane wong  cilik, awit larang banget pangedole. Bareng uyah dicekel Gupermen banjur  murah, tur ngolehake kauntungan akeh.
Wiwit tahun 1813 kang kena gawe lan  ngedol uyah mung Gupermen dhewe. Ing tahun 1814 Napoleon kalah perange,  Nederland bisa mardika. Miturut prajangjian ing London tahun 1814  jajahane ing Indhiya dibalekake marang wong Walanda maneh, kang ora mung  Ceylon, Kaap kolonie lan jajahan sawatara ing Indhiya Kulon (ing  Amerika) sarta Indhu Ngarep. Ing tahun 1816 Raffles digenteni Luitnant  Gouverneur John Fendall. Let sawatara sasi John Fendall pasrah jajahan  marang Commisaris Generaal, yaiku utusan Walanda saka Europa, kang  dipatah ngerehake kapulowan Indhiya. Miturut Grondwet tahun 1814 kang  nyekel paprentahan ing Kolonien, Sri Maharaja piyambak, kabantu ing  Departement Onderwijs, Nationale nijverheid en Kolonien. Dadi Straten  Generaal ora nduweni panguwasa. Sarjana tetelu kang diutus nampani tanah  Indhiya, asmane: Mr. Elout, Baron van der Capellen lan Buyskes,  apangkat Commissaris Generaal sarta diparingi rancangan wawatone  pangrehing Indhiya. Commisaris Generaal ngrekasa banget enggone nglakone  ayahane iku, awit tanah Indhiya kacupetan ragad, tur ora bisa oleh  pitulangan kanggo ngebarake panguwasane Gupermen anyar. Apa maneh ratu  ratu ing tanah Indhiya wis ora ngajeni marang Parentah Walanda.
Ewadene ora nganti lawas Commissaris  Generaal wis akeh pakaryane. Kang nyekel panguwasa kang gedhe dhewe  lestari Gouverneur Generaal dibantu Raad van Indie, pilihane Gouverneur  Generaal dhewe. Pamerange Tanah Jawa didadekake paresidhenan kaya dhek  jaman Raffles. Cacahe residhen didadekake 20, jajahan sajabaning Tanah  Jawa diperang perang dadi Gupermen, dipanggedheni Gouverneur. Dene wong  cilik lestari direh panggedhene dhewe.
Pranatane dititi priksa maneh, pranatan  saka Raffles sing becik becik isih dilestarekake, kang kurang prayoga  dibecikake. Prakarane bangsa pribumi dadi bubuhane Landraad, kang dadi  jeksa bangsa pribumi, presidhene bangsa Walanda. Supaya ana kang ngawat  awati pangadilan pangadilan iku sarta ngiras kanggo pangapelan (Hof van  appel) dianakake Hoog Gerechshof. Kangjeng Parentah Luhur wis ora  nduweni panguwasa babar pisan ing atase mutusi prakara. Supaya  panyekeling dhuwit Gupermen aja nganti kisruh, nuli dianakake Raad van  Finansien lan Rakenkamer. Pangrehe Gupermen anyar marang wong cilik,  isih dilestarekake kaya panemune Daendels lan Raffles, ing sabisa bisa  nyingkiri pranata peksan.
Sadurunge Commissarissen Generaal  mangkat menyang tanah Indhiya, wis katemtokake yen pranatan monopolie  kudu disuwak, awit iku ndadekake kasusahane wong pribumi. Prakara  dagangan digawe merdika, wong manca padha kena dedagangan menyang tanah  Indhiya, nanging bangsa Walanda pambayare prabeya dikacek karo bangsa  ngamanca. Kang nyebal saka pranataning kamardikan mung monopolie bumbon  craken. Prakara tetanen iya dimardikakake, wong pribumi kena nandur  sakarepe dhewe, mung ing Priyangan kang isih ana peksan wong cilik  diwajibake nggarap kebon kopi sarta kuli blandhong isih kudu nyambut  gawe ana ing alas pejaten. Parentah anyar iku iya dipatah merlokake gawe  kemayarane wong cilik, mulane pranatan lungguh bumi disuwak, para  punggawa bangsa pribumi mari oleh tanah gadhuhan, mung diblanja sasen  bae, supaya aja nganti bisa gawe rekasaning bawahe. Lan para punggawane  Gupermen dilarangi dedagangan utawa nyambi panggaotan liyane. Prakara  dol tinuku batur tukon ing sabisa bisa disirnakake, malah ana ing Tanah  Jawa lan Madura prakara iku wis dilarangi babar pisan, mangkono uga  pranatan pamujangan. Nalika Jaman Commissaris Generaal, ing Tanah Jawa  klebu tentrem. Ngarepake tahun 1818 jajahan ing satanah Indhiya kabeh  dipasrahake ing Parentah Inggris marang Gupermen Walanda. Wasana ing  wiwitane tahun 1819 Commissarissen pasrah marang GG. van der Capellen.  Elout lan Buyskes padha bali menyang Nederland. Satekane Negara Walanda  Elout kaangkat dadi  Minister van Kolonien. Commissaris Generaal olehe  yasa pranatan bab kamardikaning dagangan, tetanen lsp. manut panemu  liberaal. (sing bakal diterangake). Balik GG. van der Capellen (tahun  1819 – 1826) ora ngrujuki panimbange wong liberaal mau, mulane ing tanah  Jawa suda banget karaharjane. Amrih raharjaning tanah Indhiya kang  dianggep perlu, ngajokake dedagangan. Supaya wong Walanda bisa mumbul  maneh enggone dedagangan nuli dianakake pakumpulan dagang aran  Nederlandsche Handel maatshappij, adege tahun 1824. Pangarahe Prentah  Walanda pakumpulan iku kenaa kanggo ngejori padagangane bangsa manca,  dadi bisa ngurip urip dagangane bangsa Walanda. Ora lawas pakumpulan iku  bisa oleh pawitan 37 yuta rupiyah.
Wiwit jaman Napoleon tanah Indhiya ora  bisa lelawanan lan tanah Walanda, dagangane akeh kang didol marang  sudagar manca, luwih luwih wong Inggris lan Amerika. Sawise tanah  Indhiya kacekel ing parentah Walanda maneh, wong Walanda meksa durung  maju dedagangane, awit isih kekurangan pawitan, mangka kaejoran bangsa  Inggris. Kajaba iku sudagar Walanda partikelir pancen ora dhamang  sumurupe marang ubeting padagangan tanah Indhiya, jalaran maune kang  kena lelawanan lan tanah Indhiya mung VOC., wuwuh wuwuh nganti 20 tahun  tanah Walanda wis ora ana gandhengane karo tanah Indhiya. Nederlandsche  Handel maatschappij mau iku meksa ora kasembadan sedyane, awit kurang  kuwat, ora bisa ngejori wong Inggris, kajaba iku pancen ora dirujuki  sudagar Walanda partikelir akeh, marga duwe sumelang manawa pakumpulan  dagang anyar mau diparingi wewenang kaya dene VOC. biyen, temahan malah  ndadekake kapitunane sudagar partikelir. Wasana Nederlandsche Handel  maatschapij ora bisa mumbul, malah tansah kapitunan, wiwitane bisa urip  bareng ana Cultuurstelsel. Pakaryane van der Capellen kang pantes oleh  pangalembana yaiku enggone ngajokake kawruh, merlokake marang ajuning  pamulangan cilik kanggo bangsa Europa.
Prakara onderwijs mau van der Capellen  kabiyantu ing Reinwardt. Reinwardt iku sarjana kang uga miwiti gawe  kebon raja (Lands plantentuin) ing Bogor (tahun 1817) kanggo ngundhakake  kawruh tetanen.
Kebon raja ing Bogor iku ora mung becik  lan nyenengake kanggo dolan dolan bae, mungguh ing pigunane nyata gedhe  banget tumraping kawruh tanem tuwuh lan tetanen. Jembare kehing lan  wernaning wit witane, kebon kebon raja ing satanah hawa panas (tropen)  ora ana kang nyundhul Bogor. Kang padha mandhegani pakaryan ing kono  para sarjana kang wus kasuwur asmane, kayata: Tuwan Teysmann (tahun  1831) lan Dr. Hasskarl enggone nandur wis ana 8.000 werna wit witan lan  tethukulan. Ing tahun 1863 cacahing tetanduran dadi 10.000 werna.  Sarjana Dr. M. Treub ing sajroning tahun 1880 – 1909 yasa laboratorium  perlu kanggo marsudi kawruh botani schelkunde lsp., gandheng karo anane  kebon raja iku mau. Para sarjana saka ing jagad ngendi endi akeh kang  golek kawruh ana ing laboratorium kono awit laboratoria mau uga kanggo  papan panyoban bab nenandur, bab meruhi ama sarta lelaraning tanduran,  lan liya liyane, mulane Bogor kena sinebut dadi tuking kawruh lan  sendhanging ngelmu tetanen. Prufstation prufstation ing satanah Indhiya  iku asale uga saka Bogor. Marga saka dayane Prufstation prufstation,  kabudidayan lan tetanen nganti bisa dadi kaya kaanane saiki iki.
 
24 Perangan Kang Kathelu
Bab 4
Perang Dipanegaran
(tahun 1825 – 1830)
1820 – 1823
Paku Buwana V
(Sunan Sugih)
1823 – 1830
Pakubuwana VI
(Sunan Bangun Tapa)
1830 – 1850
Paku Buwana VII 1822 – 1855
Hamengku Buwana V
(Sunan Menol) 1819 – 1826
GG. v. d. Capellen
1826 – 1830
Luit GG. de Kock
Nalikane sedane Kangjeng Sultan  Hamengku Buwana III ing tahun 1814, pangeran patine lagi yuswa 13 tahun.  Saka karsane Kangjeng Tuwan Luitnant Generaal Raffles, Pangeran Paku  Alam I tinanggenah angembani kaprabon;
Pangeran Paku Alam iki becik tepunge  karo bangsa Inggris, lan besuke iya becik karo bangsa Walanda. Dhek  samana Ngayogyakarta uga akeh wong sing ora seneng marang bangsa Europa.  Sing dadi lelajering golongan mau Pangeran Dipanegara.
Pangeran Dipanegara kang nalika nem  nemane asma Pangeran Antawirya iku putrane Kangjeng Sultan Raja, kang  sepuh dhewe, nanging saka garwa ampeyan, mulane ora gumantos jumeneng  ratu. Sang Pangeran ora narimakake dene ora oleh panguwasa apa apa  tumraping paprentahan.
Saya banget ora senenge, bareng nalika  Sultan IV jumeneng, teka iya ngatingalake sujude marang panguwasaning  bangsa Europa. Rehning Sultan Sepuh biyen iya ora seneng marang bangsa  Europa, dadi golongane Dipanegara uga sinebut golongan Kasepuhan.
Kangjeng Sultan IV jumeneng ora suwe,  mung watara 2 tahun seda, lagi mentas kondur saka besiyar. Pangeran  patine lagi yuswa 2 tahun. Para gedhe ing karaton padha duwe panyuwun  marang Kangjeng Parentah Luhur ing Betawi supaya pangrehing Praja aja  dipasrahake marang Pangeran Paku Alam. Panyuwune kapiturutan, prakara  pangreh praja kang nindakake Pepatih dalem apangkat Rijksbestuurder,  sarta tumindake kanthi dititi pariksa ing Kangjeng Tuwan Residhent. Dene  kang minangka embane Sang Prabu Timur lan kinuwasakake mranata barang  kagungan dalem, yaiku Kangjeng ratu Ageng, Kangjeng ratu Kencana,  Pangeran Mangkubumi lan Pangeran Dipanegara. Pranatan mangkono iku  banget ora ndadekake sarjuning panggalihe Pangeran Dipanegara, jalaran  Papatih dalem sujud banget marang Walanda, sarta kelakuane ambtenaren  Walanda ing Ngayogyakarta kono ing nalika iku pancen ora becik. Kajaba  iku pranataning Walanda nyewa bumi ana ing tanah karajan Jawa iya ora  ndadekake sarjune Pangeran Dipanegara. Dhek tahun 1774 bumi lenggah ana  677.000 cacah. Ing tahun 1820 mung dikarekake 52.300 cacah, awit bumi  kasultanan ing tahun 1812 kalong tanah Kedhu lan liya liyane. Marga saka  iku para gedhe kepeksa suda banget pemetune, luwih luwih bareng ananing  pranatan wong Walanda nyewa tanah, cacahing bumi lungguh sangsaya suda.  GG. van der Capellen ing tahun 1823 ndhawuhake nyuwak ananing pranatan  nyewa lemah ing dhuwur mau, prajangjian prajangjian padha diwurungake.  Wiwitane golongan Kasepuhan seneng banget krungu bab suwakan pranatan  iku, wasana kabeh padha kaget, bareng ditemtokake padha mbayar karugiyan  marang tuwan, awit enggone nyewa lemah durung tumeka mangsa  prajangjiane, kepeksa dibubarake.
Bandha kasultanan banjur cumprang  campreng banget. Wong cilik uga rekasa atine, sanggane saka nagara abot,  luwih luwih bareng bumi kagungane Kangjeng Sultan wis diungkred. Lan  maneh suwaking pranatan nyewa tanah uga agawe kasusahane wong cilik.  Dene kang banget digethingi ing wong cilik yaiku panariking dhuwit beya,  kang ditebasake marang Cina cina, awit para Cina sok kebangeten enggone  ngebotake panarike. Kang ditarik beya iku wong, utawa wong nggawa  barang, liwat ing sawijining panambangan, liwat ing wates lan ing papan  liyane kang wus tinamtokake, papan papan iku ing bangsa Walanda diarani  “Tolpoorten” Pangeran Dipanegara saya suwe saya gedhe pamuring muringe  anguningani kaanan ing dhuwur mau lan ngraosake kisruhe sajroning  kraton, sarta maneh trajange para ambtenaar Walanda kerep gawe serik.  Nalika semana Parentah arep yasa ratan, nrajang tanah palemahane  Pangeran Dipanegara. Iku banget ndadekake panggrantose Sang Pangeran.  Wasana Sang Pangeran banjur kendel ora karsa campur prakara apa apa,  tekade mung suwiji, nedya madeg kraman.
Mirit surasaning babad anggitane  Adipati Cakranegara, Bupati ing Purworeja, Sang Pangeran banjur mempeng  ana ing Selaraja bae, rina wengi anggentur panuwune, sinambi ngaji  Kur’an lan maos babad kuna. Pangageme sarwa ireng (wulung). Bareng wis  yakin yen wong kabeh ngerti kang dadi antepe Sang Pangeran, yaiku arep  madeg kraman, Sang Pangeran banjur wis ora sumelang maneh marang ing  katekadane. “Wong mono bisa ana bejane”.
Daleme Pangeran Dipanegara ing  Tegalreja watara sa-pal saka ing Nagara kaprenah ing lor kulon. Para  kang kecuwan pikire klumpuke ing kono. Dadining kraman tinamtokake  tumiba malem tanggal 7 sasi Sura. Durung nganti klakon, ketungka  utusaning Residhent, narik Pangeran Dipanegara arep dinangu apa kang  dadi karsane. Sang Pangeran oncat saka kono kanthi Pangeran Mangkubumi,  menyang Selarong.
Wong cilik akeh kang nggrubyuk  Dipanegara, anggusah para Cina, ngrayah dhuwit beya lan njarah pasar  pasar. Bareng wis rumangsa keconggah, Dipanegara sabalane anempuh kraton  Ngayogyakarta kinepung wakul binaya mangap. Golongan Dipanegara:
1. Pangeran Mangkubumi,
2. Kyai Maja,
3. Basah Prawiradirja (Senthot).
Kang dimungsuhi: Priyagung kraton  sapunggawane, patih lan ambtenar Walanda. Kangjeng Sultan Timur nuli  diungsekake marang sajroning beteng Walanda, kang uga banjur kinepung  ing bala kraman nganti watara suwe. Walanda ing sajabaning beteng akeh  kang nemu pati. Parentah luhur ing Betawi mireng mireng kabar, bareng  kraman wis sentosa, tumuli enggal nglakokake Jenderal de Kock, supaya  nyirep kraman, nanging sarehne bebarengan kraman ing Palembang lan ing  Bone, dadi de Kock kekurangan prajurit, ora bisa nyirep ubaling kraman  ana Rembang lan Kedhu. Rahayune ing Surakarta saka pambudi dayane de  Kock ora klakon ana kraman, ewa dene kraman ing Ngayogyakarta sangsaya  gedhe, awit banjur diondhangake dadi perang sabil prelu kanggo ngukuhi  agama. Dipanegara enggone ngondhangake perang sabil iku saka panuwune  Kyai Maja.
Perange prajurit Walanda rekasa banget,  jalaran Dipanegara ora tanggon, barise ana ing papan kang angel ambah  ambahane, panempuhe ngenteni lenane bala Walanda, lan kerep oleh gawe,  mulane bala kraman mundhak gedhe atine, lan bisa wuwuh wuwuh akehe. Ana  Senapatining kraman satriya nom noman lagi umur 18 tahun, jenenge Basah  Senthot Prawiradirja, ewadene wus katon kawanterane lan bisa anata bala.  Sarehne Parentah Luhur rada karepotan, nuli golek akal liya kanggo  ngendhakake atine kraman. Sultan Sepuh kang wis kikendhang dening  Raffles, dibalekake maneh menyang Ngayogyakarta, supaya para kraman  padha nungkula aris. Sultan Sepuh dijumenengake ratu, nganggo prejanji  kudu mitulungi marang Kangjeng Gupermen lan ngijoli wragade perang. Dene  Sultan Timur bakal kajumenengake maneh, besuk ing sasedaning eyange.
Jumeneng Sultan Sepuh ora bisa  ngendhakake atining kraman, malah nawala dalem Sultan Sepuh marang  Pangeran Dipanegara, diwangsuli cecampah lan panguman uman. Ing tahun  1828 Sultan Sepuh seda. Jenderal de Kock pancen ora rujuk marang  Gupermen enggone ngangkat Sultan Sepuh, mulane golek akal dhewe sing  luwih mikolehi, yaiku ngedegake beteng cilik cilik ing watesing papan  kang wis kena direbut, sarta ditinggali prajurit.
Wasana Pangeran Dipanegara sangsaya rupak marang jajahane.
Sanadyan Commissaris Generaal Du Bus  nacad marang tindake Jenderal de Kock merga enggone ngentekake dhuwit,  mangka Commissaris Generaal tinanggenah anggemeni bandha Gupermen,  ewadene Jenderal de Kock isih ora mundur, awit nyatane senadyan akeh  wragade, kraman iya enggal kerupakan papan, mung kari mubang mubeng ing  Bagelen lan kidul Ngayogyakarta.
Ing tahun 1829 prajurit Gupermen ngangseg, tur nuli oleh bantu prajurit anyar saka Walanda.
Senapatining kraman akeh kang padha  nungkul. Senthot mbalik nderek Gupermen, Kyai Maja kecekel, Pangeran  Mangkubumi asrah bongkokan. Ing tahun 1830 Dipanegara tetemonan lan de  Kock ana ing Magelang. Sarehne Dipanegara kukuh enggone njaluk jumeneng  Sultan Panatagama, banjur dicepeng, dikendhang menyang Menadho, ing  tembene dielih menyang Makasar. Ing tahun 1855 seda. Senadyan Pangeran  Dipanegara wis kecepeng, tanah Kejawan meksa durung tentrem babar pisan,  tentrem temenan ing tahun 1850. Merga anane kraman, tanah Kejawan rusak  banget, kalonge jiwa tanpa wilangan, prajurit Gupermen bae kang mati  15.000, dene wragade perang 20 yuta rupiyah. Supaya yen ana kraman aja  nganti gedhe maneh, jajahan jajahan Ngayogyakarta dielongi Bagelen lan  Banyumas, minangka pambayaring wragad perang.
Senadyan Surakarta ora melu barang  barang malah urun prajurit, ewadene jajahane Madiyun lan Kedhiri uga  dipundhut ing Kangjeng Gupermen, kang mengkono iku murih tentreming  negara. Kangjeng Sunan mesthi bae ora lega, nuli lolos tindak menyang  Imagiri lan Parangtritis, nenuwun marang leluhure, nanging keturutan  utusaning residhent Surakarta nuli dikendhang menyang Ambon, awit  kadakwa arep ngraman. Kang gumanti Susuhunan Paku Buwana VII, nderek  marang karsaning Gupermen, Madiyun lan Kedhiri dadi tanah Gupermen. Ing  sawuse ana kraman Dipanegara, katon yen pamerange jajahan Ngayogyakarta  lan Surakarta, ora prayoga, jalaran jajahan jajahane ora Anggolong dadi  siji, ana kang pating cruwil pating slempit. Wasana tansah ndadekake  pasulayan lan yen ana kraman gampang tumulare ing liyan jajahan, mulane  watesing jajahan Surakarta lan Ngayogyakarta banjur diprenata maneh.
 
25 Perangan Kang Kathelu
Bab 5
Cultuurstelsel
tahun 1830 – +/- 1815 (1915)
Cultuurstelsel iku pranatan kang  didhawuhake GG. van den Bosch dhek tahun 1830. Surasane pranatan cekake  namtokake marang wong Pribumi nandur tetanduran kang kena didol menyang  Europa, kayata: kopi, tebu, kapas lan tom, ana ing saperanganing  palemahane. Pametune tatanduran iku kudu dilebokake menyang Parentah  Gupermen, supaya Parentah bisa banjur luwih kenceng enggone gawe  raharjaning tanah.
Apa sababe dene Gupermen teka nganakake  pranatan iku? Ing abad 17 lan 18 VOC. mung ngudi kauntungane dhewe,  dhasar salugune VOC. iku mung pakumpulan dagang. Ing abad 19 bareng  tanah Indhiya tumiba panguwasane Praja Nederland, bab ngudi kauntungane  dhewe wis ora tumindak. Nederland duwe wajib agawe tentreming tanah  lan  raharjaning kawulane anyar, yaiku bangsa pribumi. Lah kepriye rekane  bisane tumindak murih beciking bab pangreh praja, bab sekolahan, bab  tetanen lan katentremaning umum? Iku kabeh bakal sepira wragade. Mangka  Parentah Gupermen ora nindakake monopolie kaya dene VOC., wuwuh wuwuh  praja Nederland ing nalika iku akeh banget utange kang jalaran saka  perang Napoleon, perang Dipanegara lan perang Belgie. Ing tahun 1828  Praja Nederland kepeksa ambayari kabutuhan Indhiya kehe 37.000.000,  mangka Nederland dhewe lagi rekasa rekasane. Olehe dhuwit 37.000.000 iku  saka enggone utang utang marang kawula ing Nederland.
Dhek samana kekarepane wong Nederland  ing bab Pangreh Praja kena kaperang dadi rong golongan: 1. bangsa  liberaal lan 2. bangsa Conservatief. Bangsa liberaal anjaluk tumraping  Indhiya supaya pedagangan lan panggaotan dimerdikakake, gugur gunung lan  lebon wulu wetu kasuwak, mung kebon kebon Gupermen iku digadhekna.  Hogendorp, Daendels, Du Buss, Elout kekarepane iya mengkono iku. Malah  ana kang nedya ngejokake wong pribumi enggone tatanen lan anggota. Dene  golongan Conservatief kayata: Nederburg, van der Cappellen njaluk  balining pranatan tanduran peksan, lebon wulu wetu lsp. Kang akeh wong  ing Nederland ngrujuki panemu liberaal mau, ewadene pranatane ana ing  Indhiya ora ditindakake, utawa mung sathithik kang ditindakake, marga  ora ana wragade. Panemuning akeh bisane ngajokake kemajuan iku kudu ana  dhuwit. Dhuwit iku wetune saka tetanduran kang pametune payu larang,  mulane Parentah majegna tanahe, kang durung ana tandurane, marang bangsa  Europa, supaya metu kasile; ing nalika iku ing tanah Jawa kang sinebut  loh jinawi iki mung sethithik banget pametune: lebuning barang ing tanah  Jawa pangajine luwih gedhe tinimbang barang kang metu saka tanah Jawa.
Bareng van den Bosch jumeneng  Gouverneur Generaal menggalih yen kabudi dayaning Walanda nenandur ana  ing tanah Jawa iku ora bakal bisa kadadeyan, yen mengkono dadi ora bisa  gawe karaharjaning tanah. GG. van den Bosch banjur ngajokake wulu wetune  tanah Jawa, supaya nenandur tanduran kang payu ana ing Europa maneh,  nanging aja nganti gawe sengsaraning wong Jawa kaya sing uwis uwis.
Panemune van den Bosch kang mengkono  iku ora nyimpang saka mesthine, awit miturut saka kaananing cara ing  tanah Jawa, sapa kang nyekel panguwasa nagara (ratu utawa Gupermen) iku  kang nduweni bumi sauwonge. Bumi iku diparingake marang wong cilik  supaya digarap, lan saperangan pametune katur marang ratu (Gupermen).  Saka karepe GG. van den Bosch lebon saperangan pametu iku disalini  sapralimaning lemah kang ditanduri kopi, tebu, kapas utawa tom, lan  wonge kang ora duwe panduman bumi, ditamtokake nglakoni gugur gunung 66  dina ing dalem setahun, lan maneh lebuning wulu wetu iku isih bakal  nganggo dibayar sethithik minangka ganjaran. Dadi lebuning wulu wetu iku  mau sejatine minangka pajeg utawa landrente. Petungane ora luwih  tinimbang lebuning landrente pranatan Raffles.
Minister van Kolonien Tuwan Elout ora  cocog karo panemune GG. van den Bosch, nganti dilabuhi seleh enggone  dadi minister. Dene Ratu Willem I ing Nederland, ngengeti bangeting  kekuranganing dhuwit nagara, kepeksa cocog lan karepe van den Bosch:
1. Wong Jawa dipeksa nandur tetanduran kang durung diweruhi, lan banjur keter enggone tetanen dhewe.
2. Dhuwit kang minangka ganjaran  enggone nglebokake wulu wetu mung sethithik, luwih luwih tumraping kopi,  mangka sadurunge telung tahun kopi mono durung kena diundhuh.
3. Panggaraping tanduran anyar iku akeh kang luwih abot tinimbang panggaraping tanduran Jawa, upama: pari.
4. Tindaking para ambtenaar sok  sawenang wenang; lemah kang ditanduri tanduran Gupermen iku dipihake  sing apik, tur luwih saka sapralimaning palemahan lan liya liyane.
5. Landrente jebul iya isih ditindakake.
Wong Jawa batine mung dumunung mundhak  kawruhe ing bab nenandur lan bathi mundhak kasregepane.  Tumraping Praja  Nederland akeh bathine, awit pametuning Cultuurstelsel wiwit tahun 1830  tekan tahun 1878 ora kurang saka 800.000.000 rupiyah. Wong Jawa ora  duwe wragad lan ora kober anggarap pasawahane, mulane dadi kamlaratane.  Ing sawatara panggonan malah nganti kambah ing paceklik lan palilan,  kayata: Cirebon, Demak lan Grobogan (tahun 1818 – 1850). Kang mengkono  iku sejatine iya ora diniyati dening para kang yasa Cultuurstelsel, lan  wong ing negara Walanda akeh kang ora rujuk yen tindaking Cultuurstelsel  banjur sawenang wenang mengkono. Sawise tahun 1854 akeh kang mbudidaya  amrih suwaking Cultuurstelsel lan gugur gunung. Ing tahun 1865 tanduran  tom disuwak mengkono uga teh, manis jangan lan cochenil (nopal). Mrica  suwak tahun 1860, tembako tahun 1866, tebu tahun 1870. Wet tahun 1915  nyuwak tanduran peksan kang isih kari, yaiku kopi. Dadi wiwit ing tahun  1915 iku Cultuurstelsel wis ilang babar pisan.
Ana ing negara Walanda kana kang banget  enggone ngemohi Cultuurstelsel  yaiku Tuwan Pandhita van Hoevell. Ing  tahun 1848 miturut owah owahaning Grondwet, Staten Generaal oleh  panguwasa niti priksa tindaking Prentah Luhur tumrap Indhiya lan ngulat  ulatake lebu wetuning dhuwit negara, lan maneh Staten Generaal dipasrahi  netepake Reglement ophet beleid der Regeering in Nederlandsch Indie  (Regeeringsreglement) lan pranatan liya liyane. Marga saka iku van  Hoevell lan sagolongane bisa ngandarake panemune ana ing Tweede Kamer.  Regeeringsreglement tahun 1854 wis nyebutake yen kabutuhaning kawula  Indhiya kudu diprelokake dhisik lan kawula Indhiya mau sangkaning  sathithik kudu didadekake bangsa kang nyekel pamarentah dhewe  (zelfbestuur). Regeeringsreglement iki tumekane saiki isih mengkono.
Bebarengan lan suwaking Culturstelsel  ana pranatan pranatan anyar, kang becik, kayata: Pasar wis ora  dipajegake (marang Cina). Ananing batur tukon lan sapepadane diilangi  (tahun 1860) lan bab pangedole candu dikuwasani Gupermen dhewe  (opiumregie). Ing tahun 1864 ana Comptabiliteitswest, netepake yen  begrooting Nederlandsche Indie iku kang gawe Parentah Indhiya bebarengan  lan Parentah Nederland sarta disahake srana angger angger dening Staten  Generaal. Ing tahun 1870 ana Agrarische Wet, surasane: Gupermen kena  majegake bumi kang durung tau digarap marang wong Walanda suwene ing  dalem 75 tahun. Palemahane wong Indhiya ora kena didol marang wong kang  dudu golonganing wong Pribumi, yen ora srana lantaran Parentah Gupermen.
Marga saka iku:
1. banjur bisa ana kabudidayan kabudidayan gedhe.
2. Palemahane wong Pribumi ora gampang bisane tumiba ing tangane wong liya lan wong Pribumi ora gampang kenane apus.
Pedagangan lan pelayaran bisa maju  banget. Ing tahun 1870 anane pakumpulan palayaran kang dhisik dhewe  jenenge Stoom vaart Maatschappij “Nederland”. Ing tahun 1872 nalika GG.  Loudon rawuh ing Indhiya wis prasasat kari nemu kapenake, prakara  prakara kang ndadekake rekasane wong Pribumi wis prasasat ilang.
……………………………….
Sumber: alangalangkumitir
 
Tidak ada komentar:
Posting Komentar